Sila Baca Mas Janaka

Mas Janaka ndangu aku: sila baca iku sila sing kaping pira? Hendri nyaut, nanging ora wani wangsulan. Mbokmenawa ora nyandhak bathuké. Déné @lelakibudiman, wong pinunjul sing prigel gawé nam-naman tembung, mangsuli mangkéné: sing nèng klasa! Bener, tur pener! Mas Lelaki Budiman iki pancèn titis, wong pancèn uripé othak-athik nggathukaké tembung supaya momot pangertèn anyar.

se-krin-sut kanggo barang bukti

Saliyané wong telu kang kasebut ing ngarep, dakkira isih ana pawongan sing ngguyu kemekelen, kayata juragan gombal, yaiku Mbah Mukiyo, Linggar lan liya-liyané. Paling sedhéla manèh padha pating cruwit, utawa malah mung kanggo rasan-rasan sinambi ngombe tanpa alkohol alias no mansion (house). Éh, kliru dhing…. nomènsyen, karepku.

Saka kadohan, aku mung mikir, apa Mas Janaka utawa Si Jun iki durung tau mangan sekolahan, ora mèlu penataran P4, kok kuwanèn nambahi sila. Lha wong Pancasila iku ora bisa di-amandhemèn utawa diowahi, lha kok isih arep aèng-aèng kaya Mayor Haristanto waé, nganakaké samubarang kang ora lumrah.

Coba Soeharto isih sugeng, bisa-bisa Janaka wis mlebu bui karana didakwa ngraman utawa tumindak subvèrsif. Laskar jenggot sing seneng grudugan pamèr jubah waé ora wani lan ora naté bisa ngganti sila kaping siji dadi kaya sing naté kasebut ing Piagam Jakarta jaré. Apa manèh mung Janaka alias Iwan Jéwé.

Apa dumèh Janaka, sing uripé ing donya wayang, saéngga wani ngécé negara kang pranyata ana kaya Indhonésia iki?

Begja tenan Mas Janaka, saiki wis ora ana presidhèn sing pamèr kuwasa kaya Soeharto. Yèn presidhèn saiki mesthi bingung nggolèki Janaka, wong seneng wayang waé ora, ngertiné mung gitar, dram lan kibod karo éthok-éthok nyanyi, apa manèh ngéling-éling bocah subvèrsif kaya Janaka.

Aku ngerti, jan-jané Mas Janaka iku arep ngécé Presidhèn Oldposting, nanging ora wani. Banjur golèk-golèk, lha kok nemuné #silabaca neng Twitter. Ééé, kok ndilalah ya kenal pisan marang sing gawé #silabaca, njur diwanèk-wanèkaké ngécé. Étungané sepélé, yèn aku nesu, banjur wadul marang Mbah Mukiyo, sing awaké gedhé dawa, ndlondèng, sangar tur selaaa….. lha yèn ngadhepi sing iki, genah waé aku wedi. Wong Ujé waé jembilit, kok. Ya, taaa???

Saumpamané aku ora anti pasal karèt 27 ayat 3 UU ITE, mesthi Mas Janaka wis dakgugat nèng pengadilan. Mosok ngécé wong nèng tèmlèn, ngisin-isin aku kang gawé #silabaca. Dikira aku ora tau nganyari blog kaya bloher-bloher liyané kaé apa???

Pokokmèn titènana dhéwé. Suk yèn nganti dolan nèng RBI arep dak racun, bèn manuké anyang-anyangen, bèn ora jenak dolanan internèt. Mesthi nyenengké yèn Mas Janaka digawé anyang-anyangen. Mesthi lucuné. Cah bagus-bagus kendel nèng karaoké kok sabané WC amarga anyang-anyangen…..

Titènana, lin….! #ngincim

Janaka Kalap

Diunèni kalah déning cecak, Janaka mencak-mencak. Ora sabar nunggu awan, ésuk-ésuk mlayu metu saka kraton, nyéngklak keréta kencanané banjur budhal menyang kantor pulisi. Njujug pos jaga, Janaka ora sabar banjur lapuran. “Pak Pulisi, tulung IwanJéwé dirangkèt, dilebokaké pakunjaran!”

Pulisiné mung plonga-plongo ngadhepi Janaka. Matané diucek-ucek. Pak Pulisi iku rumangsané mung ngimpi. Sewengi pikèt ijèn jaga nèng ngepos, bisa turu sedhéla sawisé krungu bedhug subuh. Adzané saka langgar kantor malah ora keprungu saking ngantuké.

“Sik, Mas… Sampéyan sinten? Kok wujudé kados priyayi Sriwedari, nanging kok énjing-énjing sampun dugi mBantul mriki??”

“Aku ki ratu. Janaka aranku! Omahku dudu Sriwedari! Énggal ditulis! Aku ora trima dipadhakké cecak. Mosok mau bengi aku maca blog, ana tulisan ngécé aku, jaré Janaka ora olèh dolan wengi, malah mung kongkon nyawang cecak yang-yangan. Aku ora trima!” ujaré Janaka.

Okéé… Panjenengan ngaku ratu nggih mboten napa-napa. Tapi buktiné napa panjenengan diécé? Kula nggih kudu ngertos buktiné supados jangkep nulis lapuran panjenengan. Yèn sak-saké, kula didukani kumendhan,” jawab pulisiné.

“Buktiné ana ing Internèt. Wis tulisen! Wé..wé..wé… bit dot li slès iwancecak!”

 

“Panjenengan niku pripun ta? Bukti kok wéwé-wéwé, kados bojoné gendruwo mawoon! Kula mboten mudheng karep panjenengannn….” jawabé pulisi.

“Kowé ki piyé, ta?!? Gebleg! Ora ngerti Internèt ki kepriyé, ta? Saiki wis jaman globalisasi barang, kok ngannti ora mudheng!” Janaka sangsaya panas.

“Lha kula ming krucuk, jé… Yèn babagan Internèt, nggih mang wadul kumendhan kula, mrikaaa….”

“Apaaa?!? Kowé ki tugasé nglayani rakyat. Ora mung klumbrak-klumbruk, ora teges nyambut gawé!” jawabé Janaka.

“Dèn, panjenengan niku sanès manungsa. Sanajan mBantul, niki mlebet tlatah Indonésia, lho. Niki donyané manungsa, sanès donyané wayang.”

“Aku wis ngerti, ora usah kakèhan mulang! Sanajan aku wayang, nanging kedadèyané iku ana donyamu kéné, donyané manungsa. Aku ki wayang sing lagi piknik, dadi korban dièlèk-èlèk manungsa ing Internèt gara-gara Iwan kuwi!” Janaka isih mencak-mencak.

“Riyin, Dèn…. Sabar rumiyin…. Iwan niku asliné pundi?” pitakoné pulisi.

“Makamhaji! Wétan tilas Kraton Pajang…”

 

“Lho, yèn niku, menawi mboten klèntu mlebet tlatah Sala utawi sok malah Sukoharjo. Mang lapor wonten mrika…. Niki mBantul, bènten wilayah.”

Janaka sing mauné nesu banjur isin bareng wis ngerti klèruné. Ndhungkluk, karepé njaluk ngapura marang pulisiné, nanging gèngsi. Janaka tetep rumangsa raja, ratu kang kondhang.

“Ya wis, yèn ngono aku dak lapor menyang Polsek Sriwedari waé…” Janaka lunga ora pamit, énggal-énggal nyéngklak keréta kencanané. Kaya mabur, ora nganti jam-jaman Janaka wis tekan tlatah Sriwedari. Nanging durung sida markirké kerétané, saka kadohan krungu wong-wong padha alok Janaka wis mulih manèh.

Janaka bingung. Jebul nalika dhèwèké ngamuk-ngamuk ana kantor pulisi mBantul, konangan anaké Kapolrèsé. Anaké Kapolrès mau banjur bengok-bengok ana Twitter kang dirituit wong sajagad, nganti kabaré keprungu Kepala Gedung WO Sriwedari. Ésuk iku uga, Kepala Sriwedari wara-wara, alok menawa ana wong édan nyolong kostum wayang ana kana.

Janaka dirangkèt, banjur digawa lan diserahaké menyang petugas omah lali jiwa….

Lomba Nyabrang Dalan

Aku duwé tangga, professor drajadé. Apik-ora priyayiné, aku ora pati mudheng sebab durung naté guneman dhéwé.. Saklébatan, alus priyayiné, grapyak marang tanggané. Émané, garwané nggrisèni tanggané. Ora awan ora bengi, senengané ngonèkaké klakson saben arep mlebu garasi omahé. Sok mung kaping pisan, nanging kerepé luwih. Swarané seru, marakké kagèt.

Mbokmenawa, montor alus durung bisa kanggo nitèni yèn sing nunggangi uga duwé bebudèn kang alus. Nyatané, isih akèh priyayi sing seneng nglakson bola-bali saben lampu bangjo ganti warna saka abang menyang ijo. Kaya-kaya sing ana ngarepé kabèh budheg kupingé, padha ora duwé urusan, mula kudu énggal sumingkir supaya dhèwèké bisa énggal-énggal nggeblas sabanter-banteré.

Tepa slira nèng dalan wis ora ana. Sanajan Sala kondhang dadi panceré unggah-ungguh lan kabudayané wong Jawa, nyatané saiki wis luntur. Wong dolanan klakson sangsaya akèh. Sepédha montor sing swara knalpoté alus malah padha digawé cemprèng, sajak ngemu surasa supaya wong liya padha ngerti yèn ana sing arep liwat.

Saben malem minggu, watara jam 10 nganti jam 01, malah ana irit-iritan RX King mubeng kutha, akèh cacahé padha lomba banter-banteran swara knalpot. Persis rombongan jambrèt lagi umuk bala. Sepédha montor diplayokaké banter-banteran, ora perduli ana dalan gedhé utawa dalan kampung. Pokoké, saliyané sing nunggang RX King, padha budheg kabèh kupingé.

Wong sing duwé lara jantung, utawa sing duwé bibit stroke, aja pisan-pisan duwé pengarep-arep kawelasan wong-wong mangkono iku. Atiné kaya watu, rasané wis padha dipatèkaké. Jamané pancèn wis jaman menang-menangan. Mung ndilalahé, waniné padha modhèl kecu grombolan. Ora ana sing wani ijèn-ijènan, kajaba gali tenanan.

Tepa slira wis ora ana. Jaman pancèn wis owah. Ora ana aturan kang bisa diugemi, kalebu sing arané Undang-undang tentang Lalu Lintas. Sirine bisa diduwèni sapa waé lan bisa diguunakaké kanggo apa waé. Konvoi sepédha montor nganggo sirine. Apa manèh yèn sing konvoi sepédha montor gedhé kaya Harley Davidson lan sapanunggalané, mesthi malah dikawal pulisi ngarep lan mburi, tur mesthi nganggo sirine. Gandhèng dikawal déning pulisi, mbok lampu bangjo murup abang, tetep waé diterak. Wong ya dikawal pulisi, mesthi waé aman tur kepénak, wong dhèwèké sing nduwèni ukum, kok.

Dadi, ya ora perlu gumun. Pokoké, wong Indonésia saiki lagi seneng-senengé tumindak nerak wewaler. Politisi, pangrèh praja, pulisi, kabèh padha waé. Matané lan atiné padha picek. Ora duwé tepa slira jalaran iku dianggep ngrendhet-ngrenndheti karep lan laku.

Yèn pingin gumum, ayo padha sengkuyungen aku, sing duwé kepinginan gawé lomba nyabrang dalan, utamané Jl. Adi Sucipto, kidul Stadion Manahan mangulon tumekané Tugu Adipura (sing saiki wis dirubuhaké). Lombané rada spèktakulèr utawa aèng-aèng. Yaiku, lomba nyebrang dalan sing pesertané mligi pulisi lalu lintas lan pegawé Dinas Perhubungan.

Saraté lomba, ora kena nganggo klambi dhines utawa sragam nyambut gawé. Kabèh pulisi lalu lintas lan pegawé Dinas Perhubungan kudu mèlu. Sapa sing wektuné paling cepet tur slamet, dihadhiahi sédhan Mèrcy sèri S sing paling anyar. Nyebrangé kudu siji-siji, diwatesi paling suwé limang menit. Yèn ngannti luwih saka limang menit utawa ora gelem mèlu lomba, didhendha dhuwit Rp 10 yuta.

Panitia mesthi kerja sama karo perusahaan asuransi jiwa lan asuransi kerugian. Sebab lomba bakal dianakaké saben dina, saka jam 1 awan nganti jam 5.30 soré. Wektu pancèn dipillih nalika dalan ramé, supaya hasilé cetha: pulisi lan pegawé Dinas Perhubungan ngerti larangé rega nyawa, déné masyarakat uga ngerti yèn tepa slira iku becik lan wajib diduwèni sapa waé, ora nom ora tuwa, ora cilik ora gedhé, ora wong cilik duduk penggedhé. Kabèh padha waé.

Dakkira, lomba iku bakal nyenengaké. Sopir bis, truk, priyayi sing nunggang sédhan lan montor alus, uga wong sing nunggang sepédha montor, mesthi kaya otomatis mèlu banter-banteran klakson. Ayo, kira-kira sapa sing arep nyengkuyung gagasanku?

Bingung Banyu Kanggo Cawik

Nonton TV malah nggrantes. Jaré, Istana Negara sing dadi papané Presidhèn SBY sakulawarga lan para punggawané manggon lan ngantor larang banyu, jalaran ora ana banyu PAM sing mili mrana. Lha njur Pak Béyé piyé cawiké? Apa ndadak nganggo banyu Aqua duwèké Prancis iku, apa nganggo serbèt putih alias tisu, sing digawé déning para raja kayu iku?

Tumrapé wong cilik kaya aku, babar blas ora bisa mbayangké saumpama Paspampres nganti dikongkon ngangsu. Lha nèng kana apa isih ana sumur? Apa malah nawu banyu kali cedhak istana sing asliné mambu? Mosok Pak Béyé kersa?!? Jelas ora mungkin, ya…

Untungé, kahanan Jakarta nembé sepi jalaran akèh wargané (jaré pitung yuta cacahé) nembé mulih ndhésa, mudhik sungkum marang kulawarga. Ngangsu banyu saka Gunung salak utawa Gunung Putri cedhak mBogor genah bèrès. Montor truk tanki bisa ngebut, sengkut ngangkut banyu kang resik, bening, tur anyep. Yèn kanggo cawik mesthi maknyess rasané nèng silit… Éh, bokong, dhing…

Nanging iku yèn mambu Istana Negara. Lha yèn larang banyu kanggo warga Jakarta, banjur kepriyé? Tisu wis genah larang, wong kanggo golek HPH bèn bisa negori wit-witan alas kanggo bahan bubur dluwang waé gedhé sogokané.  Nganggo banyu Aqua apa manèh….genah luwih larang. Yèn kudu pèpèr ya piyé, wong panggonan wis jejel riyel, mosok isih ana wong sing padha tegel?!?

***

Babagan banyu resik ing Jakarta pancèn dadi perkara abot. Saking aboté, nganti mbiyèn, kira-kira pertengahan 1990an, Jakarta digaris, didum dadi rong pérangan: sisih kulon kanggo Si A, sisih wétan kanggo Si B. Loro-loroné isih klebu cedhak marang Cendana. Bakul banyu critané. PAM Jaya kaya dilebur, dadi pérangané para baron, yaiku investor, sing pingin dodolan banyu.

Cacah jiwa mèh 10 yuta ora bisa diarani baèn-baèn. Saumpama separoné padha banyu PAM kanthi rega Rp 7.500/m2, kamangka saben wong paling ora butuh patang kibik sewulan,  wis pira dhuwit sing mubeng? Sapa sing seneng jalaran ongkang-ongkang ngétung bathi?

Dakkira ora mung Jakarta waé sing awit wingi-wingi wis padha kangèlan golèk banyu resik. Para tani waé wis kangèlan nelesi sawahé, kajaba banjir bandhang sing kerep njedhul saben mangsa rendheng. Negara wis lirwa, ora ngurus lan gelem njejegaké ukum, saéngga sing diarani ‘krisis air bersih’ dirasakaké wargané saben melèk, mataun-taun suwéné.

Cilakané, wis pirang-pirang taun suwéné, ora ana undhak-undhakané. Regulasi utawa paugeran babagan banyu malah mung manut karepé potang, yaiku Bank Dunia. Bakuné, ana tembung swastanisasi, yaiku negara ora kena cawé-cawé urusan banyu kanggo rakyaté, mula PDAM-PDAM sing ana nèng Indonésia paribasan padha didol utawa diséwakaké marang baron-baron bakul banyu.

Kamangka, sing jenengé bakul, mesthi ndhisikaké anggoné golèk untung utawa bathi ketimbang nglayani. Mula, rega banyu dadi tambah larang. Kamangka, kabèh manungsa, uga kéwan lan tanduran ya padha butuh banyu supaya tetep urip. Dadi, laranga kaya apa, ya tetep bakal dituku.

Sing padha nindakaké shalat ya butuh wudu, sing padha nguyuh lan ngising uga perlu banyu. Cawik larang, wudhu ya larang. Apa ora cilaka yèn mangkono iku? Tanpa banyu awak padha mambu, apa manèh yèn nganti bar ngising ora dicawiki. Hii…..

Muga-muga, Pak Béyé pas ngising dadi ngéling-éling, yèn rega banyu sangsaya larang tur angèl golèkané, iku ateges nyengsarakaké rakyaté. Pun, sumangga Pak Béyé pripun anggènipun badhé menggalihaké rakyaté. Mangsa borong, nggih…..

 

 

 

 

Cangkem Bapak TOA

Kemis Pon, 20 Mulud 1944, wanci manjing Ngisak, aku maca setatus Fèsbuk-é Séno Aji. Dhèwèké iku blogger édan, nanging kepénak kanggo kekancan. Wongé seneng ndhagel, cangkemé lunyu. Mula, dhèwèké gawé status mangkéné: “berusaha ngremote TOA, biar madhep munggah!

Aku ngira, mesthi dhèwèké lagi anyel jalaran kebrebegen swara saka TOA utawa pengeras suara. Embuh iku swarané wong ngaji utawa wong lagi duwé gawé. Nanging aku nggraita yèn sing dianyeli mesthi swarané saka langgar utawa mesjid. Wong siji kuwi, sangertiku rada tolèran. (Maksudé duwé tepa slira, dudu wong sing nganggo tolèr, lho!)

Kupingé tengèn, kaya atiné sing gampang trenyuh marang  sapadha-padha titah Gusti Allah. Paribasan krungu tangisé semut sing lagi kuyuhan Suryadèn waé, bisa njalari nesuné sanajan Suryadèn iku kanca dolané. Élok, ta?

Iki arané skrinsut, kapundhut saka FB-né Seno Aji sing kurang ajar iku

Dudu babagan cemprèngé bocah kang lagi adzan utawa wong ngaji sing grothal-grathul, nanging karepé Séno Aji supaya tangga kiwa-tengené sing ngrasuk agama saliyané Islam ora rumangsa keganggu. Wong dhasaré Séno Aji ya kakèhan mangan buku lan seneng maca koran (sanajan ora langganan, wong jenengé waé pegawé negri), mula ya ngerti ombyaké kahanan lan mudheng tepa slira. Apa manèh, saiki akèh wong sing seneng nggadhèkaké agama utawa ndadèkaké agama kanggo pusaka supaya bisa menang-menangan lan nyilakakaké liyan.

Aji klebu wong sing ora seneng marang modhèl dodolan agama kaya mangkono. Èlèk-èlèk, dhèwèké uga jenggoten sanajan gundhul mblundhus, tur bisa ngaji sithik-sithik. Apal juz ‘amma lan lulus a-ba-ta-tsa sanajan ora tutug anggoné melu TPA. Agama iku ageming ati, mula kabèh diresepi, dilebokaké ati nganti tandhes banjur dicakaké ana urip saben dinané. Élok, ta? (Kancané sapa, sik?!?)

Saumpama swarané TOA iku samadya, ora sepira seru, dakkira Séno Aji ora bakal mikir golèk rémoté controli supaya bisa ngowahi madhepé corong TOA, dadi ndhangak, supaya swarané énggal bablas munggah, banjur dimirengaké Gusti Allah. Kaya tembang Pocung sing diwulangaké nalika jaman SD kaé, lho….

Bapak pocung…. cangkemu marep mandhuwur….

Bakuné, setatusé Séno Aji iku mau dadi kaya déné otokritik-é wong Islam dhéwé, sing luwih becik njaga kerukunan lan katentreman ana satengahé bebrayan. Saumpama saben mesjid utawa langgar sing nggunakaké TOA ora nyetèl volume kanthi seru, apa manèh yèn swarané sing metu saka corong mau kepénak dirungokaké, dakkira ora ngantik bakal semono anggoné nggresula.

Ngaji utawa adzan, yèn laguné bisa dirungokaké kanthi kepénak, mesthiné bakal ngadhemaké ati, njalari rasa tentrem. Ora sithik kancaku sing ngrasuk agama Kristen rumangsa ora keganggu, malah kepara bisa nrasakaké senengé jalaran krungu swarané wong adzan utawa ngaji kanthi pinter nglagokaké wacan ayat-ayaté.

Bakuné, tentrem ana satengahé bebrayan dadi perkara sing dipentingaké wong-wong kaya Séno Aji, aku lan kanca-kanca liyané, sing aku yakin akèh banget cacahé. Apa manèh, saiki lagi sing arané rukun nembé dadi tembung lan kahanan sing paling larang di Bumi Nuswantara. Lha wong padha-padha Islamé wae patèn-patènan, apa manèh marang wong minoritas. Kamangka, sing seneng gawé rusak, iku uga klebu minoritas.

Mung ndilalahé waé, sing Islam nanging minoritas mau seneng pamèr kejem, seneng milara wong liya sing ora cocok marang panemu lan laku uripé dhèwèké. Apa manèh, jaré akèh jéndral sing ndèkèngi dhèwèké, mula banjur padha kemlinthi, adigang-adigung, kendel lan teteg milara utawa merjaya wong liya. Apa manèh kantor pulisi utawa gedhung pengadilan, lha presidhèn waé ditantang, kok…..

Sajaké, kapan-kapan perlu saiyeg saékapraya, padha asung pambiyantu bareng-bareng ngruyuk minoritas Islam nanging seneng dodolan agama iku. Ora perlu dipilara utawa dipatèni. Èlèk-èlèk, wong-wong kuwi migunani kanggo pepak-pepak donya. Cukup dirangkèt, digawé kaya cita-cita-né Séno Aji iku mau. TOA-né…éh, cangkemé wong-wong iku mau digawé kaya Bapak Pocung waé, supayané ciriné wong duraka dadi padha kabèh: cangkemé marep mandhuwur!

Piyé? Sarujuk apa ora?