Jaréné Pénak Jaman Soeharto…

Ora mung awujud rerasan, jaré uripé wong Indonesia iku luwih kepénak jaman Soeharto. Nanging saiki wis sumebar kanthi mloho, cetha wéla-wéla, tinulis ana bak truk, sablonan kaos oblong utawa poster. “Isih penak jamanku, ta?” Mangkono ukarané sing karaketaké karo gambar Soeharto mèsem, mèmper karo gambar Bapak Pembangunan ing dhuwit sèket ewunan jaman reformasi biyèn.

Dalan krowak ing kidul Gapura Gladag, Sala

Seminggu kepungkur, aku olèh tetembungan sepélé, nanging bener yèn dinalar. Pak Hardjito, sopir taksi sing dakséwa, ngrasani yèn pemerintahan kèri-kèri iki ora bisa ngrumat dalan utawa lurung, apa manèh nggawé dalan anyar. “Mang titèni, Mas, pundi mergi  énggal ingkang kabangun dèning presidhèn sasampunipun Pak Harto?” ujaré Pak Hardjito.

“Jaman sakniki, sing digedhèkaké mung sami nglumpukké bandha. Bupati, walikota, gubernur lan sapanunggalané niku, sedaya mung mikir awake dhéwé-dhéwé. Mboten sami purun mikir pripun supados rakyaté niku tentrem, gampang anggoné pados sandang, pangan lan papan.”

Aku trima meneng, ngrungokaké rerasané ‘wong ndalan’ kaya Pak Hardjito, sing mesthiné kulina ndhèrèkaké tamu utawa penumpang, kang warna-warna sangkan parané, drajad lan pangkaté. Mesthiné, wong kaya Pak Hardjito krungu akèh babagan Bibit Waluyo, Hadi Prabowo lan Ganjar Pranowo, yaiku pada calon gubernur sing saiki lagi padha kampanye, saperlu rebutan lungguhan ing kantor gubernuran.

Duit gambar Soeharto, Bapak Pembangunan (Gambar kaundhuh saka Internet)

Niyatku pancèn pingin weruh lan mangertèni, kaya ngapa swarané warga babagan para pinunjul kang nembé nyalon. Dak takoni babagan Bibit, jawabé nylekéthé. Jaréné, bisa waé menang manèh sanajan wong Sala ora pati rena, apa manèh tresna jalaran Pak Jokowi naté dikuya-kuya. Babagan Hadi Prabowo, bapak sopir taksi mau ngaku ora kenal priyayi iku sapa. Déné nalika aku takon Ganjar Pranowo, jawabé uga sepélé: “Pak Ganjar niku ketingal pinter, tapi dèrèng naté manggon ten Sala ta, Mas? Lha Jawa Tengah niku rak nggih béda kaliyan Jakarta utawi Indonesia.”

Cep, klakep! Lha piyé olèhku arep bisa mèlu-mèlu urun swara sanajan mung awujud wara-wara, yèn rakyat waé cara mbiji lan nitèni para calon gubernur wis jero kaya mangkono? “Paling sésuk niku sing menang golput malih kok, Mas,” ujaré Pak Hardjito.

Aku mung bisa manggut-manggut. Bibit Waluyo, sanajan kodo, yèn ngendikan clebang-clebung kaya dudu karepé dhéwé, nanging tumrapé wong ndésa lan racaké wong cilik, luwih kaanggep prasaja, apa anané. Wondéné Hadi Prabowo, yèn aku kok isih melang-melang. Yèn nitik jabatan lan blanjané, saumpama olèh-olèhané Rp 100 yuta sesasiné, mosok dhuwit lan bandhané cukup kanggo nyithak spanduk, baliho, poster lan sapanunggalané? Lha dhuwité saka ngendi asalé?

Lha yèn Ganjar Pranowo, aku yakin dhèwèké ora sugih. Jaréné, klebu sithik saka wong-wong PDIP sing kondhang resik. Cilakané, wong sing dak anggep apik mung dijagokaké PDIP. Mligi déning partai pimpinané Mégawati. Saumpama Ganjar iku didadèkaké nggoné wong akèh, sing tegesé orang dikétok-kétokaké mung nggoné wong PDIP, mbokmenawa isih bisa mènèhi pengarep-arep bakal mimpin Jawa Tengah.

Nanging ya piyé manèh, yèn wong kaya aku utawa Pak Hardjito iku pancèn bisané mung ngarep-arep tetesané endhog blorok. Apa manèh golèk pemimpin sing bisa mbangun dalan anyar tur apik, lagi golèk pemimpin sing bisa njaga supaya dalan aspal ora krowak saben mangsa rendheng waé angèlé kaya nyekel welut ana sawah.

Wong-wong politik jaman saiki, sajaké ora kepikiran, apa manèh kéngguh supayané mbésuk yèn wis padha séda, isih akèh wong tilik, nyekar lan paring donga kaya déné Bung Karno, Pak Harto lan Gus Dur, sing paribasané saben dina ora naté kendhat wong sing nyelakaké teka lan tadhah donga. Kosok balèné, para politisi saiki luwih nggethu anggoné kulak bandha lumantar drajad lan panguwasa kanthi pétungan njlimet, supaya nalikané konangan anggoné ngrayah bandhané negara banjur karangkèt, isih ana turahan kanggo nyambung urip nalika wis uwal saka kunjara lan kecukup anggoné mbayar pokrol lan juru pengadil, kayata pulisi, hakim lan jeksa.

Yèn wis mangkono, dak kira ora gampang ngélingaké kenapa mbiyèn nganti ana sing arané KontraS, yaiku Komisi untuk Orang Hilang dan Korban Tindak Kekerasan. Kamangka KontraS, kanthi S gedhé utawa kandel, iku mratélakaké tandha pengéling-éling marang kejemé Soeharto nalika kuwasa. Kanthi nggunakaké dayané ABRI nalika semana, Soeharto nindhes  wong-wong sing ora sarujuk marang ‘kawicaksanané’ nganakaké samubarang kan sinebut pem-ba-ngu-nan!

Nggawé Wadhuk Kedhungamba, umpamané. Rakyat sing lemahé dijaluk kanggo gawé wadhuk diwènèhi ganti rugi sakupil, kira-kira mung cukup kanggo tuku rokok sawungkus saka meteran lemahé. Kamangka, jatah pitukoné lipet pirang-pirang puluh gedhéné. Sing ora sarujuk banjur dionèkaké mbeguguk ngutha waton, dicap PKI, banjur kaniyaya déning tentara. Kaya mangkono kejemé, mula nganti ana ‘monumen’ kang diwènèhi jeneng KontraS.

Para politisi PPP lan PDI (saiki dadi PDI Perjuangan) sing mbiyèn dikuya-kuya déning Soeharto, Golkar lan ABRI, saiki malah padha kemaruk, mbalèni patrapé Soeharto nalika jaman semana.

Cilakané manèh, akèh bocah jaman saiki sing ora menangi utawa ngalami rekasané dikuya-kuya lan ditindhes déning Soeharto, nanging amarga kebacut maju lan pinter, banjur gawé alesan werna-werna kanggo éndha saka kahanan sengsara jaman semana. Apa manèh, wong-wong iku olèh bukti, yèn politisi saiki kemaruk bandha, lan kendel nyolong kanthi terang-terangan, nanging tansah lamis  lan pinter gawé ukara béla rakyat nalika ngadhepi juruwarta utawa nembé mlebu tivi. Klop!

Piyé, isih pilih urip kaya jaman Soeharto apa pingin gawé tatanan urip sing luwih nentremaké ing tembé?

Yèn aku wis kapok. Aja nganti anak turunku mbésuk menangi urip katindhes bangsané dhéwé kaya nalika Soeharto nggunakaké kuwasa.

11 thoughts on “Jaréné Pénak Jaman Soeharto…

  1. iyo yo mas ! jaman pak harto jarene akeh sing KKN ning biaya hidup murah lan negoro aman tapi jaman saiki jarene anti koroksi tapi urip e pejabate akeh sing korop ya mas..
    matur nuwun info ne ..salam kenal yo mas sing ganteng

  2. toni sulistyo

    Nek saiki yo pancen rodo kepenak, akeh sing duwe hp, mobil, laptop,tablet lan liyo liyane…. tapi yo ono ra penake…nek jaman Soeharto pernah swasembada pangan, tapi nek sakiki jaman swasembada koruptor….??!!

  3. Aku sarujuk karo wose tulisan ing ndhuwur
    tetembungan “penak jamanku” mung cocok kanggo para sopir angkutan umum.
    jaman suharto ora ana dalan rabat beton tekan desa ngadesa, ora ana wong ndesa nyekel hp
    ora ana BOS, BSM lsp
    dhuwit mung muter nang jakarta wae

Leave a Reply