Rasanan Kesenian

Bungah rasané bisa ketemu, sapejagong karo Mas Dèddy Mizwar, priyayi mBetawi sing katoné seriyus, jebul senengé jegègèsan. Watara pitung jam suwéné, jagongan nglantur ngalor-ngidul, nanging akèh olèh-olèhané: ngèlmu tuwa. Jagad kesenian lan kabudayan, pijer digulang kanthi temen, mesthi migunani kanggo kamanungsan lan alam liyané.

Dikandhakaké, filem Alangkah Lucunya (Negeri  Ini) ora njedhul ujug-ujug. Crita kaanggit sangang tahun suwéné, sadurungé pungkasané diracik dadi tontonan sing diarani gambar sorot. Sinetron tipi Para Pencari Tuhan uga mangkono, ora naté bisa ganep sangalikur épisodhe, jalaran sing nganggit crita ora naté dipeksa kanggo kejar tayang.

Sing arané kadonyan, ora bakal ana entèké. Dioyak ora bakal bisa kecandhak, nanging dientèni kaya ngapa ya ora bakal marani. Rejeki iku gumantung marang Gusti Allah. Kaya mangkono ngendikané Mas Deddy. Gawé filem lan sintetron utawa FTV ora perlu grusa-grusu, nanging ya ora kena disepèlèkaké. Babagan payu lan orané filem kang ginawé, waton kajaté bener, setiyaré pener, mesthi bakal nuwuhaké lemper. Rejekiné mèmper.

FTV sing kerep disiyaraké ana SCTV, umpamané, awitané ora dilirik pamirsa lan sponsor. Nanging, suwéning suwé, nyatané thukul pamirsa utawa penonton, uga sponsor. Malah, 20 Wajah Indonesia dadi unggulan. Wataké crita uga becik kanggo sapa waé. Papan syuting, umpamané, kaya déné bisa dibiyawarakaké kanthi gratis babagan kabudayan lan sapanunggalané.

Sala, umpamané, saiki kapilih kanggo ngawiti program FTV 20 Wajah Indonesia taun 2011. Lakon Mahasmara kang nyaritakaké babagan Bau Lawéyan bakal bisa dipirsani bebarengan mbésuk tanggal 10 April. Papan-papan liyané uga énggal ginawé, makili tlatah kabudayan sanuswantara. Apik, luhur kekarepané. Apa manèh, akèh sutradara utawa dhalang anyar utawa nom-noman sing kapilih. Cacahé mung 20 irah-irahan (lakon utawa judul) kanggo setaun, disiyaraké rong minggu sepisan.

Mula, nalika sowan Walikota Surakarta Jokowi kanthi niyat uluk salam, kulanuwun, malah dijawab bakal disengkuyung, Mas Dèddy sakanca katon bungahé. Mas Dèddy ngendikakaké yèn isih akèh pemerintah daérah liya sing malah nggawé angèlé idin syuting, kamangka daérah mau olèh bathi akèh awujud promosi gratis, tanpa kélangan wragad sakndhil gowèng.

Akèh sing padha ora mangertèni, yèn awitané ora gampang anggoné Mas Dèddy njlèntrèhaké lan ngajak sing duwé SCTV kanggo nyiyaraké FTV mangkono iku. Saiki, taun 2011 wis ngancik taun kaping pindhoné program FTV 20 Wajah Indonesia. Sing biyèné semu dipaido, saiki malah digrojogi dana sing ora sithik: lipet loroné béya kanggo produksi tinimbang taun kepungkur. Kabaré, syuting Mahasmara mèh nyandhak setengah milyar rupiah biyayané!

Dhuwit ora sithik yèn dibandhingaké béya gawé sinetron stripping, sing paribasan  mung adol tangis, bungah lan uripé wong nèng awang-awang kaé.  FTV, utamané 20 Wajah Indonesia, ujaré Mas Dèddy kudu bisa paring pepadhang, patuladhan kanggo wong sanuswantara. Seni kudu diolah lan dimangertèni kanthi samesthiné. Mula, gawe crita skenario uga ora kena sembrana, kudu ngemu karep sing luhur.

Aku dhéwé nyeksèni, yèn Mas Dèddy pancèn dudu priyayi baèn-baèn. Sawisé dolan dhahar sega liwet Bu Wongso Lemu ing Keprabon, dumadakan dakajak nonton kanca-kanca Swastika latihan kroncong ing sanggaré sing mapan nèng Mangkubumèn. Awit jam sepuluh bengi nganti jam siji, Mas Dèddy dikancani Mbak Hènidar Amroe, katon seneng lan tekun nyimak. Dakkira mung arep meruhi sedhéla, jebul kersa nunggu rawuhé Mbah Yuti, seniman sebul flute sing yuswané wis kliwat sepuh.

Jagongan ngalor-ngidul, Mas Dèddy banjur rerasan, yèn kuduné para pengusaha gelem mèlu nyeponsori gladhèn utawa olah seni, supaya seni bisa diuri-uri lan terus migunani. Wis wanciné kesenian ora mung nggandhul  lan njagakaké pemerintah. Masyarakat ya kudu mèlu, apa manèh sing aran perusahaan.

Apik… (nanging kapan bisa kawujudaké?)

3 thoughts on “Rasanan Kesenian

Leave a Reply