Internèt Kanggo Rakyat

Kaya arané, warnèt utawa warung Internèt iku papan jujugané sapa waé sing pingin ngangsu kawruh kanthi cara klenik modhèren. Tanpa rekasa bisa olèh kawruh manéka warna, bisa sapejagong karo kanca, sedulur utawa sapa waé kamangka papané adoh kana adoh kéné. Njangan gudeg uga bisa, nget-ngetan utawa sawang-sawangan, sinambi caturan lumantar kaméra kang dibèndhengaké menyang komputer.

Nyambut gawé apa waé prasasat bisa dirampungi, utawa paling ora diènthèngaké jalaran anané Internèt. Malah, ora kudu menyang warnèt utawa nganggo komputer ana omah-omah lan kantor, saiki sapa waé bisa sesambungan marang liyan ana sandhuwuré bécak, pit onthèl, mobil, lan sapanunggalané. Jer basuki mawa béya. Waton gelem cucul, ènthèng ngrogoh kanthongan, mesthi kepénak.

Jaman kepara tambah maju, akèh uga wong-wong sing padha olèh manpangat saka anané Internèt. Dodolan barang sarwa gampang, kaya déné kanca-kanca Kaskuser Sala, kang padha kumpul ing Kebun Binatang Jurug, mèngèti limang tau paguyubané. Ora baèn-baèn, luwih saka satus sèket wong sing akèh-akèhé padha nindakaké dol-tinuku apa waé, nglumpuk kangen-kangenan ngiras pantes nyengkuyung promosi wisata.

Racaké kanca-kanca Komunitas KasKus iku padha bebakulam, ana uga sing makelaran. Arep tuku file film, ‘piranti empuk liyat-liyut’ (karepku softwaré), ula utawa kéwan, handphone lan sapanunggalané, bisa kelakon ana FJB utawa Forum Jual-Beli KasKus. Ora perlu duwé pabrik utawa ngingu buruh, bisa dodolan, urip saka bathèn.

Gampangé rembug, ngerti Internèt lan gelem ubet, sapa waé bisa ngliwet. Malah, yèn perlu, nggawa utawa nyilih barangé liyan banjur ditawakaké ana Internèt, bisa-bisa malah dadi luwih sugih tinimbang sing duwé barang. Pénak, ta?

Pancèn kepénak kanggoné sing bisa lan mampu. Tan kocapa, tumrapé wong sing mangané Senèn-Kemis, mesthiné pilih bisa muluk sega ajeg tinimbang ngguwak dhuwit kanggo tuku Internèt. Utawa kanggo nyekolahaké anak, tuku buku lan bumbu, sokur-sokur bisa njalari awak dadi lemu.

Babagan pasinaon umpamané, wong kesrakat lumrah yèn kurang wragad kanggo tuku buku. Apa manèh, saiki jamané para guru nyambi bakul buku, kang lumrah meksa siswa-siswiné nduwèni buku kanthi udhu, embuh kanthi cara bayar kencèng utawa ngangsur makaping-kaping. Sing genah, racaké bocah banjur padha isin yèn nyicil, mula ora sithik wong tuwa sing banjur sambat, golèk sabetan kana-kéné utawa nglempit suweng lan kalung (saumpamané naté duwé).

Perkara Internèt sing kuduné bisa njalari urip luwih gampang malah nyilakani tumrapé sapérangan rakyat Indonésia. Sekolah-sekolah kondhang ana kutha-kutha gedhé umpamané, wis usum ebook utawa buku èlèktronik. Cukup ngundhuh saka Internèt banjur diwaca lumantar komputer, laptop utawa telpun apik sing larang, bisa diwaca sawanci-wanci. Tambah pinter wis mesthi.

Nanging, tumrapé wong sèkèng, bisa nyekel komputer paribasan wis olèh kanugrahan kang tanpa pepindhan. Mulané, éman banget yèn wong ora duwé kudu nanggung cilaka uripé. Isiné sirah lumrahé padha waé. Lokak-lubèré padha amarga kabèh olèh jatahé saka Pangèran Kang Murbèng Dumadi. Béda wacan lan kahanan kang banjur mbédakaké nasibé manungsa siji lan sijiné.

Babagan pamaréntah lirwa kuwajibané minteraké rakyaté, ya wis pancèn kaya mangkono watak gawané manungsa. Arepa di-dhémo sedina kaping sejinah, yèn atiné tanpa isi welas-asih, ya ora bakal migunani. Tiwas ndomblé lan pothol telaké, tetep waé pungkasané: rakyat kesel dhéwé, banjur nglokro, pasrah marang garis nasibé.

Kapan kira-kira ana wong gelem tetulung, minteraké wong miskin kanthi cara sing gampang. Ing Kutha Sala, umpamané, kabèh kantor kelurahan kang jarné ana Internèté, bisa nyepaki komputer ora kétang mung siji utawa loro, sing bisa digunakaké déning masyarakat sakiwa-tengené sawisé bubaran kantor. Pamaréntah bisa ngajari carané nggunakaké komputer kanggo keperluan pasinaoné bocah-bocah sekolah, utawa warga kang kepingin bakulan lumantar Internèt.

Sragèn sing jaréné kabèh désané ana Internèté (umuke Bupati Untung mbiyèn), kaya ngapa dadiné? Apa para kadang tani wis padha bisa sinau babagan ama lan rabuk utawa carané tetandur lan milih tanduran kang mènèhi untung tumrap petaniné? Sala semono uga, apa rakyaté wis bisa melèk Internèt nalika DPRD waé isih maido gawéyané pegawai Dinas Kominfo, sing dionèkaké ora naté nganyari pawarta ana website resmi pamaréntahé?

Sajaké, wis wanciné para pegawai sing uripé diblanja nganggo kringeté rakyaté énggal-énggal dipensiyunaké. Ing tlatah Nuswantara saiki, jaré wis ana 150 yuta telpun gegem. Yèn disandhingaké cacah jiwané, pancèn akèh banget. Nanging, ana tanah Jawa, wis lumrah wong siji nyekel telpun luwih saka loro. Éwa déné ana luwar Jawa, akèh wong kepingin lan kuwat tuku telpun luwih saka wolu, nanging kahanané nrenyuhaké. Paribasané, aja manèh telpun utawa Iternèt, kalkulator wae ora bisa kanggo étung-étung jalaran ora ana sinyal. Cilaka, ta?

Cacahé wong sing nggunakaké Internèt semono uga, jaré wis saprolimané warga Indonésia. Nanging ya kuwi, sinyalé akèh ana tanah Jawa, Bali, kutha-kutha gedhé ing Sumatera lan Sulawesi. Saliyané kutha-kutha iku, ya kepeksa nyuwun sewuuu…..

Kapan bangsané dhéwé rata pinteré? Jawabé: suk yèn wis ora ana korupsi, pemerintah lan politisiné wis jejeg ngadeg lan uteké….

Kapan jejegé? Ya takona kana marang Gusti Allah! Rekasa duwé pangarep-arep ing Indonésia. Luwih becik pasrah, muga-muga Gusti Allah malik grémyang kahanan, para maling lan kècu ing papréntahan padha ayan utawa pindhah omah nèng pakunjaran.

Nanging, kapaann??? Ya, takon Gusti Allah manèh waé….

9 thoughts on “Internèt Kanggo Rakyat

Leave a Reply