Iwak Sing Nangèkaké

Yèn ana wong kang ngendikaké Sala iku kutha sing ora naté turu, pancèn ana beneré. Sawayah-wayah metu omah, mesthi nemoni ramé. Warung-warung téndha lan modhèl omahan akèh sing buka ing wayah wengi tumeka ésuk umun-umun. Byar padhang, ana manèh papan-papan kang nembé buka kanthi dhasaran manékawarna.

Ora kaya awané, swasana wengi luwih nyenengaké tumrap sapa waé. Sing seneng nguja ilat, akèh papan kanggo jujugan, kari milih sing dikersakaké. Gudheg, sega liwet, jenang (lemu utawa kuru), timlo, soto, bakso…….. Pokoké, apa waé ana, apa manèh jinising dedhaharan kang lumrah ana kutha ngendi waé kayata pecel lélé lan iwak laut. Daging babi utawa daging Rin-Tin-Tin uga akèh. Malah ngembyah.

Nanging, béda karo wong-wong mau, aku luwih seneng mènèhi sebutan Kutha sing Ora Ngantukan kanggo Sala. Ora mung wargané, para pelancong utawa wong kang neneka ana ing Sala, racaké padha betah melèk. Eman yèn saré soré-soré.

Kenapa, sabab ana Sala ana manékawarna kang bisa dijagakaké kanggo cegah lèk, utawa kanggo ngampet ngantuk. Kanggo sapa waé, pérangan sing kepriyé waé, ana bagèané dhéwé-dhéwé. Bakuné, siyap siyaga nangèkaké lan nangèkaké. Jajanan lan dhedhaharan wis mesthi bisa nangèkaké.

Umpamané, gudheg cèkèr Margoyudan kang tansah gawé tanginé wong-wong Sala lan para pelancong. Anyak dhasar jam siji wengi, mesthi akèh sing padha nunggu. Ana sing disambi turu, ana uga sing merlokaké lèk-lèkan, embuh iku kanthi jejagongan sakanca, utawa ngalap hawa ana papan-papan suka-sukan kayata ajojing ana diskotik lan kafe-kafe.

Sing bagéyan nangèkaké uga ora kurang akèhé. Omah remeng-remeng kanthi nomer gedhé-gedhé nyolok mata tansah nyepakaké manéka warna ‘iwak hias’. Butuh sing nonong kaya louhan, sing lencir dawa rada mbangir kaya arwana uga ana. Sing genah, kelakuan iwak-iwak mau kaya jinisé iwak cupang: seneng gegelutan!

Ana uga iwak-iwakan sing ora mlebu ing sajroning akuarium. Kocapé freelance. Istilahé pancèn rada niru donyané juru warta: ora nelu sapa-sapa, nanging bisa dikanggokaké déning sapa-sapa. Jaré, iwak-iwakan modhèl Sala iku manutan, gemati marang wong kang gelem sambat njaluk sabiyantuné, waton genah metu dhuwité.

Saking kondhangé babagan gematiné, jaré akèh priyayi-priyayi njaban kutha paling seneng dhines ana Kutha Sala, tur senengané ora ngajak kulawarga. “Nèng Sala akèh wong sing gelem ngancani,” mangkono ujaré kanca.

Naté, ing sawijining dina aku didangu déning priyagung saka Jakarta. “Mas, apa tenan to, yèn ana Sala iku akèh kenya sing penggawéyané nyeneng-nyenengaké wong lanang?” ujaré priyayi mau.

“Kacriyos makaten, Pak. Kula mawon inggih radi sujana, kénging punapa saben Jumat sonten dumugi Minggu hotèl-hotèl ingkang awis reginipun tansah kebak mboten naté nyisa,” jawabku.

“Mosok kebaké hotèl dadi pratandha kang kaya mangkono…,” jawabé.

“Nyatanipun, wonten Sala mboten kathah kegiyatan dinten Sabtu utawi Minggu, nanging kok saged ramé kados makaten? Saumpami panci tindak dhines, umumipun mboten wonten ing dinten prèi, to?” aku ngèyèl.

“Lha iya. Ning, apa tenan to babagan kaya ngono kuwi, sing jaréné Sala iku akèh lon***?” Priyagung mau terus ndangu aku babagan donya saru. Raiku. Ngomong iya dikira aku nakal, nanging yèn ngomong ora ngerti, mesthiné bakal dipaido. Mosok urip ana Sala wis 22 taun ora krungu apa-apa babagan apik-èlèké Surakarta Hadiningrat…?!?

“Wah, mbokbilih panci leres, Pak. Wong ingkang kagem rakyat kémawon kathah sumadyo wonten ngGilingan, lèr palang mBalapan lan sakiwa-tengenipun RRI, mosok ingkang kagem para priyayi mboten wonten. Punapa mboten marakaké mèri?” jawabku sapénak udelku.

“Wah, yèn ngono, Sala pancèn wis maju,” ujaré.

“Sampun dangu!” jawabku, rada cepet.

Priyagung mau meneng. Mbokmenawa mikir piyé carané bisa mipik iwak-iwakan modhèl Sala iku mau. Arep takon aku mesthiné mangu-mangu. Bakal isin yèn nganti dakjawab ora mudheng, sanajan saumpama takon tenan, paling ya mung daktuduhaké panggonan nomer gedhé sing jaréné pancèn isiné iwak urip ana njero akuarium.

Yèn didangu apa wis tau mlebu, aku wis nyepakaké jawaban jitu! Yaiku, aku kerep meruhi montor pulisi patroli mandhek ana ngarep omah-omah sing kaya ngono kuwi. Saben wengi, aku ngerti yèn montor-montor pulisi kuwi mubeng marani omah-omah kanthi nomer gedhé. Ora suwé mandheké, biyasané banjur lunga sawisé ana lung-tinampan ‘delapan-enam’.

Maksudé, yèn ora ana apa-apané, ngapa pulisi marani saben wengi yèn ora ana pamrih ‘melindungi dan melayani’? Wong kasunyatané, sing jenengé bisnis prostitusi, eh bakulan iwak mentah tur urip iku durung ana aturané, kok….. Mula, pak pulisi iku uga klebu kang ngramèkaké Kutha Sala, sanajan wujudé mung nguri-uri supaya Sala tetep olèh sebutan Kutha Orang Ngantukan. (Yèn ora ana kerjasama, piyé bisnis nangèkaké bisa lestari lan ngrembaka?)

Leave a Reply