Wédangan

Seratan iki wis kapacak ing ariwarti Suara Merdeka, Selasa Legi, 11 Februari 2014

Nembé setaun ora mulih nèng Sala, Kang Slamet ngaku gumun meruhi akèhé warung hik utawa wédangan. Ora mung nèng pinggir dalan, ing satengahé kampung malah bisa luwih saka loro cacahé. Sing njalari Kang Slamet sangsaya gumun, saiki malah akèh papan kanggo wedangan kang binangun kanthi dhuwit ora cilik, dudu jut-jutan, nanging malah èm-èman. Ora cukup puluhan yuta, nanging malah kepara ana sing nyedhot dhuwit milyatan.

“Lha yèn bukak usaha wédangan waé nganti ngetokaké modhal milyatan, apa ya bakal bali dhuwité ya, Lik?” ujaré Kang Slamet marang Pakdhé Pur, bakulé wédangan grobagan.

“Ya embuh. Aku durung bisa mbayangké sepira akèh cacahé dluwang dhuwit sakmilyat. Nanging, aku positip waé mikiré. Anané papan wédangan larang-larang kuwi mratélakaké menawa wédangan wis munggah kelasé,” jawabé Pakdhé Pur. “Nyatané ya laris, akèh sing ngiras kanthi rombongan. Tur manèh, klumpukané dhuwit pajek usahané malah bisa kanggo mbangun kutha.”

“Édan ya, Dhé, usahané wong cilik pribasané kaya dirayah déning wong-wong sing duwé modhal gedhé. Lha sukmbèn wong cilik komanan apa, no?” celathuné Kang Slamet.

“Rejeki iku wis ana sing ngatur. Kaya déné tanduran lombok wis ana sing ngecèt, dadi ora perlu sumelang kélangan sandhang-pangan. Tur manèh, sing kuwat jajan larang saben dina, ki rak ya wong sing dhuwité akèh, ta? Tukang parkir bakal keduman, buruh ladèn wédang ya kumanan rejekiné saka usaha bakulan wédang.”

Kang Slamet kukur-kukur sirahé. Sinambi nyawang hènpun-é, dhèwèké nyimak rupané Pakdhé Pur. “Tèhku dijogi manèh, Dhé,” ujaré Kang Slamet kanthi ngulungaké gelasé.

“Bares-barèsan waé, Dhé. Jan-jané sampéyan ki apa ora kewedèn awit anané wédangan sing saiki ngembyah nèng Kutha Sala? Saingan tambah akèh, mesthiné rejeki sing kuduné didum wong sithik dadi didum kanggo wong akèh? Rak ya mung dadi tithik olèh-olèhané, ta?” Kang Slamet mbacutaké ngudhari uneg-unegé.

“Ngapa ndadak gigrik. Kanggoku, iku malah apik tumrapé bakul. Dadi kudu pinter-pinter anggoné nggulawentah usahané. Piyé carané bisa nambah lengganan lan bisa njaga lengganan lawasé tetep bali manèh, ora ucul. Nanging, sanajan mangkono, wong pindhah-pindhah papan wédangan iku lumrah sebab antarané wédangan siji lan sijiné mesthi duwé panganan utawa ombèn-ombèn sing dadi ciriné, sing ora ana kembarané,” ujaré Pakdhé Pur.

Pakdhé Pur banjur mbacutaké dongègané. Ujaré, nalika Kutha Sala sangsaya ramé sinaba dhayoh utawa turis saka kutha lan negara liya, wédangan uga kumanan dadi paran jujugan kaya déné warung-warung soto, selat, pecel lan sapanunggalané. Rèstoran-rèstoran gedhé lan hotèl méwah malah uga katut mèlu-mèlu nyedhiani panganan lan dedhaharan sing dadi ciriné kulinèr Sala.

Hotèl uga merlokaké nyegat lungané tamu sing nginep, supaya ora usah rekasa-rekasa golèk kulinèr Sala ing njaban hotel, ing pangajab dhuwité tetep mubeng ing papan penginepan. Sing mangkono iku mujudaké tanggap sasmitané pawongan sing nggulawentah usaha jasa penginepan ngadhepi kahanan pasar lan trèn seléra tamu.

Papan wédangan larang lan sing larang banget karana méwahé, nyatané uga diperlokaké jalaran seléra konsumèn saiki tambah pepak lan rumit. Ana sing pingin banget dolan nèng wédangan, nanging waniné ngombé legi menawa ana gula dièt utawa gula ‘rendah kalori’. Biyasané jalaran penyakité rada akèh, mula kudu nyingkiri gula tebu.

Ana uga jinisé pawongan sing gampang risi nyawang laler, mula mbutuhaké papan wédangan sing bisa njamin higiene panganan sing didhasaraké. Sing kaya mangkéné, mesthiné dadi kawigatèné para bakul wédangan saliyané nyawisi panganan lan unjukan sing pepak supaya ora mbalèkaké sapa waé sing pingin jajan.

“Lha yèn ana papan wédangan sing kudu mbayar dhisik ing kasir sadurungé lungguh ngana kaé, apa ya mungguh ta, Pakdhé? Rasané kok piyééé…, ngono,” ujaré Kang Slamet.

“Halah, Met. Kowé ki pancèn kurang piknik. Kaya ngono kuwi wis lumrah ing jaman saiki. Luwih praktis, tur ora bakal salah étung. Priyayi kutha saiki wis kulina ngono kuwi. Nèng rèstoran sajroné mal, utawa papan-papan ngopi saiki ya ngono kuwi,” sumauré Pakdhé Pur.

“Lha, tapi, Dhé, rasané kok bakulé dadi ora percaya marang tamuné. Yèn aku kok ora mathuk. Kanggoku, wédangan ki lumrahé ya aba dhisik, nambah ngombé utawa panganan ya kari mbengoki bakulé, mengko yèn wis arep mulih nembé étungan. Prinsip saling percaya iku wis dadi ciriné wong Sala, mliginé bakul wédangan,” ujaré Slamet.

“Wah, dak kira ora perlu kadohan mikir tekan kono, Met. Jaman saiki pancèn wis owah, akèh wong sing mulai luwih praktis lan pragmatis uripé. Arep mbayar kèri apa mbayar dhisik ora perlu dimasalahaké. Bakul wédangan milih sistem kaya mengkono uga karana kahanan, tuntutan pasar utawa konsumen. Lumrah iku,” ujaré Pakdhé Pur.

“Ora, ning wédangan larang-larang ki apa payu ya, Dhé?” pitakoné Kang Slamet.

“Lha ya mesthi payuné. Nyatané ya ora ana sing kukut ngono, lho! Tegesé, sing mbutuhaké ya isih ana lan akèh. Sing kelas rakyat, nyatané ya disaba wakil rakyat, penggedhé lan sapanunggalané. Nyawiji ing kono, akèh tukang bécak lan buruh uga jajan ing papan sing padha. Ya ngono kuwi sing diarani rejeki iku ana nèng ngendi papan. Nyatané, sèwu luwih cacahé wédangan ing Kutha Sala sing mbayar rètribusi saéngga dhuwité nglumpuk bisa kanggo ngapikaké kutha. Aja gumunan ngono ta, Met,” ujaré Pakdhé Pur.

 

Cecak, Baya, Aligator…

Gègèran utawa ontran-ontran baya angop ngécé cecak sajaké bakal rada suwé. Kanggoku, apa sing diramèkaké déning koran, tipi, radio lan internèt saiki nembé pemanasan. Korupsi proyèk radhio ana Départemèn Kehutanan durung ana amput-amputé yèn dibandhingaké marang potènsi korupsi Bank Century.

Malah, miturut pamawasku, saya ramé perkara rekaman tilpuné Anggodo (iki dudu seduluré Anila, lho. jaman wayang durung ana tilpun), wong-wong sing tau kecèh bandha Bank Century bakal luwih seneng. Mula aku dadi kuwatir, sujana, aja-aja perkara siji iki pancèn sengaja terus digawé ramé supaya ora ana sing nguthak-uthik perkara Bank Century.

Dadi, kaya ana priyayi sing lagi matek aji panglimunan, nylamuraké wong sanuswantara. Wong 200 yuta cacahé dianggep longa-longo kaya kebo déning wong-wong sing rumangsa pinter, keminter nanging padha keblinger. Sapinter-pinteré padha nyimpen wadi, tetep waé mambu, banjur kabèh padha krungu sapa sing dadi lakon maling sing saèstu.

Apa tumon, bank kéré sing bandhané ora mbejaji, sing mauné njaluk talangan mung kira-kira Rp 1,7 trilyun malah diwènèhi Rp 6,7 trilyun?!? Lha kira-kira nalaré wong édan ngendi sing bisa nampa alesan yèn bank sing diduwèni Robert Tantular iku pantes ditulungi déning negara semono akèhé, kamangka asèté mung saupil gedhéné.

Nanging kepriyé manèh, pancèn tanahané Éndhonésa iku dadi papané wong-wong édan lan wong ngédan. Kabèh pingin keduman, embuh kuwi saka rayahan utawa apus-apus, sing nyata kabèh mau ora klebu rejeki paringan saka Pangeran. Kabèh padha mabuk, dumèh penthung lan watu bisa dadi tanduran, iwak bisa urip ana kolam susu kaya déné lelagoné Koes Plus kaé.

Aku dhéwé mung bisa ndomblong. Gègèran cecak mungsuh baya iku mung sanépa. Cecak sing kuduné migunani tumrap manungsa jalaran pinter nguntali lemut malah mèlu ngrikiti sembarang kalir. Baya sing kuduné mung kungkum utawa langèn ana banyu utawa klosotan ing lemah pinggiran kali lan wadhuk, pingin nyélaki kodrat, krèkèl-krèkèl ngarah cecak sing manggon ana ngepyan utawa témbok.

Prasasat kabèh wong Éndhonésa wis padha ngerti, yèn baya (sing dadi perlambangé pulisi miturut ngendikané Pak Susno Duadji) akèh sing galak, seneng nyathèk apa waé waton nemu perkara. Zébra, yaiku sandhiné punggawa sambang dalan, kaya dadi mesin sing bisa ngasilaké dhuwit akèh kanggoné korps kepulisian. Sanguné layang manuk (thilang) sing bisa diijon ing sadhéngah papan, utamané tumrap wong-wong sing ora nggawa SIM, STNK, utawa nglanggar aturan lalu lintas, nanging wegah mèlu sidhang ana pengadilan.

Macan utawa sandhiné korps resèrse semono uga. Saking galaké siji-loro oknum, njalari èlèké prajané pulisi. Unèn-unèn sing paling popilèr ana satengahé masyarakat malah manékawarna. Saka sing umum utawa lumrah yaiku golèk uceng kélangan deleg nganti lapur kélangan pitik malah dadi kélangan sapi jalaran patrapé oknum sing dhemen meres.

Sanajan kaya mangkono, beciké kita aja nganti kelalèn, klèru pandakwa. Sing salah iku mung oknum sing cacahé ora mingsra. Sing luwih becik lan temen isih akèh, matikel-tikel cacahé. Kuduné, mumpung lagi dadi sorotan kaya mangkéné, Pak Presidhèn prayoga ndandani korps pulisi. Sing nakal lan jahat dirangkèt banjur dilebokaké mbui, sing apik-apik diwènèhi posisi kanggo reresik.

Kosok balèné, lembaga sing arané KPK miturut aku ya ora resik-resik banget. Sanajan angèl anggonku mbuktèkaké, nyatané aku naté ketemu karo wong sing ngakuné staf ana kantor kang gawéyané nyèlèksi perkara sing mlebu KPK. Wong kuwi crita akèh babagan ‘potènsi kerugian negara’ sana salah sawijiné kabupatèn ing Jawa Tengah.

Critané rada gablang, bisa nyebut jinisé proyèk sing anggarané ora trep, kayata mbangun rumah sakit lan dandan-dandan pasar. Malah, priyayi kuwi nyebut ana pirang-pirang jeneng bupati lan walikota sing bakal dipriksa déning KPK.

Yèn nggatèkaké omongané, wong kuwi kaya-kaya pancèn nasionalis sejati. Sebabé, sanajan ora cetha wéla-wéla, nanging kerep banget nyebut UUD. Mbareng suwé dimat-mataké, jebul UUD kuwi dudu sing ganepané angka 1945, nanging UUD sing jarwané ujung-ujungnya dhuwit. Lha ya wis, jebul priyayi mau pancèn klebu golngané asu.

Perkara bener lan orané wong kuwi saka KPK, nyatané data lan berkas sing disebutaké mau cocok, klop marang kasunyatané. Ngertiku, kancaku sing ndilalah dadi bupati kuwi pancèn mbeneraké data-data sing diduwèni wong sing ngaku duwé wewenang nlisik bocoré dhuwit negara mau. Begjané, kedadèyan anané kerugian negara iku wis pirang-pirang taun sadurungé dijabat kancaku.

Sanajan mangkono, kancaku mau malah ngguya-ngguyu. Rasanan karo aku, jaréné pancèn akèh wong-wong sing ngaku saka KPK kaya mangkono. Dhatané pancèn komplit. Mula wong-wong mangkono kuwi kerep gawé rikuh tumrapé wong-wong sing lagi kesandhung perkara, apa manèh sing bener-bener dhemen nyolong dhuwit rakyat.

Tiwas mènèhi dhuwit, jebul malah disikat kanthi pandakwa nyogok, déné yèn ora ngulungaké nyep-nyep, bisa-bisa dadi nyepetaké jadwal pemanggilan kanggo dhèwèké, lan sapituruté.

Ana peluk mesthi ana geniné. Sapa sing nyumet geni dadi ora penting, nanging sing jenengé KPK kudu dadi lembaga sing kuwat, bisa ngresiki Éndhonésa saka tikus-tikus sing seneng ngrikiti bandhané negara. KPK, pulisi, cecak, baya, kabèh isih pantes ana, miturut kodraté kanggo kebak-kebak donya.

Sing kudu dipikiraké, aja nganti cecak nguntal baya, kosok balèné uga aja nganti ana kedadèyan baya ngidak-idak cecak. Perkara Bank Century-né waé sing perlu énggal dituntasaké.

Sapa ngerti, yèn perkara Bank Century bisa kewiyak, cecak lan baya bisa katon isih ana apiké jalaran nggragas lan kurang ajaré  isih kalah karo sing jenengé aligator utawa malah dinosaurus…

Noordin M. Top Wis Mati!

Malem Setu, satengahé liyer-liyer, aku ditèlpon Djaduk Feriyanto. Durung sida ngomong, aku wis olèh pitakonan rada ngedrèll babagan matiné Noordin M Top. “Kuthamu kuwi anèh tenan! PKI asalé saka kana, saiki kelebon téroris Noordin. Jan, anèh tenan!!!” mangkono ujaré pentholan grup musik Kua Ètnika iku.

Lha apa sambung rapeté karo aku, kok ndadak alok tur nganggo bengok-bengok?

Dhèwèké malah ngakak. Sabanjuré, Djaduk nakokaké kahanané Pakdhé Jarot sing omahé ora adoh saka panggonan bedhil-bedhilan, wektu pulisi keraya-raya anggoné arep ngrangkèt para téroris. “Ya wis, yèn Jarot ora piyé-piyé. Aku mung kuwatir waé, mbokmenawa kebrebegen bedhil-bedilan bengi kuwi,” sambungé Djaduk.

Ya, takon kabar keslametan kanca pancèn ora ana alané. Kepara luwih becik mangkono jalaran nuduhaké tresnané marang kanca. Nanging, sanajan pitakonané Djaduk kuwi mau mung krasa kaya gegojègan, nanging aku dadi mikir. Kena ngapa kudu Sala?

Sasuwéné 22 taun ngambah Sala, pancèn aku ngrasakaké bédané masyarakaté yèn dibandhingaké masyarakat tlatah liyané. Saumpama bisa sinebut ‘kompetisi’, kahanan sosial-budaya lan politik mayarakaté pancèn sarwa maju. Saben lungguhan lunga wédangan, ana ngendi waé krungu wong-wong padha nyatur lan nyandra kahanan.

Nggrenengi kelakuané politisi, partai politik, utawa ngrembug gègèran Bank Century iku wis biasa. Embuh padha olèh bahan caturan saka ngendi, nyatané padha betah rembugan nganti pirang-pirang jam. Nggrenengi téroris semono uga. Nyemak rembugané wong-wong mau, rasané kaya wis padha ngalahaké pinteré pengamat politik. Othak-athik perkara bisa dadi mathuk, liyané sing mèlu krungu uga bisa manthuk-manthuk.

Nanging, bener omongané Djaduk: Sala kuwi pancèn anèh. Lairé Sarékat Dagang Islam (Sarékat Islam/SI) sing relijius waé, bisa ana sing ménggok ngiwa banjur pecah loro, SI Putih lan SI Abang, sing tembéné dadi biyangé komunis. Kamangka, para sudagar Lawéyan wektu ngedegaké SDI/SI iku, niyaté kanggo ngempelaké pasedulurané para sudagar sing pingin berjuwang ngrebut kamardhikan Indonésia.

Undur-undurané, malah dadi gègèran dhéwé, malah Partai Komunis Indonésia banjur ngupaya ngraman liwat Madiun, ora suwé sawisé Proklamasi dikumandhangaké déning Bung Karno lan Bung Hatta. Wektu gègèran PKI taun 1965, Sala mèlu kecathet manèh, dadi kutha sing walikotané jebul pentholan PKI. Aidit, pak-pakané PKI sanuswantara, uga kecekel ing Sambèng, Sala bagèyan rada lor.

Lha saiki kepriyé? Jan-jané ora kacèk adoh, karo jaman biyèn. Mung bédané, saiki luwih akèh sing padha dodolan serban kanggo ngagar-agari liyan. Sandhangané kaya ngulama, nanging gawanané kléwang lan penthungan. Duwé karep bener, nanging carané ora tau pener. Senengé meksa, wong liya kudu manut dhèwèké.

Wis akèh papan kasukan diosak-asik. Mungsuhi wong dhemen nginum jenèwer ora nganggo cara sing becik, nanging ngobrak-abrik. Lumrahé, ngélingaké iku ngaggo cara sing becik, sumèh lan semanak. Ngumpuli wong sing seneng nginum utawa wong kang dhemen ma-lima ora ana salahé. Malah, yèn wis cedhak dadi luwih nggampangaké anggoné élik-élik utawa ngélingaké. Nganggo cara sok kuwasa malah mung ndhedher mala. Kaya kedadèyan sepuluh taun kepungkur, gali-gali sing ora trima diosak-asik papan lungguhané, banjur mèlu-mèlu ngasah pedhang. Sala tintrim, begja ora sida bacok-bacokan.

Tentrem ing tata lair, pancèn béda kalawan tentreming batin. Wis wanciné kabèh padha nata kahanan, supaya Sala bener-bener tentrem njaba-njero. Matiné Noordin M Top ana Sala, muga-muga nuwuhaké kesadharan kanggo urip bebrayan agung. Wong Sala wis ora olèh léna.

Aja nganti wong-wong njaba melu ngèlèk-èlèk kutha kanthi laku kang nalisir saka angger-anggeré agama apa waé. Aku percaya, ora ana agama kang ngajari umaté dhemen tumindak ngrusak katentreman ing satengahing sesrawungan.

Aidit, Noordin, Urwah lan sapanunggalané iku, nyatané dudu wong Sala. Semono uga kulawarga ageng kumpulané ‘bapak jénggot’ sing dhemen gawé perkara ana Sala, wis nyata asalé saka njaban kutha. Kita kabèh kudu wani lan énggal gumrégah, ngadhepi wong-wong sing kelakuané kaya kurawa, sanajan padha kemulan agama.

Layang Blak Kotang

Kakang-kakang lan mbakyu-mbakyu,

Aku bisa ngrasakaké sepira larané atimu wektu ana sedulur mBornéo alok banter, ngonèk-onèkaké awakmu, lan ngundhat-undhat kabecikanmu. Sapa sing ora pingget atiné, adoh-adoh mabur saka mBetawi, nglurug nggawa bala niyat sedhekah ngilmu, nanging tundhané mung dijiwiti?!?

Aku wis nyemak apa sing dadi uneg-unegé pada sedulur ing tlatah sabrang. Ora perlu gumun, aku bisa nemokaké tulisan-tulisan sing njalari kuping panas, wong iki wis ngancik barang ghoib bisa ngasilaké apa-apa sarwa mlaha. Semono uga, aku wis nyemak celathuné sapérangan sedulur mBetawi kang nanggepi.

Yèn panemuku, sapérangan kanca-kanca mBetawi kurang cool, malah kepara mèlu nesu, kebrongot atiné. Kamangka, simbah-simbah, awit mbiyèn mula wis paring weling: ati kena panas, nanging prayogané sirah kudu tetep anyep. Tegesé, ora ana perluné nyalahak­é liyan, golèk beneré dhéwé lan sapanunggalané. Ya kaya saiki iki. Pikolèhé ya mung congkrah. Kamangka, yèn ora énggal dirampungi, wusanané malah bisa marakaké bubrah sembarang dhéngah.

Blak kotang waé, ya. Aku arep blaka marang slira kabèh.

Gunané kuping kanggo ngrungu, semana uga indra liyané sing catur cacahé. Kupingku wis krungu saka kiwa-tengen, sanajan ora akèh, nanging wis cukup kanggo nyucup saripatiné. Wis padha naté mireng ta, yèn aku mbiyèn gawé istilah BloggerNdhésa? Kena ngapa aku nganti kewetu muni kaya mangkono, jalaran aku duwé rasa tresna lan éman karo sedulur-sedulur blogger sing ora sithik cacahé.

Séjé silit, séjé anggit. Lain orang, lain pula maunya. Ya mangkono iku wataké manungsa. Kebak karep lan panjangka. Kaya aku umpamané, tau takon, kena ngapa sing jenengé pésta kudu ana mBetawi? Jawaban sing daktampa kurang luwih mangkéné: sing duwé tembung pésta iku dudu blogger, nanging salah sawijiné perusahaan public relations. Yèn arep gawé kegiyatan nglumpukaké blogger, ora diparengaké nganggo tembung PestaBlogger.

Ya, aku maklum. Anané diarani perusahaan propèsiyonal, pancèn ciriné ya kaya mangkono iku. Yèn duwé istilah –apa manèh pantes sinebut merk dagang, trade mark- ya kudu énggal di-paten-aké (jenengé waé sistem ékonomi liberal-kapitalistik), bèn ora rugi yèn nganti digunakaké déning liyan. Kabèh ana itungané, kabèh sarwa pétung.

Ngéné: perkara mBornéo iku, bisa kanggo kaca benggala. Ayo padha ngilo, mulat sarira. Aja nesu lan aja gela yèn aku kudu crita mangkéné, menawa aku naté ora ngolèhaké kanca-kanca Sala mèlu cluluk rembug babagan pamèr (show) dalan (road). Yèn pancèn gelem, puncaké pésta dianakaké waé ana Sala utawa dhésa-dhésa liya. Ngendi? Sumangga kersa.

Kena ngapa? Sebab blogger saiki wis mujudaké kekuwatan sing ngédap-édapi. Ora mung kanggo seneng-seneng tukang nge-blog­-é, nanging bisa luwih migunani tumrapé wong akèh, lingkungan, lan sapanunggalané. Kena ngapa ana blogger dicekeli oknum aparat-é? Kena ngapa nganti ana istilah anyar jurnalisme warga? Ora liya, kabèh iku mau jalaran potènsi kekuwatané blogger, lumantar tulisan-tulisan lan gambar-gambar sing dipacak ana blog-é.

Anané pemerintah (lumantar kedutaan) Amerika lan perusahaan-perusahaan gelem nyeponsori, uga ana étungané. Bisa matematis-ékonomis, politis, utawa kanggo kepentingan sing luwih dawa, kaya déné investasi wedhak-pupur, utawa image, citra. Undhuh-undhuhané uga cetha, wis sarwa kepetung.

Akèhé cacah blogger lan hama bandwidth ing Indonésia, iku mujudaké potential market kanggoné pabrik-pabrik komputer, modem, tèlpun gegem lan BlackBerry, uga bakul bandwidth. Sepira gedhéné nilai kapitalisasi bisnis iki? Embuh, aku ora mudheng!

Saumpama aku kudu nyebut ana ngendi kurangé, ora liya kabè mau mung ana ing sikap lan keberpihakan. Apa blogger kuwi mujudaké entitas politik? Biya ya, bisa ora. Gumantung saka ngendi ndelengé, nganggo apa pancatané.

Babagan sikap lan keberpihakan umpamané. Kena ngapa perusahaan-perusahaan mblegedhu, sing wis panèn bathi saka dodolan komputer, tèlpun gegem, BlackBerry, iPhone, modem, bandwidth lan sapanunggalané ora mung ngragadi mabur, nginep lan sanguné panitia lan pembicara, nanging dijaluk mbiyantu nyumbang buku, komputer lan sapanunggalané kanggo sedulur-sedulur sing ora kuwat ragad sekolahé?

Paribasan dhuwit tikèt montor mabur Jakarta-Surabaya PP lan nginepé kanggo wong telu, wis bisa diblanjakaké buku-buku wacan, banjur gawé perpustakaan ana ing kampung miskin. Utawa ditukokaké wedhus kaya ing Bangsari mbiyèn, supaya bocah-bocah bisa olèh tambahan ragad sekolah? Pésta-né mlaku, patut-patuté ngamal uga klebu, kecathet déning malaikat.

Saumpama PéstaBlogger dianakaké ana Nunukan, Kalimantan, mbokmenawa donya bisa mangertèni kena ngapa sedulur-sedulur sabangsané dhéwé luwih raket marang Malaysia tinimbang Indonésia. Timbang tuku semèn TigaRoda utawa semèn Gresik sing regané atusan ewu sak zag, luwih becik tuku barang saka Malaysia sing mung sakprosepuluhé. Durung babagan pathok tapel wates Indonésia-Malaysia, sing saya suwé saya nglonjok ing tlatah republik. Saumpama setaun satus mèter mlebuné kanthi dawa atusan kilomèter, yèn genep sepuluh utawa selawé taun, njur mBornéo apa ora kecaplok kabèh?

Iku durung dampak publikasi, yèn para blogger sanuswantara nglumpuk ing ndhésa. Bakal padha nulis sugihé jajanan, panggonan piknik, kepinterané penduduk gawé kerajinan lan sapanunggalané. Sapa sing bakal diuntungaké? Rakyat kabèh!

Coba dibandhingaké:

Ndhidhik wong kutha, rada mampu utawa malah wis sugih sing mung 40 cacahé, ragadé bisa puluhan yuta. Kamangka, dhuwit sing padha cacahé bisa dijèrèng, kanthi nglibataké wong-wong lokal (sing ora mesthi kudu dibayar), embuh kuwi komunitas blogger utawa blogger klambrangan (kanggoku padha waé), bisa kanggo ndhidhik lan minteraké anak-anaké ‘kéré’ sing 100 luwih cacahé saben kutha. Coba, kaya ngapa Indonésia mbésuké?

Bakuné, aja nganti sing drajad kéré selawasé ora mundhak aji uripé. Kosok balèné, sing wong cukup, wis bisa nyekolahaké, ngursusaké anak-anaké…..

Sepisan-sepisan, aja nganti nganggep aku sosialis utawa antikapitalis. Loro-loroné padha waé (kajaba tumrapé panguwasa lawas Indonésia, cap sosialis bisa dikunjara, nanging sing liberalis-kapitalis olèh suka parisuka).

Kakang-mbakyu, nembe iku dhisik panemuku sing kudu dak aturaké kanthi trawaca, blak kotang, sanajan nganggo basa Jawa. Yèn nganggo Bahasa Indonésia, mengko mundhak kakèhan sing mudheng, tur yèn klèru tampa, malah bisa dadi gendra. Pating blasur ora karuwan, malah mung dadi congkrah. Ayo padha dipikir kanthi wening, ditata kanthi becik. Sing wingi, sing wis kelakon, yèn isih kurang ya ayo digawé luwih apik manèh…..

Kakang-mbakyu,

Wingi ana sing dakarani kurang trep, kurang mungguh. Yaiku, blogger mung paribasan dadi kudhung, sanajan kanca-kanca yang butuh payung, ora kétang mung kanggo ngéyup yèn butuh sarasèhan, kumpulan lan sapanunggalané. Sapa sing kudhungan, kanggoku ora liya ya sing jenengé lembaga bisnis, kaya sing diarani pabrik rilésyen iku.

Coba dipikira uga, kedadèyan mBornéo wingi. Kanggoku, kuwi wis mujudaké prekara sing kudu dirampungi. Sanajan durung klebu krisis, nanging wis wanciné dirampungi nganggo cara-cara kerjané wong Public Relations. Supaya ora tambah ndadra, ora ngambra-ambra. Sapa sing bakalé rugi yèn prekara iki dadi gedhé? Ya para blogger dhéwé. Éman-éman apa sing wis dirintis déning kanca-kanca lumantar PestaBlogger sing wis kaping pindho dilakoni. Saiki, kuduné nutup kurangé sing wingi, mangkono saterusé.

Piyé carané nglibataké blogger ngendi waé kanthi sakapik-apiké, aja mung didhikté: diwènèhi sumbangan dhuwit, dikongkon ‘golèk massa’ kanggo mèlu workshop (nanging cacahé diwatesi). Kena ngapa ora diwalik supaya partisipatoris, kanca-kanca ndhésa nyusun kebutuhan lingkungané, banjur ngecakaké program-é. Paribasan babagan Sala, umpamané, kanca-kanca Bengawan lan blogger Sala liyané mesthi luwih ngerti lan paham tinimbang blogger mBetawi. Ya, apa iya?

Kanggo sedulur-sedulurku blogger sing ana ndhésa, daksuwun kanthi banget, yèn celathu utawa komentar ana kéné, tulung aja ngayawara. Sing wening pikiré, sing adhem sirah lan atiné. Yèn mengkoné pating clebung ora konstruktip (bahasané Orde Baru banget, ya?), aku bakal ninggalaké seduluran blogger. Ora arep mèlu komunitas ngendi waé, pilih nge-blog dhéwé, bèn bisa sakepénak udelku dhéwé.

Kakang-mbakyuku ing mBetawi, sing dawa ususmu. Aku nyuwun ngapura yèn ana klèra-klèruné aturku sing wis keladuk wani kurang duga. Jenengé waé bocah ndhésa, mula akèh cacat-cucuté cocotku. Sepisan manèh, aku nyuwun ngapura.

Muga-muga, mbésuk padha gelem nggunakaké bargaining position sing diduwèni. Yèn ora ana sing gelem nyeponsori, ya wis, ora usah nganakaké kumpul blogger gedhèn-gedhèn. Tinimbang wong liya sing untung, awaké dhéwé ketiban awu anget (kaya gègèran mBornéo), kamangka mung kepincut iming-iming gulali utawa glali sing awujud pesta mau.

Éman-éman lan saru, blogger kok gigis…..

Sala Butuh Underpass

Ora suwé manèh, Kutha Sala bakal ramé yèn gedhung Solo Paragon wis rampung pembangunané. Saliyané kondotèl (dudu cekakan saka tembung kondom hotèl, lho), yaiku apartemèn sing bisa disewa kaya déné kamar hotèl, ana komplèks iku bakal ngadeg uga plasa superméwah kanggo ukurané wong Sala.

Méwahé, kira-kira kaya Plaza Indonesia ing Jakarta. Bédané, sing ana Jakarta dalané amba, nanging sing ana Sala iki dalané ciut. Ing wanci budhalan sekolah lan jam kantor waé wis marakaké mlakuné pitmontor lan mobil lendrak-lendrek, apa manèh suk yèn pusaté blanja lan dolan golèk hiburan iku wis dadi papan kanggo jujugan.

Ora mung jam budhalan/mulihé wong sekolah utawa nyambut gawé, wayah wengi uga ora kacèk akèh bédané. Watara wayah bubar magrib tumekané jam-jam sanga, akèh wong seneng dolan golèk mangan utawa lunga blanja. Kamangka ing wayah-wayah iku, sepur Prameks, Senja Utama, Argo Dwipangga, Lodaya, sepur tèngki, sepur grènjèng lan sepur-sepur liyané uga akèh sing butuh liwat saéngga palang utawa tètèg perlu dibuka-tutup. Kamangka, Moewardi ing Kotabarat tambah ciut jalaran akèh sing parkir ana kiwa-tengen dalan jalaran ditinggal jajan.

Ngilo saka anané Solo Grand Mall waé wis njalari maceté dalan Slamet Riyadi sing luwih amba, apa manèh dalan Yasadipura sing ambané mung sepuluh dhepa iku bakal kanggo mlebu-metuné kendharaan cilik-gedhé. Ngambakaké dalan, katoné wis kangèlan. Yèn ngepras kiwa-tengen, wragadé mesthi ora karu-karuan. Hak-é masyarakat sing wis mbayar pajek kaé-kaé bakal kesrobot déning sapérangan cilik sing butuh kia-kia utawa suka-suka.

Tulung, panjenengan sadaya aja nggathuk-gathukaké panemu kaya mangkéné nganggo landhesan sèntimèn kaya-miskin. Dudu. Iki mung babagan manajemen transportasi lan hak-hak publik kang jinamin déning undhang-undhangé negara. (Tembung apa iki? Mosok dijamin banjur dijawakaké dadi jinamin…. Bèn waé, lah. Sapa ngerti dadi sumbangan tembung anyar).

Mliginé babagan transportasi iki, sajaké perlu énggal dipikiraké perluné gawé trowongan utawa underpass ana ngisor ril kidul GOR Manahan. Yèn tetep nganggo modhèl palang thulat-thulit kaya saiki, sajaké bakal mbebayani kanggoné wong akèh. Umpamané wektu ésuk lan soré. Sepur sing mlaku ngétan-ngulon rada kerep, pitmontor lan mobil uga ora lumrah akèhé, mula maceté tumeka kulon lapangan Kotabarat.

Yèn wis mangkono iku, lampu bang-jo kaya ora paédah jalaran kabèh pada rebutan golèk dalan kanggo nglakokaké kendharaané. Sing rumangsa wis mandheg kesuwèn jalaran antri kepalang sepur ing kidul utawa wétan bang-jo mesthi rebutan mlaku. Sing rumangsa éntuk ‘dhawuh’ mlaku jalaran lampuné murup ijo semono uga énggal-enggal mancal gas. Rebutan mlaku? Wis mesthi…

Coba waé dibayangaké suk yèn ketambahan wong wira-wiri mlebu-metu Solo Paragon, bakal kaya apa ruweté dalan kuwi. Yèn kahanané dadi mangkono, banjur apa paédahé mbangun gedhung méwah sing jaréné bisa njalari sempuluré rejeki kanggo wong cilik sing bakalé uga bakul sega lan jajanan ing sakiwa tengené papan iku?

Mumpung durung kebacut, rasané prayoga diwujudaké sing jenengé trowongan utawa underpass iku. Tinimbang ngulur wektu nanging tibané dalan kebacut dadi ramé, bakalé dadi luwih ngorot-orot biayané. Luwih becik cepak-cepak payung sadurungé udan, timbang mbésuké kudanan thili-thili, apa manèh yèn nganti marakaké wong akèh padha mbrebes mili. Kamangka, sing digolèki wong akèh iku ora liya sempuluré rejeki utawa rejeki kang mbanyu mili.