Pesugihan Jaman Buta

Pesugihan iku klebu ingon-ingon, nanging ora katon wujudé. Jaman durung ana crita wong mati kesetrum nèng ndhésa, tembung pesugihan kerep kanggo ngarani utawa ndakwa wong sugih, utawa sing bandha donyané sarwa luwih tinimbang tangga teparoné. Ana sing diarani ngingu buto ijo, thuyul utawa inthuk, lan sapanunggalané.

Bisa uga, wong-wong pinter bakal ngarani iku dadi wujud ‘playon’ tumrapé sing padha rekasa uripé. Aja ngguyu sik, jalaran aku ora ngerti padhanan utawa sinonim-e tembung kuwi. Bakuné, sing dakkarepaké ‘playon’ iku pelarian utawa escapism, yaiku cara kanggo nglalèkaké utawa wegah nampa kasunyatan, banjur golèk-golèk cara kanggo sélak marang kahanan. Bèn dadi urusané ahli psikologi utawa filsuf waé, lah…..

Kaya apa wujudé pesugihan, ora ana sing ngerti. Sing genah, saliyané disraya golèk bandha, sing arané pesugihan bisa didadèkaké security officer utawa satpam sing ora kasat mata. Umpama sing ngingu pesugihan duwé warung utawa toko, biyasané ingon-ingoné bakal memangsa marang sapa waé sing ganggu gawé juragané, umpamané sing nyolong bakal nandang lara, utawa malah diarah patiné.

Sing gelem kaya ngono kuwi, biyasané pesugihan sing wujud kethèk utawa buta. Yèn inthuk utawa thuyul, senengané nyeler utawa njupuki dhuwité wong liya. Inthuk lan thuyul, jaré wujudé kaya bocah cilik, bisa saba dhéwé, bisa uga digéndhong ndarané banjur diuculaké utawa dingon ana pasar, dhésa-dhésa lan sapanunggalané.

Babagan buta pesugihan, aku duwé pengalaman. Rikala aku lagi sekolah kelas 1 SMP, seduluku ana sing ujug-ujug ngomyang dhéwé. Lara nganti sasèn-sasèn, awan-bengi tansa ndleming. Saben ditakoni, dhèwèké kuwi sing ngrasuki sedulurku tansah njawab arané buta ijo, ngaku ingon-ingoné Mbah X.

Dhewèké ora gelem ngaku apa salahé putriné bulikku marang Mbah X, nanging tansah nyebut yèn sedulurku kuwi wis tumindak salah. Pirang-pirang wong pinter utawa dhukun ditekakaké, jawabé padha waé. Anèhé, sing ngrasuki mau bisa nyebut jenengé para dhukun lan saka ngendi asalé. Arep ora percaya nyatané ana, nanging yèn percaya ya kudu piyé. Prinsipku, barang ghoib iku ana.

Yèn nilik saka saben dinané sedulurku, nalaré dhèwèké ora kenal marang para dhukun kuwi, apa manèh nganti bisa nyebut asal-usulé lan sapanunggalané. Coba, nalar apa sing bisa njelasaké fenoména pesugihan? Saumpama kuwi tinggalané Walanda utawa carané bangsa penjajah kanggo nglestarèkaké cara mikir klenik, kok nyatané bisa dirasakaké?

Nganti saiki aku ora mudheng babagan siji kuwi. Sing genah, ana watara setahun sedulurku ngomyang terus, nanging banjur bisa mari, embuh mbiyèn sapa sing nambani. Aku wis lali.

Bisa waé (iki nganggo nalar klenik) sedulurku tau njupuk barang basangan. Jaré wong-wong mbiyèn, racaké wong duwé pesugihan kudu makani kang wujud manungsa. Ana sing ndadèkaké anak utawa kulawarga sing dadi wadal utawa tumbal, ana uga sing ndadèkaké wong liya kanggo pakané ingon-ingon mau. Jaréné jaré, kabèh mau gumantung ujaré nalika golèk pesugihan, sing dilantari déning juru kunci papan golèk buta ijo lan sapanunggalané.

Nanging, angèl tenan nggolèki bukti babagan kaya mangkéné. Bisané mung nganggo nalar othak-athik banjur digothak-gathukaké, dilambari ilmu ‘asas pembuktian terbalik’. Yèn wong katon cepet sugih lan ndedel kamangka panggautané ora béda adoh saka sadurungé, wong liya banjur ngarani wong kuwi ngingu pesugihan. Yèn ana kulawargané sing mati satengahé bribik-bribik sugih, banjur diarani ndadèkaké tumbal kulawargané kanggo pakané pesugihan.

Pancèn absurd. Nanging ya kaya ngono kuwi alam pikiré ‘wong kalah’ jaman biyèn. Béda karo jaman saiki, pesugihan bisa awujud ilmu, pacakan lan lambé lunyu kaya wong mentas kemu oli. Sekolah dhuwur banjur duwé jabatan bisa njalari sugih. Waton pinter rembugan lan ndhelikaké kelicikan, bisa dadi modhal kanggo maling. Kaya sing sumebar ana départemen-départemen kaé, isiné wong-wong sing duwé pesugihan modhèren.

Yèn nganti kecekel pulisi, jeksa utawa KPK, lunyuné lambé bisa kanggo modhal éndha supaya luput ing pandakwa. Coba saiki golèkana, apa ana pejabat sugih sing diarani ngingu pesugihan? Mesthi mung dibatin pinter olèhé korupsi. Amarga jaman wis malih lan alam pikiré wis béda, nyebut pesugihan waé wis ora wani. Wedi dianggep ora maju, wegah dionèkaké ndhésa. Ya, ta?

Yèn kanggoku, sing jenengé buta utawa kethèk iku isih èksis tumekané saiki. Bédané, gandhèng wis akèh pabrik tèkstil, warnané klambi buta ana pirang-pirang. Mbiyèn, buta klambi kuning ngentèkaké alas lan gunung. Tumbalé akèh banget. Nèng Kedhungombo, Cimacan, Papua, Kalimantan, lan sapanunggalané.

Bar kuwi, buta klambi ijo lagi bribik-bribik sugih, buta kuning ora trima. Ngajak buta sragam biru jilid satu, buta ijo diosak-asik kanggo mulyakaké buta anyaran. Kostumé ganti abang. Teruuussss waé, buta diganti buta. Jenengé waé Orde Buta. Buta abang kejungkel, banjur digantèni buta klambi biru jilid loro. Embuh kapan buta biru jilid loro modar disruduk banthèng utawa kebrukan ringin.

Begjané, buta saiki rada angèl dimungsuhi. Jenengé waé buta kolaborasi, mula sandhangané uga warna-warni sanajan sing mimpin tetep buta biru. Mlèsètaké jangkané Éyang Ranggawarsita, iki wis titi wanciné ngancik jaman buta. Sing sapa wongé ora gelem mbuta, ya ora bakal olèh dum-duman.

Rai Gedhèk, Endhas Tank

Lucu tenan omongané Among dina iki. Loko (wacanen: kumendhan) Koalisi Rakyat untuk Hak Atas Air (KRuHA) iku ngonèkaké Èdisius rai gedhèk, endhas tank. Tegesé, ngancing lawang utawa teteg! Gara-garané sepélé, aku ngécé Èdi yèn dhèwèké ngalap berkah saka aku: nyruput kopiku tanpa nembung banjur njupuk rokok karo cengèngèsan.

Nanging, kuwi mau mung guyon, gojègan antarané kanca marang kanca sing nembé padha methentheng, serius mikir advokasi perkara PAM Jakarta sing diuriki déning para pemodhal. Ana perusahaan loro cacahé, sing ngapling panggonan kanggo adol banyuné Gusti Allah.

Among anyel, jalaran PAM Jakarta lan pemerintah DKI ora énggal nundhung minggat pada pemodhal, sing mung nyedhot bandhané rakyat Éndhonésa, kamangka wis rolas taun dodol banyu èlèk menyang warga Jakarta. Sing ora anyel sapa, coba: wis banyuné buthek, regané larang.

Malah, warga Jakarta Lor sing mapan ing cedhak segara padha ora kumanan banyu. Pipané akèh, dawa-dawa lan mlebu ing omah-omah sing jejel-riyel. Nanging, ora ana siji-sijiya sing metu banyuné. Malah, sok-sok mung kanggo dalan cacing. Lha kok ngono, wargané isih dikongkon mbayar sing jenengé beban ongkos pemeliharaan jaringan.

Sing nggumunaké, warga sing padha suthik, ora sudi mbayar tetep olèh tagihan, nganti padha nunggak paling sithik rong yuta rupiah. Yèn ngono kuwi, sing édan sapa?

Operator, yaiku PT Palyja (sing nguwasani kulon Kali Ciliwung) lan PT Aetra (nggantèni PT TPJ) ing sisih wétan tetep ngeruk bathi, kamangka yèn manut perjanjèn sing digawé taun 1996, wis kudu bisa mènèhi banyu resik, sing bisa langsung diombé saka kran. Lha saiki, nyatané durang ana banyu sing bisa lansung diombé. Kanggo masak waé isih padha nganggo banyu galonan utawa tuku banyu resik drop-dropan tèngki saka Gunung Putri  lan Sukabumi.

Anèhé, pemerintah saja mung njublek, meneng waé. Rakyaté protès ora diglapé, padha dhemo yang mung meneng waé. Kamangka, rakyat butuh ngélingaké, yèn hak-é durung kecukup. Jiann… Pemerintah ki piyé ta….

Mula, nyawang kedadèyan kaya mangkéné, aku kèlingan tembungé Among: rai gedhèk, endhas tank. Sajaké, para nayakaning praja sing luwih pantes olèh sebutan kaya mangkono. Dudu Èdi, apa manèh aku. Hehehe….

Pasar Cilik

Tembung pasar cilik pancèn ora trep yèn disandhingaké karo minimarket. Pasar cilik, lumrahé ya mung pasar sing ora pepak isiné, tur anané mung ana dhésa sing adoh saka kutha, lan biyasané buka ing dina-dina pasaran. Sapepak-pepaké dagangan, ora akèh kaya pasar-pasar ing sacedhaké kutha, sebab sing padha butuhaké ya pancèn ora sepira akèh.

Sanajan kaya mangkono, pasar cilik nyata dibutuhaké wong akèh. Tanpa kuwi, pawon-pawon bakal sepi nyenyet jalaran ora ana wong olah-olah. Bumbon durung mesthi cumepak sanajan kebon ing dhésa isih amba-amba, mula kudu blanja menyang pasar. Gula, tèh lan kopi, umpamané, bisané digolèki ya mung ana pasar.

Nganging kocapo, rejaning jaman wis sansaya mbilaèni. Ana padhésan sing cedhak kutha, pasar cilik sing tumekané saka kutha gedhé wis ngembyah. Apa manèh yèn padhésané wis jejel riyel kebak manungsa, pasar cilik bisa diarani ngrembaka. Wujudé toko, njeroné adhem jalaran nganggo AC. Wong-wong dhésa bisa ngadhem ana sajroné toko, karo milih dhéwé barang-barang sing dibutuhaké.

Wong tuku rumangsa mardhika, milih sing disenengi banjur nglebokaké dhéwé ana kranjang sing wis cumepak. Yèn wis rampung, kari mlaku menyang kasir, banjur mbayar ngenggon. Pénak, ora usah nyang-nyangan. Rembugan yang mung sakecap, paling-paling ya meneri wektu mbayar.

Blanja menyang pasar cilik jinis iku njalari mongkogé ati, rumangsa uripé wis tambah maju, ora béda karo wong-wong kutha. Sugih-miskin ora katon béda, mula padha seneng blanja menyang kana. Kamangka, ana pasar cilik kaya mangkéné, jujul satus-rong atus kerep ora diwènèhaké. Alesané ora ana dhuwit rècèh. Malah, kasir sing gelem mbalèkaké wujud permèn dianggep luwih apik sanajan permèn mau regané ora ana separon jujulé.

Anèh tenan wong-wong saiki. Sanajan mlarat, dhuwit satus-rong atus ora dianggep. Kamangka, kanthi padha meneng waé, ora njaluk jujul utawa susuk, bisa dianggep ngesahaké wong maling melèk-melèkan, sing sabanjuré dadi budaya utawa pakulinan. Manajer lan pelayan pasar cilik bisa nglumpukaké dhuwit gabrulan, jalaran cukup ngulinakaké ngomong ora ana rècèhan lan sapanunggalané. Coba diétung, yèn sedina ana wong limangatus sing tuku, wis pira dhuwit sing bisa diklumpukaké kanthi cara ora bener.

Sing padha tuku mèlu salah ndhedher budaya sing ora becik. Dumèh mung satus ora ditakokaké, apa manèh dijaluk. Isin utawa gèngsi sing dadi alesané.

Kanggoku, iku pratandha anané kabudayan sing kurang becik. Sing kudu diklérokaké ora liya ya pemerintahé sing gampang mènèhi idin kanggo ngadegé pasar cilik mau. Padha karo wong sing isin utawa gèngsi njaluk jujul, para bupati isin yèn dhaérahé ora ana pasar cilik, rumangsa kétok ndhésa, ora maju. Lha apa perluné cap maju yèn anané pasar-pasar cilik mau mung matèni warung-warung ana sakiwa-tengené?

Wis ora kurang anané Indomaret, Alfamart lan sapanunggalé ing dhésa-dhésa. Malah, krasa banget yèn kahanan wong saiki sing pingin sarwa cèkat-cèket malah dirabuk kanthi cara nyegkuyung anané lomba akèh-akèhan pasar cilik sing pesertané ya mung loro: Indomaret lan Alfamart!

Pak lan Bupati, kapan sira bakal majokaké rakyatmu yèn idin ngadegé Indomaret lan Alfamart diobral kaya mangkono? Kowé kabèh seneng ya, yèn rakyatmu kangèlan ngupaya upa?

Dhuwit Cring

Dhuwit cring wis rada ora kajèn wis awit biyèn. Bocah-bocah cilik ing ndhésa waé padha kléwa-kléwa yèn saben budhal sekolah disangoni nganggo dhuwit cring. Karepé dhuwit dluwang, sing kamangka wis ora ana dhuwit dluwang ijo gambar munyuk. Atusan abang, saliyané wis ora ana, pancèn ya wis ora aji.

Saumpama isih ana sing ngajèni, paling ya mung tukang pijet sing lumrahé kudu bisa ngeroki, utawa wong sing dhemen pijet lan kerokan kaya aku. Kuwi waé wujudé dhuwit isih dipilih, paling ora dhuwit cring limangatusan warna kuning, utawa dhuwit lawas sing kawentar kanthi sebutan bénggol.

Cah cilik waé wis nglepèh, ora doyan dhuwit cring, apa manèh wong gedhé, wong brèwu. Wong-wong jinis kaya ngéné iki paling seneng dhuwit dluwang abang gagrak anyar sing ajiné 10 sèn (dolar Amérika). Nanging, anané dhuwit jinis kuwi ana kanthongané ya mung saperlu kanggo jagan tuku bènsin. Kanggo perlu madhang lan ngombéné, cukup ngulungaké kertu sing digawé saka plastik. Tapak asma utawa ndudul angka PIN, bèrès sakabèhé!

Wong-wong brèwu, wong sing sugih mblegedhu ora kenal sing jenengé dhuwit cring. Lunga-lunga utawa mobar-mabur saparan-paran ora perlu ngetokaké dhuwit, apa manèh dhuwit rècèh, mbuh dluwang apa manèh sing krincingan.

Nanging, kuwi dongèng utawa crita wingi-wingi sadurungé kanca-kanca sing seneng internètan gawé ontran-ontran. Ana ing Fèsbuk, akèh sing padha ajak-ajak béla tresna marang Prita Mulyasari, lan sapanunggalané, kang sabanjuré ana gerakan Koin Keadilan, yaiku nglumpukaké dhuwit cring, kanggo tetulung marang Mbak Prita kang dicilakaké déning wong-wong kang rumangsa dièlèk-èlèk (kamangka sejatiné tumindaké ya durung trep kanggo larané Mbak Prita).

Dhuwit cring sing ora aji (buktiné kabèh supermarkèt ngrayah peksa susuk, saka selawé nganti atusan rupiah), sing mung kanggo kerokan, sawisé diklumpukaké bisa kanggo tetulung ngiras-ngirus melèhaké, mirang-mirangaké pulisi, jeksa, hakim, penggedhé negara, kalebu wong-wong saka RS Omni sing téga merkarakaké babagan sepelé, sing kuduné wis dadi kuwajibané mènèhi kemareman kanggo Mbak Prita sing wis mbayar wektu mertamba.

Dhuwit atusan yuta lan seket yuta sumbangané para pinunjul, prasasat dadi ora ana ajiné yèn ditimbang karo akèhé dhuwit cring sing nglumpuk saka laladan ngendi waé ing Éndhonésa lan mancanagara, saka wong cilik sing salawasé urip mung dirèmèhaké, dianggep ènthèng. Nem atus yuta luwih dhuwit cring sing bisa diklumpukaké saka sedulur-sedulur sadonya!

Yèn keadilan wis dianggep rècèh, kita kabèh sayuk rukun padha bebarengan nglumpukaké barang rècèh.

Ya, pancèn dhuwit cring sing dianggèp rècèh déning para penggedhé (sing rumangsa duwé kuwasa linuwih), nyatané bisa mirang-mirangaké sapa waé. Samesthiné klebu ing kéné, yaiku para pengadil sing wis mutus perkara tanpa linambaran keadilan kang sejati, kang wis padha nuntut lan mutus perkara kanthi nglirwakaké rasa kamanungsan.

Nanging, keparengé Gusti Allah nyelèkaké mripaté sapa waé tetep ora tedhas kanggo ndhodhog atiné para pengadil. Pulisi, jeksa lan hakim isih waé seneng sawiyah-wiyah, milara wong cilik kanthi dhedhèpèl ukum lan paugeran kanthi kaku. Wis cetha digugah Gusti Allah lumantar perkarané Mbak Prita, tetep waé ngunjarakaké priyayi sepuh sing kepeksa nyembrèt kakao, banjur nyilakaké priyayi-priyayi sing uga sepuh jalaran ngelak banjur kepeksa nyolong woh semangka.

Donya kuwalik-walik, rasané kaya sengaja diwalik. Anggada sing wis cetha wéla-wéla pamèr kuwasa ngiles-iles donya pengadil ora diapak-apakaké, garong dhuwit Bank Century sing ngrugèkaké trilyunan dhuwit rakyat ya mung dijarké waé. Ontran-ontran kaya déné mung samudana kanggo ngobati rasa kuciwané bangsa, banjur digawèkaké sandiwara.

Wong-wong gedhé, pancen seneng barang ringkes. Dhuwit cring sing ora ringkes padha disirik, nanging dluwang cilik nganggo orèk-orèkan tandha tangan luwih disenengi jalaran luwih luwes. Mula, ngendikané para penggedhé njalari weteng rakyaté dadi mules. Ukum bisa diiles-iles yèn wis padha nampa olèh-olèh sing luwes.

Satenané, aku ora percaya yèn para pengadil perkarané Mbak Prita, Mbok Minah, lan sapanunggalané iku bisa resik saka godhané barang luwes. Padha karo sedulur-sedulur sing keraya-raya nglumpukaké dhuwit cring (kanggo mbiyantu Mbak Prita lan ngécé keadilan sing isih larang ing Éndhonésa), aku durung bisa percaya yèn korupsi wis ilang saka jagad ukumé Éndhonésa.

Dhuwit cring, sanajan ora aji yèn mung cacah siji, nyatané bisa kanggo pengiloné sapa waé bareng wis diklumpukaké. Aku dhéwé, ndilalah ora bisa mèlu-mèlu nglumpukaké dhuwit kaya mangkéné. Nanging, aku isih nyimpen lan bakal nambah cacahé simpenan dhuwit cring, jalaran aku pingin banget nggunakaké cara kasar-kasaran modhèl ndalanan.

Suk, yèn ana wong tumindak ora adil, utamané wong-wong sing kemresik-resik, ngaku becik lan rumangsa duwé jeneng apik banjur ngosak-asik wong cilik, aku ora arep percaya karo ukum. Aku pingin males ukum kanthi cara njejeli cangkeme wong-wong mau nganggo dhuwit krincing sing akèhé paling ora saktempolong tilasé wadhah oli.

Dadi, cèprètan oliné bisa kanggo lunyu-lunyu, bèn gampang anggoné ngulu dhuwit-dhuwit krincing mau. Sumbarku mangkéné,

“Untalen dhéwé adilmu, Su!!!”

Pelem Sengir

Wanci sore ing sawijining dina, aku pamit mulih sawisé mertamu sawetara ana ing dalemé kanca. Aku disangoni cangkokan wit pelem, sing jebulé naté dakpesen wektu aku dolan kira-kira rong sasi sadurungé. Aku lali saplengan, ora kèlingan yèn naté kepingin duwé wit pelem sengir dhéwé, sing wis mataun-taun kangèlan golèk wohé sing dadi senenganku rikala isih cilik.

“Lataré taksih longgar, ta?” pitakoné kancaku. Aku manthuk, banjur njlèntrèhaké ambané papan kanggo nandur wit pelem paringan kuwi.

Nembé njawab sakecap, kancaku nerusaké anggoné ndangu. “Rak nggih sampun gadhahané piyambak, ta?”

Sepisan iki, aku gèdhèg. “Nyuwun pangèstu kémawon, mugi-mugi saged kula pundhut. Saumpami mboten, nggih idhep-idhep nandur kabecikan, nilar tetenger supados ingkang kagungan griya remen kula rumat,” jawabku. Aku banjur nyritakaké yèn papan sing dakpanggoni saiki isih kanthi cara nyéwa utawa kontrak taunan.

Sajaké kancaku seneng jalaran olèhé rekasa nyangkok ora muspra. Nanging saumpama katon kuciwa, winih mau bakal dakgawa mulih menyang ndésa, sing kebon lan lataré isih rada amba.

***

Sajaké pancèn wis ginaris dadi begjaku. Olèh winih wit pelem sengir, sing sangertiku wis langka ing jaman saiki. Aku dhéwé, wis ana rongpuluh taun ora meruhi woh pelem sing awit pentil waé wis legi, apa manèh matengé.

Aku banjur kèlingan wektu isih cilik seneng mbalangi woh-wohan sing pating grandhul ing lataré Mbah Lurah Dhongkol, sing papané ana mburi omahé simbahku. Saben konangan, aku sakanca padha mlayu, ora nggagas yèn woh-wohan sing mauné abyor ana pang wis padha pating glundhung ana latar.

Woh pelem sengir wujudé bunder, ora gedhé-gedhé banget. Yèn gelem awoh, biyasané abyor utawa ndadi. Yèn wis tuwa ana semburat ungu ana bongkot utawa cedhak ganthilané. Déné yèn mateng wit, titèn-titènané rada gampang. Semburat unguné isih katon, nanging pucuké pelem dadi semurat kuning rada abang.

Yèn olèh sing mateng uwit, bungahku ora mekakat. Apa manèh yèn nganti olèh pelem tiban sisané Dèn Mas Codhot. Hmmm….. Lha mbok golèkana pelem sakjabalkat sing bisa ngalahaké manisé. Pelem gadhung? Pelem gandhik, kwèni? Wis, ora ana amput-amputé, apa manèh yèn mung pelem arum manis sing sangertiku klebu jinisé pelem dadèn-dadèn utawa asil saka stèk pirang-pirang jinis pelem.

Ayo, sapa sing isih duwé wit pelem sengir? Wani botohan, mesthi mung siji saka wong sewu sing seneng nandur pelem. Tur manèh, racaké sing omahé ndésa kaya aku wis padha ngganti tanduran kuwi kanthi wit-wit pelem gagrag anyar kaya jinisé arum manis. Butuhé mung pada seneng nyawang yèn wit-witan kaya jinis arum manis kuwi padha awoh. Wité ora dhuwur, godhongé bisa kanggo eyup-eyupan, tur wohé akèh. Panèné uga gampang, ora butuh sosoh.

Béda karo wit pelem sengir sing racaké dhuwur-dhuwur, saéngga ora gampang yèn arep methik utawa manèn. Apa manèh wong-wong jaman saiki ora ana sing seneng pènèkan. Hahaha… Apa manèh seneng pènèkan, bisa mènèk waé paribasané wis klebu wong pinunjul. Jaman sarwa gampang, yèn butuh njupuk who-wohan sing manggoné ana ndhuwur ya kari golèk sosoh utawa mènèk andha.

Béda karo jaman cilikanku biyèn. Bocah ora bisa diarani lanang yèn ora bisa mènèk wit-witan. Sing paling peng-pengan, ya wong sing bisa lan wani mènèk wit klapa. Coba padha diéling-éling, apa saiki isih ana bocah utawa wong kesliyo utawa tangané putung jalaran tiba saka mènèk wit, utawa katut sempalan pang getas sing kepidak wektu ngranggèh woh-wohan?

(Jaman saiki, sing akèh ya mung wong méngslé utawa njepat balungé jalaran tiba saka numpak pit montor. Iya apa ora?)