Luwih Apik Diakoni

Jalaran mung lulus SMP kanthi biji pas-pasan, Pakdhé Karto kepeksa kudu nyekolahaké anaké ana ing SMA partikelir. Kedhuwuren penggayuh yèn arep mlebu sekolah negeri. Pakdhé Karto yakin, sekolahan sing duwé states diakui luwih becik tinimbang disamakan. Jaman semana, durung ana sing arané Akrèditasi A, B lan sapanunggalané iku. Pilihané mung telu: terdaftar, diakui lan disamakan.

Putra pembarepé sing krungu kersané bapaké bakal nyekolahaké adhiné ana ing sekolah kanthi states diakui banjur protès. Apa manèh, dhèwèké ngerti babagan kelas-kelasan sing saiki diarani akrèditasi iku.Apa manèh dhèwèké kuliyah ana universitas negeri. Dadi ngerti, mula wegah kalah marang bapaké.

“Pak, tholé ki aja dilebokaké SMA sing diakui. Ragadé larang, tur bakal kangèlan yèn sukmbèn pingin nerusaké kuliyah ana kampus negeri,” ujaré si pembarep.

“Kowe ki piye, ta? Golèk sekolahan ki yang kudu sing wis diakui. Iku tegesé diakoni, ” jawabé Pakdhe Karto.

Wis, ta… Bapak ki mbok aja ngeyel. Sekolahan sing diakui kuwi larang biayané. Suk ndadak nganggo ujian negara barang, lho,” ujaré pembarep.

“Ya, wis salumrahé… Sing jenengé sekolahan yèn wis diakoni, ya mesthi waé larang ragadé. Lha yèn mung sak-saké, durung diakoni, lumrah waé yèn murah bayarané. Aja dikira gampang golèk drajad nganti diakoni!”

“Ora ngono, Pak. States diakui kuwi luwih asor tinimbang sing wis disamakan. Paling cendhèk iku sing isih terdaftar,” si pembarep ngotot.

Ora gelem kalah, Pakdhé Karto banjur ngetokaké siung. Macak rupa galak, nggunakaké adeg-adegé dadi bapak. Pikirané mung siji: bocah disekolahaké dhuwur-dhuwur, olèh-olèhané mung mbanggèli bapakné.

Disamakan kuwi tegesé mung dipadhakaké karo sekolah sak-saké kuwi ya, Lééé!!! Ana ngendi-endi ngembyah sekolahan, nanging ya mung padha waé. Nyatané ya kakèhan bocah mbeling, ora mundhak pinteré. Jarému luwih apik sekolah sing disamakan. Nyatané?!?” ujaré Pakdhe Karto.

“Ana ngendi waé, yèn wis diakoni, kuwi tegesé wis peng-pengan. Jenengé waé diakui, mula saben wong nganti negara waé nganti ngakoni. Kowé waé sing aèng-aèng, disekolahaké dhuwur-dhuwur, kok ya ora mudheng, ora dadi pinter!” Terus, Pakdhé Karto ndremimil, nggrenengi anaké dhéwé.

Si Pembarep milih sumingkir karo mikir. Dhèwèké bingung golèk cara lan selah kanggo kojah, supaya bapakné ora gampang nggebyah uyah. Dhèwèké paham banget, bapakné sing mung tamatan SD rikala Bung Karno isih dadi presidhèn iku pancèn wangkot, nggugu panemuné dhéwé lan ora bakal gaduk mikiraké sing arané akrèditasi.

“Bocah-bocah saiki pancèn mbrengkélé, kuliyah durung tutug waé wis wani mulang marang wong tuwa, kaya sing paling ngerti dhéwé. Wong ki bisa diarani kajèn déning lingkungan ki ya yèn wis diakoni….,” Pakdhe Karto isih gemremeng.

Kanggoné Pakdhé Karto, diakui kuwi padha kar diakoni, dianggep. Genah béda karo sing diarani disamakan, yaiku sing mung dipepadha karo liyané. Sing diakoni, racaké mung sithik, déné sing disamakan, umumé ngembyah, akèh tunggalé. Mula ora pantes diumukaké.

Pilih (yang) Diakui

Karena lulus SMP dengan nilai tak istimewa, Pakdhe Karto terpaksa menyekolahkan anaknya ke SMA swasta. Dia mengarahkan anaknya ke sekolah berstatus diakui. Rencana itu diketahui anak sulungnya yang kebetulan kuliah di universitas negeri, yang lantas meminta bapaknya memilih sekolah dengan status lebih tinggi: disamakan. Kebetulan, ketika peristiwa itu terjadi, belum ada istilah Akreditasi A dan B.

“Adik jangan disekolahkan di SMA yang hanya berstatus diakui, Pak,” ujar si sulung. “Nanti biayanya mahal, dan sulit kalau mau meneruskan ke perguruan tinggi negeri.”

Kowe ki piye, sih? Ya mending yang diakui…..,” jawab Pakdhe Karto.

Wis, ta… Bapak jangan ngeyel. Yang diakui itu biayanya juga lebih mahal. Harus nempuh ujian negara dan sebagainya.”

“Ya, wajar kan, Le… Namanya juga diakui, ya pasti mahal. Kalau sekolahnya belum diakui, ya wajar mbayar-nya murah. Untuk mencapai status diakui itu kan juga tak gampang……….”

“Gini lho, Pak. Status diakui itu lebih rendah dibandingkan dengan yang sudah disamakan,” si sulung ngotot.

Tak kalah ngotot, sang bapak menggunakan posisinya sebagai orang tua untuk menekan sang anak. Ia tak peduli anaknya sudah kuliah, karena itu lebih mengerti.

“Kalau disamakan, itu berarti derajadnya sama seperti sekolah-sekolah swasta lainnya itu. Itu masih rendah. Kalau sudah diakui, baru itu sekolah swasta hebat. Namanya saja diakui, berarti semua orang dan negara pun sudah mengakui, ngakoni. Kowe kuwi, disekolahkan tinggi-tinggi, kok ora mudheng!” ujar Pakdhe Karto.

Si sulung memilih undur diri, menyingkir sambil memikirkan cara yang tepat untuk menjelaskan kepada bapaknya, agar tidak tersinggung. Dia paham, orang tuanya yang hanya tamatan sekolah dasar jaman Bung Karno dulu itu, sama sekali tak mengerti sistem akreditasi.

“Bocah-bocah sekarang, baru bisa kuliah saja sudah berani ngajari orang tua. Kaya yang paling tahu saja…… Orang jelas seseorang itu akan terhormat kalau sudah diakui lingkungannya, kok masih dibantah…” Pakdhe Karto gemremeng, ngomong sendiri sambil marah-marah. Di yakin, diakui itu tetap lebih baik daripada disamaratakan.

Sekuter Wis Dudu Tunggangané Dokter

Sekuter iku tunggangané dokter. Mula, bèn bisa nunggang sekuter, kudu sekolah supaya pinter. Mangkono ngendikané simbah putriku, wektu maringi wejangan aku, uga adhi-adhiku. Kudangané kabul? Ya, ora kétang mung sapérangan!

Sekuter Èsktrim, pacakané werna-werna. Lethek, nggilani.

Sekuter Èsktrim, pacakané werna-werna. Lethek, nggilani.

Wektu ketampa sekolah negeri ana Delanggu, déning bapak aku dipundhutaké sekuter weton taun 1979. Murah, jalaran nglungsur saka pak cilik. Nglaju saka Klatèn, aku numpak sekuter werna ijo godhong, sing spioné mung siji nanging gedhéné kaya kaca lemari. Tumekané kuliyah semèster lima, aku isih nunggang sekuter iku.

Jenengé waé cah kuliyah sing butuh ngirit, tinimbang tuku kampas kanggo rém mburi sing wis tipis, aku pilih nggunakaké keprigelanku nunggang sekuter. Tinimbang dhuwité dadi kampas banjur tipis amarga kobong, luwih paédah ditukokaké udud. Tanpa rém mburi, saben nyuda banteré aku nggunakaké rém ngarep lan main kopling nyuda gigi presnèleng.

Sing ora keturutan kekudangané simbah mung siji: aku ora bisa dadi dokter. Ora jalaran bodho, nanging kabèh mau karana aku mlebuné ana Fakultas Sospol. Saumpama kuliyah nganti rampung, jan-jané saka Sospol isih bisa dadi dokter, tapi dokterandes, sing bedané yèn disingkat kudu ngluwihi aksara siji, yaiku S.

Tambah gedhé, sekuter jebul popilèr dadi tungganané para priyayi ndhésa, yaiku para pegawé negri. Embuh guru, pegawai kabupatèn utawa liya-liyané padha milih sekuter yèn pingin katon mriyayèni. Embuh kenapa, nyatané wong sing numpaké sekuter, sinawang luwih katon mriyayèni tinimbang sing padha nunggang jinis liya. Wektu semana, saingané sekuter ana pirang-pirang macem. Ana Honda munyuk 90 cc, Yamaha  L2S utawa Suzuki A-100.

Yèn ora klèru, wektu kuwi lagi ramé-raméné Honda munyuk, L2S lan A-100. Saélingku, sing jenengé modhèl sepéda montor kriditan ya diwiwiti taun-taun kuwi, kira-kira pungkasané 1970. Aku éling, jalaran wektu semono bapakku mundhut Yamaha L2S werna abang, regané Rp 285 èwu. Grès, kinyis-kinyis tukon saka toko Asli Motor, Klatèn, mbayar kencèng jalaran wis nabung awit aku isih ana njero wetengé ibu.

Tambah semèster, tambah umur. Gèngsi uga perlu dijaga jalaran wis wiwit krasa butuh gandhèngan. Jebul, jaman wis owah. Wong-wong wadon wektu semana, kira-kira pungkasané taun 1980-an, wis anyak nyirik penunggang sekuter. Kanggo dadi kanca cedhak waé, penunggang sekuter mesthi kalah saingan yèn padha-padha marani kenya nanging numpaké pit montor sing nganggoné ban luwih gedhé.

Mbokmenawa, wong-wong wadon jaman kuwi uga duwé panemu, yèn wong sing tumpakané sekuter iku luwih pantes dadi pegawé negri. Kamangka, blanjané pegawé negri jaman semana (nganti saiki) isih kalah adoh karo penghasilané pegawé swasta. Blanjané sithik, ya mengko dhisik. Aku dhéwé gumun, setengahé ora bisa nampa. Nyatané, saben weruh wong wadon numpak sekuter, aku malah mbiji wong kuwi mesthi duwé kapribadèn kang mantep.

Penunggan Sekuter Èsktrim, kondhang senengané gawé ramé

Penunggang Sekuter Èsktrim, kondhang senengané gawé ramé

Apa manèh yèn numpaké sekuter weton rada anyar kaya mbak-mbak marketing perusahaan farmasi utawa luwih kondhang kanthi sebutan detailer. Wis kulitané resik-resik, mulus, sayaké rada cendhak, ayu sisan. Wah..wah……! Dadi anyel, protès marang panemuné cèwèk-cèwèk kuliyahan sing nganggep wong lanang sing tumpakané sekuter iku wagu banjur kaya-kaya ora duwé hak payu. Hmmm…..

Ya wis, piyé manèh. Wong sabanjuré aku éntuk ijol, yaiku duwé kanca dolan akèh sing ndilalah klebu ayu-ayu. Sik..sik… Apa jalaran aku wis ganti sepédha montor bèbèk, ya? Ah, mokal yèn mung jalaran kuwi. Aja-aja wong-wong ayu mau gelem dolan karo aku amarga pit montorku dakwènèhi jeneng wadon? Sing sepisanan werna ireng dakwènèhi aran Fèbri jalaran pajeké saben sasi Pèbruari, banjur ganti manèh werna abang sing dakparingi tetenger Yuli, manut sasi pajeké.

Bali ngrembug babagan sekuter. Adhiku sing ragil metu kembar. Loro-loroné seneng uga sekuter. Saking senengé, saben mulih ndhésa saka Cikarang kana, yèn ora boncèngan ya numpak sekuteré dhéwé-dhéwé. Édan! Anak lan bojoné dikongkon numpak bis adhem, nanging dhèwèké malah adhem-adheman turut ndalan, sing suwéné bisa 12 jam lakuné.

Ora mung saben mulih ndhésa, loro-loroné uga kerep mèlu jamboré sekuter ana pirang-pirang kutha. Wis tau ana Banten, Tasikmalaya lan Purwokerto. Saka kumpulan penunggang sekuter sing prasasat saben kutha mesthi anané, kancané adhiku mau akèh tenan. Saben mampir disuguh, dimulyakaké. Dicepaki kopi lan mangan wareg, lungané disangoni rokok, malah kerep uga diundangké tukang pijet ben mari keselé. Malah wis tau sekuteré adhiku mogok ana tengah alas ing tlatah Banyumas. Kamangka wis wengi. Ana kana dhèwèke olèh pitulungan saka sapadha-padha pandhemen sekuter: pit montor digèrèt, diwènèhi papan ngaso, banjur sésuké dandan-dandan bareng.

Guyubé penunggang sekuter pancén pantes ditiru sapa waé. Waton aja kaya penunggang sekuter lethek, rhéwo-rhéwo, sing kondhang kanthi sebutan Vespa Èkstrim. Èkstrim utawa nylenèh, ora mung ana pacakan sekuteré, nanging nganti tumeka ing patrapé. Jaré adhiku, wong-wong Vespa Èkstrim ora tau diundang mèlu jamboré. Anèhé, wong-wong kaya kuwi mesthi krunguné, banjur mèlu nekani acarané.

Yèn wis teka ana jamboré, biyasané uga ora gelem srawung, ora gelem sapa aruh apa manèh ngumpul. Kerep ndhéwé, ngombé nganti mendem, banjur ngisruh, golèk perkara. Ora cetha karepé, nanging mesthi dadi gawé. Marakaké sulaya, ora perduli yèn liya-liyané dadi ora kepénak sajroning rasa-pangrasa.

Mula ora mokal, yèn ing wayah mudhik riyaya taun wingi, ana limang wong saka grombolané Vespa Èkstrim sing dicekut pulisi ana jalur pantura. Wektu kuwi, ana pemudhik sepédha montor dirampok déning penunggang sekuter. Ciri-ciriné cetha: lethek, sangar, nggilani. Ndilalah, wong-wong mau lagi mendem dhuwur wektu dicekel pulisi. Sokur!!!