Rasan-rasan Cawapres

Sebagai orang polos dalam melihat dunia perpolitikan, saya selalu menyimak ‘persaingan’ Cak Imin dan Gus Rommy. Keduanya bagai dua peritel Indomaret dan Alfamart, yang gerainya terus merangsek ke kota-kota kecil, yang oleh sebagian orang dianggap telah mematikan usaha warung-warung kelontong. Di mana ada Indomaret, di situ pasti ada Alfamart. Begitu pun di jalan-jalan stratagis, asal ada billboard Ketua Umum PKB Muhaimin Iskandar, tak jauh darinya terpampang wajah Romahurmuziy, Ketua Umum PPP.

Seperti halnya peritel, Cak Imin dan Gus Rommy pun sama-sama menjajakan diri, mewakili brand partai masing-masing, agar laku dibeli rakyat, dalam bentuk dukungan suara coblosan. Yang membedakan keduanya, Cak Imin menawarkan diri sebagai calon wakil presiden, dan belakangan terlihat ngebet banget  dipinang Pak Jokowi sebagai cawapres-nya dalam Pemilu 2019 mendatang. Sedang Gus Rommy, menilik pesan di balihonya, tidak mau menyebut diri sebagai calon wapres. Tak hanya itu, dalam beragam kesempatan wawancara pers (termasuk televisi), ia tak pernah mau disebut (apalagi menyebut diri) ingin jadi cawapres. Continue reading

Ajur Nyingkur Gus Dur

Durung garing lemah kuburan pepundhèné, anak lan ponakan wis padha regejegan dhéwé. Kabèh padha ndhaku olèh wasiyaté, dumèh ora ana seksiné. Jan, ora ilok disawang, apa manèh yèn digatèkaké wong sa-Éndhonésa akèhé. Kaya dudu wong Islam, kaya padha ora nJawa, adoh saka rasa-pangrasa.

Cak Imin dakklèrokaké jalaran ndadak alok olèh wasiyaté Gus Dur kanggo nggedhèkaké PKB. Saumpama bener, ya tetep ora pantes diucapaké, apa manèh nalika jisiné sing paring ‘wasiyat’ durung kapetak, kasarèkaké ana papan sing samesthiné. Rasané kaya nggégé, kaya wong wis kentèkan sabaré.

Mbak Yènny semono uga. Ndadak mèlu-mèlu crita yèn olèh wasiyat saka ramané, uga supaya nguri-uri PKB. Loro-loroné, Mbak Yenny lan Cak Imin padha ngatonaké rumangsa duwé kuwasa bisa nggerakaké nalar lan rasané wong liya, yaiku wong-wong sing sasuwéné iki gelem urun biting mèlu nyoblos utawa sing suthik nyoblos gambar PKB.

Saiki, kabèh ngaku setya lan tresna marang Gus Dur. Kamangka, wektu Gus Dur isih sugeng malah padha tumindak aniaya. Sing siji ngongkrèh-ongkrèh kawibawané Déwan Syura, sing sijiné nggawa mlebu wong njaba sing tundhané malah mung gawé gendra. Kabèh tuna, mbésuké bakal padha nemu cilaka.

Coba sésuk disawang bareng-bareng, sapa sing padha mbéla Cak Imin, Mbak Yènny lan Gus Dur. Dakkira, isih luwih akèh sing padha sarujuk marang panemu lan adeg-adegé Gus Dur, sing mung nggunakaké politik kanggo dandan-dandan negara lan bangsa, ora mung kanggo rebut kuwasa lan bandha.

Saumpama gègèran dhuwit bail out Bank Century kaanggep bakal nyilakakaké Pak SBY, aku yakin Pak SBY bakal golèk cara piyé supayané dhèwèké ora dadi sulaya. Lumrahé bakal ngétung manèh, endi sing kena diajak bener-bener dadi bala lan endi sing ora bisa dijagakaké dadi kanca.

Lha yèn wingi PKB olèh kursi mentri, mesthiné wis diétung kanthi teliti. Bisa uga, PKB ‘sing resmi’ dihadhiahi kursi ora mung jalaran gelem diajak kekancan, nanging bisa mbuktèkaké yèn wani ngraman marang Gus Dur sing dianggep mbebayani. Yèn bener mangkono, sarèhné Gus Dur wis ora ana, bisa-bisa kursi mentri dijaluk bali yèn nganti mbesuké perlu ana kocok ulang.

Saumpama kedadèn kocok ulang apa ya bakal ana kursi mentri sing diwènèhaké Mbak Yènny? Dakkira ya durung mesthi. Jaréné jaré, akèh pengurus PKB ing dhaérah sing uga ora seneng marang Mbak Yènny. Kabèh mung suyud marang Gus Dur, mula padha mbédakaké antarané Mbak Yènny sing jejeré ‘mung’ putriné Gus Dur, lan Cak Imin sing ‘mung’ ponakané.

Yèn nganti kaya ngono kedadèyané, banjur kudu padha kepriyé? Tumrapku, ora ana bédané antarané wong sakloron mau. Yèn isih padha pingin olèh kamulyan sejati saka titihan kang wis digawé déning Gus Dur sing aran PKB, wis samesthiné kudu padha nyambut gawé, nuduhaké marang para kawula sing sasuwéné iki mung suyud lan ngabekti marang dhawuh beciké para kiai, kalebu Gus Dur.

Carané ora iya mung kudu padha tegel ngresiki dhiri lan kanca sakiwa-tengené. Sing padha seneng urip numpak partai kanggo golèk bandha ya kudu énggal-énggal ditundhung lunga. Kabèh kudu jujur, mulat sarirané dhéwé-dhéwé. Kabèh kudu bisa njejegaké perkara, mbéla wong sing isih cilaka, lan sapanunggalané.

Njejegaké perkara, umpamané, bisa kawiwitan kanthi gelem nlesih menyang ngendi waé parané dhuwit grojogan kanggo Bank Century. Kudu wani ngonèkaké salah marang sing kliru, lan mbélani bebener yèn pancèn wis pener. Semono uga, kudu padha bisa merjuwangaké wong ora duwé, kanthi cara ora ngrekasakaké wong nyekolahaké anak lan wong ngudi kasarasan. Negara wajib gawé rakyaté tentrem lan ayem, wong partai wajib nyurung presidhèn sakandhahané mujudaké cita-citané pahlawan sing wis padha labuh pati kanggo ngrebut kamardhikan.

Ora perlu wedi kélangan kursi mentri. Yèn perlu, kabèh diajak metu, mundur saka DPR yèn pemerintahé pancèn angèl diajak rembugan, ora gelem disurung kanggo ndandani kahanan. Dakkira, kuwi mau kabèh ajarané para leluhur, kang gentur diperjuwangakné déning Gus Dur.

Yèn isih padha wedi rekasa, ora usah ngaku murid lan santriné Gus Dur. Ora ana bédané santri, rakyat, anak lan sedulur! Kabèh sedulur, kabèh kudu padha akur. Mangkono ajarané Gus Dur. Aja pisan-pisan wani nyingkur, timbang uripmu ajur…