Srinthil Dudu Lonthé

Tumrap wong kang cupet nalaré, Srinthil kang dadi rol ana filem Sang Penari, bisa dianggep lan dipadhakaké wong nakal, lènjèh lan sapanunggalané. Semono uga tumrap wong kan semuci suci, bisa-bisa bakal nganggep Srinthil wis nalisir saka ajaran agama. Kamangka, Srinthil dudu lèdhèk geleman, utawa wong kang ora bisa ditebas wadag lan atiné kanthi ijol bandha donya.

Dudu. Srinthil dudu képlé utawa tlembuk utawa kutisan kang nyéwakaké badané kanggo sapa waé. Dhèwèké manungsa lumrah, wanodya kang mung sadrema netepi kuwajibané, nindakaké laku minangka sarana gawé kabecikan. Tiwasé wong akèh ing désané jalaran mangan témpé bongkrèk dadi jalaran ngganepi lakuné. Sanajan dudu salahé wong tuwané, nanging Srinthil gelem ngakoni luput pandakwané wong sadésa, banjur rila nglakoni ukuman kang sejatiné ora adil, kanggo atur piwales lan nyuwargakaké wong tuwané.

Srinthil èstu dadi wanita kang nrima, gelem nglakoni urip sadrema nyunggi perkarané wong sadésa, sing rumangsa nembé nampa pacoban wujud pagebluk, panandang rekasa minangka pacoban saka Sang Hyang Maha Kawasa. Srinthil ing Dhukuh Paruk mung minangka utusané Gusti Kang Murbèng Dumadi, kanggo ngluwari abot sanggané wong karang padésan, kang urip mataun-taun ora naté bisa matun.

Prasasat bisa tinanduran pari gaga, lemah kang nela, mlethèk amba-amba kaya dadi pepesthi bakal sinirik déning sakabèhing tanduran palawija. Paribasan, wit jagung lan pohung utawa bodin waé suthik urip kaya déné alesan salah mangsa, kamangka wis dadi pepesthi yèn tanduran kaya mangkono uripé pancèn trep ing mangsa ketiga.

Nggatèkaké laku uripé Srinthil ing filem Sang Penari, temen krasa banget anané wong kalap rebut kuwasa. Swasana krasa tintrim sawisé Gestok, nalika ana pirang-pirang jéndral diperjaya, olèh pidana tanpa cetha underané perkara, nganti tumekané wanci oncating nyawa.

Srinthil lan rombongan lèdhèk barangan, lènggèr kang mbarang saparan-paran, ditunggangi kanggo sarana nawakaké idhéologi utawa keyakinan politik. Dimulyakaké kanthi bayaran mentes lan pantes, dicukupi kanthi gentha swara supaya anané lènggèran lan gendhing calung kang giyak bisa keprungu saka kadohan, banjur padha gembruduk nekani pasamuwan. Kamangka, sawisé wong akèh padha nglumpuk, banjur dibujuk kanthi sesorah kang isiné ajak-ajak dandan-dandana kahanan kang dianggep wis owah, kamangka tundhané mung ngajak congkrah.

Sanajan ora cetha wéla-wéla, filem kang dianggit déning Ifa Isfansyah pancèn bisa dadi kaca benggala tumrapé sapa waé. Kahanan saiki kang sangsaya krasa ora cetha, bisa nuwuhaké rasa cilakané wong sabangsa, sanuswantara. Angèlé golèk pangan wong saiki, paribasan kaya rekasané warga Dhukuh Paruk, kang urip rekasa kanthi turun-tumurun.

Anané téroris, paribasané, bisa sinebut dadi cara cupeté wong kang ora kuwat ngadhepi kahanan, banjur nganggep rekasa kaya déné panandang. Banjur nesu, ngamuk marang panguwasa kanthi cara kang nyilakani liyan. Nèng endi waé papan, sing jenengé wong wong rekasa bisa dianggep lumrah menawa seneng ribut golèk perkara.

Srinthil jaman saiki béda banget kalawan Srinthil saka Dhukuh Paruk kaya kang sinerat déning Kang Ahmad Tohari saka Tinggarjaya, Cilacap iku. Saiki akèh Srinhtil-Srinthil anyar, kang lair kanthi wewujudan wong kalah, sing sejatiné mung butuh mamah nanging milih obah kanthi cara mlumah, jalaran iku dianggep paling gampang. Modhal pupur, celak lan sayak, paribasané, bisa cepet kanggo ngebaki cèlèngan. Tur manèh, Srinthil saiki ora mung wanodya, ananging uga para priya.

Cekaké, akèh wong saiki kang banjur nganut unèn-unèn, urip prasasat mung mampir nglonthé, tumindak nistha kanggo mulyakaké uripé ana ing donya. Wong-wong saiki, utamané politisi lan penggedhé, padha seneng ider, dodolan awak lan kapribadèné, kanthi cara colong jupuk, maling lan ngrampok darbèké liyan. Yèn perlu, macak klimis banjur lamis supaya carané mblithuk lan apus-apus katon alus.

Yèn mangkéné kahanané, sapa sejatiné sing luwih pantes sinebut lonthé?

Képlé Jarikan

Iki critané wong lagi puyeng, golèk idhé nganti diréwangi grèsèk-grèsèk tetep ora nemu. Ya, wis piye manèh, dhasaré polo ngeres, apa manèh wanci udan. Crita boroké liyan waé, ya… Bengi iki, aku crita képlé utawa lonthé jarikan. (Wong-wong FPI tulung aja crèwèt, jalaran crita iki bisa dadi kaca brenggala, kanggo pangilon kanggo kowé kabèh)

Crita sing kaping sepisan, babagan kenya sekéca utawa lonthé jarikan. Aja gumun, Kutha Sala pancèn komplit, jangkep babagan donya peteng-peteng kaya mangkéné. Ora mbiyèn, ora saiki, padha waé. Sing ‘réndan’ utawa kéré dandan waé payu, apa manèh sing isih nom-noman lan bocah-bocah jembagar.

Sanajan tuwa, waton ora ompong péyot, tetep waé ana sing karem. Ana waé pelanggan sing kerep mampir, paribasan kaya duwé girik abonemèn. Kancaku, umpamané, gelem rekasa, nganti diréwangi klayaban tekan Kebakkramat ing sisih wétan Kutha Sala kanggo golèh kenya sekéca sing jarikan. Éksotis tetembungané.

“Yèn sing nganggo rok mini utawa kaos yukènsi (you can see), wis ora ngangeni, ora njalari endhas mumet. Nèng mal mesthi akèh wong pamèr awak kaya ngono kuwi, mula wis ora greng babar pisan,” ujaré.

Dhasar sableng!

Kosok balèné, ora tuwa ora anom, wanita sing isih gelem nyandhang nganggo jarik lan kemben, jaréné luwih nyenengaké. “Racaké pancèn wong-wong sing wis setengah tuwa sing gelem nyandhang lawasan ngono kuwi. Nanging nyenengaké, jalaran gemati lan telatèn. Apa manèh yèn rambuté dawa digelung tanpa cemara. Hmmm… Sala pancèn top!” mangkono sesorahé kancaku sing dakanggep édan mau.

Crita kaping loro, ana kanca wartawan sing duwé crita rada béda. Jaré ana jéndral, sing nalika isih nduwé lungguhan kepénak mbiyèn, sabané ya mung nèng cedhak Pasar Dépok, yaiku pasar manuk ing sawétané Manahan. Ana ing cedhak pasar manuk mau, Pak Jéndral duwé lengganan mbok-mbok STW utawa umur setengah tuwa.

Saben arep tindak Sala, utusané Pak Jéndral mesthi wis ndhisiki, banjur meseni supaya mbak-mbak (eh, mbok-mbok) mau ora lunga, lan ora nampa dhayoh liya. Pokoké, sasuwéné Pak Jéndral ana Sala, dhèwèké dipanjer, nglayani Pak Jéndral.

“Kamangka, bojoné Pak Jéndral kuwi ayu kinyis-kinyis, tur wangi, lho,” ujaré kancaku sing wartawan mau.

“Lha piyé manèh, pancèn wong urip iku warna-warni, nganti kasukan waé ya anèh-anèh. Ora mokal yèn tuwèkan waé ya tetep payu. Aja-aja, pancèn iku adilé Gusti andum rejeki,” aku nyaut sakecandhaké.

Kancaku manggut-manggut. Gumun setaun, nanging bisa nglengganani. Sing jenengé fantasi pancèn ora bisa diwatesi. Apa manèh priyayi kutha, kaya wong gedhéan kaya Pak Jéndral sing wis kulina saba mrana-mrana, paribasan wis mblenger weruh sing modhèl apa waé.

Aku uga banjur kèlingan critané wong tuwa-tuwa mbiyèn, menawa ana alun-alun kidul cedhak Pasar Gading kana, mbiyèn uga ana ‘kursus’ rusuh-rusuhan kanggo cah cilik-cilik. Nganti tumekané taun 80-an, akèh lonthé réndan dodolan ngècèr marang bocah cilik-cilik, nuduhaké anuné kanthi bayaran satus rupiyah kanggo rèk jres siji. Sakjrèsan satus, kanggo madhangi anune. Yèn korèk wis matèk, ya wis rampung. Yèn isih kepingin weruh, tuku manèh sakler mbaka sakler. Édan, ya?

Ya kayaa ngono kuwi sing diarani pepak-pepaké donya. Ana apik ana ala, ana becik ana rusak-rusakan. Hahaha… Wis, ah, cukup seméné dhisik waé.

Asalé Tembung LONTHÉ (2)

* Bacutan saka tulisan Asalé Tembung LONTHÉ

Tembung lonthé, asliné netral. Ora béda karo tembung-tembung liyané, kayata pitik, bèbèk, sopir, guru, lan sapanunggalané. Dadiné ala, èlèk, ora pantes, kabèh iku jalaran wong-wong saiki wis padha dadi korbané éufemisme, ngalus-alusaké tembung. Sepisanan, karepé bèn sopan. Nanging suwé-suwé dadi nggladrah ora karuwan.

Kanggoku, iku cacat tinggalané Soeharto nalika dadi panguwasa. Sok Jawa, sarwa dialus-alusaké, nganti jenengé maling waé isih kinurmatan. Koruptor, umpamané. Wis genah wong maling dhuwité rakyat, nanging wektu dicekel déning polisi sinebut diamanké.

Wong nyolong pitik, uga diamanké. Saumpama aman tenan, kena ngapa wong maling pitik babak budhas dipilara? Yèn koruptor isih mendhing, paling sing dipilara mung kanthongané utawa dikerèt bandhané. Surat kabar uga kaya mangkono, luwih seneng nganggo basa sing ‘alus’ kamangka apus-apus.

Bali menyang tembung utawa ukara lonthé. Ana kéné aku pingin njlèntrèhaké panemuné kanca-kanca ana Fèsbukku. (Ardian Pratomo, Sala) nanggepi pitakonanku babagan asal-usulé tembung lonthé kanthi jawaban mangkéné:

wah iki nguri-uri asal-usuling tembung.. melu ngenteni ah opo sejatine asal usule “lonthe”. aku pernah “ndampingi” lonthe tapi ora sempat kepikiran nakokne asal-usule tembung “lonthe” (13 Maret 2009, tabuh 16:16)

Mbak Surani Wahyu Jatmiko (Lampung) nanggepi mangkéné:

Aku tahu maca saka kalawarti Jayabaya tahun 80-an, jarene tembung kuwi asale saka tembung lonely sing tegese kesepian. (13 Maret 2009, tabuh 16:27

Ana manèh celathuné Kang Ahmad Rifai (Sala) kang ngandhakaké: jare kancaku “lonthe” saka jeneng kewan sing metune arep wayah mbengi. neng jateng, kewan iku arane othe-othe, ning jatim arane lonthe. Nah kewan iku sejenis cemimik, lemut, utowo klaper (13 Maret 2009, tabuh 164:43), sing banjur ditanggepi déning Ardian Pratomo:

mungkin yo bener, soale jaman mbiyen “lonthe” kui metune bengi, tapi saiki awan wae okeh sing do klayaban. (13 Maret 2009, tabuh 16:45)

Jawaban rada mirip nanging dadi kontekstual kalawan kahanan saiki, diaturaké déning Dita Alangkara (Jakarta, asliné Yogya) sing muni ngéné:

Blon, mungkin pada awalnya pancen lonthe kuwi makhluk betina. Tapi menurutku wis mulai berkembang/bergeser. Soale ono ‘lonthe lanang’ barang lho… (13 Maret 2009, tabuh 16:46). Ardian Pratomo banjur melu celathu manèh: yen lonthe lanang kui ning solo arane “kucing” mbuh kenopo kok iso diarani kucing (13 Maret 2009, tabuh 16:48)

Nanging, kanggoku, jawaban kang paling cetha njlèntrèhaké ya saka kanca kuliahku, Nursodik Gunarjo (Wonosobo). Tilas redaktur majalah Panyebar Semangat iku nulis,

Lonthe kuwi sajatine jeneng utawa aran sawenehing kewan gegremetan cilik kang bisa mabur (Ind: serangga). Blegere saemper klaper (kupu cilik, wenane putih) nanging luwih cilik sethithik, gandane wangi, lan mung metu ing wayah bengi. Karemane ngrubung sunar damar utawa lampu, kepara adate miber-miber nyedhaki punjering panas nganti temahan kerep kobong dhewe.

Laras klawan pangrembakaning jaman, lonthe banjur digunakake kanggo nyebut wong kang tingkahe kang memper kewan lonthe: dhemen werna putih (yen wong ya pupuran) lan ganda wangi, metune ing wayah bengi lan seneng ngrubung padhanging lampu.

Ya mung apese, kadhang kekarone kaladuk anggone kekiter ngubengi kencar-kencaring lampu (yen wong, ya dugem), saengga tanpa rinasa kobong ing ubaling swasana.

Cathetan: ing Bausastra Jawi, tembung “lonthe” uga disebut kanthi istilah, “wanita palanyahan, begenggek, balon, senuk, konokonggrok, sundel, pelacur, wanita tunasusila”. Mangkono kang dadi sesurupanku, muga migunani. (13 Maret 2009, tabuh 17:18)

Sabanjuré, Nursodik Gunarjo uga celathu kanggo Dita Alangkara, fotografer top Indonésia iku.

Aku sarujuk klayan sdl Dita, yen dinane iki tembung “lonthe” ora mung katujokake kanggo wong wadon, nanging bisa uga kanggo wong lanang. Geneya? Jalaran kewan lonthe dhewe sajatine asipat hermaprodhite, utawa nduweni jinis kelamin dhobel. (13 Maret 2009, tabuh 17:44)

Beda Nursodik Gunarjo lan Dita Alangkara, Yayat Suhiryatna Nuryadiwangsah (asliné Purbalingga, saiki manggon ana Sala) duwé celathu dhéwé:

ora perlu nggoleki mboke kewan mau.. mbok2ane mbiasane wis tuwa. hehe.. ana sedlur nyaranke investigasi, yen perlu ya apik. perkara nyoba utawa ora kuwi urusane Mas Blontank. yen neng ndesaku ora ana lonthe, mula aku dhewe nalika mlebu solo pisanan bingung krungu tembung “lonthe”.. bareng ngerti jebul “lonthe” kuwi pekerja komesial. (14 Maret 2009, tabuh 1:39).

Déné Huda Hafas, calon kiai asal Demak sing suwé ngumpuli gènggèk, para wandu lan Pegawai Penak Mbayar (maksudé pekerja sèks komersial, xixixix…), duwé panemu dhéwé:

Otak-atik gathuk, tembung lonte kuwi, iso dadi aranan sing dipendekke, ora diucapke utuh. Koyok, diajeng dadi jeng, raden dadi den, bagus dadi gus, kiyai dadi yai, lan sak teruse. Nah, menurutku lonthe kuwi tembung lengkape kelon thele-thele, kedawan, disingkat dadi lonthe.

Ono parujukan sing lumayan menarik soal lonthe, buku Sejarah dan Perkembangan Pelacuran di Indonesia, sing nerangke lonthe kuwi satuhune simpenan rojo-rojo kang dikaryake. Rojo kok koyok golkar, seneng ngaryake…. hehehe….. (14 Maret 2009, tabuh 11:00)

Sumangga, sapa ngerti panjenengan isih duwé panemu sing béda. Dakpikir, apa sing diaturaké kanca-kanca kaya sing dakaturaké ana ndhuwur bisa kanggo sangu, tambahé seserepan utawa pangertèn kanggo kita sadaya. Nanging, aja kliwat nyimak aturé Danis Sugiyanto iki. Dhéwéké komponis, uga jago rebab lan biola. Kerep kumpul dhalang, niyaga lan d\gendhing-gendhing Jawa. Mangkéné ujaré:

Wong-wong kuna pelaku seni karawitan asring nyenggaki gendhing nganggo ukara mbok aja ngimpul wulung, ateges senthe, satunggaling wit kang awoh kependem. Senggakan kuwi mligi kanggo nyemoni kanca/manungsa sing dhemen ngimpul wulung (senthe..the…nglonthe).

Menurutku (tanpa sumber) sipate godhong senthe sing tetep garing sanajan dikecroti banyu iku sing dadi jalaran didadekne tembung kanggo ngganti kelakuan lonthe sing njaga garinge awak (nek teles ateges lonthene ya melu ngrasake… orgasme). ojo digugu pendapatku iki Mas Blonty……

Asalé Tembung LONTHÉ

Aja klèru ing pandakwa, irah-irahan tulisanku iki ora ana gegayutané karo pisuhan. Nanging, aku mung pingin crita, yèn udakara nem wulan kepungkur, aku ngobrol karo kanca, sarjana Sastra Jawa. Dhèwèké kandha, yèn wektu semana durung nemokaké saka ngendi mula bukané tembung ‘lonthé’ iku.

Kanca-kancané kanca sarjana mau, saben ditakoni malah padha éndha. “Wis ora usah caturan bab kuwi. Anggep waé iku pancèn tembung kang tegesé ngenani panggautan séwan awak,” mangkono jawabé.

Kancaku ora trima. Dhèwèké pingin nerusaké rembugan, babagan asal-usulé tembung iku mau. Gandhèng kancané ngèyèl lan éndha waé, dhèwèké banjur ngucap, “Yèn ora ngerti ya ora usah éndha!”

Aku bisa mangertèni lan mbeneraké omongané kancaku dhéwé. Sanajan mung iseng tinimbang nganggur, nggolèki asalé tembung mau bisa kanggo ‘senam polo’ alias olah raga otak, bèn ora énggal zoak! Ora ana salahé mèlu mikiraké, asal-usulé tembung mau.

Lonthé. Ya, lonthé pancèn tembung anèh. Padha déné anèhé tembung liyané, kayata bajingan. Nèng Sala, tembung bajingan lumrahé kanggo pisuhan. Embuh iku misuhi wong liya amarga digawé gela, utawa kanggo ngluari sumpegé ati lan sapanunggalané. Sanajan mangkono, kabèh wis padha ngerti (malah naté nglakoni?), yèn tembung lonthé uga kerep kanggo pisuhan.

Nanging, miturut kancaku kang Sarjana Sastra Jawa mau, KUAT DUGAAN, tembung lonthé kapundhut saka salah sawijiné aran anak kéwan. Kaya déne gudèl iku aran anak kebo, utawa kuthuk kanggo ngarani anak pitik, lsp. Sopo sing dadi ‘biyungé’ LONTHÉ, aku lan kancaku isih terus nggolèki nganti sepréné.

Kancaku yakin (mbolokin!), simboké lonthé iku mesthi jenisé wédok (betina) lan poliandri (lanangané akèh). Ayo, sapa sing pirsa, sapa sejatiné biyungé lonthé?

Cathetan: tulisan ing dhuwur wis ana owah-owahané, kanggo mbedakaké wektu daktulis jaman semana ing Facebook, 13 Mèi kepungkur lan ana kéné.

Jawabané bisa disimak ana Asalé Tembung LONTHÉ (2)