Kepacé Korban Bom Afghanistan

Nyedhaki kenthong subuh, aku ngurupaké Fèsbuk. Mak jegagik! Aku weruh Kang Andi Riccardi onlèn. Aku rada nyicil ayem, sebab kanca sing wis kaya sedulur iku nembé waé cilaka, nampa pacoban saka Pangèran. Panser Stryker sing ditumpaki bareng-bareng karo tentara NATO ngidak bom, banjur njeblug. Wektu iku, Selasa (11/8) awan, dhèwèké mèlu patroli. Iring-iringan nganggo panser papat, sing dinunuti Andi ana ing urutan nomer loro. Mangkono ujaré Kang Andi.

Dhasar wong sableng, wis genah lara kaya kuwi, sing ana kéné bingung marang kahanané, éé… dhèwèké malah tilpun. Aku sing kuduné mapan turu, malah dadi melèkan. Mbokmenawa dhèwèké uga butuh kanca, wong Mbak Pingkan, garwané isih ana njero montor mabur karo Jeng Dessi, kanca sakantoré Kang Andi ing APTN.

Dhasaré ama pulsa, tilpun ana sejam suwéné, crita ngalor-ngidul. Aku mung ngrungokaké, suwarané gandhang, nanging mliyat-mliyut, sajaké amarga salurané ora pati apik. Ditakoni kahanané malah ngèkèk. “Awakku waras, tapi tulang rusukku kiwir-kiwir. Tapi tenang waé, ora krasa lara, kok. Awit Selasa, aku mangan obat sing bisa ngilangi rasa kelaran,” ujaré.

Andi Riccardi nembé dipriksa (Foto: Pingkan Hendriks alias Ny. Andi)

Andi Riccardi nembé dipriksa (Foto: Pingkan Hendriks alias Ny. Andi)

Sadurungé tilpun, Kang Andi chatting karo aku. Dhèwèké nganggo laptop, njaluk diwuruki carané upload tulisan ana NOTES Facebook-é. Aku njlèntrèhi carané, sebisaku. Ngerti-ngerti dhèwèké takon, yèn tilpun aku nèng nomer sing endi (dikirané aku duwé nomer akèh). “Nèng nomer biyasané waé, sing mburiné sèket papat,” jawabku.

Lumantar Fèsbuk, Kang Andi pingin crita pengalamané nampa alangan dina iku. “Aku kesel yèn kudu njawab siji-siji, embuh kuwi liwat tilpun apa nganggo èF-Bi. Mosok crita padha dibolan-balèni!” mangkono alesané pingin nulis pengalamané.

“Yèn wis daktulis, kanca-kanca lan sapa waé rak mung kari maca dhéwé. Aku kepenak, bisa ongkang-ongkang ana rumah sakit sing kaya hotèl bintang lima iki,” ujaré Andi. Ya, dhèwèké pancèn nyritakaké yèn saiki dirumat ana City Hospital, Dubai. Rabu ésuk, dhèwèké lan Emilio tekan kana.

“Rumah sakité kaya hotèl lan rèstoran. Sedhéla-sedhéla perawaté teka, yèn bar takon kahananku banjur nakokaké aku pingin mangan apa. Daftar menu diulungaké, kari milih sasenengé. Sakjané, aku pingin masakan Jawa, nanging angèl golèkané,” ujaré Andi, sing pirang dina sadurungé musibah ngaku pingin mangan indomi karo sambel pedhes.

“Mbak-mbaké ayu-ayu tur grapyak….. Uénak tenan rumah sakité,” ujaré, ngiming-imingi.

***

Dhèwèké banjur crita, yèn dina Selasa iku jan-jané wis males liputan. Mèlu patroli tentara, gambaré mesthi mung ngono-ngono waé. Wong ya bola-bali Andi, sing ora seneng nggambar utawa shooting kahanan biasa-biasa waé. “Tapi aku mesakaké Emilio, ijèn nèng panser ora ana kanca guneman. Mulané aku banjur budhal, niyaté ngancani waé,” ujaré Andi.

Cekaké rembug, panser sing momot Andi lan Emilio, tukang potoné kantor berita Associated Press sing tugas ana Pakistan, iku ngidak bom. Ranjau dharat sing dibasang déning tentara Taliban. Njeblug banter banget, dhèwèké sing keturon banjur njenggirat. Apa manèh, miturut critané Andi, ana sikil tiba ana pundhaké. Basan disingkiraké, jebul sikil sing ucul saka badané wong, embuh sing endi. Ana sajeroning panser, ana wong pitu. Sing loro tukang mbedhil, manggoné ana ngarep dibantu déning tukang nyepakake peluru.

Diinterogasi petugas.... (Foto: Dessi Ariyanti)

Diinterogasi petugas.... (Foto: Dessi Ariyanti)

Andi lan Emilio lungguh adhep-adhepan, adu dhengkul saking ciuté papan lungguhan. Jèjèré sakloron, ana kaptèn lan lètnan NATO, sing jebul padha kélangan kabèh sikilé. Déné Emilio, kelangan sikil siji. Andi ora crita, sikil kiwa apa tengené.

“(Nèng njero panser) wong papat, lungguh adu dhengkul, ranjau meledak nèng ngisoré. Sing 2 tugel kabeh sikilé. sing siji tugel siji, sing sijine mung tulang rusuké tugel 3….Endi sing sekti?” ujaré Andi. Tetep kanthi cengèngèsan.

“Coba sangu keris, sok awakmu waras-wiris,” jawabku sekacandhaké, karo cengèngèsan.

“Iya, ya. Ndilalah aku ya ora sangu keris Brajamukti,” jawabé kanthi ngèkèk.

***

Tilpun iku wis dadi hobi si hama pulsa kaya Andi iki (Foto: Dessi Ariyanti)

Tilpun iku wis dadi hobi si hama pulsa kaya Andi iki (Foto: Dessi Ariyanti)

Andi pancèn wartawan édan sing dakngertèni. Ora duwé udel, sebab ora tau katon kesel. Ora duwé wedi, jalaran tau crita yèn aja-aja Gusti Allah maringi nyawa rangkep telulas. Anané crita kaya kuwi, dhewèké kerep banget slamet saka bebaya. Embuh kuwi ana perang Irak, Ambon, Timor Lèsté, Afghanistan lan liya-liyané. Kamangka, taun 2000 kepungur, gegeré wis kelebon peluruné tentara Afghan. Kamangka, kerep banget dhèwèké nyipati kancané tumeka ing pati, embuh kena peluru utawa kejeblugan granat lan bom.

Saiki, dhèwèké wis rada ngrasakaké luwih kepénak ana Dubai. Ketemu rumah sakit apik, dokter apik lan perawat sing nyambi dadi waitress.

Oh, iya. Mèh ana sing cèwèt. Wingi, dhèwèké ketekan petugas saka Konsul Jénderal Rekiblik Éndonésa. Takon ngalor-ngidul, banjur nakokaké apa sing bisa dibantu. Nanging, sadurungé ngomong akèh, petugas mau crita ora bisa mbantu luwih yèn perawatané ana rumah sakit kuwi. Bareng ditlesih, jebul amarga kuwi rumah sakit larang, lan KJRI ora duwé anggaran.

“Ora usah mikir bayaran rumah sakit, Pak. Kabèh wis ditanggung kantorku!” ujaré Andi.

Krungu jawaban mangkono, petugas mau banjur sumringah. “Liyané kuwi, apa sing bisa dibantu?”

“Yèn ana, aku nyuwun témpé waé,” jawabé Andi. Penjalukan sepélé katoné, nanging gandhèng ana Dubai ora ana wong ngidak-idak dhelé, mesthiné ya dadi méwah jalaran langka. Eéé…  ndilalah kok ya keturutan. Andi lega. Seneng ketemu panganan saka Jawa. (Dhasar ilat ndhésa!)

Petugas mau banjur cekrak-cekrèk, motrèti Andi. Mbokmenawa kanggo lapuran ana kantoré, ing Départemèn Luar Negeri.

***

“Wah, apik kuwi, Kang… Mengko, tulisen nèng èF-Bi nganggo cara kaya awakmu crita karo aku ngéné iki. Bèn padha ngerti jlèntrèhé,” ujarku.

“Asem, ki! Lha wong chatting waé aku males, apa manèh kok crita pengalaman nganggo wujud tulisan. Anané aku tilpun awakmu ki supaya kowé banjur nggawèkaké tulisan kanggo aku. Dadi, aku mung kari ngopi nèng Fèsbuk-ku,” ujaré.

Aku mlongo….. Mata sing wis krasa sepet jalaran ngantuk banget, dadi padhang. Kamangka latar wis kétok njingglang. Aku kelap-kelip, bingung mbayangaké piyé nulisé……

Warsito Merdhéka

Dianggep édan, Warsito ora tau nesu. Sansaya akèh sing ngonèkaké édan dhèwèké, wong lanang sing saiki umuré 50 taunan iku malah sansaya kementhus. “Aku pancèn édan. Arep ngapa, kowé?” Mangkono biyasané Warsito nanggepi celathuné wong akèh. Embuh kuwi mahasiswa, embuh iku seniman. Umuké uga ora tanggung-tanggung: ndudud dhompèt banjur mamèraké potoné dhèwèké jèjèr Mbak Tutut.

“Iki wong ayu tenan! Jan-jané dhèwèké seneng aku, nanging gandhèng aku dianggep ora waras, Pak Harto nglarang,” umuké Warsito, mamèraké potoné sing jas-jasan nganggo dhasi, banjur dijejeraké karo potoné Mbak Tutut sing lagi nganggo krudhung. Embuh entuké nggunting saka majalah apa, nanging Warsito ngaku yèn gambaré Mbak Tutut iku asli poto, dudu gambar saka layang kabar. Yèn wis kaya ngono iku, racaké pada nglengganani. Dhasaré Warsito.

Siji keluwihané wong siji kuwi sing ora bisa dibantah déning sapa waé, yaiku babagan mbiji wong ayu. Mahasiswi sing disebut ayu déning dhèwèké, mesthi padha diamini jalaran nyata-nyata ayu. Saka fakultas apa waé, semèster pira, asalé saka ngendi lan liya-liyané, Warsito duwé informasiné. Komplit. Aja manèh beda fakultas, mahasiswa sing tunggal jurusan waé, pangertèné durung mesthi luwih pepak.

Mula Warsito bisa kanggo conto, dadi bukti yèn Gusti Allah mesthi maringi keluwihan marang sapa waé sing nduwèni kekurangan. Adil. Ora mung wong ganep sing diuja keluwihan, nanging uga tumrapé wong-wong sing kwalitèté padha karo Warsito. Jujuré uga ora mekakat. Saben diwènèhi klambi, jas, dhasi lan sepatu, dhèwèke banjur nyritakaké asal-usul barang pawèhan iku, marang sapa waé sing ditemoni.

“Merdhéka!” Yèn wis krungu swara mangkono, kabèh wong kampus énggal mangertèni, yèn Warsito lagi konsinyir, perluné golèk sawangan sing sarwa éndah, ayu-ayu lan resik.

Tumrapé mahasiswa UNS, tembung “merdhéka” paribasan wis dianggep dadi ciriné Warsito. Dudu duwèké partai, dudu basané pejuang. Saben ngucapaké tembung kuwi, tangan tengené ngepel, kepelané mesthi luwih dhuwur saka sirahé. Ototé kétok metoto saking kencengé anggoné nggegem angin lan jeroné anggoné ngayati kamardikan.

Uteké lokak? Kena waé wong-wong padha nyebut kaya mangkono. Nanging kanggoné Warsito, dhèwèké rumangsa ora lokak babar pisan. Nyatané, dhèwèké isih empan papan, ora naté alok merdhéka ana sanjabané ruang sing ana mahasiswa lan dhosèné. Kaya wis ngerti akibaté yèn dhèwèké ngani muni merdhéka ana sanjabané kelas kuliyahan.

Dhèwèké suthik ngganggu, sanajan senengané inguk-inguk saka suwaliké kaca. Yèn ana sing disir jalaran ayu rupané, dhèwèké banjur nunggoni nganti bubaré kuliayan. Yèn bocah sing disir wis metu, banjur disapa karo ngalem, ngegombal. Yèn sing diundang ora semaur utawa ora ngglapé, dhèwèké ya mung gemremeng dhéwé. Sapungkuré wong sing diladaki lunga, Warsito uga mèlu lunga. Nutugaké laku, scanning wong ayu menyang fakultas-fakultas liyané.

Wis rong puluh taun luwih aku kenal Warsito, wiwit isih kuliyah nganti kerep saba manèh ana Taman Budhaya. Praènané panggah, ora kétok tambah tuwa. Awak-awakané uga ajeg, kaya rambuté sing cukurané dimèmper-mèmperké rambuté tentara pangkat sedhengan. Ora plonthos, nanging rada kandel sethithik. Nèng Taman Budhaya, dhèwèké tau dadi ingon-ingonané Pak Murti, Kepala Taman Budhaya sing wis pènsiun sawetara suwé.

Mbiyèn, Warsito kerep diajak dolan lan jajan déning Pak Murti. Lungguh ngarep sisih kiwa, Pak Murti sing nyopiri. Ora tau alok, ora naté bengok-bengok. Saben awan dolan ana Taman Budhaya, dhèwèke anteng. Diajak gojègan uga nanggepi, nanging ora tau kebablasen kaya yèn sing ngajak gojègan itu para mahasiswa. Mbokmenawa, Warsito pingin njaga prajané Pak Murti. Sebab kèri-kèri aku nembé ngerti, tebul sandhangan lan sepatu sing dinggo Warsito jaman aku isih kuliyah mbiyèn, akèh-akèhé paringané Pak Murti.

Wis ana limang sasi suwéné, aku ora nyawang glibeté ana kampus. Apa isih kerep dolan UNS, aku uga ora ngerti. Sing genah, wektu isih kerep ketemu ana Taman Budhaya, dhèwèké kerep sambat yèn kerep ora kepénak awake. Muga-muga ora ana apa-apa, utawa jalaran mung ketlisipan waé sebab yèn aku dolan menyang Taman Budhaya, biyasa pilih ngentèni rada éyup. Theng-theng crit utawa thenguk-thenguk karo crita, luwih kepénak yèn panasé ora semelit. Dadi, anggoné nyruput kopi utawa wedang temulawak ora krasa kepanasen.

Merdhéka!!!

Lho, kok aku dadi mèlu koplak?!? Ngapurané lho, War,  aku ora duwé karep ngrebut status édanmu :p   Arepa piyé waé, kowé luwih terkenal dibanding rèktor UNS.

Suparto Brata: Blogger Sepuh Crita Nyembrèt Kutang

Sepuluh dina kepungkur, aku olèh kanugrahan saka Pangèran Ta’ala. Nyowani Pak Harsoyo alias Pak Arjo jalaran wis suwé ora ketemu, rasané aku kaya njegur ana sajroning Umbul Mantèn ing Janti, Polanharjo. Banyuné bening, tansah anyep lan seger kanggo ciblon. Ndilalah kersaning Allah, mungkasi jagongan wong loro iku, Pak Arjo nuduhaké buku ngenani Jawa lan basa Jawa, sing pirang-pirang cacahé.

Pak Suparto Brata
Pak Suparto Brata

Gandhèng lagi kemecer ajar basa Jawa, aku nyilih siji. Dom Sumurup Ing Banyu (DSIB), novel anggitané Pak Suparto Brata dakgawa mulih, perluné arep dakwaca kanggo nyocokaké, mbokmenawa tulisan-tulisanku isih akèh sing klèru. Saliyané iku, aku butuh golèk panutan supaya tulisan-tulisanku bisa mundhak apik lan tembungé karoncé kanthi becik lan trep. Asmané Pak Parto wis suwé dakrungu, nanging durung ngerti kaya apa kara-karyané.

Mula, Dom Sumurup Ing Banyu banjur bisa sinebut dadi novel basa Jawa sing sepisanan dakwaca. Yèn crita cekak utawa tulisan-tulisan popilèr nganggo basa Jawa, aku wis tau kenal saka majalah Jaya Baya, Panyebar Semangat utawa rubrik basa Jawa ana koran-koran. Nanging, iku wis biyèn mula wektu aku isih SMP, rikala pamanku sing ngasta guru SD isih sugeng.

Lagi mbukak pirang-pirang kebèt, aku wis ngrasakaké ceblok dhemen marang tulisané Pak Parto. Juanggkrik! Dhahsyat tenan! Aluré dramatiké kepénak, lan ana pérangan-pérangan sing meksa aku kudu ngguyu ngakak. Kaya déné nonton filem James Bond, ana DSIB aku nemoni adegan wong lanang nyembrèt kutang, banjur tangané ngraman lakang, alesané sandhangan jerohan kang bahané saka nilon iku ora pantes diagem déning putri rekiblik. Mèmper-mèmper nggunakaké sèntimèn antinéolib yèn nganggo tembung cara saiki.

Kamangka, olèhé nyembrèt kutang lan grayangan menyang lakang kuwi mau mung kanggo perlu sing mligi lan sawiji, nuntasaké brahi! (Yèn kemecer pingin maca, mangga golèk dhéwé bukuné).

Saka Pak Arjo sing sejatiné jagoan sastra Jawa, aku ora mung ditepungaké Pak Parto lumantar bukuné. Ndilalah, dina Ngad utawa Akad, 14 Juni, Pak Parto dirawuhaké ing Sala déning Galeri Soedjatmoko dadi salah sawijiné pujangga Jawa kontemporèr ana diskusi babagan budaya Jawa kang jejuluk Wong Jawa Ilang Jawané. Continue reading

Pak Murti Pingin Tuku Beteng

Nembé waé aku krungu kabar, yèn Pak Murtidjono mulai ngamèn karo kanca-kanca seniman Sala. Iki ngamèn kang ora baèn-baèn. Pak Murti iku priyayi pinunjul: tau dadi kepala Té-Bé-èS awit ngadegé papané seniman iku Jawa Tengah tumeka pensiuné. Saiki kasuwun kanca-kanca seniman, mandhégani Déwan Kesenian Surakarta. Kok isih kersa ngamèn?

Ya mangkono iku bedané Pak Murti tinimbang karo liya-liyané. Yèn duwé panemu lan yakin beneré, panjenengané mesthi merjuanganké. Ora duwé wedi marang risikoné, apa manèh yèn sing bakal diadhepi isih padha dhahar segané. Priyayiné pancèn nyèntrik, mbois kaya NdoroKakung.

Ngamèn utawa mbarang kan nembé dilakoni, ora ana liya kajaba mujudaké tandha tresnané Pak Murti sakanca marang kutha lan warga Sala. Pak Murti sakanca ora lila yèn Bètèng Vastenburg bakal binangun dadi hotel, kanggo peturoné para priyagung. Petungé, ndadèkake hotèl bètèng iku ateges ngilangaké tetenger, landmark kutha Sala.

Seminggu kepungkur mujudaké sepisanan Pak Murti sakanca mbarang. Manggoné ana Warung Pecel Solo, ing Pasar Beling. Ngamèn sedhéla, watara sak jam, olèh dhuwit Rp 365 èwu. Lumayan, ngendikané Pak Murti.sabanjuré, kaangkah ngamèn pendhak Kemis ana warung kuwi, watara jam siji awan nganti jam loro. Sajroné ngamèn, diseselaké ajakan marang para sutresna supaya nguri-uri Sala.

Saliyané warung iku, ana pirang-pirang warung kang wis ditembung, disuwuni idin kanggo ngamèn. Mbésuk, yèn dhuwite wis nglumpuk, bakal kanggo modhal nuku bètèng kang saiki dadi duwèké Robby Sumampouw, yaiku wong sugih mblegedhu kan uga nduwèni Hailai, rèstoran lan panggonan kanggo jingkrak-jingkak jejogèdan.

Mesthi padha gumun. Arep ngamèn pirang taun supaya bisa nglumpuk dhuwit Rp 500 milyat?

Jawabané gampang: cukup ora cukup, jenengé waé gerakan moral. Ora ana sujarahé, wong ngamèn bisa nglumpukaké dhuwit semono akèhé. Sing genah, wong sugih, apa manèh mblegedhu, wis kerep tuku ukum, tuku kawibawan, nempil kamuktèn lan sapunggalané. Contone wis akèh ana Indonésia kéné.

Bakuné, kabèh wong Sala padha kuatir yèn pemerintahé Pak Jokowi kalah karo kang nduwèni beteng saiki. Éman jalaran kabecikané wis kakèhan tumrape warga saindenging Sala. Manut unè-unèné Pak Anton Moeliono, Pak Yus Badudu lan liya-liyané, aja nganti dadi kasunyatan: karena nila setitik, rusak susu sebelanga.

Nanging aku percaya, kabèh dhuwit kang nglumpuk mau ora bakal kedadèyan bisa kanggo nuku bètèng. Ngendikane Pak Murti kaya mangkéné:

“Dhuwit niku ajeng kula nggé damel patung. Patungé para jéndral sing rumiyin adol bètèng. Yèn tesih turah, patungé andhahane jéndral wau ajeng kula damel sisan. Saged kanggé pengéling-éling anak putu.”

Muga-muga, wong Sala ora usah nemoni patung jéndral sakancané mau ing mbèsuké…..