Donya Kudu Tambah Padhang

Coblosan milih wakil rakyat wis purna, sing menang uga wis cetha. Donya dadi padhang manèh. Wit-witan nèng pinggir dalan lan warung-warung mangan wis ora diregedi kanthi foto-foto calon legislatif sing butuh dikenal lan pingin dipilih. Saiki wanciné ngentèni kiprahé priyayi-priyayi sing wing kepilih lan duwé kursi lungguhan ing DPRD Kabupatèn/Kota, Provinsi lan DPR RI: bakal lali marang janji utawa sengkut tandang gawé dandani nagari.

Cara bodhoné, rakyat wis padha nggraita, mbésuké para wakil rakyat uga bakal lali, kaya déné sing wingi-wingi. Lali ngrumat konstituèn utawa para pamilih, lali dandan-dandan kahanan sing saya suwé sangsaya ora cetha. Korupsi ana ing sadhéngah papan kantor pemerintahan, nanging lègislatoré ora nggunakaké wewenangé kanggo ngontrol anggaran, nanging malah kepara mèlu bancakan, nganthongi dum-duman.

Anggaran kanggo resès, umpamané, isih akèh sing digunakaké kanggo njejegaké uripé dhéwé-dhéwé. Gawé omah gedhong magrong-magrong, kamangka sing diwakili uripé isih mbentoyong. Tuku montor alus kamangka dalan-dalan ing désa lan kutha ora mundhak alus. Kamangka, anané resès iku supaya para anggota déwan kang minulya bisa ketemu langsung karo rakyaté, supaya bisa ngrungokaké uneg-uneg lan kepinginané kanggo kabecikan uripé, saéngga banjur bisa dadi sangu nalika rapat-rapat nentokaké kawicaksanan. Mulané, resèsé dibandhani nganggo dhuwit APBN/APBD.

Mesthiné, para anggota déwan kang minulya wis ora perlu golèk-golèk, kaya sing dicritakaké salah sawijiné bupati ing Jawa Tengah.

“Negara iki tambah rusak lan cepet ambruk yèn cara nyambut gawéné wong-wong DPR isih kaya ngéné iki. Mosok yèn ora ditemoni, wilayahku ora kumanan proyèk-proyèk pembangunan. Ya, yèn mung ketemu kanthi ngopi-ngopi banjur rampung perkarané, lha iki kudu nyepakaké dhuwit puluhan nganti atusan yuta, jé. Iki rak padha waé aku kudu mèlu maling, wong ora ana anggaran kanggo nyogok ngono kuwi?” ujaré Pak Bupati.

“Lha cara panjenengan ngrampungi golèk sangu piye, Pak?” pitakonku.

“Ya bisané sambat Sèkda supaya dirigenké, banjur suk yèn proyèké mudhun, dicoplokké kanggo nutup dhuwit mau…,” ujaré Pak Bupati.

Aku mung bisa kukur-kukur bathuk. Ngendikané Pak Bupati iku jumbuh karo critané sawijiné anggota DPR RI sing nyritakaké bola-bali ngawal proyèk pembangunan dalan, jembatan lan sapanunggalané ing tlatah pemilihané utawa Dapil. Pak DPR iku ngendika marang tim suksèsé sadurungé coblosan, menawa Désa Anu ing Kabupatèn Kaé wis olèh proyèk kang diperjuangaké dhèwèké, mula Pak Lurahé kudu ditemoni supaya menangaké dhèwèké supaya palungguhané ing Senayan ora ucul.

Nalika wis kepilih dadi wakil rakyat, kuduné bali menyang tembung ‘wakil rakyat’, yaiku wakilé rakyat kang manéka warna aspirasi politiké. Ora kena wakil rakyat mung mikir pamilihé sing sak partai thok, nanging kabèh warga, utamané saka Depil-é dhéwé-dhéwé. Yèn kabèh wakil rakyat bisa duwé laku becik kaya mangkono, dakkira rakyat kabèh bakal ayem, tentrem, ora rumangsa dibéda-bédakaké.

Wis wanciné, jaman réformasi ora rusak manèh kaya wingi-wingi, sing jebulé akèh pawongan sing tumindaké mung dadi ngambakaké jagad korupsi. Yèn para wakil rakyaté kabèh bisa tumindak bener lan pener, ora nalisir saka angger-angger, sing arané aparat birokrasi ora bakal wani-wani tumindak korupsi. Sedulur gubernur, keluwarga walikota utawa adhiné bupati uga ora bakal lanyo-lanyo ngekep proyèk, yèn lègislatifé uga ora kemaruk dum-duman.

Jaman édan kudu énggal dipungkasi. Apa manèh yèn mbesuké negara iki dipimpin presidèn sing ora dhemen korupsi, sregep nyambut gawé lan resik uripé, lair kalawan batiné. Bakal klop, nyambung, nalika presidèné apik bisa nyambut gawé bareng anggota legislatifé sing uga becik. Yèn lembaga èksekutif lan legislatif padha diisi priyayi-priyayi becik lan resik, sing arané punggawa yudikatif uga dadi ngati-ati lan wedi tumindak culika.

Nanging, kabeh iku tangèh dadi kasunyatan menawa rakyat, ya kita kabèh ora bisa njaga lan ngawal kabecikan iku mau. Carané jan-jané gampang waé. Saumpamané ana tangga kang dadi pegawai pemerintah utawa anggota DPR(D) ujug-ujug katon sugih, dhal-dhel mbangun utawa tuku omah lan mipik montor alus kinyis-kinyis, beciké ditelisik asal-usulé bandhané. Yèn konangan culika, beciké disekèng, disirik srawungé. Racaké, wong-wong sing dhemen korupsi ora duwé rumangsa dosa amarga tangga lan seduluré isih paring kinurmatan, kayata didadèkaké among tamu, diaturi pasrah temantèen lan sapanunggalané.

Saliyané iku, yèn sing ngasak iku wakil rakyat, beciké dititèni, suk manèh ora usah dipilih nalika coblosan calèg. Yèn ora ngono, ora bakal kapok, sebab isih padha rumangsa becik uripé, pranyata isih tinampa becik déning tangga-tanggané.

Becik kanggo pangéling-éling ngendikané Pak Bupati siji iki, “Yèn aku ora éguh ngliyerké dhuwit, rakyatku ora kumanan pembangunan. Nanging yèn aku kudu tumindak mangkono terus-terusan, aku ki ya menungsa lumrah sing  duwé lali lan during mesthi bisa éndha saka pagodhan. Yèn legislatif-é becik, pembangunan bakal apik lan wong-wong kaya aku ora kudu uthak-uthik dhuwit sithik.”

“Donya iki kudu tambah padhang. Indonésia kudu sangsaya maju, kanthi cara rakyat kabèh kudu mèlu-mèlu, gelem njaga kabecikan. Yèn weruh wakil rakyat lan pejabat nalingsir saka angger-angger, ya kudu diwanèni. Yèn perlu dilapuraké marang polisi utawa kejaksaan,” pungkasé Pak Bupati.

6 thoughts on “Donya Kudu Tambah Padhang

  1. Thank you for another wonderful post. The place else may anybody get that kind of
    info in such an ideal way of writing? I have a presentation next week, and I’m at the search for
    such info.

    homepage (Cara)

Leave a Reply