Ayo Madhang Pohung

Durung suwé iki, Gubernur Jawa Barat Achmad Hèryawan duwé panemu rada ndhagel. Rakyat, ujaré Gubernur lucu iku, becik wiwit saiki ngulinakaké mangan pohung utawa téla, kanggo jaga-jaga larang pangan, utamané beras ing tembé. Beras, jaréné njalari ngantuk. Lan wong ngantukan, ya mesthi waé ora bisa golèk sandhang-pangan kanthi trengginas utawa produktif.

Pancèn sajak ana beneré ngendikané Mang Gubernur iku. Apa manèh yèn nalisik luwih teliti, sing arané beras uga bisa nuwuhaké manéka warna lelara jalaran karbohidraté. Pokoké, mlebu nalar, ora kétang nalaré wong édan!

Coba disimak manèh omongané gubernur kang rikala riyaya taun wingi umuk, pamèr rainé dhéwé lumantar kartu lebaran sing digawé dhéwé, kanggo narsis-narsisan, lan ngentèkaké dhuwit rakyat atusan yuta, utawa malah milyatan rupiyah. Kanthi mangan pohung kanggo nggantèni sega saka beras, rakyat bisa ngirit. Beras sekilo regané luwih larang lipet sepuluh tinimbang pohung. Apik, ya?

Sajaké pancèn sepélé lan alesané bisa tinampa kanthi nalar. Étung-étungané ya cetha, wong miskin utawa sèkèng ora bakal busung wetengé jalaran kesuwèn kaliren. Tuku pohung mesthi kuwat, wong regané mung Rp 400 sakilo. Murah, bisa ngganjel weteng, lan ora bakal kebrebegen kupingé jalaran swara nglikik bisa di-antisipasi. Élok, ta?

Aja mikir warna-warna, généya Mang Gubernur bisa nyatur rada ngelantur. Kanggoné wong sugih kaya dhèwèké, pohung dudu barang sabaèné. Ana hotèl-hotèl méwah, pohung uga dhuwur drajadé. Bulé-bulé uga seneng ngrasakaké, jalaran pohung pancèn éksotis. Apa manèh yèn wis diolah dadi gemblong utawa gethuk, diwènèhi tèrès utawa somba abang-ijo-kuning. Yèn chèf-é pinter, malah bisa nata gemblong warna-warna mau ana sandhuwuré piring kaca, banjur dibumboni crita yèn wong Éndhonésa uwi seneng warna, mulané saben parté duwé ciri warna dhéwé-dhéwé.

Pohung bisa uga dipépé nganti garing mekingking, banjur diolah dadi gaplèk. Gaplèk bisa diolah manèh dadi pathi, banjur digawé jenang sing uga éksotis lan maregi! Turis mancanagari, wong sugih mblegedhu, bakal manggut-manggut disuguhi panganan saka pohung ngono kuwi. Kaya déné wong piknik utawa plesiran, mangan pohung bakal bisa dadi pengalaman takkan terlupakan! Ya mangkono kuwi pok-pokané utawa intiné donya pariwisata: kudu bisa gawé kangen, klangenan, utawa kenangan!

Pikirané Mang Gubernur sing kaya mangkono iku, kanggoné para misuwur utawa wong-wong pinter sing keblinger, bisa sinebut visioner, bisa nyawang jaman sing bakal kelakon lan ngajak cepak-cepak wiwit saiki, supaya ing tembé ora kagèt, yèn tiba titi wanciné beras langka lan larang.

Bisa kapétung saka saiki, ing tanah Jawa, ambané lemah wis sangsaya susut jalaran manungsané saya ngrembaka dadi akèh lan butuh papan kanggo ngéyup lan sapanunggalané. Mula sawah-sawah padha didadèkaké tegalan, banjur ditanduri omah utawa pabrik. Apa manèh kanggo ndhedher winih pari, lha wong kanggo papan ngéyup waé, wong Jawa padha diuncalké nèng mBornéo, Sumantrah, Papua utawa Sulawesi, mèlu transmigrasi.

Mang Gubernur siji iki pancèn pinunjul. Étungané rada pinter. Jaré, saben nyawa butuh 130 kilo setauné, utawa kira-kira aji dhuwit Rp 1.780 sedina kanggo nglolohi cangkem siji. Yèn saomah ana wong lima ateges wis nyedhaki sepuluh èwu, durung klebu lawuh, jangan, lan uba rampé kanggo gawé kayata uyah, gula lan lombok sing kudu tuku. Kamangka bayaran mburuh mung Rp 35 èwu sedinané. Lha ongkos sekolahé anak-anaké?

Pancèn bener étungané Mang Gubernur Achmad Hèryawan. Yèn padha gelem madhang pohung, sedina entèk telung kilo paribasané, isih bisa ngirit dhuwit akèh, wong pohung mung Rp 400 sekilo, déné beras apeg waé regané wis tikel sepuluhé!

Mang Gubernur katoné seneng mikir negara lan bangsané. Yèn padha gelem nrima kanthi mangan pohung, beras weton sawah sanuswantara sing akèhé 70 yuta ton (utawa 70 milyat kilo) setahun, yèn diaji Rp 5000 sekilo, padha karo dhuwit Rp 350 trilyun! Akeh, ya?

Ya wis genah akèh. Ora susah dibayangké sepira ambané yèn kabèh dhuwit mau dijèrèng. Ora ana latar sing cukup ing tanah Jawa. Mendhing réka-réka waé, yèn para gubernur, mentri tumekané presidhèn sakulawargané mènèhi conto marang rakyaté, ora perlu suwé-suwé, cukup setengah taun waé mangan pohung saben dinané, banjur kaya ngapa sambat sebut sing bakal bisa kita sami rugokaké…

Ora perlu didongakaké kesereden lan sapanunggalané. Paling suwé sepasar, mesthi wis padha gumoh, bantalé klomoh, lan kasuré teles kebes jalaran ngiler sabèn weruh para kadang tani nandur pari, apa manèh padha ngguya-ngguyu methiki pari panènan….

Piyé Mang Achmad, wis siyap durung kaliren ngimpi mangan sega beras?

4 thoughts on “Ayo Madhang Pohung

Leave a Reply