Wédangan

Seratan iki wis kapacak ing ariwarti Suara Merdeka, Selasa Legi, 11 Februari 2014

Nembé setaun ora mulih nèng Sala, Kang Slamet ngaku gumun meruhi akèhé warung hik utawa wédangan. Ora mung nèng pinggir dalan, ing satengahé kampung malah bisa luwih saka loro cacahé. Sing njalari Kang Slamet sangsaya gumun, saiki malah akèh papan kanggo wedangan kang binangun kanthi dhuwit ora cilik, dudu jut-jutan, nanging malah èm-èman. Ora cukup puluhan yuta, nanging malah kepara ana sing nyedhot dhuwit milyatan.

“Lha yèn bukak usaha wédangan waé nganti ngetokaké modhal milyatan, apa ya bakal bali dhuwité ya, Lik?” ujaré Kang Slamet marang Pakdhé Pur, bakulé wédangan grobagan.

“Ya embuh. Aku durung bisa mbayangké sepira akèh cacahé dluwang dhuwit sakmilyat. Nanging, aku positip waé mikiré. Anané papan wédangan larang-larang kuwi mratélakaké menawa wédangan wis munggah kelasé,” jawabé Pakdhé Pur. “Nyatané ya laris, akèh sing ngiras kanthi rombongan. Tur manèh, klumpukané dhuwit pajek usahané malah bisa kanggo mbangun kutha.”

“Édan ya, Dhé, usahané wong cilik pribasané kaya dirayah déning wong-wong sing duwé modhal gedhé. Lha sukmbèn wong cilik komanan apa, no?” celathuné Kang Slamet.

“Rejeki iku wis ana sing ngatur. Kaya déné tanduran lombok wis ana sing ngecèt, dadi ora perlu sumelang kélangan sandhang-pangan. Tur manèh, sing kuwat jajan larang saben dina, ki rak ya wong sing dhuwité akèh, ta? Tukang parkir bakal keduman, buruh ladèn wédang ya kumanan rejekiné saka usaha bakulan wédang.”

Kang Slamet kukur-kukur sirahé. Sinambi nyawang hènpun-é, dhèwèké nyimak rupané Pakdhé Pur. “Tèhku dijogi manèh, Dhé,” ujaré Kang Slamet kanthi ngulungaké gelasé.

“Bares-barèsan waé, Dhé. Jan-jané sampéyan ki apa ora kewedèn awit anané wédangan sing saiki ngembyah nèng Kutha Sala? Saingan tambah akèh, mesthiné rejeki sing kuduné didum wong sithik dadi didum kanggo wong akèh? Rak ya mung dadi tithik olèh-olèhané, ta?” Kang Slamet mbacutaké ngudhari uneg-unegé.

“Ngapa ndadak gigrik. Kanggoku, iku malah apik tumrapé bakul. Dadi kudu pinter-pinter anggoné nggulawentah usahané. Piyé carané bisa nambah lengganan lan bisa njaga lengganan lawasé tetep bali manèh, ora ucul. Nanging, sanajan mangkono, wong pindhah-pindhah papan wédangan iku lumrah sebab antarané wédangan siji lan sijiné mesthi duwé panganan utawa ombèn-ombèn sing dadi ciriné, sing ora ana kembarané,” ujaré Pakdhé Pur.

Pakdhé Pur banjur mbacutaké dongègané. Ujaré, nalika Kutha Sala sangsaya ramé sinaba dhayoh utawa turis saka kutha lan negara liya, wédangan uga kumanan dadi paran jujugan kaya déné warung-warung soto, selat, pecel lan sapanunggalané. Rèstoran-rèstoran gedhé lan hotèl méwah malah uga katut mèlu-mèlu nyedhiani panganan lan dedhaharan sing dadi ciriné kulinèr Sala.

Hotèl uga merlokaké nyegat lungané tamu sing nginep, supaya ora usah rekasa-rekasa golèk kulinèr Sala ing njaban hotel, ing pangajab dhuwité tetep mubeng ing papan penginepan. Sing mangkono iku mujudaké tanggap sasmitané pawongan sing nggulawentah usaha jasa penginepan ngadhepi kahanan pasar lan trèn seléra tamu.

Papan wédangan larang lan sing larang banget karana méwahé, nyatané uga diperlokaké jalaran seléra konsumèn saiki tambah pepak lan rumit. Ana sing pingin banget dolan nèng wédangan, nanging waniné ngombé legi menawa ana gula dièt utawa gula ‘rendah kalori’. Biyasané jalaran penyakité rada akèh, mula kudu nyingkiri gula tebu.

Ana uga jinisé pawongan sing gampang risi nyawang laler, mula mbutuhaké papan wédangan sing bisa njamin higiene panganan sing didhasaraké. Sing kaya mangkéné, mesthiné dadi kawigatèné para bakul wédangan saliyané nyawisi panganan lan unjukan sing pepak supaya ora mbalèkaké sapa waé sing pingin jajan.

“Lha yèn ana papan wédangan sing kudu mbayar dhisik ing kasir sadurungé lungguh ngana kaé, apa ya mungguh ta, Pakdhé? Rasané kok piyééé…, ngono,” ujaré Kang Slamet.

“Halah, Met. Kowé ki pancèn kurang piknik. Kaya ngono kuwi wis lumrah ing jaman saiki. Luwih praktis, tur ora bakal salah étung. Priyayi kutha saiki wis kulina ngono kuwi. Nèng rèstoran sajroné mal, utawa papan-papan ngopi saiki ya ngono kuwi,” sumauré Pakdhé Pur.

“Lha, tapi, Dhé, rasané kok bakulé dadi ora percaya marang tamuné. Yèn aku kok ora mathuk. Kanggoku, wédangan ki lumrahé ya aba dhisik, nambah ngombé utawa panganan ya kari mbengoki bakulé, mengko yèn wis arep mulih nembé étungan. Prinsip saling percaya iku wis dadi ciriné wong Sala, mliginé bakul wédangan,” ujaré Slamet.

“Wah, dak kira ora perlu kadohan mikir tekan kono, Met. Jaman saiki pancèn wis owah, akèh wong sing mulai luwih praktis lan pragmatis uripé. Arep mbayar kèri apa mbayar dhisik ora perlu dimasalahaké. Bakul wédangan milih sistem kaya mengkono uga karana kahanan, tuntutan pasar utawa konsumen. Lumrah iku,” ujaré Pakdhé Pur.

“Ora, ning wédangan larang-larang ki apa payu ya, Dhé?” pitakoné Kang Slamet.

“Lha ya mesthi payuné. Nyatané ya ora ana sing kukut ngono, lho! Tegesé, sing mbutuhaké ya isih ana lan akèh. Sing kelas rakyat, nyatané ya disaba wakil rakyat, penggedhé lan sapanunggalané. Nyawiji ing kono, akèh tukang bécak lan buruh uga jajan ing papan sing padha. Ya ngono kuwi sing diarani rejeki iku ana nèng ngendi papan. Nyatané, sèwu luwih cacahé wédangan ing Kutha Sala sing mbayar rètribusi saéngga dhuwité nglumpuk bisa kanggo ngapikaké kutha. Aja gumunan ngono ta, Met,” ujaré Pakdhé Pur.

 

2 thoughts on “Wédangan

Leave a Reply