Gayeng lan Regeng ing KopdarBlogger

Jan-jané, #kopdarblogger wingi kaé niyaté mung kanggo kumpulan ngrembug rencana nguripké komunitas, khushushon komunitas blogger. Pesertané, ya mung kanca-kanca wakil komunitas blogger saka Ponorogo, Malang, Suroboyo, Meduro lan Ngayogyakarto. Kira-kira ya mung wong sepuluh luwih sithik.

Cerita tentang difabiitas oleh Jaka Balung. Supaya teman-teman peseerta kopdar blogger lebih melek dan mengerti tentang dunia difabilitas di sekitarnya.

Cerita tentang difabiitas oleh Jaka Balung. Supaya teman-teman peseerta kopdar blogger lebih melek dan mengerti tentang dunia difabilitas di sekitarnya.k

Nanging, bareng dipikir-pikir manèh, kok sajaké bakal gayeng yèn digawé rada gedhé, ngundang wong akèh sisan. Ngiras-ngirus temu kangen kanca-kanca lawas saka pirang-pirang kutha, mumpung ana perusahaan sing gelem ngragadi. Ndilalahé, perusahaan iku ya duwé karep padha, pingin meruhi kahanan komunitas blogger ing Indonesia.

Cekaké, sawisé dirembug pisan-pindho, mathuk! Padha karepé lan bisa nampa angen-angenku nguripaké manèh komunitas blogger sing wis sauntara wektu ora katon gregeté. Sepisanan aku nelpun Sam Ardi, sesepuh komunitas BloggerNgalam. Sabanjuré aku nelpuni kanca-kanca, kayata Itsnain lan Slamet Widodo (Meduro), Agus Mulyadi (Magelang), Jidat (Ponorogo/Madiun), Didik (Bojonegoro), Estiko (Banyumas) lan kanca-kanca Yogya: Kang Lantip, Iqbal, Gotrek, lan liya-liyané.

Dipikir karo mlaku, karepé tambah akèh, sangsaya werna-werna. Bakuné, piyé carané nganakaké kopdar sing gayeng, nyenengaké, lan bisa kangen-kangenan. Sebabé, blogger iku racaké wong-wong mardika, orang-orang bebas, sing ora bisa didhikté kudu ngéné utawa ora olèh ngana. Aku banjur kèlingan omahé Kang Hasan ing Segoro Gunung. Papané apik, pemandhangané uga ciamik. Yèn kanca-kanca bisa nglumpuk nèng kana, dijamin ora bakal bisa lunga adoh ninggalaké papan pertemuan. Apa manèh, papané èdi pèni, njalari wong sing teka kana ora bakal pingin menyat, apa maèh yèn nganti kabegjan meruhi éndahé langit nalika ngancik wayah Maghrib.

É, lha kok ndilalah kesaníng Allah, aku kok ya ketemu Kang Hasan neng Bandara Panasan nalika padha-padha arep lunga menyang Jakarta. Saknalika aku nembung nyilih omahé, lan ndilalah langsung diparengaké. Ya alhamdulillah….

Ora let suwé, aku dolan menyang Segoro Gunung, motrèt-motrèt banjur dipamèraké kanca-kanca sing bakal dak undang mèlu kopdar. Bener feeling-ku: kabèh kemecer! Akèh sing pingin mèlu, lan kepeksa kudu ditolak jalaran pinginé ora usah akèh-akèh sing mèlu supaya  temu kangené bisa marem, tur ora ngrekasakaké aku sakanca sing bakal ngladèni para tamu. Niyaté ngundang wong 50, jebul wusanané sing ndaftar lan kecathet dadi panitia nganti 90 wong. Waduh!!!

Sawisé cetha sapa waé sing bakal teka, aku banjur matur Pak Menteri Rudiantara, ngaturi priksa lan sokur menawa longgar lan dhangan ing penggalih, bisa rawuh ngramèkaké kopdar. Sing dak suwun marang Pak Menteri, ora liya mung kersa crita babagan kunjungané menyang Silicon Valley, Amerika ngancani Presidhèn Jokowi. Saliyané kuwi, aku nyuwun Pak Menteri kersa ngendika angkahé nglairaké start up bisnis digital kanggo bangsa Indonesia. Ééé, kok ndilalah ya kersa. Alhamdulillah manèh…

Nalika peserta kopdar padha nglumpuk ing RBI, aku durung nyritakaké menawa Pak Menteri bakal rawuh lan nginep saomah bareng kanca-kanca. Aku nembé nyritakaké wanci surup, nalika Pak Menteri wis budhal saka Kutha Sala munggah Ngargoyoso. Niyaté pancèn gawé gèt-gètan bèn kanca-kanca padha anyel.

Pak Menteri bener-bener dhemen marang kumpulan kopdarblogger iku. Malah nganti kersa ngendika telung jam suwéné kanthi jumeneng ing satengahé kanca-kanca lungguh lèsèhan nèng lotèng. Gayeng, regeng, mentes. Kanca-kanca bisa bébas muni lan atur pitakonan lan dijawab Pak Menteri kanthi gamblang. Plong kabèh… Malah, Pak Menteri gumun anané acara dina iku, banjur ndangu, kapan manèh bakal dianakaké kumpul-kumpul blogger kaya mangkono.

Sing cetha, kanca-kanca rumangsa olèh crita akèh kang bakal dadi sangu sing migunani. Mulané, sawisé sarasèhan rampung, kanca-kanca isih nerusaké lèk-lèkan nganti subuh, rasan-rasan lan mikir sésuk-sésuk kudu ngapa, mliginé kanggo ndayakaké teknologi Internèt kanggo wong akèh, bangsa Indonesia.

Ésuké Pak Menteri kondur Jakarta, kanca-kanca nerusaké rembugan nguri-nguri kopdar lan njejegaké komunitas. Akèh sing kepikir lan karancang bebarengan. Ana lomba blog, penghargaan kanggo blogger, lan sapanunggalané. Bakuné, ana semangat anyar saka anané kopdar blogger.

Kanggoku, guyubé kanca-kanca sing wis katon nalika kopdar, bakal nuwuhaké paseduluran anyar lan luwih raket. Sésuk­-sésuk, mesthiné bakal luwih jembar pasedulurané. Yèn wis padha seduluran, aku yakin bakal nglairaké kabecikan anyar, sing bakal migunani uga tumrap wong liya, sing akèh cacahe, saliyané uga ngasilaké kabecikan kanggo kanca-kanca sing melu kopdar wingi.

One thought on “Gayeng lan Regeng ing KopdarBlogger

Leave a Reply