Malik Donga

Aku duwe kanca, kelakuwané nggaplèki tenan. Yèn omong cal-cul, marakaké ngguyu. Arané Gunarto, bocahé meneng nanging yèn wis gelem crita, wong-wong mesthi padha kekelé. Klebu wektu ngongkon aku lan kanca-kancaku padha malik dongané. Jaréné, ben tentrem anggoné padha nglakoni urip ana ngalam donya.

Sebut waé Ari, umpamané. Dhèwèké crita yèn kahanané saiki wis ora kaya mbiyèn. Golèk sandhang pangan rada angèl, jalaran pindhah menyang ndhésa. “Yèn nèng kutha ki, rumangsaku ngapa-apa kok gampang. Bareng pindhah ndhésa, jannn… golèk dhuwit satus èwu waé angèlé ora mekakat!” ujaré Ari.

Si Gunarto nyaut, “Cara ndonganmu mesthi klèru. Ndonga ki ya nganggo strategi, aja waton bisa nggawé tembung.”

Aku banjur mèlu-mèlu nyemplung, mlebu menyang pokoké rembug. “Iya iki, Gun, aku ya rada kangèlan golèk upa. Apa wong-wong ki wis wegah mènèhi gawéyan karo aku, ya?”

“Sik… Aja-aja, kowé ki kwalitèté yang mung padha karo Ari. Yèn daksawang-sawang, sajaké pancèn iya. Kowé arang ndedonga, ya?” pitakoné Gunarto.

“Pancèn ya ora patia kerep ndonga, Gun. Sing genah, dosaku akèh, mula Gusti Allah arang-arang maringi rejeki marang aku,” jawabku.

“Lha ya, kuwi. Saumpama kowé kerep ndonga, sok-sok caramu sing klèru, lho!” sumauré Igut.

“Kowé ki kaya ngerti-ngertiya waé ta, Gun. Sajak paling ngerti bab donga-donganan…” Ari ora trima, jalaran wis sregep anggone nyenyuwun lan memuji, atur panuwun awit wis diparingi rejeki déning Gusti. Sanajan saiki lagi kaya dipepet, ora liya mung dianggep nembé olèh pacoban, nganti sepira sabaré yèn ora diuja bandha marang Sing Kuwasa.

“Ngéné lho, Ri. Yèn kowé gelem ngilo githokmu dhéwé, kuduné ya ngerti sepira regedmu ana nagrepé Gusti Allah.  Wong kelakuwanmu waé ala, mosok dongamu njaluk tinampa,” ujaré Gunarto.

Ora trima Ari disesorahi, aku rada ora trima. “Lha iya amarga manungsa panggonané luput lan dosa kuwi ta, Gun, banjur ndonga lan nyuwun ngapura marang Gusti Allah sing wis maringi apa waé.”

“Ngéné, lho. Yèn dongamu ora tau mandi, coba walikén. Njaluka rekasa, mengko rak diparingi pénak! Lha yèn kowé padha mung njaluk kepénak kamangka kowé padha sakepénaké dhéwé, tangèh lamun dikabulaké kajatmu,” jawabé Gunarto.

“Dadi, perlu strategi. Carané ndonga diwalik waé…..” Gunarto nerusaké nasihat kenthiré.

Aku karo Ari mung ndomblong ngrungokaké naséhat ala kaya ngono kuwi. Mosok padha waniya, gojègan karo Gusti Allah. Tiwas nembung njaluk cilaka, banjur dituruti tenan, apa ora malah kojur?

“Wis Ri, ayo madhang waé. Nuruti Gunarto ora ana entèké, ora ana paédahé,” ujarku. Dakkanthi, aku lan Ari ngadohi Gunarto, golèk soto lan tèh ginasthel sing marakaké padhang mata lan waregé weteng.

Rai Surya

Aku naté duwé kanca, jenengé Rai Surya. Embuh kena ngapa, bapaké wong kuwi, mènèhi tetenger anaké kanthi asma sing klebu suréalis. Kamangka, jeneng suréalis kuwi pantesé mung kanggo para déwa, dudu manungsa kaya si ndara kuwi. Coba gatèkna sing pratitis: Rai nuduhaké rupa, déné Surya iku srengéngé utawa pabrik sunar pepadhang.

Nanging, bisa waé si ndara, bapaké Rai Surya wis dadi korban pilsapat utawa tetembungan dakik-dakik sing lairé saka pikirané wong-wong sing kakèhan nguntal sekolahan. Lha yèn rainé waé cinandra kaya srengéngé, lha piyé olèhé wong liya bisa nyawang wujud asliné: wujudé waé bisa mblerengi?

Apa pancèn ora perlu disawang waé? Nanging, yèn ora disawang ya piyé, apa ora malah mesakaké dhèwèké? Sanajan anak ndara, sajaké Rai Surya klebu bocah sing wektu cilik kurang bungah utawa masa kecil kurang bahagia! Coba waé digatèkaké: bocah iku senengané golèk-golèk perkara, perluné supaya padha nggatèkaké.

Bab kepinteran, pancèn durung bisa ditimbang marang keluwihané wong-wong liyané. Sing paling bisa njalari kondhang, mung amarga Rai Surya seneng banget nonton sekèh pilem, saka pilem anak-anak tumekané pilem saru. Jaan durung duwé dhuwit, senengané saba warnèt utawa menyang sekolahan, bakuné mung butuh ngundhuh pilem lan lelagon saka internèt. Mula, Rai Surya ora naté lali, menyang endi waé sanguné flashdisk.

Malah, saka kranjingané marang pilem (gratisan), kanca-kanca sekolahé banjur mènèhi sebutan anyar, yaiku Rai Trijipi. Ya wis dhasar ndilalah, akèh kanca sekolahé sing asalé saka ndhésa, mula ora ngerti apa-apa. Nanging, yèn lumrahé wong isin diarani nganggo sebutan kaya ngono kuwi, kosok balèné Rai Surya malah nggembélo, rumangsa luwih jago.

Dhasar Rai Surya, sing mbokmenawa cilikané rada kurang diajari tata krama, jeneng paraban kuwi mau malah dipamèr-pamèraké marang sapa waé, utamané kenalan-kenalan anyaré. Sajaké, Rai Surya wis mantep tenan marang dalan uripé, dadi wong sing pinunjul ana ilmu babagan tata swara lan tata gambar.

Meneng-meneng, Rai Surya kursus intènsip cara privat menyang kutha gedhé. Dhèwèké ngilang sawetara, ngadohi kanca-kanca, ngakuné arep nunggoni sedulur sing lara nèng kutha liya, kamangka sing dituju mung Ngayogyakarta.

Ééé…dhasar nasibé Rai Surya lagi begja, lagi arep rampung anggoné kursus, nèng Jakarta ana berita gedhé, yaiku ana bintang pilem kesandhung perkara. Adegan pacaran nganggo wuda sing direkam nganggo tèlpun gegem nyebar menyang ngendi-endi, banjur si bintang pilem mau kisinan dhéwé. Ora ngerti mula bukané kenapa rekaman pribadi mau bisa nyebar tekan ngendi-endi, mula wong mau kekejer pingin énggal nutupi wadi.

Meneng-meneng, Rai Surya kirim layang menyang pabrik gosip sing arané rumah produksi infotainmen. Surya ngaku bisa nlisik asal-usulé pilem saka gambar sing wis nyebar. Cukup nganggo lèptop sing wis pinter banget, Rai Surya janji bisa miyak underané perkara.

Cekaké, Rai Surya kasil tenan njlèntrèhaké perkarané. Ing antaranaé, jalaran tèlpun gegem sing kanggo nyimpen gambar mau wis nganggo bluetooth, lan ndilalah fasilitas bluetooth mau aktip terus karana sing duwé ya ora patia mudheng gunané. Jan-jané mung ilmu cethèk, nanging nyatané ana paédahé. Rai Surya kondang jalaran mlebu tipi.

Kanca-kancané sekolah padha kagèt weruh Rai Surya mlebu tipi. Padha nggumun, jebulé paraban Rai Trijipi malah mberkahi. Satengahé padha nggrenengi, Rai Surya teka. Durung entèk kagèté lan lagi padha pingin ngadeg arep nyalami kanggo atur keslametan, Rai Surya wis andum kertu nama.

Ana dluwang putih ukuran rada cilik mau tinulis seratan sing ngagètaké: Roy Trie GP, Ahli Multimedia. Komplit ana nomer tèlpun lan alamat e-mail-é. Rai Surya, pancen mblerengi, angèl disawang tur rekasa dimangertèni….. (apa manèh karepé)

Sasmita Babé Nyiyak Abégé

Bapak ngetengi anak utawa simbok matèni bay iwis kerep metu ing tipi. Nggregetaké sapa waé lan gawé anyelé wong mayuta-yuta sa-Éndhonésa. Kamangka, saben dina wong wis digawé anyel déning kabar lumantar koran, lan dhagelan asu-asunan lumantar tipi. Kayata, wong DPR ènthèng muni bangsat kaya déné aba sate, uga sakepenaké muni-muni ana sidhang sing ngusut dhuwit bank garongan.

Nyuwun pangapura marang para pamaos tulisan iki, anané pingin misuh wis ora kena kaampet tenan. Wong-wong sing jaréné wakil rakyat kaé wis ketegelen marang rakyat sing lila mulyakaké para artis parté pulitik kaé nganti tumeka ing Senayan. Coba, tulung tuduhna manungsa endi sing wis temen-temen mikir bangsané lan pantes diajèni, daksowanané bèn bisa ngambung sikilé…

Kabèh mung padha kaya wong entul-entulan rega nèng pasar, kamangka kuduné njejegaké sing miring supaya bisa lempeng manèh. Nyatané, lagi disemoni babagan koalisi waé, wong parté padha kewedèn, banjur ngganti wakilé ana ing Pansus. Sing RADA (tegesé durung) wani nakoni para seksi bail out Bank Century disingkiraké, diganti sing plegak-pleguk. Lha yèn pingin nglawak mbok diélokaké Thukul utawa Srimulat, malah dadi luwih cetha, tur prawira.

Coba, apa wong-wong kaé padha mikir kaya ngapa bosoké Départemen Hukum lan HAM? Kamangka wis cetha wéla-wéla, wong sing julukané durjana waé bisa nuku sipir lan ndhuwurané, nganti nèng njero krangkèng swasanané kaya ana omahé dhéwé-dhéwé. Kabèh wong ora picak,bisa nyawang kasunyatan mangkono lumantar tipi lan layang kabar.

Sing nganyelaké manèh, pejabaté malah muni yèn sing kaya mangkono kuwi klebu lumrah, lan isih bisa ditampa. Lha mbok dipikir, kaya ngapa larane wong-wong sing dikunjara jalaran mung nyolong pitiké tanggané, nasibé kesurang-surang kamangka tumindaké mbiyèn mung saperlu butuh bisa nempur lan ngèman nyawa tinimbang mati kaliren.

Uteké pada didokok ana ngendi yèn ngono kuwi? Lha mbok padha éling, anggoné bisa padha urip mulya kuwi ancik-ancik sapa? Wong pira sing uripé dadi brangasan jalaran kangèlan ngupaya upa amarga polahé para punggawa negara wis nyuda jatahé bangsané dhéwé. Yèn karo Landa waé padha ngawula, diutangi pira-pira ditampa mung butuh bisa mèlu ngrayah, kamangka para rèntenir kuwi teka macak tetulung kamangka menthung kanthi rènten, luwih saka pétungan ngrolasi.

Uga wis gamblang, anané wong mènèk tower butuh nglalu, bocah cilik kendhat ana ndhuwur paturoné, lan sapanunggalané, racaké nganggo alesan kangèlan ragad sekolah, ora duwé dhuwit kanggo mertamba sekèh lelara, lan sapanunggalané. Malah, ana ibu nganti tegel matèni anaké, ngakuné keri kupingé amarga bocah nangis waé. Bisa uga, pancèn karana suwé nglakoni rekasa uripé, banjur cekak pikiré, banjur ènthèng milara utawa merjaya anak-anaké.

Mbok wong-wong DPR, nayaka praja, lan penggedhé iku mulat marang asal-usulé dhéwé-dhéwé, supaya ora kethul rasané. Coba padha dipikir kanthi wening, kena ngapa wong tuwa tega ngeloni anaké dhéwé, utawa kaya wong sing arané Babe sing senengé nyiak bokong-bokong abégé lan mothèng-motheng jasaté! Lara jiwa tangèh teka tanpa marga. Kabèh ana jalarané.

Kabèh perkara sing ora lumrah iku yekti dadi sasmita kanggo kowé kabèh, klebu wong-wong kaya aku, sing kwalitèté genah luwih apik tinimbang kowé. Sasmita cetha, sing ora kolang-kalingan apa-apa, ketutup pedhut waé ya ora.

Lha yèn wis padha ora gelem mikir rakyaté, aku ya seneng-seneng  waé nirokaké uniné Ruhut kaé: kowé kabèh ya bangsat! Jujur, aku iklas ngonèkaké bangsat marang kowé kabèh. Dakkira, aku ora dosa… (Gusti Allah luwih pirsa)

Bang Yès, Oh No!

Trep karo sebutané, Bang Yès pancèn yès tenan. Disawang saka kadohan kaya Landa, mbareng cedhak Jawa mlaha. Lair ana laladan Jawa ndhésa, nanging gedhéné rada kesuwèn ana kutha. Klèru milih kanca srawung, mula kedadèyané banjur kemlanda-landa, rambut diklimis-klimisaké kaya déné Mister Smith, mulané kondhang boros pomade.

Yèn caturan, pinginé nganggo basa Jawa. Sanajan krasa rada nggregel aliyas ngiklik, nanging kanca-kancané ora ana sing nggrundhel. Dianggep lumrah, wong pancèn wis mlebu alamé urip modhèren. Mula jalaran kerep ngucap yès kanggo ngatonaké rasa seneng utawa cocok anggoné rembugan apa waé, si Bandhel Yekti diparabi Bang Yès.

Rumangsa wis kasil bisa nelukaké kutha, Bang Yès sing pancèn pinter sekolahé awit SD banjur ada-ada njago Bupati Kurusétra. Sanajan asalé saka ndhésa, dhèwèké ora gigrig babar blas. Ndilalah, wong-wong kutha sing padha njago pancèn kondhang pekok. Ana sing pinter waé, wongé duwé cacat sing klebu angèl dingapura karana kondhang dadi kècu jagal manungsa. Kanggo ngrebut bandhané wong liya, ora wigah-wigih merjaya.

Kocap kacarita, Bang Yès kepilih dadi bupati kanthi swara aklamasi. Tegesé, kabèh manthuk-manthuk sarujuk, apa manèh pancèn wis ora ana tandhingé. Gandaré pantes madeg praja, tembungé rada alus lan bisa tinampa. Lakuné sarwa tinata, malah kepara katon kaya bandara anak raja-raja Jawa.

Setaun rong taun, Bang Yès disenengi wong satlatah Kurusétra. Titis mbedhili durjana, ora naté léna marang godha bandha donya. Rakyaté padha bungah banjur numusi anané banjir pangalembana. Apa uniné Bang Yès, kabèh sarujuk lan manthuk-manthuk.

Nanging bilainé, Bang Yès banjur mabuk, ora kuwat nampa pangalembana. Rumangsa disenengi lan dianggep kaya pahlawan sing wis bisa nylametaké negara saka godhané bégal kècu lan sapanunggalané, Bang Yès lali nata prajané. Siji-loro kancané seneng ngunthet jatah blanjané aspal kanggo dandan-dandan dalan. Kulawargané semono uga, banjur mèlu payu dodol cap jempol.

Saben ngonangi ana andhahan sing mokal-mokal maling, bojoné Bang Yès mèlu njèwèr wong sing wis tumindak culika. Ngira-ira Kanjeng Gusti Putri ora béda karo para bandara-bandara sing sadurungé, para andhahan sing konangan mau banjur asok glondhong pengareng-areng. Ana sing kirim dhuwit awujud cèk, ana uga sing ngimig-imingi barlèyan. Ééé…kok ndilalah kepeneran, ketrima déning Gusti Putri!

Ya wis, wusanané Kabupatèn Kurusétra banjur cepet reja. Wit-witan ana tengah kutha padha ditegori, lemah-lemah nganggur banjur ditanduri omah-omah beton. Akèh toko lan hotèl banjur binangun nganti saben wengi katon lampu mencorong saka gedhong sing magrong-magrong.

Saking raketé kekancan, tembéné kaya paribasan tumbu olèh tutup. Sing nyolong dhemen setor, sing nampa pisungsung banjur mèlu mbambung sarèhné ngerti enaké mangan bandha colongan saka proyèk-proyèk. Rasané, kulawargané Bang Yès wis mèlu gluprut kebak pulut jalaran mèlu mangan irisan nangka, mula banjur ora wani alok, ora bisa piya-piyé.

Bang Yès sing luwih manut marang Kanjeng Gusti Putri ya kepeksa dadi dèkèngé kulawarga. Kepeksa kudu njaga praja, sanajan saya suwé carané sansaya ora prawira. Kabèh kanca sing naté mèlu nyengkuyung anggoné madeg bupati padha diciprati. Ana sing olèh papan, ana sing diwènèhi gawéyan, lan ora kurang uga sing gawéyané saben dina mung ongkang-ongkang nanging uga kebagèyan nyep-nyep.

Nanging cilakané wong mangun kekancan mung nganggo lambaran sarwa kadonyan, Bang Yès lali yèn dhèwèké wis kebablasen anggoné nyalahgunakaké panguwasa. Sepisan ana proyèk gedhé, karepé dipangan dhéwé supaya awèt kanggo sangu pensiyun mbesuké. Sedulurané ora langgeng, malah padha ngiwi-iwi miyak wadi.

Dhasar wong ndhésa sing cilikané jebul ingah-ingih lan gembèng, kagèt ngadhepi perkara gedhé kanthi kahanan tininggal déning kanca. Pinginé nututi perkara nganggo cara napuk bandha, nanging saiki wis padha nglalèkaké. Apa manèh, ana dalan kanggo njlomprongaké Bang Yès.

Sejatiné, itung-itugané mung sepelé: yèn ditambahi nyang-nyangané bakal padha nglanggengaké kekancané. Nanging dhasar wis dadi jalaran cilakané Bang Yès. Dhèwèké ora gelem nyuda bandha sing wis kasil diklumpukaké jalaran ngerti enaké, malah kepara bengok-bengok nggetak kanca-kanca sing diadhepi kaya satruné.

Para durjana nyanyi, njogat-njogèt lan padha surak horé. Saben dina padha nglumpuk, jagongan nggrenengi kelakuwané Bang Yès sing nglalèkaké bot-répoté para kanca lan mitrané. Embuh nganti kapan, Bang Yès bisa langgeng kuwasané. Para kanca lan andhahané rumangsa kisinan dhéwé-dhéwé, jalaran rakyat wis padha mangertèni wadiné. Mula, saiki padha golèk slamet dhéwé-dhéwé.

Si A lan Si B padha muni yès saben ketemu siji lan sijiné, déné Bang Yès mung nggrundhel lan anyel. Mangkel. Wis kahanané lagi keseser kaya ngono, putuné sing biysané bisa nentremaké pikiré jalaran lagi lucu-lucuné amarga bisa ngadeg lan ngocèh, gendhingané saja ngécé.

Oh yès… oh no….! oh yès… oh no….. !

Jebul, anaké Bang Yès ya klebu ora teges. Kerep kelalèn, muter pilem saru saben arep mapan turu, mula anaké sing krungu banjur tiru-tiru. Cilakané, Bang Yès sing dadi simbahé rumangsa kesindhir ocèhané putuné dhéwé, kamanga durung ngerti piya-piyé.

Durjana Macak Ndara

Aja tolah-tolèh, sing yakin waé marang batiné dhéwé-dhéwé. Anggepen, bangsané dhéwé nembé nampa pacoban jalaran wis seprana-sepréné padha ora karep ndandani negara. Senengané padha nganggep diriné wong cilik, sing ora perlu mèlu cawé-cawé mbangun negara. Begja, Gusti Allah isih kersa nyelèkaké mata kita lumantar patrap para durjana sing memba-memba bandara lan satriya.

Anané baya mencak-mencak marang cecak lan durjana umuk bisa nuku prajané jagabaya nganti bisa ngatur lakuné perkara, mesthiné wis cukup kanggo mbesèt rainé para tetungguling negara. Nanging nyatané, tetep waé isih padha durung krasa. Gusti Pangèran banjur ngutus satriya mbangsat ana sajroning rembug tuwa.

Dhasaré matané wis padha picek, kuping budheg lan atiné peteng ndhedhet, sasmita sing wis cetha wéla-wéla kaya mangkono yang tetep durung bisa kawaca. Wusanané, Gusti Allah kepareng ngutus manèh kanggo nyelèkaké mata! Kanjeng Gusti Putri Artalita sing wis cetha durjana lan kajeblosaké ana mbuwèn, jebul énak-kepénak urip mulya ing sajroning pakunjaran. Bèngèsan ora naté kelépyan, resik-resik rai waé ngundang wong ahli.

Émané, presidhèné kok ya mung dikandhakaké wis mireng lan prihatin. Sabanjuré, sing katon mung mentri kang (mmiturut panemuku) éthok-éthok résponsip banjur tumindak cèkat-cèket nglorot Lurah Krangkèng Pondok Bambu. Sing marakaké kemekelen, anané  Kanjeng Gusti Putri Artalita dimulyakaké ana sajroning pakunjaran jalaran mesakaké yèn nganti cilaka amarga dikruyuk wong-wong sing wis luwih dhisik nampa ukuman.

Lha wis samesthiné para sipir, ya prajurit krangkèng iku, duwé kuwajiban njaga aja nganti ana perkara jambak-jambakan utawa gegelutan ana sajroning pakunjaran. Lha wong-wong kuwi diblanja negara supaya njaga katentreman. Tur manèh, anané wong-wong kuwi padha dikunjara pancèn minangka tebusané awit tumindak ala, culika lan durjana marang wong liya utawa negara.

Sing biyasané urip bébas dadi ora bébas, sing kulinané mangan énak dipeksa mangan saanané, ing pangajab supaya padha kapok, banjur mbésuké wis ora bakal mbalèni tumindaké sing gawé ruginé liyan. Lha yèn wong sing jaré diukum nanging isih bisa ngrasakaké pénaké kaya wektu-wektu sadurungé, terus apa paédahé negara mbangun pakunjaran, mblanja sipir, nganakaké sidhang, pepriksan lan sapanunggalané kuwi?!?

Mesthiné, rakyat wis ora perlu manèh rumangsa dadi wong cilik. Adeg-adeg kudu luwih jejeg, paling ora wiwit padha gelem mokong, ora usah mbayar pajek! Yèn tekan titi mangsané coblosan, becik padha ongkang-ongkang ana èmpèr omahé dhéwé-dhéwé (yèn isih duwé). Ora ana paédahé yèn dhuwit pajek mung kanggo mblanja para kècu sing disragami. Ora ana dosané yèn ngéman dhuwit pajek kanggo blanja rabuk utawa tuku beras tinimbang ketiwasan ngepénakaké wakilé, jebul bisané mung bisa ngucap bangsat!

Coba, miturut sampéyan, piyé cara lan laku sing paling trep kanggo ngélingaké para penggedhé, sing bisané tekan ndhuwur ya mung jalaran ancik-ancik lan apus krama marang wong-wong cilik? Ngobong kutha wis genah ora becik, milara panguwasa ya ora kena, tur manèh dilarang agama.

Coba diéling-éling, apa uniné wong-wong sing ngaku makili awaké dhéwé nalika ngemis swara sadurungé coblosan? Sapa sing wareg lan pirang yuta wong sing keluwèn, sing kangèlan nyekolahaké anak-turuné, lan kélangan seduluré jalaran lara kangèlan golèk tamba?

Paribasan ora mangan nangkané, nanging mèlu gluprut awaké kebak pulut. Utangé negara padha kanggo bancakan, déné rakyaté mèlu urunan kanggo mbayar cicilané.

Sasmitané wis cetha wéla-wéla. Para durjana dhemen pupuran kanggo nutupi wanda lan tumindaké, nanging mung padha nggrundhel tanpa tumindak saperlu kanggo dandan-dandan. Wis wanciné para durjana disingkur bareng-bareng, ora dirungokaké kandhané, ora diglapé tumindaké.

Cukup sepisan waé, ya taun iki, padha bebarengan mokong ora mbayar pajek. Yèn nganti pemerintahé utang negara liya, ya diterusaké anggoné mokong supaya ora mèlu mbayar cicilané. Yèn isih durung kapok, dititèni waé suk ora usah mèlu coblosan. Sebab, wis samesthiné wong-wong ndhuwuran sing tau ancik-ancik rakyaté kudu dipeksa supaya gelem ndhungkluk nyawang rekasané wong cilik.

Yèn isih padha pingin dadi ndara, kana dikongkon gawé kraton dhéwé-dhéwé, ora usah cawé-cawé marang negara Éndhonésa. Becik gawé tatanan anyar kanthi ngorbanaké wong sethithik tinimbang wong sing sethihik mau mung ancik-ancik, menthingkrik lan mèlèt-mèlèt kaya kirik.

(Ileré marakaké najis, yen ngregeti awak lan sandhangan dadi reget, ora becik kanggo matur marang Gusti Allah!)