Pesugihan Jaman Buta

Pesugihan iku klebu ingon-ingon, nanging ora katon wujudé. Jaman durung ana crita wong mati kesetrum nèng ndhésa, tembung pesugihan kerep kanggo ngarani utawa ndakwa wong sugih, utawa sing bandha donyané sarwa luwih tinimbang tangga teparoné. Ana sing diarani ngingu buto ijo, thuyul utawa inthuk, lan sapanunggalané.

Bisa uga, wong-wong pinter bakal ngarani iku dadi wujud ‘playon’ tumrapé sing padha rekasa uripé. Aja ngguyu sik, jalaran aku ora ngerti padhanan utawa sinonim-e tembung kuwi. Bakuné, sing dakkarepaké ‘playon’ iku pelarian utawa escapism, yaiku cara kanggo nglalèkaké utawa wegah nampa kasunyatan, banjur golèk-golèk cara kanggo sélak marang kahanan. Bèn dadi urusané ahli psikologi utawa filsuf waé, lah…..

Kaya apa wujudé pesugihan, ora ana sing ngerti. Sing genah, saliyané disraya golèk bandha, sing arané pesugihan bisa didadèkaké security officer utawa satpam sing ora kasat mata. Umpama sing ngingu pesugihan duwé warung utawa toko, biyasané ingon-ingoné bakal memangsa marang sapa waé sing ganggu gawé juragané, umpamané sing nyolong bakal nandang lara, utawa malah diarah patiné.

Sing gelem kaya ngono kuwi, biyasané pesugihan sing wujud kethèk utawa buta. Yèn inthuk utawa thuyul, senengané nyeler utawa njupuki dhuwité wong liya. Inthuk lan thuyul, jaré wujudé kaya bocah cilik, bisa saba dhéwé, bisa uga digéndhong ndarané banjur diuculaké utawa dingon ana pasar, dhésa-dhésa lan sapanunggalané.

Babagan buta pesugihan, aku duwé pengalaman. Rikala aku lagi sekolah kelas 1 SMP, seduluku ana sing ujug-ujug ngomyang dhéwé. Lara nganti sasèn-sasèn, awan-bengi tansa ndleming. Saben ditakoni, dhèwèké kuwi sing ngrasuki sedulurku tansah njawab arané buta ijo, ngaku ingon-ingoné Mbah X.

Dhewèké ora gelem ngaku apa salahé putriné bulikku marang Mbah X, nanging tansah nyebut yèn sedulurku kuwi wis tumindak salah. Pirang-pirang wong pinter utawa dhukun ditekakaké, jawabé padha waé. Anèhé, sing ngrasuki mau bisa nyebut jenengé para dhukun lan saka ngendi asalé. Arep ora percaya nyatané ana, nanging yèn percaya ya kudu piyé. Prinsipku, barang ghoib iku ana.

Yèn nilik saka saben dinané sedulurku, nalaré dhèwèké ora kenal marang para dhukun kuwi, apa manèh nganti bisa nyebut asal-usulé lan sapanunggalané. Coba, nalar apa sing bisa njelasaké fenoména pesugihan? Saumpama kuwi tinggalané Walanda utawa carané bangsa penjajah kanggo nglestarèkaké cara mikir klenik, kok nyatané bisa dirasakaké?

Nganti saiki aku ora mudheng babagan siji kuwi. Sing genah, ana watara setahun sedulurku ngomyang terus, nanging banjur bisa mari, embuh mbiyèn sapa sing nambani. Aku wis lali.

Bisa waé (iki nganggo nalar klenik) sedulurku tau njupuk barang basangan. Jaré wong-wong mbiyèn, racaké wong duwé pesugihan kudu makani kang wujud manungsa. Ana sing ndadèkaké anak utawa kulawarga sing dadi wadal utawa tumbal, ana uga sing ndadèkaké wong liya kanggo pakané ingon-ingon mau. Jaréné jaré, kabèh mau gumantung ujaré nalika golèk pesugihan, sing dilantari déning juru kunci papan golèk buta ijo lan sapanunggalané.

Nanging, angèl tenan nggolèki bukti babagan kaya mangkéné. Bisané mung nganggo nalar othak-athik banjur digothak-gathukaké, dilambari ilmu ‘asas pembuktian terbalik’. Yèn wong katon cepet sugih lan ndedel kamangka panggautané ora béda adoh saka sadurungé, wong liya banjur ngarani wong kuwi ngingu pesugihan. Yèn ana kulawargané sing mati satengahé bribik-bribik sugih, banjur diarani ndadèkaké tumbal kulawargané kanggo pakané pesugihan.

Pancèn absurd. Nanging ya kaya ngono kuwi alam pikiré ‘wong kalah’ jaman biyèn. Béda karo jaman saiki, pesugihan bisa awujud ilmu, pacakan lan lambé lunyu kaya wong mentas kemu oli. Sekolah dhuwur banjur duwé jabatan bisa njalari sugih. Waton pinter rembugan lan ndhelikaké kelicikan, bisa dadi modhal kanggo maling. Kaya sing sumebar ana départemen-départemen kaé, isiné wong-wong sing duwé pesugihan modhèren.

Yèn nganti kecekel pulisi, jeksa utawa KPK, lunyuné lambé bisa kanggo modhal éndha supaya luput ing pandakwa. Coba saiki golèkana, apa ana pejabat sugih sing diarani ngingu pesugihan? Mesthi mung dibatin pinter olèhé korupsi. Amarga jaman wis malih lan alam pikiré wis béda, nyebut pesugihan waé wis ora wani. Wedi dianggep ora maju, wegah dionèkaké ndhésa. Ya, ta?

Yèn kanggoku, sing jenengé buta utawa kethèk iku isih èksis tumekané saiki. Bédané, gandhèng wis akèh pabrik tèkstil, warnané klambi buta ana pirang-pirang. Mbiyèn, buta klambi kuning ngentèkaké alas lan gunung. Tumbalé akèh banget. Nèng Kedhungombo, Cimacan, Papua, Kalimantan, lan sapanunggalané.

Bar kuwi, buta klambi ijo lagi bribik-bribik sugih, buta kuning ora trima. Ngajak buta sragam biru jilid satu, buta ijo diosak-asik kanggo mulyakaké buta anyaran. Kostumé ganti abang. Teruuussss waé, buta diganti buta. Jenengé waé Orde Buta. Buta abang kejungkel, banjur digantèni buta klambi biru jilid loro. Embuh kapan buta biru jilid loro modar disruduk banthèng utawa kebrukan ringin.

Begjané, buta saiki rada angèl dimungsuhi. Jenengé waé buta kolaborasi, mula sandhangané uga warna-warni sanajan sing mimpin tetep buta biru. Mlèsètaké jangkané Éyang Ranggawarsita, iki wis titi wanciné ngancik jaman buta. Sing sapa wongé ora gelem mbuta, ya ora bakal olèh dum-duman.

Donyané Lelembut

Jaman aku isih bocah, tembung memedi kerep sinebut ana satengahing jejagongan, embuh kuwi ana parondhan, kumpulan utawa sarasèyan lan sapanunggalané. Ora sithik wong tuwa sing medèn-medèni anak-putu nganggo pangincim bakal digondhol wéwé utawa dipangan gendruwo karebèn ora kluyuran ing wayah wengi.

Ora mung wéwé sing jaré wujud wédok lan gendruwo kanggo nyebut memedi lanang, isih akèh arané memedi kayata lampor, wedhon, peri lan sapanunggalané. Saliyané memedi, isih ana jinisé lelembut sing gawéyané éwang-éwang bandarané utawa sing diarani pesugihan, yaiku buto (ijo), kethèk, thuyul, inthuk, préwangan, babi ngèpèt lan sateruse.

Isih ana manèh sing kerep disebut wong-wong tuwa, utamané saben gawé sajèn utawa bersih dhésa, yaiku peri lan perayangan. Rong jinis iki biyasa disebut sawisé muni jim (jin) lan sétan, embuh satengahé ndonga utawa maca rapal aliyas japa mantra.

Dhuh Pangeran, muga tinebihna saking godhanipun jim, sétan, peri-perayangan…

Mangkono biyasané pada nyebut ing satengahé donga. Bab mandi lan orané, aku ya ora mudheng. Sing genah, jaman semana mBahdhé-ku (kakangé mbahku) dianggep wong tuwa sing duwé ilmu linuwih, ya babagan kanuragan lan donya kaya klenik kaya ngono kuwi. Jaré, jimaté mBahdhé awujud siyung macan, embuh sing olè saka meguru marang sapa utawa tapa nepi menyang ngendi.

Sing aku ngrasakaké, sawisé ora ana senthir lan téplok ing padhésan, wong-wong dadi padha adoh marang tembung memedi, embuh kuwi gendruwo, wéwé lan sapanunggalané. Yèn (ilu-ilu) banaspati isih kerep disebut déning para dhalang ana ing satengahé pakeliran. Yaiku, memedi kang awujud geni mbulat-mbulat, bisa mlaku dhéwé ngoyak mangsané.

Yèn ana ndhésaku, mbiyèn jaré akèh lampor. Wujudé kurang luwih kaya banaspati, nanging mlakuné ana tengah sawah. Banaspati, lampor lan siji manèh: glundhung pringis, klebu trio-memedi sing akèh saba sawah. Mbokmenawa kuwi klebu memedi sing duwé panggautan dadi petani ana ing jagadé lelembut.

Béda sawah béda padhésan. Yèn memedi sing sabané ana padhésan, sing paling popilèr iku wing wujud raseksa lanang, rupané medèni, arané gendruwo. Yèn dharma wanitané memedi, sing terkenal mung loro: peri lan wéwé. Yèn peri kanggo ngarani wujud wédok ayu gandané wangi, nanging yèn wéwé, dhèskripsiné (hahaha… rada ngilmiyah) kaya gendruwo, mung wujudé waé wédok.

Kena ngapa bocah-bocah jaman saiki wis ora kenal tembung memedi, mbokmenawa pancèn kuwi sing sinebut kanthi aran èksès utawa dhampak negatip setrum mlebu ndhésa sing mbiyèn naté didol ècèran déning PLN (Tenan! Mbiyèn listrik kuwi diècèr. Sapa butuh dhésané kencar-kencar nanging ora diliwati cagak kabel, banjur dijaluk urunan kanggo tuku cagak. Yèn ora, bisa lumantar koperasi, mbayaré bisa dicicil).

Sawisé dhésa lan gunung padhang jingglang, para memedi dadi ora jenak. Jaréné, para lelembut kuwi seneng manggon ana petengan (mula pesugihan ya didhelikaké ana senthong sing peteng). Nah, sawisé padhang kabèh kaya saiki, ya embuh para memedi pindhah menyang ngendi. Paling golèk nggon liya neng luwar Jawa kaya mBornéo utawa Sumantrah sing listriké isih byar-pet. Saben byar padhang srengéngé njedhul listriké urip, nanging anyak surup mèlu mati. Dadi, urip tansah petengan.

(Para memedi mesthi seneng banget lan bakal matur nuwun kang tanpa pepindhan marang Pemerintah Éndhonésa awit kahanan listrik mung ajeg murup ana Tanah Jawa.  Coba luwar Jawa padha kencar-kencar, mesthi para lelembut sansaya mumet golèk papan panggonan. Jaré, para memedi ora wani mulih ana dhangkané amarga wedi yèn disenèni juragané, sing arané Nyi Rara Kidul, ratuné para lelembut ing Tanah Jawa).

Éh, sapa ya sing wis tau mambu bakaran téla ana petengan? Jaré, yèn ana ambu kaya ngono kuwi, ateges nuduhaké yèn ing papan kuwi dumunung memedi. Nanging sapa? Apa tumon, memedi kok isih gelem téla pohung? Jaré pakanané kembang, menyan, getih lan nyawané manungsa?

Ééé… mbuh ora weruh. Bakuné aku mung nyritakaké ‘pengalama spirituwal’ jaman isih bocah mbiyèn, supaya bisa kanggo bahan crita bocah-bocah jaman saiki. Aku mung mesakaké yèn bocah-bocah jaman saiki mung ngerti wujud memedi lumantar tipi utawa gambar sorot ing gedhong biskop, kamangka pilem-pilem mau digawé déning bocah-bocah kutha sing ora ngerti antropologi memedi.

Mula padha kangèlan ngrékonstruksi wujud lelembut, uga ora jedhag nggambaraké sètting sosial-budayané kanggo nyritakaké anané memedi. Yèn miturut istilahé kancaku, para sinéas saiki miskin utawa kéré babagan referensi visual memedi. Jiah!!! Gèk istilah apa manèèè..èhhhh kuwi?!?