Sasmita Udan Awu

Gunung Merapi sangsaya ndadra. Geni ndlèdèk ora nganggo lèrèn. Sawayah-wayah bakal nggugah sapa waé sing pénak-pénak ana omah: ésuk, awan, soré, wengi utawa tengah wengi. Lemah glondhongan sing warnané abang mbranang tumurun saka pucuking gunung, nerjang wit-witan lan ngrusak sadhéngah papan. Kabèh kang tinerak bakal kobong, pungkasané dadi awu.

Udan awu uga tumurun saben dina, malah wis luwih saka sepasar. Paribasan Gusti Allah nembé andum klilip, nyasmitani wong-wong saiki sing padha lirwa nindakaké kabecikan marang sasama, uga tumrap alam paringané Gusti sing kuduné padha dirumat. Para pemimpin sing ora naté nyawang rakyaté, didhodhog atiné lumantar gludhug Merapi, ombak laut Mentawai, uga banjir bandhang ing Wasior, Papua.

Coba digatèkaké, apa tandang gawéné para pemimpin marang sedulur-sedulur kang nembé nampa pacoban ing Wasior sing kaya-kaya dilalèkaké sawisé ana tsunami ing Mentawai. Semono uga, sedulur-sedulur kita sing nembé nandang cilaka uga énggal dilalèkakké saploké Gunung Merapi nyuntak geni lan méga mawa wisa.

Bukti ora sithik. Ana wakil bupati pilih lunga menyang Bali, ana gubernur lunga menyang negara manca kamangka rakyaté lagi padha nandang sungkawa kélangan papan lan kulawarga. Wakil rayat semono uga, isih tegel, téga meksa mlancong menyang negara liya kamangka wektuné bisa diganti sawanci-wanci.

Ing jaman sing sarwa gampang lan maju, para mitra ing negara liye mesthi padha priksa lan bisa nglengganani menawa para penggedhé lan wakil rakyat iku pamit, mbatalaké lelaku. Apa manèh yèn mung kanggo keperluwan sing arané studi bandhing. Nanging kabèh wis padha ngerti, rakyat wis ngawuningani, menawa para wakil rakyat lan penggedhé pancèn ora duwé rasa welas asih, padha luru maremé atiné dhéwé-dhéwé.

Para juru warta semono uga. Kaya golèk kepénak lan ngirit, padha nglalèkaké Wasior lan Mentawai. Rasané dumèh ora ‘kemedol’ banjur padha mlayu menyang Merapi kang nggegirisi. Saben dina, ésuk tumeka ésuk manèh siyaran langsung terus-terusan saka sakiwa tengené Merapi. Prasasat tanpa kendhat, perkara Merapi ngalahaké perkara Wasior, Mentawai lan Poso sing jaréné uga nembé ketekan banjir.

Udan awu sasmitané. Donya katon peteng. Manungsa didhawuhi setiti lan ngati-ati. Sésuk bakal kepriyé ora ana sing mangertèni. Montor mabur akèh sing ora wani muluk jalaran awuné Gunung Merapi bisa njalari mesin mati. Bis-bis akèh sing ora bisa mlaku, truk sing gawéné momot ijon-ijon lan beras saka kutha siji menyang kutha liyané uga kangèlan mlaku.

Ora maido, tumrapé warga Klatèn, Sléman, Boyolali lan Magelang, saiki dadi larang sandhang-pangan. Tandhon beras lan palawija bakal entèk saumpama Merapi ora énggal lèrèn anggoné andum rabuk awujud udan awu lan banjir lahar.

Begjané, ana ing kahanan sing kaya mangkéné, malah akèh wong sing ènthèng ati lan tangané, padha gugur gunung paring pambiyantu marang sedulur-sedulur kang nembé nampa pacoban sing wujudé kaya pageblug. Pirang-pirang truk tandha asih kinirim saka sedulur-sedulur ing kutha liya, éwadéné wong-wong sing kuduné tumandang cèkat-cèket kayata para mentri, gubernur, bupati lan saandhahané malah isih akèh sing lirwa marang kuwajibané.

Pancèn bener ngendikané Mbah Maridjan, menawa saben ana dlèdèkan geni mengangah sakan pucuké Merapi iku mertandhani Mbah Merapi lagi duwé kajat andum rejeki awujud awu kang nyuburaké bumi pertiwi. Nanging ya kuwi, Mbah Merapi ngiras-ngirus ngélingaké para manungsa supaya ora kemaruk marang kadonyan, ora lali jalaran kecèh bandha iku sejatiné nembé diuji déning Gusti.

Coba, apa ora gawé sepeté mripat lan panasé ati, menawa ana satengahé wong-wong kang nembé nandang sengsara malah dipamèri warna-warna: réklame obat rosa, spanduk partai lan umbul-umbul para bakul. Ngakuné padha paring pambiyantu, nanging nyatané malah isih akèh sing tawa, bakulan apa-apa, nganti Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengkubuwana Kaping Sadasa duka, ngélingaké menawa para asung bela sungkawa lan pambiyantu ora perlu mélik warna-warna.

Yèn pancèn ikhlas mbantu, ya ora perlu pamèr gendéra. Cukup sang dwiwarna, abang-putih. Mangkono ngendikané Sultan.