Fesbukan oleh, ngetwit ya ora dadi perkara, waton isih padha gelem nganyari crita ana bloge dhewe-dhewe. Kanthi ngeblog, kita bisa nularake kawruh marang sapadha-padha titahe Gusti Allah. Bisa lumantar seratan, foto utawa gambar, swara utawa malah nganggo video. Aja nganti seneng ngetwit wae, banjur ngebloge lali.
Wis akeh contone, sing mbiyen kondhang kawentar minangka tetungguling donya blogging nanging saiki wis ora nate posting. Nanging ngetwite prasasat kaya ngising, weteng lara yen nganti telat anggone ngoceh.
Ngetwit ora ana klerune. Wong ana kana bisa uga nularake crita lan kawruh, uga piwulang-piwulang becik. Aku uga sinau marang sapa wae lumantar Twitter. Facebook wis suwe dak tinggalake, mung yen eling wae dak tiliki. Iku wae yen eling lan kober.
Nanging babagan ngeblog, sanajan wis ora bisa kerep kaya mbiyen, banging isih ana rasa ngganjel yen ora ngunggahake crita anyar, sanajan mung elek-elekan. Isin rasane ngaku blogger yen ora tau nganyari tulisan utawa foto ana ing blog.
Nah, crita-crita blog lan blogger, aku banjur kelingan krentege kanca-kanca blogger sanuswantara, kang wiwit Jemuwah, 28 Oktober tumekane 30 Oktober padha arep lungguh sapejagong, ana kutha Sidoarjo, sawetane samodra lendhut anger utawa Lumpur Lapindo.
Perlune mung pingin padha guyub, rukun lan ijol-ijolan kawruh. Sinau antarane wong siji lan liyane. Sokur bage, ana kana banjur nemu dalan rejeki, embuh saka gawe website utawa liya-liyane. Dodolan barang lan keprigelan, nyatane bisa ditawakake lumantar blog. Embuh iku dodolan kaos, bathik, panganan lan sapanunggalane.
Bakune, kanthi blogging bisa gawe bungah ati, oleh kanca lan sedulur anyar, utawa oleh ilmu becik, saliyane nularake kabecikan uga.
Muga-muga, para kadang lan sedulur kang arep kumpul ing Sidoarjo oleh slamet karahayon saja Gusti Kang Murbeng Dumadi. Welingku, Aja padha lali ngeblog. Yen mung trima dhemen Twitteran, becik pada melu kopdar utawa kumpulan karo grombolan oceh-ocehan wae neng mBetawi kana, suk Desember, jarene.
hore blogku tak coreti meneh 😀
rasane ana sing ngganjel yen seminggu ora nulis blog 😀
Tasih sinau nge-blog pak dhe
.-= MdarulM´s last blog ..Tekad Blogger Nusantara =-.
kula nggih tasih remen nge-blog Pakdhe 🙂
kula mboten ngeblog amergi hape kula mboten saged internet :p
.-= mawi wijna´s last blog ..Candi Palgading =-.
Kalau saya dulu sering ngetwit, tapi kemudian saya tinggalkan. Dibandingkan Facebook, Twitter dan blog, saya lebih produktif di blog sih 😀
Amiin… semoga yang di Sidoarjo sukses slalu acaranya
.-= Choiri Setyawan´s last blog ..Ayoo bobo’ semua… =-.
kadang ngeblog kadang ngetwit pakde 😀
.-= wahyu asyari m´s last blog ..Bedain kucing jantan sama betina? =-.
Kula malah mboten nate ngetwit, Pakde… menawi ngeblog taksih, ananging sampun mboten saget rutin kados ndek mbiyen 😀