Nom-noman Kurang Trapsila

* Cerita senada versi bahasa Indonesia

Ngat Pon, 20 Sapar 1945, sarimbit, aku lan geganthilaning atiku lunga jagong menyang Ngayogyakarta. Pahargyan anggoné kancaku amangun balé somah, kang kalaksanan ing Balé Pamungkas, Kridhasana. Jan-jané apik, isih nganggo adat Jawa. Nanging reroncèn acarane krasa suwung jalaran kabèh mau dileksanakaké déning wedding organizer kang ora nJawani. Babar blas orang ngerti suba sita lan trapsilané wong Jawa.

Angkahé, upacara pahargyan mantèn kawiwitan tabuh 10 ésuk. Aku lan bojoku rada telat tekané papan pahargyan. Aku sakloron mlebu, ora ana among tamu kang mbagèkaké tekaku. Ana wolung pasang among tamu, kakung-putri, padha lenggahan. Sisih tengen patang pasang, semono uga sing mapan ana sisih kiwa.

Dumadakan, aku lan bojoku diparani wong wadon, isih anom umuré, kang nuduhaké supaya lungguh ana sisih tengen papan resèpsi. Aku mung bisa manut, nanging bojoku rada kagawa kagolku sawise lungguh. Krasa ana sing ngganjel, béda kalawan adat sabené wong duwé gawé ing adat Jawa. Sala lan Ngayogya, ora ana bédané.

Saka kadohan aku sakloron nyawang pengantèn kakung-putri kang padha sungkeman marang rama lan biyunge sakloron. Kaya mbakyu-mbakyu kang dhawuh aku sakloron golèk papan ing sisih tengen, ana wong lanang loro ing dhuwur panggung. Padha umak-umik, tangané nyedhak tutuk nyekeli kabel.

Papan kanggo mantèn lan wong tuwané sakloron dadi katon reged jalaran anané wong lanang loro mau. Déné ana ngarep lawang, ana wong wadon siji, sing umak-umik tutuke lan tangané nyekeli kabel, ngadeg marep pelataran, ngungkuri mantèn lan para among tamu. Jiannn…!!! Babar blas ora ngerti unggah-ungguh temenan wong-wong iku.

Miturut panemuku, wedding organizer iku ora mung ngurus babagan lancar kelakoné acara, awit sadurungé, nalikané resepsi lan sapurnané acara. Unggah-ungguh, subasita lan tata krama kudu diduwèni uga, supaya jangkep.

Nanging mbokmenawa ya kaya mangkono kersané Gusti Pangèran Kang Murbèng Dumadi, kanggo mbukak mripat lan rasa-pangrasané para tamu lan kang kagungan kersa. Mbukak mripat, jalaran wis akèh wong Jawa kang ilang Jawané, adoh saka unggah-ungguh jalaran priyayi-priiyayi saiki wis akèh kang ora kober paring pitutur, ndunungaké para sudarmané supaya duwé pekerti luhur, ngerti unggah-ungguh, trapsila lan subasita.

Yèn wong tuwa sakloron padha ngapit mantèn kang padha sami lenggahan, mesthiné wong lanang loro mau ora kena nganyur suwé ana ing sangarepé para lenggah. Semono uga wanita kang ngadeg kaya reca ngungkuri para among tamu kang sami lenggah ana kursi, iku uga mujudaké patrap kang kurang becik.

Éman banget, wong-wong anom bisa gawé wedding organizer jangkep borongan tumekané katering, pinter ngroncé acara, nanging kurangé dadi cetha, babagan trapsila lan tataa krama kang ora ana.

Mesakaké sing duwé gawé, sing wis cucul wragad ora sethithik, nanging rasané ora kecekel. Ramé dhayoh nanging krasa mamring.

One thought on “Nom-noman Kurang Trapsila

Leave a Reply