Sala Kutha Festival

Ketoké Sala wis pantes diarani Kutha Fèstival, saliyané Kutha Kirab. Apem, Seni Pertunjukan, Musik Ètnik, Tèh, Kulinèr, lan sapanunggalané, wis difèstivalaké, dipamèraké siji mbaka siji. Kutha dadi regeng, akèh pelancong teka saka njaban kutha, saperlu nyeksèni lan mbuktèkaké kasunyatané, ora mung cukup ngugemi crita saka kanca lan pawarta layang kabar utawa lumantar tivi.

Tulisan ini sudah dimuat di Suara Merdeka edisi 29 Oktober 2013 sebagai kolom rutin sekali dalam sebulan. Sorry, caption-nya Bahasa Indonesia :p

Tulisan ini sudah dimuat di Suara Merdeka edisi 29 Oktober 2013 sebagai kolom rutin sekali dalam sebulan. Sorry, caption-nya Bahasa Indonesia :p

Nadyan mangkono, ora sithik wong sing alok lumantar Twitter, Facebook lan sapanunggalané, ngandhakaké yèn akèhé festival lan kirab  sangsaya suwé malah dadi kélangan greget. Akèh sing nyeksèni, tontonané ora gawé tambah marem, nanging kepara kuciwa jalaran krasa padha sembrana anggoné nganakaké acara.

Miturut Mas Happy, warga Gading sing wis suwé manggon ing Jakarta, festival-fèstival saiki wis ora kaya biyèn gregeté. “Sing dak rasakaké, ora nonton waé ora marakaké gela,” ujaré Mas Happy sinambi lèyèh-lèyèh nèng wédangané Pak Kemin, Ngesus.

“Lha ya piyé manèh, Hap, wong kétoké kanca-kanca ki ya kurang tanggap marang kahanan, pada ora gelem mikir rada dawa,” ujarku.

“Yèn wis dicithak ing buku kalènder acara lan kapacak ing Internèt, kuduné aja nganti mlèsèt wektuné. Kanggoné wong Jakarta, Bandung, kutha-kutha liyané, anané jadwal kang gumathok bakal nggampangaké anggoné ngrancang ngisi wektu prèi lan plesiran. Ora sithik, lho, sangu sing kudu dicepakaké kanggo lelungan iku…,” ujaré Mas Happy.

Aku manggut-manggut, mathuk marang omongané Mas Happy. Saben lelungan, apa manèh ngepasi prèi dawa, racaké padha milih lelungan sing tanja. Wong tuwa mesthi bakal milih papan plesiran sing migunani, ora mung kanggo awake dhéwé, nanging uga kanggo putra-putrané. Mulané, Fèstival Dolanan Anak umpamané, bakal dipilih jalaran generasi sepuh bisa nularaké pengalamané nalika isih timur kanthi nyawang wujudé dolanan dhakon, èngklèk, gobak sodor lan sapanunggalané.

“Lha iya, Hap. Bocah-bocah saiki, apa manèh sing urip ing kutha-kutha gedhé, wis mesthi ora ngerti piyé wujudé gobak sodor. Ngertiné dolanan ki ya sing ana nèng computer utawa hènpun. Luwih-luwih, nèng kutha kaya Jakarta, wis ora ana papan sela kanggo dolanan para bocah,” ujarku.

“Dak kira, kanca-kanca event organizer iku kudu luwih ngati-ati lan pinter anggoné pétung. Saka acara Fèstival Dolanan Anak sing dijumbuhaké marang prèinan sekolah, umpamané, bakal nekakaké wong akèh. Kabèh butuh papan kanggo nginep, butuh séwan mobil utawa taksi, butuh jajan, butuh olèh-olèh lan sapanunggalané. Wis bisa kepetung, pirang yuta dhéwé dhuwit kang bakal diblanjakaké ana Sala, saéngga kabèh melu kumanan rejekiné saka Gusti Allah,” ujaré Mas Happy.

“Bener, Hap!” ujarku, “Mulané, kabèh warga Kutha Sala kudu nyengkuyung anané festival-fèstival iku mau. Nanging, émané, malah akèh kanca sing kurang titis métani manfaaté acara-acara iku mau, banjur pating clebung alok ala utawa malah ngèlèk-èlèk.

Malah, sruwing-sruwing aku krungu kabar, Pak Walikota uga kurang kepranan babagan akèhé acara kang ginelar ing Kutha Sala. Ora tanja anggoné Pamaréntah cawé-cawé cucul wragad lan panyengkuyung awujud fasilitas sing manéka warna. Aku yakin, Pak Rudy ya ngersakaké kabèh acara mau digunem apiké, ora digrenengi kaya wektu kèri-kèri iki.”

“Panemuku, Dinas Pariwisata lan dinas-dinas liyané kudu tegas marang sapa waé. Diévaluasi saben taun, yèn kurang apik dipeksa ndandani kurangé. Yèn diélingaké ora cèkat-cèket nambal kekurangané, ya wis, dilèrèni waé. Dadi, saumpama mung ana sithik kegiyatan sajroné setaun, ya ora dadi ngapa, waton mentes lan migunani kanggo kutha lan warga Sala,” ujaré Mas Happy.

Ngrungokaké gunemané Happy, aku banjur kelingan Mas Adji lan wadya balané sing nganakaké Rock In Solo. Kabèh wragad pada disetiyari bareng-bareng, ora nyuwun marang pamaréntah kajaba awujud dèkèngan fasilitas awujud gampangé ngurus ijin lan liya-liyané. Grup-grup band saka mancanagara ditekakaké mréné kanthi wragad sakanané.

Taun iki waé, sing padha tuku karcis wis ana limang èwu wong saka njaban Sala, ora mung saka tanah Jawa, nanging sa-Nuswantara. Apiké, sing tuku karcis iku mau, prasasat saben taun nekani acara gak ginelar déning Mas Adjie sakanca. Malah, dhèwèké duwé kabèh jeneng, alamat, nomer tèlpun langganané iku. Yèn wong siji waé mblanjakaké 500 èwu kanggo jajan, tuku olèh-olèh lan nginep ing Sala, wis ana dhuwit Rp 2,5 milyar sing muter suwéné rong dina ing Sala, kaya suk tanggal 2-3 November, nalika Rock In Solo sing kaping pitu ginelar.

“Tapi, Hap, omong-omong, apiké pancèn ora kabèh festival perlu digratisaké. Supaya, sapa waé sing bakal nganakaké fèstival ajar tanggung jawab, ora mung waton gawé ram élan regengé Kutha Sala. Masyarakat kudu diajak bareng-bareng mèlu tanggung jawab uga, supaya bisa ngajèni anané festival. Amarga, ora sithik sing nyepèlèkaké festival amarga gratisan,” ujarku.

Mas Happy manggut-manggut, banjur nyruput ès tèh tape kekaremané.

7 thoughts on “Sala Kutha Festival

  1. DV

    Wong-wong nek weruh fotomu kuwi mesti mbedhek kowe urip nek ora neng Eropah yo neng Amerika, Lik. Amarga, turtle neck kaya kuwi mung dinggo nek wayah adem njekut kae hehehe…

    Tapi btw aku bangga karo kowe lan Adji.. luwih bangga meneh karo Gusti sing iso nggawe ndonya iki samsaya ciut lan saling kenal.. opo tumon, Adjie ki kancaku SMA kok isa mara-mara kenal karo sliramu hahahah 🙂

Leave a Reply