Lamis

Yèn dipikir-pikir, jan-jané aku ora duwé perkara apa-apa marang Mas Yono, ya Pak Presidhèn kaé. Nanging anyelku ora suda-suda. Sajaké aku gela, kuciwa jalaran kakèhan pangarep-arep marang dhèwèké sing biyèn dakanggep lantip lan pinunjul bisa dandan-dandan ABRI (saiki TNI) nganti dadi ngerti réformasi, ora kaya jaman semana sing dhemené nggajuli.

Awit maca buku paringané Mas Wisnu, sing naté dadi juru warta ana Istana, aku dadi ‘bungah’ jalaran saya mangertèni kaya ngapa lamisé Mas Yono. Padha plek karo panggraitaku awit jumeneng nata, dadi presidhèné wong sanuswantara. Lagi urusan pècis waé ora olèh miring, sajak kaya priyayi jejeg lan bisa njejegaké pranatan papréntahan.

Saka buku Pak Béyé iku, kabèh dadi terang trawaca, sanajan anggoné nulis utawa crita, Mas Wisnu isih akèh nganggo samudana. Sajaké, Mas Wisnu ora dhemen blak kotang. Nanging apa sing dicritakaké wis bisa mènèhi pituduh, kaya ngapa carané Mas Yono utawa Pak Béyé anggoné wedhakan, supaya tansah katon bagus, ngganepi dedegé sing pideksa (sanajan sangsaya njembluk, mbedhah awaké).

Wis makaping-kaping mèlu mburu pawarta saben Mas Yono ‘tedhak sitèn’ ing tlatah Surakarta Hadiningrat, sing bisa dirasakaké mung siji: kaya jaman liputan Presidhèn Soeharto biyèn. Ciriné: tentara mesthi akèh, rada sangar, tur pawartané mung mak plekenthis. Béda karo jaman presidhèné Mbak Mega, Pak Habibie, apa manèh Gus Dur.

Ora ana critané para juru warta bisa nyegat Mas Yono banjur wawanpangandikan. Jaré Mas Wisnu –lumantar bukuné, sing arané jumpa pèrs ana Istana Merdhéka waé ora ana takon-tinakon, apa manèh neng njaban Istana. Aku dhéwé ora mudheng tekan saiki. Jan-jané Mas Yono ora wani ngomong tanpa cathetan apa kepriyé. Rumangsaké, sing jaréné Mbak Méga ora sepira pinter waé, sok-sok isih kersa dicegat utawa door stop kanggo wawancara.

Aja-aja, pancèn Mas Yono niru guruné, yaiku Pak Harto. Senengané mung ngomong lan wong liya kudu ngrungokaké.

Maca crita Mas Yono utawa Pak Béyé sing jaréné saben arep jumpa pèrs ndadak nganggo latihan, banjur anggoné maca sesorah mesthi nganggo téléprompter, aku dadi kemekelen semu anyel. Kanthi téléprompter, wong sing nyawang lumantar tipi bakal ngira tatas lan titis sesorahé. Kamangka, apa sing dilakoni bisa sinebut kaya déné sandiwara.

Ya, pancèn jaman wis kliwat maju, nganti apus-apus waé ora bisa dikonangi. Yèn durung pirsa, sing arané téléprompter iku awujud kaca bening kanggo mantulaké tulisan saka komputer, sing bisa disawang saka kadohan. Lumrahé nyawiji karo kaméra tipi. Dadi, sing katoné nyawang kaméra, sejatiné maca tulisan gedhé-gedhé. Mulané bisa runtut, kaya-kaya kabèh siang arep diomongké wis cumepak kabèh ana sajroning sirah.

Saka bukuné Mas Wisnu uga, aku dadi sangsaya mudheng, jebul juru keplok kuwi pancèn ana. Kaya crita anané wong sing diséwa, mligi kanggo nangisi lelayu ana ing kabudayané wong Tionghoa utawa peranakan Cina. Saben Mas Yono sesorah, ana petugas sing gawéyané ngabani keplok, supaya wong sing nonton sesorahé nèng tipi bisa ngerti gayengé pasamuwan utawa upacara Presidhèn.

Wis, jian top tenan Mas Yono kuwi. Keplok waé diabani, apa manèh yèn ora ngemu karep supaya dhèwèké tansah katon duwé wibawa. Lha apa Mas Yono ki ora naté menggalih, yèn suwéné kuwasa mung saumur jagung paribasané, jalaran pranatan ora ngolèhaké njabat luwih saka rong pèriodhé suwéné.

Saiki, para punggawa lan sakiwa-tengené isih padha butuh lawuh lan pingin nyukupaké butuh, mula padha gelem nyidhem wadi sing kayya mangkono kuwi. Lha sukmbèn yèn wis ora njabat, apa isih padha bisa dijagakaké prasetyané anggoné kekancan lan kekadangan?

Asli, aku malah mesakaké mbésuké Pak Béyé lan sakulawargané. Lamisé, mesthi bakal padha dièwèr-èwèr, apa manèh yèn nganti ana gèsèh, embuh pecah kongsi utawa rebutan gerèh. Sasuwé-suwéné nganti taun 2014, Mas Yono utawa Pak Béyé wis kudu sèlèh. Pingin suwé, mesthi ora bakal olèh, kajaba UUD 1945 diongkrèh-ongkrèh manèh.

8 thoughts on “Lamis

  1. ichwan prasetyo

    Wakakakakak….ho’o Kang, aku maca bukune Wisnu dadi plong rasa pangrasaku. Lire, saksuwene iki kanyata aku ora mung “berburuk sangka” marang Pak Buya kuwi, kanyata pancen “buruk” tenan dheweke kuwi….wis…wis…wis…kukut wae…….

    ayo, padha dikukuti rame-rame. nanging ora usah dikukup…
    /blt/

  2. DV

    Aku pas mulih wingi yo ‘kulakan’ bukune Mas Wisnu, Paklik.
    Pas moco bukune siji-siji, aku dadi samsoyo mikir sejatine wong urip kuwi ojo nganti nganggo topeng sing sak apik-apike koyo ngopo nek dibukak yo tetep nggawe kuciwo wong liyan.

    Wes cen biangane tenan wong kae :)

    woahahahaaa…. nesu tenan iki… aja galak-galak, ta…
    /blt/

Leave a Reply