Glangsaran Karana Harley

Jemuwah soré, watara jam papat luwih limang menit, aku lan bojoku glangsaran ana satengahé Prapatan Purwosari. Pit montorku kaya disurung saka ngiringan, rasané kaya didhupak wong nunggang Harley Davidson. Kemropok. Rasané pingin ngoyak, banjur njotosi. Nanging, iku mung pangimpèn. Mesthi waé aku ora wani.

Paling-paling, yèn aku nganti wani njotosi, tundhané mung bakal mlebu mbui. Dipidana, sanajan rumangsa ora duwé dosa. Siji-sijiné dosa, wis genah nèng ngarep mata, mesthi digolèkaké pasal sing nyalahaké aku. Mesthi bakal dicuthelaké ana perkara njotosi, ora bakal disénggolaké marang pokok perkarané.

Wis akèh wong sing ngerti, ukum iku mung duwèké pulisi. Sing olèh napsiraké pasal pidana, yang mung wong-wong sing nganggo sragam warna soklat. Liyané, kudu ngerti dhéwé, sumingkir sakadoh­-adohé. Pasal bisa dituku, bisa uga kanggo réwang-réwang wong ndhuwuran.

Pulisi sing padha jaga ing prapatan utawa dalan-dalan iku mung krocok. Gedibal kang bisa dikongkan-kongkon déning wong ndhuwuran.

Ora sithik penggedhé sing seneng nunggang Harley. Krocok kudu nggawé lancaré konvoi, ketimbang kangèlan munggah pangkat, lan sapanunggalané.

Atiku entèk nalika bojoku ngélingaké, menawa tanpa guna nglawan wong duwé kuwasa. Apa manèh mung wong kaya aku lan bojoku, sing arané Sophan Sophiaan kang pinunjul waé bisa tiwas keplindhes rodha sepedha montor kang ditunggangi Pak Jénderal, tanpa ana crita kang nentremaké kulawargané Mbak Widyawati.

Bojoku nyalahaké aku, amarga aku kewanèn mèlu mblusuk ana satengahé konvoi soré iku. Aku dianggep brangasan saben weruh rombongan motor gedhé, banjur nesu sakrepé dhéwé, kaya déné kedadèyan Jemuwah soré iku, nalika aku sakloron padha glangsaran ana satengahe prapatan. Pulisi kang jaga mung bisa takon kahanan, lan ora ngucap apa-apa manèh. Mbokmenawa dhèwèké nglengganani, pancèn sing nunggang Harley kang kurang ajar, nendhang pit montorku jalaran dianggep ngalang-alangi lakuné.

Aku getun awit tumindak brangasanku soré iku. Apa manèh bojoku ngélingaké menawa tiba ndhodhok kaya kang dirasakaké bojoku iku mbebayani tumrapé kesarasané wanita. Apa manèh wis wolung tahun suwéné aku bebrayan, durung pinaringan momongan. Muga-muga, ora ana apa-apa marang bojoku amarga alangan iku.

Aku ora bisa mbayangaké rasa atiné bojoku, lan getunku salawasé urip saumpama kedadèyan iku njalari cilakaning bebrayanku.

Gara-gara kedadèyan iku, saiki bojoku kerep tratapan saben krungu uniné siriné. Semono uga aku, dadi rada was-was nunggang sepedha motor ana ratan gedhé.

Aku pingin, wong sing kulina nunggang motor gehé sewenang-wenang ana dalan bisa ngrasakaké larané wong kaya aku lan bojoku. Semono uga para pulisi lalu lintas, bisa mangertèni rasané wong kang wis dicolong hak lan keadilané.

Aja mung golèk alesan kanggo sélak, golèk menang kanggo ngoncati tanggung jawab marang korupsi kaya déné nalika nganakaké Simulator SIM. Sing penggedhé nyolongi dhuwit gedhé, sing krocok sregep nyegati truk wedhi, wong salah dalan nerak larangan lalu lintas lan sapanunggalané.

Aku wedi ndongakaké ala, kayata pulisi utawa keluwargané kesaruk bis Sumber Kencono, utawa penunggang Harley Davidson nabrak wong nyabrang dalan, banjur dimassa, embuh diobong utawa dipilara nganti thélé-thélé. Aku uga wedi ndongakaké kulwargané penunggang Harley kang sewenang-wenang ana dalan gedhé ana sing ketrunjang truk tèngki, banjur modar mecèdhèl nganti ora wujud manungsa manèh.

Aku wis ora ngerti, apa penunggang Harley lan pulisi kang dhemen ngawal isih duwé ati lan pantes sinebut duwé rasa kamanungsan nalika nganggep ukum mung kanggo mbélani wong gedhé, wong kang kandel kanthongané, dudu kanggo rakyat, lan tumrap sapa waé kang wis padha kapeksa mbayar pajek lan butuh rasa keadilan.

Yèn nèng ratan waé ukum wis emban cindhé emban siladan, banjur kepriyé tumrapé bebrayan agung kang aran negara Indonésia? Asu gedhé pancèn bakal menang kerahé. Nanging, apa pulisi lan penunggah Harley Davidson gelem disebut asu utawa dipadhakaké marang segawon?

Mbok coba padha dipikir lan ditimbang, kira-kira isih aji endi uripmu para pulisi lan sing nunggah Harley kuwi, yèn tinimbang karo uripé Scooby-Doo…..

Apa padha gelem nalika ana wong ngundang awakmu “Harley”, banjur kowé kabèh padha njawab. “Guk..guk..guk….” kamangka ora arep diajak lari-lari…..

* Dik, aku nyuwun ngapura, ya. Gara-gara Harley, aku banjur emosi kang tundhané nyilakakaké sliramu...*

4 thoughts on “Glangsaran Karana Harley

  1. juprex

    Assalamu alaikum pak de… Alhamdulillah ijek pinaringan kesehatan kabeh… Alhamdulillah meneh awak ke dewe ora diparingi duwe harley opo moge ya pak…aku paling ra seneng yen ketemu rombongan harley utowo liya-liyane trus banjur nengah-nengah neng dalan…aku ra seneng ora mergo aku ra isoh tuku pak (tenan pak) mergo sikap pe wae sing “peh” ( Peh sugih, peh motor re gede, peh dikawal polisi, peh bagus, …) yo mugo2 rakyat indonesia makin bermatabak ya pak…. (bermatabat), o..iyo, mugo2 dang diparingi momongan sing sholeh lan sholekhah… Amin….

Leave a Reply