Sushi lan Hotèl Tiga Jaman

Sala pancèn béda tinimbang kutha-kutha liya. Wanci awan ramé banget, yèn ora klèru cacahé tikel telu saka cacah jiwa asliné. Benginé uga isih ramé. Papan kanggo jajan sumebar ana saindenging kutha, panganané manékawarna, sing raméné ora perlu dipaido. Mula ora mokal yèn Sala kondhang kanthi julukan kutha sing ora tau turu.

Purwosari, Keprabon lan Nonongan wis genah dadi jujugan. Kottabarat lan Galabo sing klebu anyar ing Gladak, awit sepisanan uga klebu ora tau kendhat wong sing padha arep jajan. Sing ngawula wadhuk utawa seneng nguja ilat, apa manèh para priyayi saka njaban kutha, mesthi senengé saben dolan utawa dhines menyang Sala.

Pingin ngersakaké jajan apa, kabèh wis sumadya, sarwa cumepak. Pingin iwak apa iwak-iwakan, kabèh ana. Masakan iwak laut apa iwak saka wadhuk lan kalèn klebu paling ngembyah, tur ya klas-klasan. Sing ènthèng-ènthèngan akèh, sing dodol racaké saka Lamongan. Sing tengahan uga ora kurang, lan sing larang-larang malah wis ora kepétung akèhé. ­­

Sakèhing masakan daging malah luwih pepak. Daging sapi, ayam, bèbèk, sapi bulé utawa babi, cèlèng, jaran, ula, bulus lan wedhus racing utawa Rintintin kabèh ana.

Éwa semana, iwak lan daging sing paling akèh digolèki saka Sala, utamanaé ing wanci wengi, malah iwak utawa daging sing mentahan. Sing padha karem marang jinis mentahan iki, racaké nganggo alesan butuh sensasi-né, sing jaréné klebu khas Sala, sing ora bakal ditemoaké ana ing kutha liya.

Bumbuné uga manékawarna, gumantung sing ngersakaké. Pedhes, asin lan leginé, wis salumrahé yèn padha nganggo ukuran ilaté dhéwé-dhéwé. Embuh piyé larah-larahé ing jaman biyèné, wong nyatané wektu Jepang njajah Éndhonésa saumur jagung suwéné ya ora ninggal resèp masakan. Dadi, nganti tumekané saiki ya ora ana resep sushi sing bisa kasebut dadi tinggalané wong Jepang.

Para Heiho rikala semana mung mblithuk wong Jawa supaya bisa diajak bareng-bareng mungsuhi Walanda. Teka mréné uga ora nggawa wanita, mula ya béda karo bangsa Walanda, sing isih sithik-sithik nulari carané nggawé roti, ninggali bestik lan sapanunggalané, jalaran para noni-noni isih gelem ngajari para wanita pribumi sing dikaryakaké ngurusi omah bagèyan mburi: olah-olah, asah-asah lan resik-resik omah.

Bangsa Jepang, racaké malah njajah wong saomah lan isih gelem njojoh isiné omah, ora perduli isih legan utawa wis omah-omah. Wis ora kurang crita babagan rekasané para jugun ianfu sing tumekane saiki isih duwé tatu ing sajroning ati.

Yèn padha gelem mawaspadakaké, jan-jané ora akèh warung utawa lèstoran masakan Jepang ing Sala. Sing klas pinggir dalan, sangertiku nembé ana ing cedhak kantor pengadilan, banjur sing sedhengan mapan ana Coyudan. Sing larang wis bisa diicipi waton ora éman ngetokaké dhuwit akèh jalaran mapané ana hotèl-hotèl larang. Nanging apa sebabé jajanan sing awujud iwak utawa daging mentah iku bisa ngembyah?

Mbuh ora weruh! Mangkono yèn nganti aku ditakoni déning sapa waé. Aku dudu ahli sejarah, uga dudu peneliti, mulané ya ora ngerti nganti saiki. Sing genah, aku kerep krungu wong-wong sing mati nalika utawa sawise ngicipi panganan siji iki. Ana sing banjur diarani lara jantung, utawa kakèhan nguntal obat-obatan mula banjur mati sawisé mangan, kaya kedadèyan durung suwé iki.

Ora baèn-baèn, sing mati malah anggota DPRD saka kutha, sing adoh saka Sala saéngga mbutuhaké wektu paling ora patang jam numpak mobil pribadi. Mbokmenawa pancèn lagi dhines sinambi ngrampungi urusan liya, banjur nyoba ngrasakaké jajanan khas Sala, sing carané mangan nganggo cara Jepang, kaya mangan sushi sing sarwa mentahan.

Mbokmenawa, pancèn wis dadi keluwihané wong Sala sing kawentar pinter nyiptakaké dedhaharan paling éca sadonya. Kaya umumé tukang masak utawa koki, sing paling pinter ndhasaraké jajanan siji iki, kok ndilalah ya wong-wong lanang. Ana sing jenengé Kokok, Karman, Slamet, lan embuh sapa manèh sing bisa sinebut kondhang. Malah, biyèn aku tau krungu uga ana jeneng Hartono, priyayi saka mBetawi sing dagangané kondhang kanthi cap utawa mèrek Prapanca. Bisa uga kabèh mau mung jeneng samaran, dudu jeneng asli gawan bayi.

Nanging, satemené aku isih mikir nganti saiki. Saumpama wong-wong Jepang biyèn sangu bojo lan rada suwé nggantèni Walanda, mbokmenawa wong-wong Sala ora klèru tampa jalaran ngerti carané gawé sushi sing bener. Ora bakal ana kabar, carané ngrahapi iwak utawa daging mentah mau kudu kanthi cara klesak-klesik utawa nganggo swara pating cekikik.

Ééé…sik..sik..mengko dhisik! Saumpama iwak-iwakan kuwi ora dadi jinisé jajanan unggulan kutha Sala, banjur sapa sing bakal ngebaki hotèl-hotèl ‘tiga jaman’ ana sakiwa-tengené RRI kana, ya? Ya, hotèl tiga jaman (dudu hotèl sing wis ngadeg awit jaman Landa, ora dirusak déning Jepang lan isih ana nganti saiki, nanging sing nyéwakaké kamar mung kanggo telung jam), sajaké pancèn dadi papan sing paling mathuk kanggo para pelancong sing senengé mung barang mentahan, ya kaya sushi iku mau. Bisa mat-matan, bisa uga karo pencilakan. Kabèh gumantung seléra…..

Sing genah, wong-wong sing dhemen iwak mentah mau senengané mèlu-mèlu carané olah-olah lan polahé Mbak Maria Ozawa.

Srèmpètané crita bisa kasimak ana Opèn-opènané Pak David utawa Sida Kabul