Kepacé Telalé

Durung suwé iki, aku krungu crita nganyelaké. Kedadéyané katon sepélé, ananging dadi gawé, dadi ontran-ontran gedhé, nyilakakaké sing duwé gawé. Bocahé kemaki, sanajan isih klebu cilikan. Umuré durung ganep limolas taun, nanging kurang ajaré wis keliwat-liwat. Apa tumon, bocah umur semono waé wis dhemen srabi lempit.

Kocap kacarita, bocah mau adoh-adoh lunga ninggalaké negarané saperlu mèlu pasamuwan agung kanggo merjuwangaké nasibé wong akèh, utamané wong-wong miskin kang kurang diopèni negara lan pamarintahé. Kulitané njanges, kaya kanca-kancané sanegarané.

Dhasar bocah, rumangsané adoh-adoh nyebrang segara mung plesiran, kanggo seneng-seneng. Mula sawisé paripurna pasamuwan, dianakaké pésta kembul bujana andrawina. Ana sing nembang top fourty-nan, uga ana beksan. Kabèh kanggo hiburan, nglelipur rasa lan pikir kang wis kaperes telung dina suwéné.

Wengi iki, si bocah kemaki jowal-jawil mléroki wanodya nom-noman kang ditemoni ing pasamuwan. Cekaké, bocah iku dhemen marang si wanodya, banjur diterusaké kencan ngajak mlebu kamaré. Ora ana sing weruh lungané wong sakloron, uga ora an sing ngerti keperluwané.

Ora sawetara suwé, bocah lanang kemaki iku banjur marani panitia. Ngalor-ngidul nyritakaké kedadèyané, wadul yèn dhèwèké dadi korban harasement utawa pelècèhan. Kahanan gègèr sanalika. Siji-loro kanca sing wis nggliyut jalaran ngentèkaké bir pirang-pirang gendul dadi anyel. Sirahé nggandhul, kagol sing ngunjuk toya rembug utawa air kata-kata.

Jalaran perkarané klebu wigati, bocah sing didakwa nakali dhèwèké banjur diundang, padha disidhang. Kabèh dijaluk njlèntrèhaké larah-larahé kanggo mangertèni dhodhok sèlèhé.

Sawisé kabèh kababar kanthi gamblang, jebul konangan yèn bocah lanang sing isih mudha taruna iku mau mung ngarang crita, karepé kanggo tamba gela. Wanodya sing diajak ngamar mau jebul mung katon ayu saka sandhangané. Sabab, bareng wis padha wuda mblejet, jebulé loro karoné kaya gajah: duwé telalé!

Bocah cilik mau banjur ngarang crita, gawé pitenah. Nanging, nalika padha ditemokaké lan dikongkon crita apa anané, bocah mau banjur ngaku yèn sejatiné pingin golèk pepéling utawa kenang-kenangan pingin ngrasakaké srabi lempit asli Indonesia. Tan kocapa, jebul ketiwasan, kecélik kaya ngeloni pak cilik utawa paklik!

Aku sing krungu crita iku mung bisa ngampet ngguyu, weruh bocah sing patrapé kaya asu.

Iwan lan Cecak Yang-yangan

“Iwaaannn!! Hayo, ora pareng dolan waé. Wis wengi, wanciné bobok!” ujaré ibu kanthi énggal-énggal marani putrane sing wis arep uwal saka lawang butulan.

Kupingé Iwan dijèwèr, banjur dikanthi menyang mburi. Iwan didhawuhi wijik, ngresiki sikilé kanthi terus ditunggoni. Ibuné rumangsa éman yèn nganti putrané sing bagus kaya Janaka iku dolan wengi-wengi, kanginan lan kena udan, bisa njalari masuk angin.

Iwan banjur dikanthi nganti mlebu kamar. Ibu ngulungaké piyama. “Suk waé yèn wis padhang dolané. Saiki bobok waé. Wis wengi, ora apik kanginan,” mangkono pituture.

Ibuné Iwan banjur bali menyang butulan, banjur ngancing lawang.

Ana kamar, Iwan mung klesak-klesik nyawang pyan. Nam-naman saka pring wulung pernisan katon cèkli. Warnané soklat meling-meling ketiban sunaré lampu bohlam.

Saka peturon, Iwan nyawang cecak loro oyak-oyakan. Sing dioyak mèh waé keplèsèt jalaran pring wulung kang dipernis katon meling-meling njalari lunyu. Nanging dhasaré cecak iku kéwan sekti, ya ora bakal bisa tiba, kejaba pas apes.

Cecak sing rada lemu mandheg, kaya ngécé cecak sijiné kang luwih lemu ora bisa ngoyak. Buntuté padha kopat-kapit. Cecak sing luwih lemu mèlèt. Nyikat lemut kawin kang mabur liwat ngarepé. Kanthi mèlèt terus, cecak luwih lemu nyedhaki cecak rada lemu. Ilaté dicedhakaké menyang ilat cecak sijiné. Iwan banjur mèsam-mèsem dhewé.   

Klesak-klesik ora bisa turu jalaran dipenggak dolan déning ibu, ketambahan nyawang cecak padha dolanan ilat, Iwan sangsaya anyel. Rumangsané cecak sakloron mau nembé ngécé dhèwèké kang kora kelakon whatsapp-an karo Dik Sasa. Iwan nggondhok, njaluk nomeré Dik Sasa marang Iqbal Rasarab ora diparingi. Takon Aam KrisEnthong ya mung jas bukak iket blangkon. Sami mawon. Ngakuné ora duwé, kamangka arep disepik Enthong dhéwé.

Saumpama mau ora konangan ibu, Iwan mesthi wis seneng-seneng. Sanajan ora bisa whatsapp-an karo Dik Sasa, paling ora bisa thenguk-thenguk nèng ngarep Sirkel-Kéi, nyawang mbak-mbak sing mlebu-metu tuku apa waé. Sapa ngerti, nèng ngarep Sirkel-Kéi ketemu kanca Arga utawa Ujé, sing biyasané nyimpen nomer-nomeré wong wadon. Para jomblowan loro iku, kepétung paling sregep nyatheti lan golèk nomer tilpun lan nomer PIN mbak-mbak saka ngendi waé.

Nganti ésuk, Iwan ora bisa turu. Getun ora bisa dolan bengi gara-gara kesandhung sikil méja nalika arep mbradhal. Swarané sikilé nggajul sikil méja wis njalari ibuné wungu, banjur menggak lungané. Nganti srengéngé trontong-trontong saka wétan, Iwan mung kelop-kelop. Pikirané piknik, nganti ora bisa coding.

Nalika krungu ibuné tindak nyedhaki kamaré, Iwan banjur njingkrung. Éthok-éthoké turu angler, nganti rada sauntara ibuné anggoné nggugah Iwan, ngélingaké supaya énggal wudhu banjur subuhan amarga langité wis wiwit padhang.

Iwan ngolèt, banjur menyat. Nalika arep metu saka kamar, dhèwèké nyawang pyan. Jebul, cecaké isih padha yang-yangan, karonsih, sajak ngancani sinambi ngécé Iwan.

 

“Ibu ki jan anèh-anèh waé. Anak wis gerang kok ora olèh dolan. Yèn nganti anaké ora payu, njur piyé…” Iwan muni-muni dhéwé, nanging mung dibatin.

Baya Mungsuhi Cecak

Dhagelan paling kekel taun iki mung ana siji: baya sumbar, bengok-bengok ngécé, nantang cecak. Rumangsané, para cecak bakal wedi, gigrig ngadhepi kéwan sing awaké cringih-cringih kuwi. Sing luwih nggaplèki manèh, baya-baya kuwi duwé penganggep yèn cecak iku mujudaké sawijining jinis kéwan sing paling pantes dimungsuhi.

Bola-bali baya bodho, ora éling ngendikané Bung Karno: Jas Mérah! Jangan sekali-sekali melupakan sejarah, aja tidha-tidha wani nglalèkaké sujarah uripé. Coba dipikir, cecak kuwi tau ganggu gawé apa marang baya? Uripé waé ana ndhuwur, embuh pènèkan tembok utawa mbrangkang ana ngepyan. Wedi marang banyu, mangané prasasat mung sadrema ngentèni lénané lemut léda-lédé, mabur sinambi ngalamun.

Déné sing arané baya, wis suwé kondhang dadi kéwan murka. Donyané ana loro: ana banyon, uga ana ing ndharat. Nguntalé énak-énakan, sarwa daging, malah yèn perlu mangan manungsa sing léna. Saben lagi ana ing kali utawa rawa, matané thok sing diketokaké. Perluné, kanggo nylamuraké kéwan lan manungsa, supaya ora wedi, lan yèn ana sing léna, banjur dikemah-kemah, digawa nyilem ana njero banyu.

Lagi disawang saka carané langèn waé wis nuduhaké yèn niyaté pancèn ala sakawité, apa manèh yèn dipétani patrapé siji mbaka siji. Mata mecungul ana ndhuwur banyu supaya bisa nyawang sakiwa tengené, kanggo milahaké endi sing kudu dimangsa lan endi sing kudu disanak. Dhasar baya…..

Ana ndharat semono uga. Senengané éthok-éthok ndhelik, awaké didhelikaké ana runggutan, yèn perlu mblusuk ana ngisor godhong-godhongan, supaya sapa waé sing liwat ora nggraita bakal ngadhepi bebaya.

Coba, apa karepé unèn-unèn “Cecak kok kumawani nantang Baya”, yèn dudu awit saka kersané Gusti Allah arep mirang-mirangaké, miyak wadi lan nisthané tumindak para baya sasuwéné iki?

Saumpama priyayi-priyayi iku pinter, mesthiné ora nganggep awaké dhéwé baya. Luwih trep yèn dhèwèké ngaku macan lan ngarani mungsuhé iku kucing. Wujudé ora pati béda, kodraté ya cedhak, nanging daya lan tenagané luwih ngédap-édapi. Lha yèn baya mungsuh cecak? Genah béda adoh….. (ning embuh yèn sing dikarepaké iku pancèn kodraté baya édan, sing seneng ngrayah donyané liyan)

Para baya iku, sajaké lagi mendem gèlèk, mula nggawé tembung lan ngarani mungsuh waé kanthi ngèkèk-ngèkèk. Utawa nembé kakèhan mushroomdabiyud, mula utek warasé kelaut. Yèn ora, sok-sok malah kakèhan ngobong pete utawa sabu-sabu, mula banjur paranoid, nyawang cecak waé rasané kaya ngadhepi baya raseksa, sing luwih medèni. utawa

Coba para baya mau éling ngendikané Bung Karno, dhèwèké mesthi kelingan sejarah urip mbah-mbahé mbiyèn. Sasekti-sektiné Mbah Baya mbiyèn, sanajan 40 cacahé, bisa diapusi marang wong siji sing arané Jaka Tingkir. Yèn bangsané jinisé sato-kéwan, sing bisa ngalahaké baya, ora liya ya mung kancil.

Mula, yèn nganggo unèn-unèn Jas Mérah mau, mungsuhé baya mung loro: anak turuné Jaka Tingkir lan keluwargané kancil. Dudu cecak!

(wis, awaké dhéwé dadi manungsa ora usah mèlu mumet ngéling-éling perkara Bank Century utawa gègèran BI lan LPS. nyawang saka kadohan waé, kaya ngapa solah tingkahé para baya)

Luwih Apik Diakoni

Jalaran mung lulus SMP kanthi biji pas-pasan, Pakdhé Karto kepeksa kudu nyekolahaké anaké ana ing SMA partikelir. Kedhuwuren penggayuh yèn arep mlebu sekolah negeri. Pakdhé Karto yakin, sekolahan sing duwé states diakui luwih becik tinimbang disamakan. Jaman semana, durung ana sing arané Akrèditasi A, B lan sapanunggalané iku. Pilihané mung telu: terdaftar, diakui lan disamakan.

Putra pembarepé sing krungu kersané bapaké bakal nyekolahaké adhiné ana ing sekolah kanthi states diakui banjur protès. Apa manèh, dhèwèké ngerti babagan kelas-kelasan sing saiki diarani akrèditasi iku.Apa manèh dhèwèké kuliyah ana universitas negeri. Dadi ngerti, mula wegah kalah marang bapaké.

“Pak, tholé ki aja dilebokaké SMA sing diakui. Ragadé larang, tur bakal kangèlan yèn sukmbèn pingin nerusaké kuliyah ana kampus negeri,” ujaré si pembarep.

“Kowe ki piye, ta? Golèk sekolahan ki yang kudu sing wis diakui. Iku tegesé diakoni, ” jawabé Pakdhe Karto.

Wis, ta… Bapak ki mbok aja ngeyel. Sekolahan sing diakui kuwi larang biayané. Suk ndadak nganggo ujian negara barang, lho,” ujaré pembarep.

“Ya, wis salumrahé… Sing jenengé sekolahan yèn wis diakoni, ya mesthi waé larang ragadé. Lha yèn mung sak-saké, durung diakoni, lumrah waé yèn murah bayarané. Aja dikira gampang golèk drajad nganti diakoni!”

“Ora ngono, Pak. States diakui kuwi luwih asor tinimbang sing wis disamakan. Paling cendhèk iku sing isih terdaftar,” si pembarep ngotot.

Ora gelem kalah, Pakdhé Karto banjur ngetokaké siung. Macak rupa galak, nggunakaké adeg-adegé dadi bapak. Pikirané mung siji: bocah disekolahaké dhuwur-dhuwur, olèh-olèhané mung mbanggèli bapakné.

Disamakan kuwi tegesé mung dipadhakaké karo sekolah sak-saké kuwi ya, Lééé!!! Ana ngendi-endi ngembyah sekolahan, nanging ya mung padha waé. Nyatané ya kakèhan bocah mbeling, ora mundhak pinteré. Jarému luwih apik sekolah sing disamakan. Nyatané?!?” ujaré Pakdhe Karto.

“Ana ngendi waé, yèn wis diakoni, kuwi tegesé wis peng-pengan. Jenengé waé diakui, mula saben wong nganti negara waé nganti ngakoni. Kowé waé sing aèng-aèng, disekolahaké dhuwur-dhuwur, kok ya ora mudheng, ora dadi pinter!” Terus, Pakdhé Karto ndremimil, nggrenengi anaké dhéwé.

Si Pembarep milih sumingkir karo mikir. Dhèwèké bingung golèk cara lan selah kanggo kojah, supaya bapakné ora gampang nggebyah uyah. Dhèwèké paham banget, bapakné sing mung tamatan SD rikala Bung Karno isih dadi presidhèn iku pancèn wangkot, nggugu panemuné dhéwé lan ora bakal gaduk mikiraké sing arané akrèditasi.

“Bocah-bocah saiki pancèn mbrengkélé, kuliyah durung tutug waé wis wani mulang marang wong tuwa, kaya sing paling ngerti dhéwé. Wong ki bisa diarani kajèn déning lingkungan ki ya yèn wis diakoni….,” Pakdhe Karto isih gemremeng.

Kanggoné Pakdhé Karto, diakui kuwi padha kar diakoni, dianggep. Genah béda karo sing diarani disamakan, yaiku sing mung dipepadha karo liyané. Sing diakoni, racaké mung sithik, déné sing disamakan, umumé ngembyah, akèh tunggalé. Mula ora pantes diumukaké.

Kéwan Begja, Asu Sekti

Asu siji iki mlebu ana jinisé kéwan mujur. Bola-bali coba dipatèni, nanging ora énggal koncatan nyawa. Mesakaké sing wis kebacut nuku asu iku, ora bisa énggal ngolah lan nggolèk bathi. Mbokmenawa, ya iku lelakoné jagal asu dicilakakaké déning kéwan sing wis suwé mèlu nyangga uripé.

Critané mangkéné. Simbahé kancaku wis pingin lèrèn opèn-opèn asu, sanajan mung siji. Mula, ing sawijining dina, asu mau ditawakaké marang jagal sing ngiras pantes buka warung saté jamu lan sèngsu, tongsèng asu. Cekaké rembug, rega wis putus, kedadèyan kanthi perjanjèn sing nuku nyekel dhéwé. Sebab, sanajan asu ingon-ingon, nanging girasé ora mekakat, ora gampang dicekel.

Saking angèl olèhé nyekel, déning sing nuku (sebut waé asmané Karso Gawon), asu kuwi banjur digebug endhasé. Asu kaing-kaing, banjur mlayu mbrabat. Dijarké waé karo disawang, mbokmenawa bakal mati ing keboné tangga. Luput! Jebul asu kuwi ngilang. Rong dina asu ora ketok, Karso wis rumangsa genah tombok.

Mbahé kancaku banjur ngabari Karso sawektu weruh glibeté asu ing kebon mburi omah. Cèkat-cèket, Karso marani si asu kanthi nyangking lading mingis-mingis. Rasané wis getem-getem pingin énggal matèni asu kuwi. Ndingkik saka gandhoké Mbahé kancaku, Karso weruh yèn asu mau isih énak-énak ndhéprok ana ngisor tritisan.

Balung diuncalaké ana sacedhaké asu. Bareng wis rada keslimur, Karso Gawon nyedhaki asu kanthi tangan tengen nyekeli lading kang didhelikaké ana mburi geger. Durung bisa nyandhak kewané, asu wis nyoba éndha, pingin ngadoh. Ora sranta, lading gedhé sing mingis-mingis mau disabetake. Cress!!! Asu banjur mlayu, kaing-kaing kaya sambat yèn gulune godrès getih. Kaping pindhoné, Karso Gawon ketiwasan.

Ééé… kok ya ndilalah kersaning Allah, asu iku pancèn durung cedhak marang pepesthi. Limang dina sawisé dibabat lading, asu mau mulih kanthi kahanan gulu wis pulih. Kaya ora ana tatu, saka kadohan mung katon bélong.

Setengah gumun, separoné anyel banget. Karso Gawon ora kurang athikan, banjur nggunakaké jurus pamungkas. Ya, dhèwèké blanja apotas rada akèh! Apotas diracik nganti bener-bener ngrasuk ing daging sing bakalé kanggo pancingan. Pokoké, pikiré Karso Gawon, sepisan mangan bakal énggal mati ana kono uga. Wayah surup ramuan racun disebar ana kebon, ésuké wis bisa nggawa mulih wadhagé asu keparat mau.

Watara jam pitu ésuk, Karso Gawon mara ing keboné Simbahe kancaku. Dhèwèké kagèt, nyawang pitik pating klékar. Yèn dinalar, pitik-pitik kuwi ora bakal mati jalaran mangan daging sing wis diramu apotas. Surup mlebu kandhang, subuh nembe pada saba manèh.

Sepisan manèh, jebul dina iku dadi pengapesané Karso Gawon. Luwih saja rong puluh pitik sing mati, ora mung ana ing kebon´mbahé kancaku, nanging uga ana latar lan keboné tangga-tanggane.

Jebul, asu mau mutah-mutah sawisé mbadhog daging-apotas lan playon golèk papan dhelikan. Ana sadalan-dalan, utah-utahan asu mau dadi panganané pitik sing nembe waé metu saka kandhang, saba golèk pangan. Mula ora anèh, yèn utah-utahané asu dadi racun sing matèni pitik-pitik ing dhésa kuwi.

Ngracun asu sing njalari puluhan pitik dadi bathang, Karso Gawon banjur panèn unèn-unèn. Tangga-tanggane padha ngamuk, nesu, nyalahaké anggoné nggunakaké cara matèni asu kanthi ramuan apotas. Karso Gawon kapok. Dhèwèké ikhlas lan pasrah, ora ngarep-arep bisa nggawa mulih asu sing wis dituku. Dhuwit ilang ora sepira akèh, apa manèh yèn dibandhingaké marang ruginé tangga-teparo sing wis kélangan pitik. Apa manèh, bathangé pitik klebu karam. Didol ora payu, mangan ya ora ana sing doyan.

Pirang-pirang dina sawisé kedadèyan pitik mati, ana kabar kang nguciwani kanggoné Karso Gawon. Asu sing pirang-pirang dina dadi mangsa iku mati ketrunjang montor gedhé sawektu nyebrang lurung gedhé aspalan ing ngarep omahé Simbahe kancaku mau. Wektu itu, akèh wong sing nyeksèni, yaiku para tangga teparoné Simbahé kancaku sing lagi cepak-cepak arep tahlilan ana omah sangarepé, ing sebrang dalan.

Simbahé kancaku wis kebayar, Karso Gawon sing tombok. Sing ngrasakaé énaké daging lan getihé asu mung ana loro: aspal lan ban montor… Asuné dhéwé mecèdhèl, gèpèng lan tipaké rada lucu. Lulangé kelèt ana aspalan, mbentuk gambar asu lagi turu.


*) Matur nuwun kanggo Lik Jrabang, critamu ing Wisma Seni bengi iku njalari anané tulisan ini.