Glangsaran Karana Harley

Jemuwah soré, watara jam papat luwih limang menit, aku lan bojoku glangsaran ana satengahé Prapatan Purwosari. Pit montorku kaya disurung saka ngiringan, rasané kaya didhupak wong nunggang Harley Davidson. Kemropok. Rasané pingin ngoyak, banjur njotosi. Nanging, iku mung pangimpèn. Mesthi waé aku ora wani.

Paling-paling, yèn aku nganti wani njotosi, tundhané mung bakal mlebu mbui. Dipidana, sanajan rumangsa ora duwé dosa. Siji-sijiné dosa, wis genah nèng ngarep mata, mesthi digolèkaké pasal sing nyalahaké aku. Mesthi bakal dicuthelaké ana perkara njotosi, ora bakal disénggolaké marang pokok perkarané.

Wis akèh wong sing ngerti, ukum iku mung duwèké pulisi. Sing olèh napsiraké pasal pidana, yang mung wong-wong sing nganggo sragam warna soklat. Liyané, kudu ngerti dhéwé, sumingkir sakadoh­-adohé. Pasal bisa dituku, bisa uga kanggo réwang-réwang wong ndhuwuran.

Pulisi sing padha jaga ing prapatan utawa dalan-dalan iku mung krocok. Gedibal kang bisa dikongkan-kongkon déning wong ndhuwuran.

Ora sithik penggedhé sing seneng nunggang Harley. Krocok kudu nggawé lancaré konvoi, ketimbang kangèlan munggah pangkat, lan sapanunggalané.

Atiku entèk nalika bojoku ngélingaké, menawa tanpa guna nglawan wong duwé kuwasa. Apa manèh mung wong kaya aku lan bojoku, sing arané Sophan Sophiaan kang pinunjul waé bisa tiwas keplindhes rodha sepedha montor kang ditunggangi Pak Jénderal, tanpa ana crita kang nentremaké kulawargané Mbak Widyawati.

Bojoku nyalahaké aku, amarga aku kewanèn mèlu mblusuk ana satengahé konvoi soré iku. Aku dianggep brangasan saben weruh rombongan motor gedhé, banjur nesu sakrepé dhéwé, kaya déné kedadèyan Jemuwah soré iku, nalika aku sakloron padha glangsaran ana satengahe prapatan. Pulisi kang jaga mung bisa takon kahanan, lan ora ngucap apa-apa manèh. Mbokmenawa dhèwèké nglengganani, pancèn sing nunggang Harley kang kurang ajar, nendhang pit montorku jalaran dianggep ngalang-alangi lakuné.

Aku getun awit tumindak brangasanku soré iku. Apa manèh bojoku ngélingaké menawa tiba ndhodhok kaya kang dirasakaké bojoku iku mbebayani tumrapé kesarasané wanita. Apa manèh wis wolung tahun suwéné aku bebrayan, durung pinaringan momongan. Muga-muga, ora ana apa-apa marang bojoku amarga alangan iku.

Aku ora bisa mbayangaké rasa atiné bojoku, lan getunku salawasé urip saumpama kedadèyan iku njalari cilakaning bebrayanku.

Gara-gara kedadèyan iku, saiki bojoku kerep tratapan saben krungu uniné siriné. Semono uga aku, dadi rada was-was nunggang sepedha motor ana ratan gedhé.

Aku pingin, wong sing kulina nunggang motor gehé sewenang-wenang ana dalan bisa ngrasakaké larané wong kaya aku lan bojoku. Semono uga para pulisi lalu lintas, bisa mangertèni rasané wong kang wis dicolong hak lan keadilané.

Aja mung golèk alesan kanggo sélak, golèk menang kanggo ngoncati tanggung jawab marang korupsi kaya déné nalika nganakaké Simulator SIM. Sing penggedhé nyolongi dhuwit gedhé, sing krocok sregep nyegati truk wedhi, wong salah dalan nerak larangan lalu lintas lan sapanunggalané.

Aku wedi ndongakaké ala, kayata pulisi utawa keluwargané kesaruk bis Sumber Kencono, utawa penunggang Harley Davidson nabrak wong nyabrang dalan, banjur dimassa, embuh diobong utawa dipilara nganti thélé-thélé. Aku uga wedi ndongakaké kulwargané penunggang Harley kang sewenang-wenang ana dalan gedhé ana sing ketrunjang truk tèngki, banjur modar mecèdhèl nganti ora wujud manungsa manèh.

Aku wis ora ngerti, apa penunggang Harley lan pulisi kang dhemen ngawal isih duwé ati lan pantes sinebut duwé rasa kamanungsan nalika nganggep ukum mung kanggo mbélani wong gedhé, wong kang kandel kanthongané, dudu kanggo rakyat, lan tumrap sapa waé kang wis padha kapeksa mbayar pajek lan butuh rasa keadilan.

Yèn nèng ratan waé ukum wis emban cindhé emban siladan, banjur kepriyé tumrapé bebrayan agung kang aran negara Indonésia? Asu gedhé pancèn bakal menang kerahé. Nanging, apa pulisi lan penunggah Harley Davidson gelem disebut asu utawa dipadhakaké marang segawon?

Mbok coba padha dipikir lan ditimbang, kira-kira isih aji endi uripmu para pulisi lan sing nunggah Harley kuwi, yèn tinimbang karo uripé Scooby-Doo…..

Apa padha gelem nalika ana wong ngundang awakmu “Harley”, banjur kowé kabèh padha njawab. “Guk..guk..guk….” kamangka ora arep diajak lari-lari…..

* Dik, aku nyuwun ngapura, ya. Gara-gara Harley, aku banjur emosi kang tundhané nyilakakaké sliramu...*

Cegatan Déning Pulisi

Sejatiné, aku ora mathuk yèn papriksan kendharaan déning pulisi diarani cegatan. Ora sreg, ora kepénak nèng rasa. Wis kuwajibané kita kabèh kudu nurut marang angger-angger lan njaga keslametan saben lelungan. Layang yang kudu komplit, kaca spion jangkep, lan hèlm kudu trep. Pulisi uga sadrema netepi wajib, perlu nganakaké papriksan saperlu ngélingaké sapa waé, aja nganti léna netepi wajibé wong lelungan.

Ing jaman rekasa golèk dhuwit, alap-alap kendharaan (pit montor utawa montor sodha papat) tambah akèh. Carané luwih alus, trengginas lan lunyuné kaya welut. Salah sawijiné cara nyuda barang colongan kanggo lelungan, ora ana liya ya mung nganggo cara mriksa layang minangka bukti anané barang  resmi.

Mriksa rebuwès (rebewijz) utawa SIM uga perlu. Wis dadi wajibé wong sing nunggang pit montor utawa mobil kudu duwé rebuwès. Babagan layang mangkono isih bisa dituku, kuwi wis dadi wadiné wong akèh yèn isih akèh pulisi nggalathak lan manungsa isih akèh sing wegah rekasa. Kuduné, rebuwès kuwi diwènèhaké kanggo wong sing trampil lan ngerti aturan kaya sing dikarepaké lumantar cara ujian SIM.

Aku ki ya mung bisa nggraita, rasan-rasan karo awakku dhéwé. Aja-aja, tembung cegatan kuwi minangka pangéling-élingé wong akèh marang carané pulisi nganakaké papriksan layang, kerep nganggo cara sawiyah-wiyah. Nyegat wong liwat ana pénggokan utawa ing dalan ramé saéngga kahanan dalan dadi ora karuwan macet lan ruweté. Bisa uga kanggo tandha titèn menawa sanajan layang ora nggawa wektu kapriksa, nanging isih bisa éndha sawisé nyang-nyangan tukon dhendha.

O, iya. Babagan tukon dhendha sing dialuské kanthi sebutan dhuwit titip sidhang kuwi ya klebu ndhagel. Kuwi sing diarani sanggit njenggit. Apa tumon, jenengé dhuwit titip sidhang, nanging kok ora ana borg sing ditinggal nganti tumekané wektu sidhang? Saben ninggal dhuwit, kabèh layang bisa digawa lunga tanpa disangoni layang kanggo wajib nekani sidhang. Lha ya genah bablas…..

Ééé…jenengé waé sanggité wong golèk dhuwit. Pancèn kudu alus lan prigel. Mula, saben lunga dhines padha ora tau sangu isin, mundhak malah ngrépoti, lan ngabot-aboti pikir. Yèn nganti pekewuh, malah cilaka ora olèh tukon upa. Ya, ta?

Embuh arep tekan kapan, bangsa kita isih nganggep kuwajibané pulisi njejegaké ukum isih diarani cegatan. Muga-muga tembung cegatan ora langgeng.

Dhuwit Cring

Dhuwit cring wis rada ora kajèn wis awit biyèn. Bocah-bocah cilik ing ndhésa waé padha kléwa-kléwa yèn saben budhal sekolah disangoni nganggo dhuwit cring. Karepé dhuwit dluwang, sing kamangka wis ora ana dhuwit dluwang ijo gambar munyuk. Atusan abang, saliyané wis ora ana, pancèn ya wis ora aji.

Saumpama isih ana sing ngajèni, paling ya mung tukang pijet sing lumrahé kudu bisa ngeroki, utawa wong sing dhemen pijet lan kerokan kaya aku. Kuwi waé wujudé dhuwit isih dipilih, paling ora dhuwit cring limangatusan warna kuning, utawa dhuwit lawas sing kawentar kanthi sebutan bénggol.

Cah cilik waé wis nglepèh, ora doyan dhuwit cring, apa manèh wong gedhé, wong brèwu. Wong-wong jinis kaya ngéné iki paling seneng dhuwit dluwang abang gagrak anyar sing ajiné 10 sèn (dolar Amérika). Nanging, anané dhuwit jinis kuwi ana kanthongané ya mung saperlu kanggo jagan tuku bènsin. Kanggo perlu madhang lan ngombéné, cukup ngulungaké kertu sing digawé saka plastik. Tapak asma utawa ndudul angka PIN, bèrès sakabèhé!

Wong-wong brèwu, wong sing sugih mblegedhu ora kenal sing jenengé dhuwit cring. Lunga-lunga utawa mobar-mabur saparan-paran ora perlu ngetokaké dhuwit, apa manèh dhuwit rècèh, mbuh dluwang apa manèh sing krincingan.

Nanging, kuwi dongèng utawa crita wingi-wingi sadurungé kanca-kanca sing seneng internètan gawé ontran-ontran. Ana ing Fèsbuk, akèh sing padha ajak-ajak béla tresna marang Prita Mulyasari, lan sapanunggalané, kang sabanjuré ana gerakan Koin Keadilan, yaiku nglumpukaké dhuwit cring, kanggo tetulung marang Mbak Prita kang dicilakaké déning wong-wong kang rumangsa dièlèk-èlèk (kamangka sejatiné tumindaké ya durung trep kanggo larané Mbak Prita).

Dhuwit cring sing ora aji (buktiné kabèh supermarkèt ngrayah peksa susuk, saka selawé nganti atusan rupiah), sing mung kanggo kerokan, sawisé diklumpukaké bisa kanggo tetulung ngiras-ngirus melèhaké, mirang-mirangaké pulisi, jeksa, hakim, penggedhé negara, kalebu wong-wong saka RS Omni sing téga merkarakaké babagan sepelé, sing kuduné wis dadi kuwajibané mènèhi kemareman kanggo Mbak Prita sing wis mbayar wektu mertamba.

Dhuwit atusan yuta lan seket yuta sumbangané para pinunjul, prasasat dadi ora ana ajiné yèn ditimbang karo akèhé dhuwit cring sing nglumpuk saka laladan ngendi waé ing Éndhonésa lan mancanagara, saka wong cilik sing salawasé urip mung dirèmèhaké, dianggep ènthèng. Nem atus yuta luwih dhuwit cring sing bisa diklumpukaké saka sedulur-sedulur sadonya!

Yèn keadilan wis dianggep rècèh, kita kabèh sayuk rukun padha bebarengan nglumpukaké barang rècèh.

Ya, pancèn dhuwit cring sing dianggèp rècèh déning para penggedhé (sing rumangsa duwé kuwasa linuwih), nyatané bisa mirang-mirangaké sapa waé. Samesthiné klebu ing kéné, yaiku para pengadil sing wis mutus perkara tanpa linambaran keadilan kang sejati, kang wis padha nuntut lan mutus perkara kanthi nglirwakaké rasa kamanungsan.

Nanging, keparengé Gusti Allah nyelèkaké mripaté sapa waé tetep ora tedhas kanggo ndhodhog atiné para pengadil. Pulisi, jeksa lan hakim isih waé seneng sawiyah-wiyah, milara wong cilik kanthi dhedhèpèl ukum lan paugeran kanthi kaku. Wis cetha digugah Gusti Allah lumantar perkarané Mbak Prita, tetep waé ngunjarakaké priyayi sepuh sing kepeksa nyembrèt kakao, banjur nyilakaké priyayi-priyayi sing uga sepuh jalaran ngelak banjur kepeksa nyolong woh semangka.

Donya kuwalik-walik, rasané kaya sengaja diwalik. Anggada sing wis cetha wéla-wéla pamèr kuwasa ngiles-iles donya pengadil ora diapak-apakaké, garong dhuwit Bank Century sing ngrugèkaké trilyunan dhuwit rakyat ya mung dijarké waé. Ontran-ontran kaya déné mung samudana kanggo ngobati rasa kuciwané bangsa, banjur digawèkaké sandiwara.

Wong-wong gedhé, pancen seneng barang ringkes. Dhuwit cring sing ora ringkes padha disirik, nanging dluwang cilik nganggo orèk-orèkan tandha tangan luwih disenengi jalaran luwih luwes. Mula, ngendikané para penggedhé njalari weteng rakyaté dadi mules. Ukum bisa diiles-iles yèn wis padha nampa olèh-olèh sing luwes.

Satenané, aku ora percaya yèn para pengadil perkarané Mbak Prita, Mbok Minah, lan sapanunggalané iku bisa resik saka godhané barang luwes. Padha karo sedulur-sedulur sing keraya-raya nglumpukaké dhuwit cring (kanggo mbiyantu Mbak Prita lan ngécé keadilan sing isih larang ing Éndhonésa), aku durung bisa percaya yèn korupsi wis ilang saka jagad ukumé Éndhonésa.

Dhuwit cring, sanajan ora aji yèn mung cacah siji, nyatané bisa kanggo pengiloné sapa waé bareng wis diklumpukaké. Aku dhéwé, ndilalah ora bisa mèlu-mèlu nglumpukaké dhuwit kaya mangkéné. Nanging, aku isih nyimpen lan bakal nambah cacahé simpenan dhuwit cring, jalaran aku pingin banget nggunakaké cara kasar-kasaran modhèl ndalanan.

Suk, yèn ana wong tumindak ora adil, utamané wong-wong sing kemresik-resik, ngaku becik lan rumangsa duwé jeneng apik banjur ngosak-asik wong cilik, aku ora arep percaya karo ukum. Aku pingin males ukum kanthi cara njejeli cangkeme wong-wong mau nganggo dhuwit krincing sing akèhé paling ora saktempolong tilasé wadhah oli.

Dadi, cèprètan oliné bisa kanggo lunyu-lunyu, bèn gampang anggoné ngulu dhuwit-dhuwit krincing mau. Sumbarku mangkéné,

“Untalen dhéwé adilmu, Su!!!”

Cecak, Baya, Aligator…

Gègèran utawa ontran-ontran baya angop ngécé cecak sajaké bakal rada suwé. Kanggoku, apa sing diramèkaké déning koran, tipi, radio lan internèt saiki nembé pemanasan. Korupsi proyèk radhio ana Départemèn Kehutanan durung ana amput-amputé yèn dibandhingaké marang potènsi korupsi Bank Century.

Malah, miturut pamawasku, saya ramé perkara rekaman tilpuné Anggodo (iki dudu seduluré Anila, lho. jaman wayang durung ana tilpun), wong-wong sing tau kecèh bandha Bank Century bakal luwih seneng. Mula aku dadi kuwatir, sujana, aja-aja perkara siji iki pancèn sengaja terus digawé ramé supaya ora ana sing nguthak-uthik perkara Bank Century.

Dadi, kaya ana priyayi sing lagi matek aji panglimunan, nylamuraké wong sanuswantara. Wong 200 yuta cacahé dianggep longa-longo kaya kebo déning wong-wong sing rumangsa pinter, keminter nanging padha keblinger. Sapinter-pinteré padha nyimpen wadi, tetep waé mambu, banjur kabèh padha krungu sapa sing dadi lakon maling sing saèstu.

Apa tumon, bank kéré sing bandhané ora mbejaji, sing mauné njaluk talangan mung kira-kira Rp 1,7 trilyun malah diwènèhi Rp 6,7 trilyun?!? Lha kira-kira nalaré wong édan ngendi sing bisa nampa alesan yèn bank sing diduwèni Robert Tantular iku pantes ditulungi déning negara semono akèhé, kamangka asèté mung saupil gedhéné.

Nanging kepriyé manèh, pancèn tanahané Éndhonésa iku dadi papané wong-wong édan lan wong ngédan. Kabèh pingin keduman, embuh kuwi saka rayahan utawa apus-apus, sing nyata kabèh mau ora klebu rejeki paringan saka Pangeran. Kabèh padha mabuk, dumèh penthung lan watu bisa dadi tanduran, iwak bisa urip ana kolam susu kaya déné lelagoné Koes Plus kaé.

Aku dhéwé mung bisa ndomblong. Gègèran cecak mungsuh baya iku mung sanépa. Cecak sing kuduné migunani tumrap manungsa jalaran pinter nguntali lemut malah mèlu ngrikiti sembarang kalir. Baya sing kuduné mung kungkum utawa langèn ana banyu utawa klosotan ing lemah pinggiran kali lan wadhuk, pingin nyélaki kodrat, krèkèl-krèkèl ngarah cecak sing manggon ana ngepyan utawa témbok.

Prasasat kabèh wong Éndhonésa wis padha ngerti, yèn baya (sing dadi perlambangé pulisi miturut ngendikané Pak Susno Duadji) akèh sing galak, seneng nyathèk apa waé waton nemu perkara. Zébra, yaiku sandhiné punggawa sambang dalan, kaya dadi mesin sing bisa ngasilaké dhuwit akèh kanggoné korps kepulisian. Sanguné layang manuk (thilang) sing bisa diijon ing sadhéngah papan, utamané tumrap wong-wong sing ora nggawa SIM, STNK, utawa nglanggar aturan lalu lintas, nanging wegah mèlu sidhang ana pengadilan.

Macan utawa sandhiné korps resèrse semono uga. Saking galaké siji-loro oknum, njalari èlèké prajané pulisi. Unèn-unèn sing paling popilèr ana satengahé masyarakat malah manékawarna. Saka sing umum utawa lumrah yaiku golèk uceng kélangan deleg nganti lapur kélangan pitik malah dadi kélangan sapi jalaran patrapé oknum sing dhemen meres.

Sanajan kaya mangkono, beciké kita aja nganti kelalèn, klèru pandakwa. Sing salah iku mung oknum sing cacahé ora mingsra. Sing luwih becik lan temen isih akèh, matikel-tikel cacahé. Kuduné, mumpung lagi dadi sorotan kaya mangkéné, Pak Presidhèn prayoga ndandani korps pulisi. Sing nakal lan jahat dirangkèt banjur dilebokaké mbui, sing apik-apik diwènèhi posisi kanggo reresik.

Kosok balèné, lembaga sing arané KPK miturut aku ya ora resik-resik banget. Sanajan angèl anggonku mbuktèkaké, nyatané aku naté ketemu karo wong sing ngakuné staf ana kantor kang gawéyané nyèlèksi perkara sing mlebu KPK. Wong kuwi crita akèh babagan ‘potènsi kerugian negara’ sana salah sawijiné kabupatèn ing Jawa Tengah.

Critané rada gablang, bisa nyebut jinisé proyèk sing anggarané ora trep, kayata mbangun rumah sakit lan dandan-dandan pasar. Malah, priyayi kuwi nyebut ana pirang-pirang jeneng bupati lan walikota sing bakal dipriksa déning KPK.

Yèn nggatèkaké omongané, wong kuwi kaya-kaya pancèn nasionalis sejati. Sebabé, sanajan ora cetha wéla-wéla, nanging kerep banget nyebut UUD. Mbareng suwé dimat-mataké, jebul UUD kuwi dudu sing ganepané angka 1945, nanging UUD sing jarwané ujung-ujungnya dhuwit. Lha ya wis, jebul priyayi mau pancèn klebu golngané asu.

Perkara bener lan orané wong kuwi saka KPK, nyatané data lan berkas sing disebutaké mau cocok, klop marang kasunyatané. Ngertiku, kancaku sing ndilalah dadi bupati kuwi pancèn mbeneraké data-data sing diduwèni wong sing ngaku duwé wewenang nlisik bocoré dhuwit negara mau. Begjané, kedadèyan anané kerugian negara iku wis pirang-pirang taun sadurungé dijabat kancaku.

Sanajan mangkono, kancaku mau malah ngguya-ngguyu. Rasanan karo aku, jaréné pancèn akèh wong-wong sing ngaku saka KPK kaya mangkono. Dhatané pancèn komplit. Mula wong-wong mangkono kuwi kerep gawé rikuh tumrapé wong-wong sing lagi kesandhung perkara, apa manèh sing bener-bener dhemen nyolong dhuwit rakyat.

Tiwas mènèhi dhuwit, jebul malah disikat kanthi pandakwa nyogok, déné yèn ora ngulungaké nyep-nyep, bisa-bisa dadi nyepetaké jadwal pemanggilan kanggo dhèwèké, lan sapituruté.

Ana peluk mesthi ana geniné. Sapa sing nyumet geni dadi ora penting, nanging sing jenengé KPK kudu dadi lembaga sing kuwat, bisa ngresiki Éndhonésa saka tikus-tikus sing seneng ngrikiti bandhané negara. KPK, pulisi, cecak, baya, kabèh isih pantes ana, miturut kodraté kanggo kebak-kebak donya.

Sing kudu dipikiraké, aja nganti cecak nguntal baya, kosok balèné uga aja nganti ana kedadèyan baya ngidak-idak cecak. Perkara Bank Century-né waé sing perlu énggal dituntasaké.

Sapa ngerti, yèn perkara Bank Century bisa kewiyak, cecak lan baya bisa katon isih ana apiké jalaran nggragas lan kurang ajaré  isih kalah karo sing jenengé aligator utawa malah dinosaurus…

Kabar Ès Krim

Wis pirang-pirang dina, Ki Demang mumet sirahé, rasané kaya-kaya arep njeblug poloné. Anak-putu, tangga teparo, sedulur lan kanca-kanca berjuangé padha kekejer ngiler njaluk ès krim. Kamangka, ès krim sing dijaluk mung ana siji, mèreké SukoDhuwitAji. Embuh kena apa gawé mèrek waé mokal-mokal. Suko saka tembung suka sing tegesé seneng utawa dhemen. Déné dhuwit aji iku, sapa waé wis mudheng. Dadi, wis ora perlu dijlèntrèhaké.

SukoDhuwitAji pancèn ngangeni sapa wae. Ora bocah, ora simbah-simbah. Kocapé, jaman biyèn ana wong ndésa sing bisa kasil uripé sawisé pindhah menyang kutha liya. Arané Suka. Uripe rada cilaka, jalaran wong tuwané klebu pekir, ora duwé bandha kaya tangga-tanggané. Mula, kanggo nyangoni kapinterané, wong tuwané nyekolahaké Suka menyang sekolah negeri supaya ngirit.

Wiwit SD, Suka seneng Pramuka. Wong tuwané dadi bungah, sebab saka sinau Pramuka mau, Suka dadi tertib, trengginas, pinter simaphore lan seneng tetulung. Nganti ngancik SMA, kegiyatan Pramuka ora dilalèkaké. Sing jenengé Jamboré ana ngendi waé, Suka mesthi katut, pinilih déning kanca-kanca lan guruné banjur dikirim makili sekolahané.

Saka kasenengané Pramuka, Suka olèh asil akèh. Saliyané béasiswa nganti salulusé, jenengé Suka uga kondhang tekan ngendi waé. Malah, Palang Mérah Indonésia uga nyathet jenengé jalaran trengginas mimpin KSR utawa Korps Suka Réla sing kerep diterjunaké ana papan-papan bencana.

Cekaké, lulus SMA, Suka banjur mbacutaké ana Akademi Kapulisèn. Ana kéné, jenengé uga isih tetep moncèr. Pinter, uga katon prasaja jalaran ora tau néka-néka. Ènthèngan lan dhisiplin njalari Suka disenengi déning sènior-sènioré, para instrukturé lan guru-guru liyané, mula wekasané dhèwèké lulus kanthi prèdhikat paling apik.

Sabanjuré, karir dhinesé Suka uga moncèr. Pengalamané mèlu Pramuka lan KSR, uga pulisi sekolah, jebul dadi dalané Suka kanggo dadi prawira sing klebu peng-pengan ing dalan. Dadi pimpinan pulisi lalu lintas mataun-taun, dhèwèké kondhang resik. Ora doyan lapan anem, mula uripé tansah katon prasaja, béda karo kanca-kancné, utawa anak buahé.

Dhewèké ngerti, duit lapan anem iku ora énak diulu. Sanajan saka kulawarga miskin, dhèwèké ora kemaruk pingin sugih. Prinsip uripé: ya bèn wong liya dhemen dhuwit, aku ora arep mèlu-mèlu. Ora arep ngédan, sanajan tundhané bakal ora olèh dum-duman. Saliyané pendhidhikan bud pekerti saka wong tuwané, Suka rumangsa éling marang ngendikané pujangga Ranggawarsita.

Sanajan imané kuwat, sansaya suwé Suka saya mumet. Pangkaté mundhak dhuwur, godhané uga sansaya akèh. Dhèwèké bisa kuwat ora nampa sogokan, nanging kanca-kancané padha nganggep dhèwèké sugih, cèlèngané akèh mung ora gelem ngatonaké sugihé. Pinginé bisa wèwèh, idhep-idhep andum rejeki, nanging malah sansaya ndadèkaké cilakané. Prasasat, saben dina mung olèh layang panyuwunan sumbangan.

Sajak ora kuwat ngadhepi kahanan, Suka duwé tèkad rada ala sadurungé pènsiyun. Pisan-pisan, dhèwèké pingin golèk dhuwit sing akèh, supaya bisa nambal kanthongané sing bolong rada suwé. Dhèwèké isin yèn nganti ana debt collector utawa tukang tagih sing kendel marani dhèwèké, apa manèh nganti ketemu anak-bojoné.

Yèn dipikir-pikir, wong wis akèh kancané sing padha sugih saka nampa lapan anem mataun-taun, mosok golèk lapan anem pisan waé ora olèh. Ya wis, ndilalah, mbokmenawa pancèn begjané Suka. Lagi mbatin waé, dhèwèké olèh tilpun saka kancané ing Surabaya sing arep njaluk tulung sabiyantuné saka dhèwèké. Ora liya, yaiku nagihaké utang.

Kancané saka Surabaya mau duwé dhuwit sing disilih mitra bisnisé ing mBetawi. Gunggungé akèh, atusan milyar. Déné yèn Suka bisa kasil anggoné nagih, bakal diopahi limang milyar. Ujaré kancané, ora kudu kabèh ketagih, sebab dhuwité bali separoné waé wis apik, sebab mitra bisnisé mau ya lagi keseser. Itungané kancané Suka, timbang ora olèh balèn babar blas, separoné bisa mulih waé wis apik.

Suwaliké, dhuwit limang milyar ora sithik kanggoné Suka. Tékadé, yèn wis kasil nagih, opahé mau arep kanggo sangu pènsiyun. Gawé usaha anyar, ora perlu ngentèni dadi jénderal.

Pungkasané, Suka kasil anggoné macak debt collector. Sing ditagih wedi jalaran dhèwèké duwé pangkat. Mula, sawisé bisa mbalèkaké dhuwité kancané saka Surabaya, Suka ngajokaké pènsiyun. Modhal limang milyar digunakaké kanggo gawé pabrik ès krim. Arané SukoDhuwitAji. Suka dijupuk saka jenengé dhéwé, déné kanggo ngajèni rejeki, modhal mau diarani dhuwit aji.

Cilakané, pabriké kalah saingan déning ès krim saka mancanegara. Pelanggané akèh sing pindhah, ganti mèrek liya. Kabar ès krim SukoDhuwitAji kuthep. Sing dheleg-dheleg mung kulawargané Ki Demang sakancané. Kesuwèn kesengsem ès krim SukoDhuwitAji nganti tak bisa ke lain hati.

Wong sakiwa tengené Ki Demang mèlèr-mèlèr, ngecès saben weruh wong mangan ès krim. Padha pingin, ning saben nyoba rumangsa ora cocok rasané. Mula, kabar ès krim SukoDhuwitAji sing bakal ora berédhar manèh njalari sedhihé Ki Demang saanak-turuné, kulawargané, lan kanca-kancané.

Kabar ès krim SukoDhuwitAji pancèn nggregetaké, nguciwani…..