Mulih Kanggo Sungkem

Jakarta mamring nalika pitung yuta wargané padha mulih menyang asalé dhéwé. Paribasan, bal-balan ana satengahé Dalan Sudirman utawa Thamrin waé ora bakal ketabrak montor rodha papat. Mulih padha suk-sukan, dalané uyel-uyelan, wani rekasa saperlu bisa sungkem marang wong tuwané dhéwé-dhéwé, utawa pinisepuh lan sanak-kadang. Nanging, apa maknané sungkeman iku?

Sungkem iku kabudayan luhur, wujud bektiné anak marang wong tuwané. Utawa antarané wong sing anom marang sing luwih sepuh utawa pawongan kang dituwakaké utawa kinurmatan. Laku kang trep, utamané ya wujud patemon. Saklimah-rong klimah, racaké ana tembungé, kaucapaké. Bisa mung kanthi salaman, bisa uga nganggo cara sungkeman, kaya adat mantèn. Kepara arep kanthi jèngkèng utawa lunggu jèjèr anggoné sungkem, ora ana pathokan kang baku.

Kira-kira, tembungé mangkéné:

Keparang matur Ibu/Bapak/Simbah….. Sowan kula mriki, sepindhah, tuwi karahayon saha atur sembah bekti kula, déné ingkang kaping kalih, ngaturaken sugeng riyadi, mugi-mugi sedaya lepat saha klènta-klèntunipun atur ingkang kula sengaja utawi mboten sengaja, kula nyuwung sagunging samodra pangaksami…

Jawabané, kira-kira mangkéné:

Ya, lé/nggèr/mas/ndhuk… Semono uga aku dadi wong tuwa, uga akèh klèra-klèruné, kang disengaja utawa ora sengaja, aku njaluk pangapuramu. Muga-muga, Pangèran paring ampunan, nyucèni aku lan awakmu, njangkepi pasa sesasi. Muga-muga Pangèran paring keslametan, apa sedyamu lan apa karepmu kinabulaké, tansah paring bagas waras lan rejeki kang cukup. Samad-sinamadan, muga-muga menangi bada sing arep teka…

Kepriyé waé, kabèh manungsa mesthi nduwèni kaluputan, sanajan tanpa sinengaja. Nggrenengi èlèké liyan, umpamané, bisa ketrucut nalika lagi padha jejagongan karo kanca utawa sedulur, lan sapanunggalané. Kosok balèné, bisa uga nyebut wadi utawa èlèké liyan kanthi sengaja. Kamangka, mbatin ala waé ora kena. Mula, kudu ana ujaré, ana tembungé anggoné nyuwun pangapura.

Yèn ora klèru, tradhisi sungkeman iku tinggalané para wali ing tanah Jawa, kanggo njangkepi pasa, sing tumrapé wong Jawa utawa  kejawèn kasebut laku prihatin. Mbiyèné, sing diarani pasa iku ya kaya déné mutih, yaiku mangan sega lawaran, tanpa uyah, bumbon, apa manèh lawuh. Ngombéné mung banyu putih tanpa gula. Ana uga pasa ngrowot, yaiku mung mangan woh pendhem, kayata téla pohung, uwi, mbili, lan sapanunggalané.

Ora anom ora sepuh, padha kelair tembung apura-ingapuran, saéngga padha déné ngakoni duwé kaluputan, awit kasampurnan mung duwèké Gusti Pangèran Kang Murbèng Dumadi. Jer manungsa mesthi kanggonan luput.

***

Ora mung wong Jawa, sing arané sungkeman wis dadi adaté wong sanuswantara. Mudhik iku mung cara, ka g wujudé wong akeh mulih bebarengan, saka kutha lan papan golèk pakaryan utawa nyambut gawé kanthi netep, menyang papan asal-usulé utawa tanah kelairané.

Saliyané mudhik bada utawa riyaya, ana uga sapérangan cilik kang mudhik kanggo besik utawa tilik kulawarga kang wis ora ana alias wis sumaré. Arané nyadran utawa ruwahan sing sasi ruwah, antarané tanggal 20 tumeka 25. Ruwah saka tembung arwah, yaiku sasi penanggalan Jawa sadurungé sasi Pasa.

Nyadran, Pasa lan Riyaya utawa Syawalan iku klebu ‘sapakèt’ tumrapé wong  Jawa, utamané kang ngrasuk agama Islam. Nanging, sarèhné wis dadi kabudayan, ora mung wong Islam sing mahargya tumekané riyaya, bada utawa Syawalan. Bédané, wong sing ngrasuk saliyané Islam ora nindakaké pasa kang sesasi suwéné.

Bakuné ana ing laku sungkem, sanadyan wektuné digathukaké bada ing tanggal 1 Syawal, sing tumrapé wong Islam miwiti urip suci sawisé nglakoni nyapih hawa kanthi cara pasa, sesasi suwéné. Ndilalah waé, wong Islam klebu paling akèh cacahé ing tanah Jawa lan nuswantara, banjur sing arané mudhik kanggo sungkeman dadi kaya duwèké wong Islam.

Mbokmenawa, pancèn kaya mangkono iku pinteré para wali nggawé cara kanggo ngrukunaké song satanah Jawa kang ngrasuk agama warna-warna. Kaya déné kendhuri lan ziarah leluhur, kang mbiyèné raket marang kabudayan Jawa utawa kejawèn lan Hindu. Nuswantara pancèn pepak kelir. Agama kang warna-warna waé bisa njalari rukun lan kasantosaning bangsa.

 

2 thoughts on “Mulih Kanggo Sungkem

  1. DV

    Moga-moga kelir Islam neng tanah Jawa isa dipertahanke kaya dhene ature Kangjeng Sunan Kalijaga lan bebrayate, dadi isa membumi lan dadi siji karo kabudayan Jawa sing nyenengake.

    Sanajan dudu kaitung wong muslim, nanging amergo urip 30 tahun suwene neng tanah Jawa sing mayoritas penduduk-e muslim, aku uga wes kebiasa srawung cedhak karo wong-wong muslim.

    Nanging, saktenane ndhelok perkembangan radikalisme sing dudu seko kabudayan Jawa, atiku tansah ketar-ketir… muga-muga Gusti paring pepadhangan lan keraketan masiya beda agama.

    Sugeng Riyadi, Lik!
    .-= DV´s last blog ..Negara yang paling maju =-.

  2. Hiyaaaa,
    aku le posting wis kedhisikannn Pakdhee,
    nembe tak draft durung rampunggg,
    ganti haluan ahh, hiks 🙁

    “Dhumateng Pakdhe Poer,
    kula sowan wonten ing papan-panggenan pakdhe menika estu badhe ngaturaken panyuwunan gung samudra pangaksami saking sedaya kalepatan tuwin kehilafan, ingkang lair utawi batos, ageng tawi alit, ketingal utawi mboten ketingal.
    Saklajengipun samangke ingkang kula antu-antu saged pinaringan karaharyon anggenipun anglampahi pasedherekan menika, Amien…!”

    ~langsung mlayu nang pawon nggogohi kuwali manci ahh.. 😀

Leave a Reply