Nakil Nganggo Perasaan…

Sing ngati-ati urip nèng Sala. Lena sithik bisa kena godha sing pungkasané mung tuna lan gawé gela. Apa manèh yèn sira dhemen ndadèkaké kafé lan diskotik iku papan kanggo saba. Ora usah adoh-adoh, contoné kancaku sing yèn daksebut nganggo tembungé Koes Plus klebu nakil jalaran nakalé wis kliwat saka lumrahé liyan.

Ing sawijining wengi, kancaku sing aran Senthun nembé gegojègan karo kanca-kancané. Milih papan ana pojok kafé sing ora patiya larang nanging kepénak kanggo mat-matan, dhèwèké sakanca padha cekikikan. Limun Landa pancèn wis akèh katenggak, gendul-gendulé pating gléthak ana ndhuwur meja.

Satengahé guyon lakak-lakak mau, Senthun pandeng-pandengan karo wong wédok sing lagi teka, banjur lungguh ing table liya, ora adoh saka lungguhané. Wong iku sajaké wis kencanan, nyatané tekané mrono karo kanca wédok uga, marani wong lanang setengah tuwa sing wis lungguh ijèn sawetara.

Wong wédok sijiné lungguh jèjèr karo wong lanang mau, sing katon gemati marang dhèwèké. Ora let suwé, wong loro mau padha séngak-séngok, sajak pamèr katresnan marang liyané, ana satengahé swasana kafé sing ramé nanging lampuné remeng-remeng. Sajak mèri karo kancané, cah wédok mau terus mandeng, nggatèkaké sapolah-polahé Senthun. Saben adu pandengan karo Senthun, wong wédok iku banjur mèsem.

Sajak rumangsa digatèkaké wong wédok saka kadohan kanthi èseman sajak tulus, Senthun sansaya ndadra. Dhèwèké golèk-golèk alesan, embuh kanthi cara nyanyi bengok-bengok utawa ngadeg jogèdan dhéwé, nuruti swarané penyanyi kafé kuwi. Sanajan wis rada mabuk, nanging mripaté Senthun isih awas yèn mung kanggo mangertèni polahé wong wédok mau kanthi nglirik sakedhèpan.

Senthun bungah atiné. Wengi kuwi dhèwèké rumangsa bakal olèh mangsa, bisa dolan-dolan mubeng kutha karo kenya.

Senthun banjur mlaku menyang toilèt. Niyaté éthok-éthok nguyuh, kamangka mung arep raup karo njajal kasektèné dadi Arjuna. Dhasar kulitané rada kuning, bagus, tur ya pancèn alus yèn pitutur, senthun rumangsa bisa njiret atiné wong wédok mau. Saben saraupan, Senthun banjur ngilo, mandeng rainé dhéwé. Isih bagus, rumangsané matané uga durung kétok abang.

Ora let suwé, bocah wédok mau njedhul banjur sapa aruh. “Yèyèn,” ujaré wong wédok mau karo ngulungaké tangané.

“Senthun…..,” jawabé.

“Sajak ramé temen méjamu, apa nembé ana sing ulang taun?” pitakoné Yèyèn.

“Ora kok, mung lagi cocok waé gojègané,” sumauré Senthun, sing banjur njaluk idin pamit bali menyang mejané, ngumpul manèh karo kanca-kancané. Yèyèn sajak owel, nanging ora kuwawa menggak lungané Senthun.

Senthun mbatin, wong wédok sing lagi ditinggal mau jebul pancèn ayu. Salawasé saba menyang kafé kuwi, Senthun durung tau pethukan babar pisan. Ana kafé-kafé utawa diskotik lan pub liyané, dhèwèké uga rumangsa durung tau ketemu. Atiné sansaya mbulat-mbulat, rumangsa wis kasil njiret atiné kanthi luwih kenceng.

Dhasar cah nakil, feeling-é pancèn titis. Nganti bubaran kafé, wong wédok mau ijèn nèng parkiran. Kancan wédoké sing teka bareng karo dhèwèké wis ndhisiki lunga karo wong lanang sing disusul mau.

Senthun pamit misah marang kanca-kancané, omong pingin nerusaké laku karo wong wédok sing lagi ngadeg ijèn ana parkiran. Dhèwèké nyedhaki Yèyèn, banjur nakokaké kancané. “Wis lunga dhisik, kok,” jawabé.

“Lha saiki kowé arep mulih menyang endi? Ayo dakteraké, timbang ijèn ana kéné. Timbang numpak taksi,” ujaré Senthun.

“Aku arep mulih menyang Solo Baru. Yèn ora kabotan ngeteraké, aku matur nuwun banget,” jawabé Yèyèn.

“Mangan sik waé, ya…. Aku rada keluwèn.”

Yèyèn manthuk. Senthun luwih mathuk, olèh kanca tamba ngantuk.

Sinambi mangan soto nèng Gladak, Senthun mbujuk Yèyèn supaya gelem diajak dolan-dolan ing bengi kuwi. Rada alot rembugé, jalaran wong wédok kuwi njaluk énggal-énggal mulih. Yèyèn ngaku gelem ngancani mangan jalaran dadi carané males kabecikané si Senthun sing janji ngeteraké mulihé.

Pungkasané, saking lunyuné Senthun anggoné ngrayu, wong wédok iku banjur gelem. Malah, wektu diajak nginep hotèl ya ora kabotan. Penjaluké Yèyèn mung siji, kudu digugah sadurungé jam pitu jalaran ngaku kudu budhal nyambut gawé, jam sanga mlebuné. Ditakoni ana ngendi anggoné megawé, Yèyèn mung semaur kanthi ghèdhèg. Senthun uga ora butuh jawaban samesthiné, wong niyaté ya mung kanggo abang-abang lambé.

Cekaké, bareng wis olèh kamar hotèl, Senthun terus mancing-mancing, ngrayu ngajak olah kadiwasan. Pisan-pindho rada kangèlan, nanging suwé-suwé Senthun rumangsa nemu kamulyan. Sawisé bisa gelem diambungi, Yèyèn meneng waé wektu Senthun nglukari kaosé Yèyèn, lan sapituruté. Kocap kacarita, bengi kuwi Senthun pesta, sing tundhané pada keturon lan karipan tanginé.

Ndhisiki adus lan dandan ayu, Yèyèn nyekel sikilé Senthun saperlu nggugah pamit énggal-énggal mulih. Melèk gragapan, Senthun nyawang jam. Dhèwèké njaluk ngapura wis njalari telaté Yèyèn anggoné budhal nyambut gawé.

“Mas, aku njupuk dhuwit saka dompètmu kanggo sangu numpak taksi, ya. Kowé ora usah ngeteraké aku,” ujaré Yèyèn karo nuduhaké dhuwit atusan èwu cacah telu.

Senthun mung bisa manthuk. Sanajan rumangsa nggondhok, dhèwèké tetep ngatonaké polatan sumèh.

Sapungkuré Yèyèn, Senthun dheleg-dheleg. Dhèwèké rumangsa kapusan, sebab wektu padha olah kadiwasan wengi kuwi, tandang gawéné Yèyèn sajak ora baèn-baèn lan pinter sandiwara saéngga ora ngétokaké yèn pakaryan satenané ya mung ngono kuwi, mblithuk wong lanang, apa manèh sing thokmis, bathuké klimis.

“Wong édan! Tiwas diréwangi golèk hotèl rada larang lan nganggo perasaan, jebul njaluk bayaran…..”

Senthun mung bisa ndremimil karo sikatan. Orang nganggo adus, dhèwèké énggal-énggal ninggalaké hotèl banjur mulih. Sadurungé tekan omah, Senthun mampir Puskesmas golèk layang katrangan lara, supaya sésuk ora didukani atasané.

Cilaka Karana Sayak

Wengi iki dadi wengi kang wigati kanggoné Tino. Babagan bandha, dhèwèké ora bakal kabotan yèn mung nyandhangi, makani lan nyukupi kabèh kebutuhané ponakané saka ndhésa sing nembé kuliyah ing Sala. Telung puluh taun dadi pemborong bangunan sing bisa diarani kasil, dhèwèké prasasat ora ana kurangé. Montor wis lima, omah lan lemah uga pating tlècèk.

Nanging, saben ponakané pamit lunga, sanajan mung sedhéla, dhèwèké mesthi kewedèn. Paranoid yèn nganggo tembungé wong-wong jaman saiki. Saben dipamiti Sufihani, Tino kaya diélingaké tindak-tanduké sing wis tau dilakoni. Apa manèh, sing sambat supaya Tino mèlu ngragati sekolahé ponakané ora liya ya mbakyuné dhéwé, sing wis dadi sulihé wong tuwané sawisé padha séda.

“No, anakku ya mung siji, Hani iki. Tulung éwang-éwangana aku, titip ponakanmu supaya bisa tutug sekolahé, supaya tembéné bisa mulyakaké aku lan kakangmu. Aku pasrah marang kowé amarga nyatané aku lan kakangmu ora kuwat nyekolahaké.”

Saben Hani pamit lunga saliyané kuliyah, sing ana ing sirahé Tino, ya mung kelakuané dhéwé, ya mbelingé jaman mbiyèn. Apa manèh yèn lungané wayah bengi, Tino banjur éling wektu lagi jaya-jayané, wektu dhèwèké édan kasukan. Klayaban pendhak wengi, ora trima nèng Kutha Sala nanging nganti tekan Ngayogyakarta utawa Semarang. Mulih ésuk wis kerep, nginep dinan-dinan ya ora kurang. Paribasan malima mèh ganep kajaba main. Minum lan madat wis tau dilakoni, malah tau ngentèkaké omah loro kanggo nebus ing pulisèn jalaran digropyok pulisi wektu dhèwèké sakanca pésta sabu-sabu nèng Bandungan.

Babagan madon apa manèh. Dhèwèké kampiyun babagan siji iki. Ora mung trima blanja saka akuarium, saking sugih lan royalé, dhèwèké duwé kanca sing akèhé ora mekakat sing banjur mbukak dalan kenalan karo sing arané mafia bocah. Mafiané para pak-pakan sing bisa nggolèkaké wédokan, wiwit bocah-bocah sekolahan nganti kuliyahan. Pirang-pirang taun dhèwèké opèn-opèn bocah kuliyah dadi simpenané. Kaya landa-landa jaman Jan Pieterzoon Coen kuwasa ing mBetawi, sing nganti nekakaké gundhik saka manca negari jalaran gundhik pribumi diangep mung gawé rugi.

Paribasan diuja bandha, Tino nganti lali ngurusi anak-anaké. Dhèwèké nembé lèrèn nakalé limang taun kepungkur, wektu anak lanangé nubruk buk jalaran nyopir sédhan wektu mabuk. Awaké remuk, dhèdhèl dhuwèl ora karuan nganti dhengkul, sikut lan pipiné dipasangi pèn. Bejané, anaké ora tiwas sabab kacilakan kuwi. Bisa rada waras, nanging sambat sebuté ora karu-karuan saben kekeselen utawa kadhemen, embuh kena hawa AC utawa wektu bedhidhing, utamané wayah padhang rembulan. Mlakuné dhéngklang, prasasat nganti dadi sirikané wong wadon jaman kiyi.

Nyawang Hani pamit lunga bengi kuwi, pikirané Tino campur bawur, kèlingan antarané rupané bocah-bocah nom-noman sing naté dikeloni lan praènané mbakyuné rikala nitipaké anaké. Sajak pasrah, melas lan njagakaké banget marang pitulungané adhiné kang sawiji.

“Kowé arep lunga menyang ngendi, Han?”

“Badhé kepanggih dhosèn, Lik. Kala wau kèntun SMS pingih kepanggih kula,” ujaré Hani.

“Ketemuné ana ngendi?”

“Wonten coffee shop Hotèl Kondotèl. Priyayinipun sipeng mrika, kula didhawuhi ngancani dhahar kaliyan pingin ngobrol babagan skripsi kula.”

“Lha dhosènmu iku dudu wong Sala, ta, kok ndadak nganggo nginep hotèl? Janjian ketemu kok ora nèng kampus waé. Apa dosèn iku arang mulang?”

“Mboten ngertos. Ngendikané nembé maringi workshop iklan wonten hotèl niku.”

Cep, klakep. Pikirané Tino tambah warna-warna. Dhèwèké sujana Pak Dosèn duwé karep ala. Ya yèn bener-bener ngrembug babagan skripsi. Yèn kosok balèné, jebul mung arep culika, ombèn-ombèné Hani dicemplungi pil koplo? Apa manèh, prawakané Sufihani rada weweg, kulitané resik tur nyandhang penganggoné sarwa dhèmes, nJawani. Sapa sing kuwat nyawang bocah ayu kaya Hani? Kaya ngilo githoké dhéwé, kuwatiré Tino keliwat-liwat.

“Ya wis, énggal budhal waé, supaya ora kewengèn mulihé!”

“Nggih, matur nuwun, Lik…”

Durung sida mbukak lawang, Tino nututi rembug sing ndadèkaké Hani mandheg terus nolèh pamané.

“Wonten napa, Lik?”

“Yèn nyandhangmu sing rada beda ngono piyé? Aja sayakan kaya ngono kuwi, nanging nganggo jin lan kaosan waé bèn katoné rada ngenomi, kaya cah-cah kutha saiki. Tur, awakmu luwih katon ayu, tur gaul.

“Kados ngaten mawon, Lik. Mangkéh mindhak kedangon anggènipun ngrantos kula,” Hani ngèyèl, ora nyaguhi ganti sandhangan. Kanggoné dhèwèké, nganggo sayak luwih kepénak. Ndilalah, dhèwèké lagi seneng nyandhang kaya jaman cilikané mbiyèn. Hani rumangsa luwih ayu yèn sayakan, sanajan sadurungé seneng nganggo celana modhèl Lèvi’s lan kaosan.

Nyetater sepédha montoré rada grusa-grusu, Hani banjur mblandhang menyang Hotèl Kondotèl. Pak Dhosèn sing wis rumangsa suwé nunggu banjur ngajak lunga, golèk mangan ana njaba hotèl.

“Mangan timlo waé, ya… Kéné, dakboncèngaké.” Tangané Pak Dhosèn diulungaké, banjur njaluk kunci sepédha montoré Hani.

Weteng wis wareg, Pak Dhosèn ngajak Hani menyang kafé. “Kowé ngerti panggonan sing ora ramé, Han? Maksudku, ora akèh wong nakal-nakal, sing kepénak kanggo jagongan…”

“Ngertos, Pak. Nanging mboten wonten hiburanipun, niku? Musikipun namung saking CD.”

“Ora papa. Sing penting pénak kanggo lèyèh-lèyèh…”

Ana kafé cilik ing sisih kulon kutha, Hani ngajak dhosèné. Nanging, bengi kuwi Hadi rada rikuh marang tamu-tamu sing ana kafé kuwi. Rata-rata pelanggan lawas, lan antarané Hani karo wong-wong kuwi wis padha kenal rupa. Nembé pisan kuwi dhèwèké teka wong loro, tur karo wong sing luwih tuwa. Hani isin yèn didakwa lagi ngancani om-om sing senengané nguja pelanangan.

Ndilalah rada kewengèn, dhèwèké tambah kewedèn. Wedi yèn disengeni Pakliké, amarga metu ijèn. Saumpama karo kanca-kanca kuliyah sing kerep ndolani, Hani bisa luwih ayem jalaran Pakliké is percaya marang kanca-kancané. Pak Dhosèné srupat-sruput ngombé bir. Bareng wis entèk rong gendul ditambah Black Label rong sloki, dhosèné ngajak bali menyang hotèl.

Hani wis dheg-dhegan, dhosèné ngomong nglantur ora karuwan. Mlakuné sléyar-sléyor, malah nganti arep nyruduk bécak barang. “Kula boncèngaken mawon, Pak,” ujaré Hani.

“Ora usah, aku isih kuwat. Wong mung cedhak kono waé, kok…”

Mlebu lobby hotèl, lakuné Pak Dhosèn wis gluyar-gluyur. Mlebu lift banjur seméndhé, nganti lawang menga waé ndadak diélingaké.  “Wis tekan, ta?”

Mlebu kamar, Hani sing mbukak kunciné. Lwang menga, Pak Dhosèn banjur mlaku menyang wastafel, raup lan ngombé banyu putih sagendul. Ngilo sedhéla, dhèwèké banjur marani Hani. “Ayu temen kowé, Han?”

Sing dialem mung meneng waé. Ndhungkluk, nanging pikirané werna-werna, kebak sujana lan pandakwa.

Bruk!!! Pak Dhosèn ngekep Hani, nglumahaké ana kasur banjur ngambungi pipi kiwa-tengen. Hani sing wis rada sujana sadurungé banjur mberot. Abot. Dhèwèké nglengganani awaké cilik ora duwé daya kanggo ngimbangi tenagané Pak Dhosèn sing prawakané gedhé dhuwur.

Unjal ambegan sawetara, karo mikir piye carané bisa uwal. Saliyané iku, dhèwèké karo ngéling-éling, kunci sepédha montoré disèlèhaké ana endi. Umpama bisa ucul nanging mulih tanpa kendharaan, bakal dadi pitakonan. Hani éling, kétoké kunci kontaké disèlèhaké ana cedhak tivi, ora adoh karo panggonan panganan.

Pak Dhosèn sing wis kerasukan iblis terus ngupaya mbujuk Hani. “Wis ta, Han… Sepisan iki waé kowé karo aku. Apa kowé ora gelem? Arep njaluk biji pira lan njaluk apa, sésuk dakturuti.”

Hani mung meneng. Ngupaya piyé carané bisa énggal uwal lan mbedhal saka kamar duraka (mèlu-mèlu irah-irahan critané Pak Utuy Tatang Sontani) iku. Rada sauntara anggoné nyoba ngruda peksa lan ora oèh tanggepan, Pak Dhosèn gèdhèg-gèdhèg. Wektu unjal ambegan, Hani mberot banjur bisa uwal saka kekepané Pak Dhosèn. Kunci sepédha motor banjur diranggèh lan digegem kanthi kenceng.

Pak Dhosèn kisinan. Ora nerusaké meksa, nanging nyoba mbujuk kanthi temung rada alus. “Kowé téga tenan karo aku ya, Han? Sepisan iki aku diisin-isinaké. Ayo ta, ora usah éthok-éthok wegah karo aku, wong aku ya wis krungu kabar babagan awakmu.”

“Pak, kula taksih ngurmati panjenengan. Tur malih, kula niku sanès laré gampangan!”

Metu kamar tanpa pamit, Hani nata atiné. Dhèwèké njaga aja nganti petugas hotèl duwé pandakwa sing ora-ora marang dhèwèké. Mula, rambuté ditata ana sanjeroné lift lan nyoba mèsam-mèsem wektu ngilo ana kaca ing njero lift. Kasil… Metu saka lift, jebul hotèl wis rada sepi, saéngga ora ana petugas sing aruh-aruh.

Tekan parkiran, Hani nangis ngguguk. Sadalan-dalan, dhèwèké kèlingan pitakonané Pakliké babagan sandhangan sing dianggo. Aja-aja, sandhangané mau sing njalari Pak Dhosèn dadi brahi. Kesuwèn sekolah ana Eropa, nyawang wong nganggo sayak banjur thukul pikiran bejaté. Kamangka, Pak Dhosèn iku ya mung wong Ngayogya, sing keluwargané akèh sing nyandhang kaya sing dianggo Hani bengi kuwi……