Pagupon Kanggo Kéré

Ngemis iku wujud tumindak kang sejatiné ngasoraké drajadé manungsa. Nalika isih cilik, arang banget aku nemoni wong ngathung, apa manèh wani nembung. Saumpama ana, racaké padha soroh bau, njaluk bisa mèlu tandang gawé kanthi opah sapawèhé, tanpa ngarani. Isih luwih duwé isin tinimbang wong-wong sing ngaku wakil rakyat, sing gawéyané ongkang-ongkang.

Yèn digagas –miturut para pawarta lumantar layang kabar, radio, tipi lan internèt, akèh anggota DPR sing seneng mbolos, arang sambang kantor. Yèn mangkono iku, ana ngendi pantesé pingin gawé gedhong magrong-magrong, ngentèkaké dhuwit trilyunan, nanging bakalé ora bakal ketunggon. Omah dhuwuré atusan mèter, tingkaté pirang-pirang puluh, kamangka yèn disawang malah mung kaya pagupon, omah dara lali omah, orang ngerti kandhangé.

Arané waé wakil rakyat, ananging sejatiné babar blas ora bisa netepi janji, nuruti kepingingané rakyat. Sekolah murah, mertamba tanpa nguras bandha, nyatané isih tansah dadi kahanan nyata awit mbiyèn mula. Wakil rakyat luwih seneng macak ningrat, nanging atiné tetep kesrakat. Kabèh tumindaké sarwa lamis, janjiné manis, kamangka seneng tansah gawé tangis.

Aku ora bisa mbayangké, pagupon dhuwur mingklik-mingklik, kamaré amba, apik-resik, nanging tansah suwung, kaya suwungé sirahé wong-wong sing kuduné manggon ana sajroning kothak-kothakan iku. Ora naté teka rapat, nanging tapak asmané mesthi ana, amplopané uga tansah mara.

Malah, sing diarani pimpinan waé, omongané clebang-clebung, jaré gawé pagupon luwih becik énggal kawujudaké jalaran papan sadurungé jaré ciyut, saéngga ora bisa kanggo nyambut gawé. Pimpinan wakil rakyat iku paribasan kaya wong picak, sajak ora naté meruhi yèn para anggota DPR luwih akèh sing seneng ketemu wong liya ana njaba, embuh ana hotèl méwah, rèstoran utawa papan-papan kasukan liyané. Urusané apa kudu dilakoni menyang njaba? Wis bisa kinira, urusané mesthi ora adoh saka pitukon raja brana.

Kaya paribasan guru nguyuh ngadeg, muridé nguyuh kanthi playon. Yèn pimpinané waé ora duwe tepa slira, mati rasa, ora maido yèn andhahané ya mung sak-saké patrapé. Ana sing seneng nyangkem sagelemé, kamangka nembé ana ing satengahé rapat lan kasiyaraké langsung lumantar tipi-tipi partikelir. Wong liya dionèk-onèkaké, ora gelem ngalah saben rembugan, lan sapituruté. Bakuné, katon banget pekoké. Jan-jané bodho, nanging ora rumangsa, malah kepara umuk kuwasané, mbéla wong salah tanpa isin.

Liyané, uga isih ana sing rai gedhèk, ngrayah lungguhané wong liya, kamangka montor mabur sing ditumpaki béda. Nomer lungguhané padha, nanging wayah maburé cetha wéla-wéla béda. Ora gelem disalahaké, nanging malah wong liya sing diklèrokaké: ya sing duwé hak lungguhan, uga petugas sing ngatur penumpang.

Isih ana manèh sing dadi dèkèng maling BlackBerry, sing nylundupaké tèlpun gegem, ora mung siji-loro, nanging pirang-pirang atus cacahé. Wong béa cukai diagar-agari, diwedèn-wedèni nganggo cara inspèksi mendhadhak aliyas tilik ujug-ujug, kamangka iku mung kanggo nylamuraké kahanan sejatiné.

Yèn kaya mangkono kahanan lan patrap sejatiné para ningrat sing ngaku wakil rakyat, apa ya isih arep diterus-terusaké anggoné milih, mèlu nyoblos saben pemilu, kamangka bakalé mung ndadèkaké manungsa-manungsa sing ajiné isih isih kalah sanajan ditimbang marang drajadé kéré lan wong ngemis? Sakèlèk-èlèké kéré, dhèwèké isih kringeten, ngosak-asik pawuhan nggolèki sing bisa dipangan. Semono uga wong ngemis, isi gelem nembung njaluk, tanpa ndhelikaké rai.

Béda karo wakil rakyat, sing waniné ngutil jatahé liyan, nyolong tanpa wani nuduhaké rai lan polatané, sanajan sing dicolong jatahé wong kesrakat, sing kangèlan ragad sekolah, utawa sing padha kepeksa ndedawa anggoné nandang lara jalaran ora duwé bandha kanggo nebus obat utawa priksa mennyang Puskesmas.

Nanging, kabèh mau ora bisa mung nyalahaké para wakil rakyat sing macak ningrat. Rakyat uga duwé salah jalaran isih padha gelem nampa sembako utawa iming-iming dhuwit rong puluh èwu, limang taun sepisan. Padha lali yèn para wakil rakyat sing miskin rasa-pangrasa iku banjur padha golèk balèn, limang taun suwéné, nggadhèkaké drajadé, banjur nglonthé nanjakaké kuwasané.

Suk manèh, ngati-ati milih wakil. Yèn ora ana sing mathuk, ya wis, ora perlu sélak, ora usah meksa milih. Apa manèh yèn ora tepung lan ngerti tabiyat sejatiné. Dhémokrasi ya dhémokrasi, nanging aja sithik-sithik ngunggulaké dhémokrasi. Apa manèh mung formil-formilan….

4 thoughts on “Pagupon Kanggo Kéré

  1. kirik

    yo, jenenge wae wakil rakyat. sopo sing di wakilkeh?.. mboh.. awak’e ora milih loh, wong uwes ngerti, awak’e pasti ora diwakilkeh.. lah, iki contoh’e toh..

Leave a Reply