Sri kang Mulyani

Tumrapé wong karang padhésan, Sri iku mratélakaké anané pangarep-arep. Pari bisa subur lan mentes woh-wohané nalika Dèwi Sri isih gelem nyanak para kadang tani. Panèn apik, asilé bisa kanggo mulyakaké uripé wong sakulawarga, brayat lan tangga teparo. Sawah lan pari mujudaké paseduluran kang guyub.

Wanci tandur, nalika sawah butuh ilèn-ilèn banyu, kabèh tani padha andum wektu, guyub giliran jaga. Semono uga nalika matun, ndhawut tumekané mangsa panèn, tangga teparo mèlu ngrasakaké rekasa lan pénaké. Tanpa pétung, nanging kabèh bahu diajèni kanthi murwat, kaya déné andum bawon nalika ani-ani. Ukurané ana ing rasa, pantes lan ora pantes.

Mula, sawah tansah dirumat bebarengan jalaran kaanggep dadi saranané Gusti Kang Murbèng Dumadi andum rejeki marang kawulané.

Saiki, jaréné kahanan tambah maju, ngapa-apa sarwa gampang. Nanging kasunyatané, tumandang gawé dadi tambah ampang, métani rejeki jebul ora gampang. Kebo lan sapi wis arang katon ana tengah sawah. Nggaru lan ngluku diganti nganggo mesin, sing bisané mlaku mung yèn bènsin wis ketuku.

Malah, saiki wis arang petani andum banyu. Ulu-ulu wis ora payu, diganti ningrat arané Kaur Umum utawa Kepala Urusan Umum, sing penggawéyané mung lungguh kursi ngadhep buku utawa misah wong padu jalaran gèsèh rebutan banyu. Tuk lan blumbang wis arang, mula banyuné uga dadi larang.

Sapi lan kebo sing mbiyèn bisa dadi tabungan sing tenagané uga bisa ditanjakaké saben wiwit nggarap sawah, saiki wis langka. Omah sangsaya èmpèt-èmpètan, jejel riyel, saéngga wis ora ana papan kanggo kandhang. Yèn dipeksakaké gawé kandhang rajakaya, embuh iku wedhus, kebo, sapi lan sapanunggalané, mesthi bakal énggal ditekani pak mantri kesehatan sing banjur sesorah tléthong lan telèk kéwan-kéwan mau bisa dadi sumber penyakit.

Kamangka, para tani saiki wis padha ngawuningani, wong lara ing jaman saiki wis ora gampang golèk tamba. Japa mantra wis ora guna, obat-obat sangsaya larang tebusané. Mula wong-wong ndhésa saiki pilih njaga keséhatané dhéwé-dhéwé, wedi lara tinimbang ora kuwat mertamba. Bakuné, piyé carané kudu dilakoni kanggo ngéndhani urip cilaka.

Larangé obat padha karo larangé rabuk. Sing biyèné bisa njagakaké saka tléthong lan uwuh bosok utawa humus, saiki kudu tuku rabuk. Uréa, ZA, lan sapanunggalané. Akèh jinisé, gumantung karepé wong pinter sing ilmuné wis dituku déning pabrik-pabrik.

Wong ndhésa, apa manèh petani, saiki pancèn tambah cilaka. Banyu kanggo nguripi tetanduran waé kudu dituku. Apa manèh saploké ana Undang-undang Sumber Daya Air, sing arané banyu iku dudu barang sepélé manèh. Kali gedhé, bengawan, tuk lan wadhuk dikuwasani déning negara. Alesané supaya ana sing ngatur. Kamangka, miturut wong-wong pinter, peraturané negara iku mau digawé jalaran banyu sangsaya langka, mula banjur diregani. Mung pamaréntah sing olèh andum lan ngatur regané.

Perusahaan Jasa Tirta, umpamané, ana nèng ngendi-endi. PDAM semono uga, saiki didadèkaké papan kanggo golèk dhuwit saka dodolan banyu. Karana kabèh wong urip butuh banyu becik lan resik, mula saben jiwa dipétung dadi calon pembeli. Tur manèh, miturut undang-undang mau, negara olèh ngedol saham PDAM marang swasta, kalebu bakul-bakul banyu saka negara manca. Mula ora usah kagèt yèn banyu banjur diregani larang, jalaran para bakul kudu olèh bathi saakèh-akèhé.

Ora dhésa ora kutha, kabèh kudu ngadhepi kahanan kang ora béda. Banyu tambah larang. Perkara arep percaya utawa ora, ya sumangga kersa, nyatané sing arané Bank Dunia mèlu cawé-cawé marang anané aturan utawa undang-undang babagan banyu iku mau. Carané, mbiyèn nganggo ngagar-agari, ngincim ora bakal mènèhi utangan marang Indonésia yèn ora gelem gawé aturan anyar babagan banyu. Istilahé gelem ngutangi nanging nganggo sarat warna-warna utawa kawentar kanthi aran conditionalities.

Salah sawijiné, ya iku mau, aturané kudu momot tembung kang ngolèhaké swasta nguwasani dol-tinuku (tata niaga) banyu. Kamangka, ing mburiné Bank Dunia ana baron-baron utawa pengusaha-pengusaha gedhé saka mancanegara. Ana sing saka Prancis, Inggris, Jerman, Amérika lan sapanunggalané.

Dèwi Sri sing mbiyèné seneng saba sawah amarga seneng ambuné lendhut lan kringeté petani, saiki wis ngadoh. Saliyané banyu kudu tuku, sawah wis digaru lan diluku nganggo mesin. Dèwi Sri ora kuwat ngambu sengaké peluk knalpo dhisel, lan wis kerep kuciwa jalaran saben saba sawah wis ora ngambu kringeté petani kang penguk-penguk kecut.

Jaman wis owah, Dèwi Sri ora naté tedhak siti jalaran wis diwakili kanca-kancané Mbak Sri Mulyani sing ambuné wangi-wangi. Saben teka mesthi janji bakal nguripi petani, nanging carané mung siji: nawakaké kridhitan. Dèwi Sri sing mbiyèn bener-bener nguripi, saiki wis ora genah papané ana ngendi.

Petani, saiki lagi padha diojok-ojoki wong-wong pinter, supaya gelem nampa tekané Sri Mulyani Indrawati, sing dipamèraké bakal bisa mrantasi bobroké negara iki. Pengalamané dadi wong IMF lan saiki dadi wong penting ing Bank Dunia, jaréné bisa nggantèni SBY sing léda-lédé, sing wis kabuktèn ora teges mbrasta korupsi lan njejegaké ukum, lan sapanunggalané.

Sajaké, wong-wong pinter sing ndèkèngi Sri Mulyani bakal mblithuk rakyat, kanthi cra nutupi dosané IMF lan Bank Dunia nggawé cilakaning bangsa, jalaran negara iki wis kejiret utang èwunan trilyun akèhé, sing ora gampang nyauré. Kamangka, pajek thèthèk bengèk wis dipeksakaké marang rakyaté tanpa ijol sithik-sithika. Wong gedhé sing akèh korupsiné disekarep jogèdané, déné wong cilik kecingkrangan dinengaké waé.

Mbak Sri sing kuduné bisa mujudaké kamulyané wong akèh, nyatané ora bisa tumindak apa-apa, meneng njublek nalika Bank Century digarong bégal kècu. Kanca-kancané padha gagé-gagé nylametaké dhèwèké, bèn ora cawé-cawé. Sajaké, kudu padha ditimbang kanthi wening, apa bener Mbak Sri sing siji iki bener-bener bisa (ha)mulyani, njalari mulyané wong saarat-arat akèhé.

Dakkira ora gampang malik grémbyang mbéla rakyat, nalika wis kebacut seprana-sepréné sekolah lan magang dadi potang, nawakaké kridhit ing kana-kéné. Kamangka, sing arané potang, ya tetep golèk bathi. Kabèh ana pétungé.

Siji sing perlu padha dimangertèni, Bank Dunia, IMF lan sapanunggalané iku suthik marang kawicaksanan negara mènèhi subsidi utawa bantuwan kanggo rakyaté. Ora mung babagan banyu, pérangan kasarasan lan pendhidhikan ora luput saka ‘kawicaksanané’ Ndara Potang: ora kena ana subsidi.

Rakyat dianggep kudu mampu mandhiri, kuwat ngragati kasarasan lan pendhidhikané dhéwé-dhéwé. Mula ora mokal yèn saiki dadi sarwa larang, jalaran pasal 33 lan pasal 34 UUD  1945 wis ora payu.

Aku pingin ngajak sedulur-sedulur, aja gampang nampa pawarta warna-warna. 2014 wis cedhak, ayo padha siyap-siyap supaya aja nganti kepidak. Ora usah kéngguh kana-kéné, pathokané mantebing ati waé. Aja gelem urip lan nasibé awaké dhéwé digadhé. Bakuné, éndhanana wong-wong kang mambu IMF lan Bank Dunia. Ora mung Sri kang durung mesthi bisa (ha)Mulyani, sajaké isih akèh wong-wong partai lan penggedhé sing wis suwé dadi anthéké potang lan rente, bakal nyalonaké dhiri dadi presidhèn sukmbèn.

Kahanané bakal padha, dhuwit-dhuwit colongan bakal digunakaké kanggo nyogok awaké dhéwé. Yèn mangkono kahanané, ditampa lan diuntal waé dhuwité, nanging aja ppisan-pisan nyoblos calon sing mangkono patrapé. Pancèn bener unèn-unèn jer basuki mawa béya. Nanging aja nganti lali, yèn wong sing ngguwang dhuwit bakal golèk ulih-ulih, golèk bathi. Carané? Ya apa manèh saliyané korupsi?

 

 

 

 

One thought on “Sri kang Mulyani

Leave a Reply