Mas Prihatin

Kaya tetengeré, Prihatin pancèn lahir nalika wong tuwané urip kecingkrangan. Mangané mung uwi lan gembili, arang kepethuk sega kajaba yen ana tangga duwé gawé utawa ana sambatan. Mula, nglengganani dadi anaké wong ora duwé, dhèwèké sregep mbiyantu tangga teparo, réwang-réwang apa waé, waton wetengé bisa isi panganan.

Mula ora maido, awaké Prihatin dadi gedhé. Ototé gedhé, awaké gothot santosa, jalaran saben dina kerja abot, wani rekasa. Tekadé dhuwur, pingin dadi wong gedhé supaya kulawargané bisa kaangkat drajadé ing tembé mburiné. Awit SD, prihatin seneng mlayu-mlayu mubeng dhésa, olah raga ngiras pantes njagakaké wong liya, mbokmenawa butuh tenaga. Opah sithik ora dadi ngapa, bakuné bisa dicèlèngi kanggo tuku buku lan klambi.

Ora mung tumrapé wong sadhésa, Prihatin kondhang dadi wong ènthèngan nganti njaban dhésa. Udhu bau supaya lancar anggone nerusaké sekolah ngudi ilmu. Babar blas ora isinan, ora pilih-pilih gawéyan.

Ngancik mlebu SMA, Prihatin wis wiwit akil-balik. Ngerti wong wadon, banjur ngerti nyandhang. Apiké, menyang omah prihatin sangsaya mempeng anggoné nyambut gawé mèlu tangga-tanggané. Waton halal dilakoni, apa manèh yèn ana opahé. Mula ora maido, sanajan ana sandhangané klebu sak-saké, nanging tansah katon mlithit, setlikan alus. Ya pancèn mangkono, Prihatin tansah nyetlika sandhangané nganggo setlikan jago sing kudu dipanasi nganggo areng, sing yèn kepanasen kudu disuda kanthi dikesutaké ana godhong gedhang.

Saben arep budhal sekolah, Prihatin ora lali nganggo lenga orang-aring. Ya supaya rambuté katon klimis, semono uga sikilé diusap nganggo lenga rambut supaya kileng-kileng. Bagus lan dedegé kan gedhé dhuwur nyatané njalari wong wadon kancané sekolah padha kethèwèr-thèwèr, pingin dadi pacangané.

Pingin ngènthèngaké wong tuwané, Prihatin pingin nerusaké sekolah sing tanpa ragad. Pilihané macem-macem, sing antarané mlebu Akademi Militèr. Gojag-gajeg anggoné mikir. Apa wong ndhésa kaya dhèwèké pantes lan bisa ketampa ana sekolah calon pemimpin iku. Awit munggah kelas telu SMA, Prihatin bener-bener prihatin.

Rumangsané, sing bakal ngabot-aboti iku malah jenengé, tetengeré dhèwèké. Pikiré, apa tumon yèn mbésok ketampa, banjur kabul kajaté pingin dadi penggedhé nanging jenengé ndèsit banget: Pri-ha-tin! Apa ya pantes?!? Mangkono panggraitané Prihatin. Mèh ana setaun anggoné mikir lan bingung amarga jenengé dhéwé. Apa manèh, dhèwèké kerep nyinau buku basa Jawa, sing ngandhakaké asma iku kinarya japa. Jeneng utawa aran iku mujudaké pengarep-arep. Ora mung sadrema tetenger.

Cekak aosé, Prihatin matur bapa-biyungé, njaluk ganti jeneng sadurungé ndaftar Akabri. Dhèwèké yakin, ora pantes saumpama mbésuk ana owah-owahan nasib dadi kepénak, nanging kok disebut prihatin. Wong kepénak iku ya kudu gumbira. Ora prihatin.

Ngadhep Pak Lurah, Prihatin banjur ganti jeneng Bombong. Ya, Bombong, dudu Bambang. Jeneng Bombong kapilih dhéwé déning Prihatin, minangka tandha yèn dhèwèké saiki wis bombong, mongkog utawa puas anggoné laku urip prihatin seprana-sepréné, nganti bisa tutug sekolahé kanthi ragad dhéwé sanajan kudu adol bau, nawakake tenaga mrana-mréne. Sanajan aran Bambang luwih cocok, trep marang awaké sing gagah, gedhé dhuwur, nanging Prihatin milih Bombong.

Kocap-kacarita, Mas Prihatin utawa Bombong winisuda dadi prajurit paling unggul. Pinter saangkatané, kapilih dadi prajurit paling apik dhéwé. Dhèwèké bungah, wong tuwané nangis saking mongkog lan bombong atiné. Marem!

Limat taun, sepuluh taun, ngancik rong puluh taun, Bombong terus olèh palungguhan becik. Sajaké, prigelé lan pinteré njalari dhèwèké disenengi ndhuwurané. Mula, kabèh jabatané sarwa empuk, teles, lan nyenengaké, nganti sawijining dina, Bombong kudu milih dalan uripé sawisé pensiyun. Trima dadi wiraswasta utawa dadi pemimpin.

Bombong milih dadi pemimpin. Sanajan mung pangkat gubernur, dhèwèké rumangsa bisa nata bangsa, paling ora puluhan yuta manungsa saka pirang-pirang kabupatèn lan kutha.

Ndilalahé, Bombong ki pancèn bocah ndhésa. Kasinungan drajad agung malah ora kuwat. Pakulinané macak lan ngelus-elus rambut kanthi lenga orang-aring ora malih. Saben arep metu kamar, apa manèh arep nemoni tamu utawa ngresmèkaké dalan lan sapanunggalané, wektuné entèk kanggo ngilo. Paling ora setengah jam suwéné anggoné milang-miling lan ngilo.

Kekurangané sing liyané, Bombong duwé penyakit sing ora bisa ilang awit mbiyèn. Saben weruh kahanan sing njalari sedhih, dhèwèké tansah nangis. Ora perduli kuwi lagi ijèn apa nèng ngarepé wong akèh. Tur manèh, saben sesorah utawa pidato, jeneng ciliké tansah disebut-sebut. Aku prihatin… Aku prihatin…. Mangkono iku, terus-terusan prihatin.

Dhèwèké lali, yèn aran Prihatin wis suwé ditinggalaké, diganti nganggo jeneng pilihané dhéwé, ya Bombong iku mau. Rakyaté mung titèn kanthi tembung kang sawiji mau. Yaiku, saking kerepé ngandhakaké urip kudu prihatin utawa manungsa kudu prihatin saben nyawang kahanan sing ora becik saben sesorah, rakyaté banjur mènèhi sebutan marang dhèwèké kanthi aran Mas Prihatin.

Rakyaté padha ora ngerti, yèn satenané, Prihatin iku tetenger paringané wong tuwané Bombong.

5 thoughts on “Mas Prihatin

  1. PakDhe,

    menawi mboten klentu, kula nggih tepang priyayi kados mas prihatin punika. rambute klimis, dedeg’e dhuwur, purnawirawan ABRI, lan dados pejabat. menawi pidato nggih sok2 nangis trenyuh lan ngendhiko “prihatin”. Namun asmanipun Bambang, mboten Bombong 🙂

Leave a Reply