Takir lan Suru

Kok ya ndilalah Pak Bondan Winarno crita babagan takir meneri malem Jemuwah. Kaya ngélingaké jaman isih cilik biyèn, weruh takir kanggo wadhah ketan bubukan, kolak gedhang utawa jenang, embuh kanggo sajèn utawa kendhurèn. Kamangka, sing nembé dicritakaké Pak Bondan Maknyus iku babagan wong dodol masakan daging babi diwadhahi takir jalaran wegah asah-asah piring.

Wis sawetara suwé, aku wis ora weruh takir, apa manèh suru. Sajèn sing isiné manékawarna, ing antarané sambel gorèng, jenang abang lan jenang putih, saiki wis padha diwadhahi cawan lan mangkok, dudu takir. Sega kepelan kanggo sajèn ya wis owah wadhahé, digantèni nganggo piring.

Suru sing jodhoné pincuk ya wis ora naté meruhi jalaran diganti séndhok waja utawa séndhok plastik. Malah, warung-warung saiki sangsaya njelèhi, amarga séndhok sing biyèn kandel-antep saiki diganti almunium utawa gembrèng tipis sing miyar-miyur yèn kanggo nyéndhok.

Mbokmenawa, Indonesia wis kentèkan bubuk wesi jalaran buminé wis dikeruk déning penjajah cara anyar saka manca. Nyatané, pabrik waja sing arané Krakatau Steel sing biyèné dadi tambang dhuwit saiki wis kangèlan nekakaké winih wesi lan waja saka mancanagara. Saumpama ana dhuwit –sanajan utangan saka rentenir njaban rangkah, jebul ya isih kangèlan nekakaké barangé.

Ééé…aja-aja, sekrup wesi lan waja saka kreteg Medura sing kabaré dicolongi kaé ya mung sadrema arep dijur manèh kanggo bakalan gawé séndhok, ya? Pabriké butuh bahan baku utawa bakalan, banjur keprungu para maling kècu sing seneng luru wesi, banjur padha angslup ana njero banyu nèthèli mur lan baut sing jaréné gedhéné ngluwihi bunderé pupu wong lemu.

Wéé.. lha kok malah ngambra-ambra tekan ngendi-endi ta, iki?!? Kojah suru, takir lan pincuk waé kok tekan nggrenengi kabar sing durung mesthi bener babagan colong-colongan sekrup…..

Bali crita jaman cilik, aku kèlingan nalika suru isih payu kanggo nyidhuki bubur lemu utawa jenang sungsum sing nganggo juruh gula Jawa. Weruhé ya mung arang-arang, jalaran wong gawé jenang sungsum adaté mung yèn ana wong sukuran sawisé klakon mantu utawa duwé gawé, kanggo tandha bungah sakabèhé mlaku lancar tanpa alangan, ngiras-ngirus kanthi pangajab nyuwun dipulihaké otot-bayu, mari keselé supaya énggal bisa tandang gawé liyané kaya adat sabendinané.

Wong-wong saiki, dakkira wis ora ngerti carané gawé séndhok saka godhong gedhang sing arané suru. Kamangka, cukup nyuwèk godhong sing ambané rong driji utawa telung driji, banjur ditekuk bèn kaku supaya mayar kanggo nyérok. Nanging, ana uga suru sing luwih mayar gawéné, yaiku nganggo janur sing digawé megar banjur tinekuk. Luwih kaku sithik, nanging bitingé rada lemes dadiné ora gampang coklèk. Paling pol mung pepes.

Saliyané suru, gawé takir utawa pincuk sok ya wis sangsaya kangèlan, apa manèh yèn kudu nggunakaké biting. Jaman saiki wis akèh jeprètan utawa straples, luwih ringkes lan cekak aos. Tur manèh, biting bisa coklèk yèn godhong sing kanggo gawé pincuk dirangkepi nganggo dluwang meling-meling sing angèl suwèk utawa dibolong.

Omong-omong, jaman saiki apa ya isih ana wong gawé sajèn, ya? Yèn nèng Tawangmangu kana, isih bisa ajeg ditemoni, saben wayah Dhukutan [yaiku arané wuku ing almanak Jawa, saben pitung sasi (Masèhi) pétungé].

Kena ngapa ndadak nyebut Tawangmangu?

Jalaran saben Wuku Dhukut ana upacara gawé sajèn kanggo laku nyenyuwun supaya para tani gangsar anggoné nandur palawija lan kembang manékawarna, lan wujud sukur marang rejeki sing wis ditampa ing wektu-wektu kepungkur.

(Ana manèh crita liya, yèn ana sapérangan papan ing Tawangmangu sing kerep diosak-asik déning pasukan kathok cingkrang. Saben ana wong kendhuri utawa gawé sesajèn, diamuk wong sing rumangsa paling bener, sing senengané nyalahaké liyan jalaran nganggo kalumrahan sing béda karo dhèwèké).