Jaréné Pénak Jaman Soeharto…

Ora mung awujud rerasan, jaré uripé wong Indonesia iku luwih kepénak jaman Soeharto. Nanging saiki wis sumebar kanthi mloho, cetha wéla-wéla, tinulis ana bak truk, sablonan kaos oblong utawa poster. “Isih penak jamanku, ta?” Mangkono ukarané sing karaketaké karo gambar Soeharto mèsem, mèmper karo gambar Bapak Pembangunan ing dhuwit sèket ewunan jaman reformasi biyèn.

Dalan krowak ing kidul Gapura Gladag, Sala

Seminggu kepungkur, aku olèh tetembungan sepélé, nanging bener yèn dinalar. Pak Hardjito, sopir taksi sing dakséwa, ngrasani yèn pemerintahan kèri-kèri iki ora bisa ngrumat dalan utawa lurung, apa manèh nggawé dalan anyar. “Mang titèni, Mas, pundi mergi  énggal ingkang kabangun dèning presidhèn sasampunipun Pak Harto?” ujaré Pak Hardjito.

“Jaman sakniki, sing digedhèkaké mung sami nglumpukké bandha. Bupati, walikota, gubernur lan sapanunggalané niku, sedaya mung mikir awake dhéwé-dhéwé. Mboten sami purun mikir pripun supados rakyaté niku tentrem, gampang anggoné pados sandang, pangan lan papan.”

Aku trima meneng, ngrungokaké rerasané ‘wong ndalan’ kaya Pak Hardjito, sing mesthiné kulina ndhèrèkaké tamu utawa penumpang, kang warna-warna sangkan parané, drajad lan pangkaté. Mesthiné, wong kaya Pak Hardjito krungu akèh babagan Bibit Waluyo, Hadi Prabowo lan Ganjar Pranowo, yaiku pada calon gubernur sing saiki lagi padha kampanye, saperlu rebutan lungguhan ing kantor gubernuran.

Duit gambar Soeharto, Bapak Pembangunan (Gambar kaundhuh saka Internet)

Niyatku pancèn pingin weruh lan mangertèni, kaya ngapa swarané warga babagan para pinunjul kang nembé nyalon. Dak takoni babagan Bibit, jawabé nylekéthé. Jaréné, bisa waé menang manèh sanajan wong Sala ora pati rena, apa manèh tresna jalaran Pak Jokowi naté dikuya-kuya. Babagan Hadi Prabowo, bapak sopir taksi mau ngaku ora kenal priyayi iku sapa. Déné nalika aku takon Ganjar Pranowo, jawabé uga sepélé: “Pak Ganjar niku ketingal pinter, tapi dèrèng naté manggon ten Sala ta, Mas? Lha Jawa Tengah niku rak nggih béda kaliyan Jakarta utawi Indonesia.”

Cep, klakep! Lha piyé olèhku arep bisa mèlu-mèlu urun swara sanajan mung awujud wara-wara, yèn rakyat waé cara mbiji lan nitèni para calon gubernur wis jero kaya mangkono? “Paling sésuk niku sing menang golput malih kok, Mas,” ujaré Pak Hardjito.

Aku mung bisa manggut-manggut. Bibit Waluyo, sanajan kodo, yèn ngendikan clebang-clebung kaya dudu karepé dhéwé, nanging tumrapé wong ndésa lan racaké wong cilik, luwih kaanggep prasaja, apa anané. Wondéné Hadi Prabowo, yèn aku kok isih melang-melang. Yèn nitik jabatan lan blanjané, saumpama olèh-olèhané Rp 100 yuta sesasiné, mosok dhuwit lan bandhané cukup kanggo nyithak spanduk, baliho, poster lan sapanunggalané? Lha dhuwité saka ngendi asalé?

Lha yèn Ganjar Pranowo, aku yakin dhèwèké ora sugih. Jaréné, klebu sithik saka wong-wong PDIP sing kondhang resik. Cilakané, wong sing dak anggep apik mung dijagokaké PDIP. Mligi déning partai pimpinané Mégawati. Saumpama Ganjar iku didadèkaké nggoné wong akèh, sing tegesé orang dikétok-kétokaké mung nggoné wong PDIP, mbokmenawa isih bisa mènèhi pengarep-arep bakal mimpin Jawa Tengah.

Nanging ya piyé manèh, yèn wong kaya aku utawa Pak Hardjito iku pancèn bisané mung ngarep-arep tetesané endhog blorok. Apa manèh golèk pemimpin sing bisa mbangun dalan anyar tur apik, lagi golèk pemimpin sing bisa njaga supaya dalan aspal ora krowak saben mangsa rendheng waé angèlé kaya nyekel welut ana sawah.

Wong-wong politik jaman saiki, sajaké ora kepikiran, apa manèh kéngguh supayané mbésuk yèn wis padha séda, isih akèh wong tilik, nyekar lan paring donga kaya déné Bung Karno, Pak Harto lan Gus Dur, sing paribasané saben dina ora naté kendhat wong sing nyelakaké teka lan tadhah donga. Kosok balèné, para politisi saiki luwih nggethu anggoné kulak bandha lumantar drajad lan panguwasa kanthi pétungan njlimet, supaya nalikané konangan anggoné ngrayah bandhané negara banjur karangkèt, isih ana turahan kanggo nyambung urip nalika wis uwal saka kunjara lan kecukup anggoné mbayar pokrol lan juru pengadil, kayata pulisi, hakim lan jeksa.

Yèn wis mangkono, dak kira ora gampang ngélingaké kenapa mbiyèn nganti ana sing arané KontraS, yaiku Komisi untuk Orang Hilang dan Korban Tindak Kekerasan. Kamangka KontraS, kanthi S gedhé utawa kandel, iku mratélakaké tandha pengéling-éling marang kejemé Soeharto nalika kuwasa. Kanthi nggunakaké dayané ABRI nalika semana, Soeharto nindhes  wong-wong sing ora sarujuk marang ‘kawicaksanané’ nganakaké samubarang kan sinebut pem-ba-ngu-nan!

Nggawé Wadhuk Kedhungamba, umpamané. Rakyat sing lemahé dijaluk kanggo gawé wadhuk diwènèhi ganti rugi sakupil, kira-kira mung cukup kanggo tuku rokok sawungkus saka meteran lemahé. Kamangka, jatah pitukoné lipet pirang-pirang puluh gedhéné. Sing ora sarujuk banjur dionèkaké mbeguguk ngutha waton, dicap PKI, banjur kaniyaya déning tentara. Kaya mangkono kejemé, mula nganti ana ‘monumen’ kang diwènèhi jeneng KontraS.

Para politisi PPP lan PDI (saiki dadi PDI Perjuangan) sing mbiyèn dikuya-kuya déning Soeharto, Golkar lan ABRI, saiki malah padha kemaruk, mbalèni patrapé Soeharto nalika jaman semana.

Cilakané manèh, akèh bocah jaman saiki sing ora menangi utawa ngalami rekasané dikuya-kuya lan ditindhes déning Soeharto, nanging amarga kebacut maju lan pinter, banjur gawé alesan werna-werna kanggo éndha saka kahanan sengsara jaman semana. Apa manèh, wong-wong iku olèh bukti, yèn politisi saiki kemaruk bandha, lan kendel nyolong kanthi terang-terangan, nanging tansah lamis  lan pinter gawé ukara béla rakyat nalika ngadhepi juruwarta utawa nembé mlebu tivi. Klop!

Piyé, isih pilih urip kaya jaman Soeharto apa pingin gawé tatanan urip sing luwih nentremaké ing tembé?

Yèn aku wis kapok. Aja nganti anak turunku mbésuk menangi urip katindhes bangsané dhéwé kaya nalika Soeharto nggunakaké kuwasa.

Basa lan Subasita

Seratan ini wis kapacak ing ariwarti Suara Merdeka, Selasa, 5 Pebruari 2012

“Teh panas, tahu goreng lima dibakar, sega bandengé telu ya, Pak. Gawakna mréné, rada cepet!” ujaré bocah nom-noman saka kadohan, sinambi matèni mesin sepédha montoré. 

“Nggih, Mas. Ten klasa pojok mrika, ta?” Pak Marjuki, bakulé wédangan wangsulan sawisé nglirik lengganané kang nembé aba. Rikat anggoné ngiling cenceman tèh saka cangkir blirik ana ing gelas kang nembé diisèni gula rong séndhok.

Dul Topo nyawang prigelé Pak Marjuki ngobahaké tangané, nyandhak tahu goreng banjur njèrèng ana sandhuwuré planggrangan kang methèngkrèng ana sandhuwuré anglo kanthi mawa rata mengangah. “Cak-cek temen ta, Kang Juki?” cluluké Topo.

 “Halah, nggih mung ngaten niki, Mas Dul. Wong nggih sampun welasan taun bakul wédang, napa ajeng nyuwun dipaido sing jajan menawi carané mendhet tahu mawon ketingal wigah-wigih,” ujaré Pak Marjuki.

“Leres niku, Kang! Kowé ki pancèn ya kurang gawéyan kok, Dul. Kaya ngono waé ndadak ditakokké. Ya wis lumrahé yèn Kang Juki prigel lan cekatan ngladèni panyuwuné kabèh sing jajan ana kéné. Lha wong kuwi wis dalan rejekiné lan dadi lakuné.” Titus nyelani caturané Si Dul lawan Pak Marjuki.

“Éh, Tus, kowé ngerti ora bocah sing nembé waé pesen? Ketokané kaya cah kuliyahan, tur sajaké ya mung wong Sala kéné, nanging kok basané pating blasur, tur kaya adoh saka unggah-ungguh ngono, ya?” celathuné Dul Topo.

“Bocah saiki kok sih diarep-arep duwé subasita lan ngerti tata krama ta, Dul. Kowé ki kaya ora ngerti waé. Coba gatèkna, wong-wong sing lairé jaman Gestapu waé akèh sing ora tètèh Basa Jawa, apa manèh bocah sing lairé barengan karo tontonan MTV mlebu kéné. Bocah saiki senenge cekak aos, rumangsané komunikatif,” wangsulané Titus.

“Lha iya, ta. Saumpama sepédha montoré dijagragaké dhisik, banjur nyedhak mréné aba ngombé lan panganan, rak ya luwih prayoga, ta? Apa amarga Kang Juki mung bakul wédangan banjur ora diajèni, dumèh dhèwèké kuwat mbayar? Apa mangkono?” ujaré Dul Topo.

“Nèk kula mboten napa-napa, Mas. Wong ngendikané masé nika nggih pun cetha, rebat cekap. Tur laréné nggih mboten aèng-aèng, kok,” Kang Juki gentèn nyaut.

Si Dul banjur mangsuli, “Niki sanès babagan laréné mboten kakèhan petingkah, Kang Juki. Carané aba niku lho, sing sajak nedahaken menawi ten nggriya mboten naté diajari basa, napa malih didhidhik tata krama déning wong tuwané.”

 “Ya pancèn ngono kuwi kahanan saiki, Dul. Akèh wong tuwa luwih dhemen ngajari anaké caturan nganggo cara Melayu lan bombong nalika basa Inggrisé olèh biji sepuluh saka guruné. Malah, ora sithik wong tuwa sing nganggep lanyah basa Jawa ora guna, wong mbésuké sesrawungan agung kudu nggunakaké basa Indonesia lan basa manca. Mula ora mokal yèn cah-cah saiki padha kepedhotan rasa, adoh marang subasita,” ujaré Titus.

“Généya kok rembugan basa Jawa dadi tekan babagan rasa-pangrasa lan subasita, Tus? Jlèntrèhé kepriyé?” Dul Topo nyimak kanthi nyekeli bathuk sing kulité njlekethut.

“Ngéné lho, Dul. Wong Jawa kuwi kudu titis milih ukara supaya nalika dironcé dadi tembung bisa trep marang kahanan lan sapa sing diajak caturan. Mula ngajari basa Jawa marang bocah awit isih cilik, ateges ndhidhik subasita lan nuladhani pekerti luhur. Coba gatèkna carané aba bocah kaé mau. Aku yakin, nèng omahé ora kulina diajari basa déning wong tuwa utawa kulawargané,” wangsulané Titus.

Si Dul Topo mung bisa manggut-manggut karo ngelus-elus janggut. Sajaké mathuk  marang sesorahé Titus. Kaling-kalingan meja dagangan, Pak Marjuki gèdhèg-gèdhèg dhéwé nyimak omongané Dul lan Titus.

“Mas-masé iki ketoké rambuté gondrong réwo-réwo, nyandhang sakepénaké dhéwé, dolan uga mung kathok cendhakan, jebul jero banget anggoné mrihatinaké nasibé basa Jawa kang wis arang digunakaké para kawula mudha ing Kutha Sala.” Tembung pungkasané Pak Marjuki iki ora kewetu. Tutuké rapet, dhadhané ampeg. Mongkog.

Glangsaran Karana Harley

Jemuwah soré, watara jam papat luwih limang menit, aku lan bojoku glangsaran ana satengahé Prapatan Purwosari. Pit montorku kaya disurung saka ngiringan, rasané kaya didhupak wong nunggang Harley Davidson. Kemropok. Rasané pingin ngoyak, banjur njotosi. Nanging, iku mung pangimpèn. Mesthi waé aku ora wani.

Paling-paling, yèn aku nganti wani njotosi, tundhané mung bakal mlebu mbui. Dipidana, sanajan rumangsa ora duwé dosa. Siji-sijiné dosa, wis genah nèng ngarep mata, mesthi digolèkaké pasal sing nyalahaké aku. Mesthi bakal dicuthelaké ana perkara njotosi, ora bakal disénggolaké marang pokok perkarané.

Wis akèh wong sing ngerti, ukum iku mung duwèké pulisi. Sing olèh napsiraké pasal pidana, yang mung wong-wong sing nganggo sragam warna soklat. Liyané, kudu ngerti dhéwé, sumingkir sakadoh­-adohé. Pasal bisa dituku, bisa uga kanggo réwang-réwang wong ndhuwuran.

Pulisi sing padha jaga ing prapatan utawa dalan-dalan iku mung krocok. Gedibal kang bisa dikongkan-kongkon déning wong ndhuwuran.

Ora sithik penggedhé sing seneng nunggang Harley. Krocok kudu nggawé lancaré konvoi, ketimbang kangèlan munggah pangkat, lan sapanunggalané.

Atiku entèk nalika bojoku ngélingaké, menawa tanpa guna nglawan wong duwé kuwasa. Apa manèh mung wong kaya aku lan bojoku, sing arané Sophan Sophiaan kang pinunjul waé bisa tiwas keplindhes rodha sepedha montor kang ditunggangi Pak Jénderal, tanpa ana crita kang nentremaké kulawargané Mbak Widyawati.

Bojoku nyalahaké aku, amarga aku kewanèn mèlu mblusuk ana satengahé konvoi soré iku. Aku dianggep brangasan saben weruh rombongan motor gedhé, banjur nesu sakrepé dhéwé, kaya déné kedadèyan Jemuwah soré iku, nalika aku sakloron padha glangsaran ana satengahe prapatan. Pulisi kang jaga mung bisa takon kahanan, lan ora ngucap apa-apa manèh. Mbokmenawa dhèwèké nglengganani, pancèn sing nunggang Harley kang kurang ajar, nendhang pit montorku jalaran dianggep ngalang-alangi lakuné.

Aku getun awit tumindak brangasanku soré iku. Apa manèh bojoku ngélingaké menawa tiba ndhodhok kaya kang dirasakaké bojoku iku mbebayani tumrapé kesarasané wanita. Apa manèh wis wolung tahun suwéné aku bebrayan, durung pinaringan momongan. Muga-muga, ora ana apa-apa marang bojoku amarga alangan iku.

Aku ora bisa mbayangaké rasa atiné bojoku, lan getunku salawasé urip saumpama kedadèyan iku njalari cilakaning bebrayanku.

Gara-gara kedadèyan iku, saiki bojoku kerep tratapan saben krungu uniné siriné. Semono uga aku, dadi rada was-was nunggang sepedha motor ana ratan gedhé.

Aku pingin, wong sing kulina nunggang motor gehé sewenang-wenang ana dalan bisa ngrasakaké larané wong kaya aku lan bojoku. Semono uga para pulisi lalu lintas, bisa mangertèni rasané wong kang wis dicolong hak lan keadilané.

Aja mung golèk alesan kanggo sélak, golèk menang kanggo ngoncati tanggung jawab marang korupsi kaya déné nalika nganakaké Simulator SIM. Sing penggedhé nyolongi dhuwit gedhé, sing krocok sregep nyegati truk wedhi, wong salah dalan nerak larangan lalu lintas lan sapanunggalané.

Aku wedi ndongakaké ala, kayata pulisi utawa keluwargané kesaruk bis Sumber Kencono, utawa penunggang Harley Davidson nabrak wong nyabrang dalan, banjur dimassa, embuh diobong utawa dipilara nganti thélé-thélé. Aku uga wedi ndongakaké kulwargané penunggang Harley kang sewenang-wenang ana dalan gedhé ana sing ketrunjang truk tèngki, banjur modar mecèdhèl nganti ora wujud manungsa manèh.

Aku wis ora ngerti, apa penunggang Harley lan pulisi kang dhemen ngawal isih duwé ati lan pantes sinebut duwé rasa kamanungsan nalika nganggep ukum mung kanggo mbélani wong gedhé, wong kang kandel kanthongané, dudu kanggo rakyat, lan tumrap sapa waé kang wis padha kapeksa mbayar pajek lan butuh rasa keadilan.

Yèn nèng ratan waé ukum wis emban cindhé emban siladan, banjur kepriyé tumrapé bebrayan agung kang aran negara Indonésia? Asu gedhé pancèn bakal menang kerahé. Nanging, apa pulisi lan penunggah Harley Davidson gelem disebut asu utawa dipadhakaké marang segawon?

Mbok coba padha dipikir lan ditimbang, kira-kira isih aji endi uripmu para pulisi lan sing nunggah Harley kuwi, yèn tinimbang karo uripé Scooby-Doo…..

Apa padha gelem nalika ana wong ngundang awakmu “Harley”, banjur kowé kabèh padha njawab. “Guk..guk..guk….” kamangka ora arep diajak lari-lari…..

* Dik, aku nyuwun ngapura, ya. Gara-gara Harley, aku banjur emosi kang tundhané nyilakakaké sliramu...*

Gègèr Kraton

Njero bètèng kisruh, nèng njaban kraton semono uga. Wong Jawa wis kélangan tuladha. Wis ora gumun yèn gègèran wong sasedulur dadi mulur mataun-taun. Yèn arep getun ya arep ngapa, wong bisané mung nyawang. Nyatané, sing bisa diéman lan dijagakaké mung kraton saisiné. Ya mung kuwi.

Awit surut dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Pakoeboewana XII taun 2004, gègèr kraton ora ana lèrèné. Sajak ora gelem kalah marang lapangan badminton lan tènes, raja waé mèlu dhobel. Saben nyebut PéBé Telulas  kudu nganggo bacutan: Hangabèhi utawa Tédjowulan.

Miturut keyakinanku, Gusti Tedjowulan ora gelem nampa Gusti Hangabèhi madeg sunan karana nganggep Gusti Bèi paribasan mung kadhapuk dadi wayang, sanajan miturut angger-anggeré kraton, pancèn sing paling nduwèni hak dadi raja, nyulihi ingkang rama kang wis séda. Kamangka, sing diarani raja utawa ratu iku yèn duwé kuwasa, apa sabdané pada dianut déning kulawarga, abdi dalem lan rakyaté.

Mulané, Gusti Tédjo nékad ngembari, madeg ratu kanthi pamrih pingin ndandani kraton, mbalèkaké kraton dadi penceré kabudayan Jawa. Cara tembung sekolahané, kraton ‘diréformasi’.

Saka njero bètèng, Gusti Tedjo kaangep mbaléla, nalisir saka tata cara lan adat kraton. Mula, gègèran sangsaya ndadra, ora uwis-uwis, ora ana juntrungé.

Sanajan Gusti Béi lan Gusti Tédjo wis ikrar nyawiji, malah nganggo layang perjanjèn kang disekseni para mentri, gubernur lan wlikota, dakkira durung bakal rampung. Nyedhaki Jumenengan ISKS Pakubuwana XIII (Hangabèhi) tanggal 15 Juni, dakkira bakal sangsaya ramé udrek-udrekané.

Sing rumangsa mbaureksa kraton bisa waé nggembok kabèh lawang lan régol kraton, saéngga Sinuwun ora bisa mlebu kraton. Nanging kosokbalèné, bisa uga lerem sawetara tinimbang jenengé kraton tambah ala.

Kanggoku, para priyagung kraton wis entèk dayané. Ngendikané wis ora digugu déning rakyaté. Déné isih ana wong saka ngendi waé menyang Sala ngramèkaké kirab, sekatèn lan sapanunggalané, ora liya mung wong piknik. Kari sithik sing nggathukaké marang jagad klenik.

Prabawané priyayi kraton, utamané trah Sultan Agung ing Surakarta, wis ora katon. Sing bisa disimak para kawula, ora liya mung kabar saka para juru warta, menawa para sentana padha seneng rebutan panguwasa. Sing jumeneng nata, sunan kang uga sinebut sayidin panatagama, mesthine becik sakabèhané, supaya pantes lan bisa dadi tuladha.

Yèn tumrapé pribadiku, kraton saiki becik ditata dadi museum kabudayan. Prayoga didadèkaké papan kanggo sapa waé kang pingin sinau lan ngangsu basa lan unggah-ungguh Jawa. Seni sastra, pedhalangan, beksan lan karawitan diuripaké, banjur luwih dibukak kanggo wong njaban bètèng.

Aja nganti, umpamané, wong kang nembé piknik menyang kraton malah krungu ngendikan pisuhan sentana dalem, sing isine mung arané kéwan lan pérangan awaké wong lanang lan wadon.

Pemerintah Republik Indhonésia, yèn perlu nylametaké bandha kraton kang awujud pusaka, kayata keris, tumbak, lan barang-barang aji liyané, dilebokaké nèng njero muséum, pamrihé bisa dadi papan pasinaon kanggoné wong sadonya. Intervensi diperlokaké, lan mesthiné ora ana klèruné, jalaran Kraton Surakarta wis nglebur nyawiji dadi pérangané negara republik sawisé Proklamasi Kamardikan 17 Agustus 1945.

Bantuan kanggo ngrumat kraton minangka cagar budhaya, yèn perlu dilèrèni, yèn isih padha regejegan dhéwé. Kuwajibané negara ora mung mènèhi dhuwit kanggo ngrumat (kraton lan abdi dalem), nanging uga klebu njaga lestariné kraton minangka tanggulé kabudayan Jawa.

Risi neng kuping lan ati yèn krungu swara-swara ora becik, kaya déné gelar bisa dituku, pusaka kraton bisa dituku lan sapanunggalané. Durung mesthi bener, nanging njalari ora bisa turu angler tumrapé wong kang isih duwé rasa tresna marang kraton lan kabudayan Jawa.

Dakkira, wis akèh sing padha mangertèni yèn underané prekara kang njalari gègèran ora adoh marang kuwasa lan bandha donya. Angèl mbuktèkaké bener-klèruné swara sruwang-sruwing, mula prayoga enggal ditata. Njagakaké kabar bener lan pener saka juruwarta paribasan wis ora bisa, wong nyatané ana waé sing ngréwangi kana-kéné, saéngga rakyat padha bingung arep nurut lan precaya marang sing endi. Tundhané, gègèran tambah ndadra.

Nanging, tumrapé wong kaya aku, sing mung bisa nyawang saka kadohan, bisané mung ndonga lan ngarep-arep kraton énggal tentrem. Déné piyé carané ngrukunaké trah Sultan Agung, mangsa borong marang sing duwé kuwasa nata negara Indhonésia. Bener-klèru ora bisa diukur nganggo cacah sing nyengkuyung Si A lan Si B. Bener ya bene, luput ya luput.

Yèn antarané Gusti Bèi lan Gusti Tédjo saiki wis bener nyawiji, ya mung kari ngukur sepira pangurmatané para sentana, abdi dalem lan kawula. Yèn pancèn Gusti Bèi kang dianggep sah minangka sulihé Pakoeboewana XII kanthi jejuluk Pakubuwana XIII, kabèh kudu nurut pangandikané. Sabda pandhita ratu, kabèh kudu ngèstokaké dhawuhé, ora ana sing kena mbaléla.

Saumpama Pakubuwana XIII ngersakaké mlebu kraton, ya ora ana sing olèh ngalang-alangi, sebab sing nduwèni lan mandhégani kraton, ora liya yang sing dadi raja, ora liya ya Sunan Pakubuwana (kaping Telulas). Mahapatih (Tedjowulan) minangka penasihat tumrapé raja waé ora duwé hak apa panemuné kudu ditampa déning Sunan. Sepisan manèh, ya mung Sunan Pakubuwana sing duwé kuwasa lan duwé wenang nata.

Sumèlèh

Jemuwah awan, pas dina pèngetan Kasektèn Pancasila, aku ndhèrèkaké pastur tetepungan marang Pak Joko Widodo. Ora suwé pepanggihané, nanging mentes wawan pangandikané priyayi kekalihé. Romo utawa pastur bungah, rumangsa ‘éntuk-éntukan’ utawa olèh roh kang nyemangati angkahé nganakaké penelitian babagan kepemimpinan ing jaman modhèren, jaman kang terus obah lan owah.

Siji tembung kang direnani pastur saka pangandikané Pak Jokowi, yaiku sumèlèh. Tembung sing katoné sepelé, nanging abot kanggoné sapa waé kang nglakoni. Yèn mung krenteg, apa manèh karep, wis akèh. Nanging nyèlèhaké akèh prekara urip lan panguripan (apa manèh sing abot) marang Gusti Kang Murbèng Dumadi, ora gampang.

Sapa pawongané kang urip ing jaman kaya mangkéné wani lan bisa nyingkur bandha donya, kekareman lan sapanunggalané, apa manèh duwé kuwasa kanggo nyembadani? Sapa wong sing isih gelem ajur-ajèr kecèh ana satengahé donya kang sarwa reged lan nggrisèni ing jaman kaya saiki?

Sumèleh genah béda kalawan sèlèh. Sumèleh iku sawjininé cara dhedhèpèl marang Gusti Pangèran, pasrah lan nyuwun palilahÉ sawisé tumindak lan tumandang kang uga diarani ikhtiar. Éwadéné sèlèh, tegesé ora liya angkat tangan utawa jembélit.

Nalika pastur ndangu Pak Jokowi, nganggo cara apa apa anggoné nata kutha lan warga Sala, Pak Jokowi mung mèsem. Mangkéné ngendikané, “Kula niku mung tumandang salumrahé tiyang sami bebrayan. Mboten kagungan resèp néka-néka, punapa malih nganak-anakaké. Punapa kémawon ingkang kula lampahi inggih mboten sanès inggih ingkang kedah dilampahi.”

***

Kondur Ngayogya bebarengan, pastur mau ngajak grenengan sinambi gegojègan. Wis langka, ngendikané, ing jaman saiki isih ana pawongan kang gelem ngabdi tulus tekan njero ati, nanging tetep bisa ngati-ati. Titis nyawang kahanan, lan ngerti kudu ana sisih ngendi anggoné kudu nepakaké dhiri pribadi.

Nemoni priyayi sing kersa ngrungokaké ngendikané liyan, apa manèh sing adeg-adegé penggedhé waé wis njalari mrenthulé rasa gumun. Racaké, padha seneng sesorah, pamèr lan umuk, yèn perlu, kepara wong liya ora usah melu-melu ngatonaké panemu.

Indonésia pancèn wis owah. Wong tumindak kang samesthiné pancèn dilakoni waé malah dianggep anomali. Nylenèh. Tuladha kaya-kaya wis ora ana ing donya. Sing kanggo pathokan mung para priyagung sing kerep mlebu tivi, sing saben salaman marang sapa waé mung cukup ngathungaké tangané, kanthi polatan anyep, ora ana grapyak lan semanaké babar pisan. Malah kepara akèh pawongan kang ora duwé risi, ora rumangsa grisènen naliko tangané diambung wong kang luwih tuwa umuré, nanging luwih cendhèk pangkaté.

Wong apik kang tumindak bener lan pener, racaké ora seneng pamèr apa sing wis ditindakaké, jalaran uripé ora butuh pangalembana. Kosok balèné, wong kang sejatiné durung tumindak apa-apa, paling suthik didumuk kesalahané lan serik nalika olèh kritik.

Kabecikan dudu prekara kang pantes kanggo dodolan. Nanging, sapa sing gelem ngilo nganggo githoké dhéwé?

Mung pawongan kang bisa urip semèlèh sing gelem tumindak tanpa pamrih pangalembana, apa manèh bandha donya lan empul mulyané duwé kuwasa.