Srinthil Dudu Lonthé

Tumrap wong kang cupet nalaré, Srinthil kang dadi rol ana filem Sang Penari, bisa dianggep lan dipadhakaké wong nakal, lènjèh lan sapanunggalané. Semono uga tumrap wong kan semuci suci, bisa-bisa bakal nganggep Srinthil wis nalisir saka ajaran agama. Kamangka, Srinthil dudu lèdhèk geleman, utawa wong kang ora bisa ditebas wadag lan atiné kanthi ijol bandha donya.

Dudu. Srinthil dudu képlé utawa tlembuk utawa kutisan kang nyéwakaké badané kanggo sapa waé. Dhèwèké manungsa lumrah, wanodya kang mung sadrema netepi kuwajibané, nindakaké laku minangka sarana gawé kabecikan. Tiwasé wong akèh ing désané jalaran mangan témpé bongkrèk dadi jalaran ngganepi lakuné. Sanajan dudu salahé wong tuwané, nanging Srinthil gelem ngakoni luput pandakwané wong sadésa, banjur rila nglakoni ukuman kang sejatiné ora adil, kanggo atur piwales lan nyuwargakaké wong tuwané.

Srinthil èstu dadi wanita kang nrima, gelem nglakoni urip sadrema nyunggi perkarané wong sadésa, sing rumangsa nembé nampa pacoban wujud pagebluk, panandang rekasa minangka pacoban saka Sang Hyang Maha Kawasa. Srinthil ing Dhukuh Paruk mung minangka utusané Gusti Kang Murbèng Dumadi, kanggo ngluwari abot sanggané wong karang padésan, kang urip mataun-taun ora naté bisa matun.

Prasasat bisa tinanduran pari gaga, lemah kang nela, mlethèk amba-amba kaya dadi pepesthi bakal sinirik déning sakabèhing tanduran palawija. Paribasan, wit jagung lan pohung utawa bodin waé suthik urip kaya déné alesan salah mangsa, kamangka wis dadi pepesthi yèn tanduran kaya mangkono uripé pancèn trep ing mangsa ketiga.

Nggatèkaké laku uripé Srinthil ing filem Sang Penari, temen krasa banget anané wong kalap rebut kuwasa. Swasana krasa tintrim sawisé Gestok, nalika ana pirang-pirang jéndral diperjaya, olèh pidana tanpa cetha underané perkara, nganti tumekané wanci oncating nyawa.

Srinthil lan rombongan lèdhèk barangan, lènggèr kang mbarang saparan-paran, ditunggangi kanggo sarana nawakaké idhéologi utawa keyakinan politik. Dimulyakaké kanthi bayaran mentes lan pantes, dicukupi kanthi gentha swara supaya anané lènggèran lan gendhing calung kang giyak bisa keprungu saka kadohan, banjur padha gembruduk nekani pasamuwan. Kamangka, sawisé wong akèh padha nglumpuk, banjur dibujuk kanthi sesorah kang isiné ajak-ajak dandan-dandana kahanan kang dianggep wis owah, kamangka tundhané mung ngajak congkrah.

Sanajan ora cetha wéla-wéla, filem kang dianggit déning Ifa Isfansyah pancèn bisa dadi kaca benggala tumrapé sapa waé. Kahanan saiki kang sangsaya krasa ora cetha, bisa nuwuhaké rasa cilakané wong sabangsa, sanuswantara. Angèlé golèk pangan wong saiki, paribasan kaya rekasané warga Dhukuh Paruk, kang urip rekasa kanthi turun-tumurun.

Anané téroris, paribasané, bisa sinebut dadi cara cupeté wong kang ora kuwat ngadhepi kahanan, banjur nganggep rekasa kaya déné panandang. Banjur nesu, ngamuk marang panguwasa kanthi cara kang nyilakani liyan. Nèng endi waé papan, sing jenengé wong wong rekasa bisa dianggep lumrah menawa seneng ribut golèk perkara.

Srinthil jaman saiki béda banget kalawan Srinthil saka Dhukuh Paruk kaya kang sinerat déning Kang Ahmad Tohari saka Tinggarjaya, Cilacap iku. Saiki akèh Srinhtil-Srinthil anyar, kang lair kanthi wewujudan wong kalah, sing sejatiné mung butuh mamah nanging milih obah kanthi cara mlumah, jalaran iku dianggep paling gampang. Modhal pupur, celak lan sayak, paribasané, bisa cepet kanggo ngebaki cèlèngan. Tur manèh, Srinthil saiki ora mung wanodya, ananging uga para priya.

Cekaké, akèh wong saiki kang banjur nganut unèn-unèn, urip prasasat mung mampir nglonthé, tumindak nistha kanggo mulyakaké uripé ana ing donya. Wong-wong saiki, utamané politisi lan penggedhé, padha seneng ider, dodolan awak lan kapribadèné, kanthi cara colong jupuk, maling lan ngrampok darbèké liyan. Yèn perlu, macak klimis banjur lamis supaya carané mblithuk lan apus-apus katon alus.

Yèn mangkéné kahanané, sapa sejatiné sing luwih pantes sinebut lonthé?

4 thoughts on “Srinthil Dudu Lonthé

  1. paijo suparjo

    MAOS CERITERO NIKI KOK KULO KEMUTAN CERITANE RONGGENG DHUKUH PARUK SERATANIPUN BAPA AHMAD TOHARI, INGKANG DIPUN MUAT HARIAN SUARA MERDEKA, EMANIPUN, CERITERA KHAS BANYUMASAN NIKU SAMENIKO NAMUNG SAGED DI WAOS DENING KADANG INGKANG WONTEN TLATAH BANYUMAS. SANESE MBOTEN SAGET NDEREK MAOS CERITERA KARANGANIPIN BAPA AHMAD TOHARI

  2. Nonton film “Sang penari” iki, pancen ana kebocoran produk kayadene sing pakdhe sebut ana ing journal sakduurnge iki.

    Nanging aku pribadi ngrasa salut, apik…. SIng ra apik justru malah penontone. Krungu basa ngapak kok malah dho ngguyu ngikik, dadi ngganggu konsentrasi liyan…

    Kasunyatan para mudha isih durung siap nampa pradaban utamane kabudayan…

Leave a Reply