Ngundhuh Tanpa Nandur

Lumrahé, sapa nandur yaiku kang bakal ngundhuh. Nanging, paribasan mangkono iku sajaké wis ora trep tumrapé wong modheren. Nyatané, akèh wong kang ora naté tetandur nanging bisa panèn ngungkuli sing tumandang, wiwit nyebar winih tumekané opèn-opèn kanthi wragad ora sithik. Ngingu lélé waé, ing jaman saiki, kaya déné nyepaki lawuh para maling.

Wis sauntara aku krungu crita saka kakang nakdulur, sing pingin golèk wragad sekolahé anak-anaké kanthi cara ngingu bèbèk lan lélé ana kebon. Banyuné njupuk saka sumur, kang ndilalah ya durung naté angok sanajan mangsa ketiga. Jan-jané ditawani séwan sawah murah ana cedhak blumbang pinggir ndhésané, nanging bareng dipétung kanthi teliti, luwih kepenak ngingu lélé anak keboné dhéwé.

Yèn ngingu lélé ana sawah, apa manèh adoh saka omah, malah ngrekasakaké. Manungsa wis akèh sing dadi ama, sajak ora gelem kalah karo tikus utawa wereng sing dadi mungsuhi para tani. Akèh cara kanggo nyolong iwak ingon. Kanggoné maling amatir utawa mung butuh cukup dipangan dhéwé, nguncalaké pancing wis cukup. Sing medèni iku maling profèsional. Nyolongé bisa kanthi nyebar racun utawa nguncalaké jaring. Luwih cepet, asilé wis mesthi luwih akèh.

Tangga dhésané kakangku wis ngrasakaké cilakané opèn-opèn iwak lélé. Ndilalah omahé cedhak sendhang kang banyuné mili tanpa kendhat. Sawahé, sanajan ciyut, nanging karana dunungé ing sacedhaké sendhang uga, banjur didadèkaké suwakan gedhé kanggo ngingu lélé. Banyuné bisa dicukupi saka kali, pakané uga bisa ngirit.

Nanging tan kocapa, wanciné nyedhaki panèn, lélé sing kira-kira cacahé kira-kira limang kwintal sawisé diopèni telung sasinan suwéné kaya moksa saka suwakan gawéyané dhéwé. Banyuné asat, ora ana siji-sijiya lélé kèrèn. Kabèh kérut banyu jalaran didhadhal déning maling profèsional mau.

Pandakwané sing duwé suwakan, sing maling ora liya wong nyuluh sing saben wengi golèk welut utawa kodhok ing sawah. Sanajan kerep klintar-klinbter ana sacedhaké suwakan amba mau, sing duwé ora sujana. Anggepané, sing arané wong makarya pancèn warna-warna carané. Olèh welut utawa kodhok sakepis, paribasané, wis bisa kanggo nyambung urip, apa manèh ing jaman saiki, golèk gawéyan ora gampang. Karepku, golèk gawéyan becik, nanging ana sing gelem mbayar kringeté sing nyambut gawé.

Nah, maling siji iki klebu julig. Ora gelem njala utawa njaring saka suwakan, nanging dibedhah supaya léléné kèli melu lakuné banyu. Komplotan maling nunggu ing kali sing rada adoh saka suwakan mau. Mesthi waé wong-wong dhésa kono ora bakal sujana marang wong kang saba kali wengi-wengi, apa manèh wis mudheng yèn tukang nyuluh pancèn iku lumrah kecèh ana kali.

Arané waé maling, mesthiné kabèh lakuné wis nganggo pétung. Golèk slamet wis mesthi dadi sing nomer siji. Déné milih cara kang ora nyujanani wong liya sing sawayah-wayah bisa meruhi tandang gawéné, wis mesthi butuh kepinteran lan diétung kanthi tenanan. Apa manèh, nyuluh welut wis ora gampang, sebab kéwan sing wujudé kaya ula iku kangèlan urip ana sawah sing sangsaya suwé sangsaya kebak racun pèstisida. Semono uga, iwak-iwak kali wis arang ditemoni.

Rejekiné wong nyuluh ya mung awujud pagodhan. Embuh iku awujud bèbèk kèrèn ing sawah, utawa suwakan lan kolam para tani. Pokoké, ingon-ingon mau bisa dadi godha wong sing golèk pangan wis sangsaya rekasa nganti kentèkan cara. Kamangka, urip kudu dilakoni, weteng kudu diisèni, lan awak kudu disandhangi. Bisa jalaran kepèpèt banjur ketemu pagodhan, mula nganti nemokaké cara ngasataké suwakan, nyolong ingon-ingonané liyan.

Pancèn kahanan terus owah, manungsa kudu mèlu lakuné jaman. Yèn jaman biyèn wong isih bisa sambat marang tangga-teparo paribasané, saiki wis ora gampang golèk sambatan. Wong rekasa tambah akèh cacahé, banjur najalri rasa padha ora tega sambat tangga. Ora wurunga, colong jupuk dadi cara sanajan ora becik.

Maling karana dioyak butuh bisa waé ngrembaka ing sadhéngah papan. Nanging nyolong haké liyan, kaya déné wong-wong sing dhemen korupsi, iku kudu dimungsuhi awit saiki. Anané wong cilik dhemen colong jupuk iku mau, dakkira mujudaké akibat kuwajibané negara kanggo ngepénakaké rakyaté padha dicolong wong-wong kang duwé kuwasa.

Padha-padha ngundhuh tanpa nandur, nanging wonng sing dhemen korupsi luwih pantes dipatèni. Embuh dibedhil ndhasé, utawa dikrangkèng tumeka patiné. Ben kapok, supaya negarané ora tambah bobrok.

One thought on “Ngundhuh Tanpa Nandur

Leave a Reply