Juri Boleh Iri

Meski belum pernah bisa nulis bagus, saya punya banyak pengalaman penjurian lomba blogging. Di antaranya, beberapa kali menjadi anggota dewan juri Internet Sehat Blogging Award (ISBA) untuk memilih sejumlah blog terbaik Indonesia. Lalu, penjurian bertema antikorupsi yang diselenggarakan Transparency International Indonesia semasa dipimpin Kang Teten Masduki, dan beberapa lainnya.

Dalam setahun terakhir, sudah tiga lomba (dan akan menjadi lima hingga akhir tahun) dimana saya ikut serta sebagai tim yang membuat penilaian. Rasanya makin iri saja melihat kian banyak tulisan bagus bertebaran, dengan penulis beragam latar belakang. Ada pelajar (bahkan masih SMP), pengusaha, ibu rumah tangga, blogger kawakan, guru, petani, dan masih banyak lagi.

Tak hanya tema wisata yang kebanjiran peminat, pada tema-tema serius (antikorupsi, difabilitas) pun berjubelan pendaftar. Dan, satu hal yang menurut saya unik, blogger yang sudah lama malang-melintang dalam berbagai kopdar dan komunitas, malah sangat sedikit saya jumpai. Saya tidak tahu lagi ke mana mereka, meski sebagian masih sering ‘berjumpa’ karena sama-sama ‘aktivis’ linimasa media sosial seperti Twitter atau Instagram. Continue reading

Pethi Sumarcocot Mati

Senèn wingi, Sumardy Ma dadi kembang lambé. Juragan Buzz & Co. iku gawé ontran-ontran ngirim pethi marang para priyayi kang kawentar ana ing donya Internèt, kamangka kabèh isih sugeng, meger-meger. Karepé golèk pangalembana, jalaran rumangsa duwé panemu jitu, jaré ilmuné sing diarani kemalan cocot luwih unggul tinimbang ilmu dodolan cara konvènsional.

Pethi sing wis dicepakaké ana satus cacahé, ukurané kanggo bocah umur rong taunan. Ora baèn-baèn, anggoné ngirim nggunakaké montor ambulans, sing mesthiné mung kanggo ngangkut wong lara utawa mayit. Pancèn durung kabèh dikirim, nanging pokalé Sumardy wis gawé gègèr Jakarta. Apa manèh, ana pirang-pirang pejabat kantor redaksi media massa dikirimi.

Sumardy mbokmenawa pancèen wis kebacut mati rasa, utawa malah ora duwé utek. Sanajan ana tulisan kang mbarengi pethi-pethi iku, sing nyethakaké karepé, nanging wong sing nampa pethi lumrahé padha tratapan. Saumpama sing dikirimi duwé lara jantung banjur nggeblag lan njalari jenaté, mesthi angèl digambaraké kaya ngapa sedhihé kulawargané.

Tumrapé wong Sala, apa sing ditindakaké déning Mardy iku klebu tumindak asu-asunan. Ya, asu-asunané Sumardy! Sumardy sing uteké ana dhengkul, mati rasa jalaran ora duwé tepa salira. Nggawé cilakané wong liya, mung kanggo umuk kepinterané dhéwé, kamangka panjangkané mung arep dodolan buku. Pamrih laris, olèh bathi akèh, lumantar gawé ontran-ontran kang aèng-aèng.

Coba saumpamané ana pawongan sing serik jalaran olèh kiriman ora mutu, banjur nggolèki alamat kulawargané, banjur dikirim ambulans nguing-nguing ngangkut pethi mati saukuran awaké Sumardy, banjur kaya ngapa rasané kulawargané?

Iku kang arané wong keblinger. Rasa kamanungsan disisihaké mung sadrema golèk wah, kamangka tundhané mung olèh pisuhané wong akèh. Muga-muga, dongané wong sing keganggu pokalé Sumardy padha mandi, kinabulaké déning Gusti Pangèran Kang Maha Kawasa, supaya paling ora setaun mbésuké, ora ana wong mara njaluk tulung ngecakaké ilmu marketingé. Saumpama ana, muga-muga sing teka Nyi Rara Kidul, Wéwé Gombèl, Glundhung Pringis lan Suster Ngésot.

Aku percaya, bangsané Nyi Rara Kidul tumekané Suster Ngésot uga butuh citra anyar, perlu rébranding, supaya ora dianggep memedi. Saèlèk-èlèké Suster Ngésot lan Wéwé, dhèwèké butuh diajèni, butuh dianggep makhluk sing apik-apik, lan pantes disanak. Apa manèh nèng Indonésia, sing arané sétan wis genah kalah ala yen ditimbang, dibandhingaké lawan politisi, hakim, pulisi lan jaksa korup. Kabèh sétan, mesthi padha isin, gèngsi yèn dipadhakaké èlèké marang kelakuané Nazarudin, Nunun lan Sumardy.

Saliyané Sumardy, sing uga nggathèli yaiku para buzzer, yaiku tukang nggedebus sing uripé mung tansah kanggo ngawula bandha. Paribasan ora ana bédané, antarané buzzer lan inthuk utawa thuyul, sing seneng nyesep lan nyolong rejekiné liyan kang padha tandang gawé kanthi ngetokaké kringet.

Sumardy lan buzzer, ora ana bédané, luwih ala tumindak lan atiné tinimbang memedi. Wong-wong kaya mangkon sejatiné sing luwih pantes dilebokaké pethi mati, dikirim menyang jaratan.

Muga-muga, pulisi paring paukuman sing trep marang tumindaké Sumardy lan buzzer sing nyengkuyung anané ontran-ontran, gawé gègèr lan ngganggu katentreman. Ora kétang sedina-rong dina, pantes diukum, bèn bisa ngrasakaké yèn kekuwatané word of mouth, kemalan cocot iku uga bisa ngirim wong-wong culika mangkono menyang sajroning mbui. Wong-wong sing ngawula bandha lan bayaran nganti téga tumindak nista ora pantes dibéla.

Modar cocotnya…!

Dakkira isih akèh cara kang luwih becik, sanajan nggunakaké pethi kanggo pralambang. Kadho wujud pethi sing gedéné saukuran kothak tisu, umpamané, wis cukup kanggo mujudaké panemu utawa gagasan sing déning sapérangan pawongan nyebut out of the box, ora mung kaya kodhok ana sajroning bathok mengkurep.

Nanging, kabèh wis kebacut. Gagasan kaya mangkono mung diduwèni wong duwé utek lan bisa pétung, tur ora mati rasa kaya Sumardy lan wadya bala buzzer kang ngawula bayaran. Nyatané ana salah sawijiné kanca tukang nge-buzz malah prèngas-prèngès, sajak seneng yèn tumindaké kasih nggawé gègèr wong akèh. Nanging ya piyé manèh, nyat padha asuné, mula tumindaké ya asu-asunan. Sing wigati olèh bayaran, olèh dhuwit. Muga-muga waé bukuné ora akal payu…….