Lomba Tumindak Becik

“Lik, kowé wis nyumbang sedulur-sedulur sing ngungsi jalaran watuké Gunung Merapi?”

“Wis. Daktitipaké kanca-kanca sing padha nyerahaké bantuan saka kantorku,” ujaré Lik Sarmun, mangsuli pitakonané Mbakyu Lisa. “Lha awakmu wis nyumbang apa?”

Mbakyu Lisa gèdhèg. Meneng waé, ora ngucap apa sing wis diwènèhaké kanggo para pengungsi.

“Lha kenapa ujug-ujug awakmu takon mangkono?” Lik Sarmun ganti takon.

Mbakyu Lisa isih meneng. Ora bisa wangsulan, nanging kaya wong bingung, kaya akèh sing lagi dipikir.

“Kowé ki kenapa ta, Lis? Wong ngajak rembugan, gawé pitakonan, saiki kok malah dadi kowé sing bingung karepé dhéwé!” ujaré Lik Sarmun.

“Ora ngono, Lik. Pak RT kuwi, lho… Kok kaya wong kurang gawéyan, saben warga ditakoni nyumbang pira, tumindak apa lan sapanunggalané, mliginé babagan tulung-tinulung marang liyan. Apa wong tetulung, paring pambiyantu ki ndadak lapuran Pak RT, ndadak dibiyawarakaké??”

“Lha iya, kuwi. Aku ki sakjané ya rada gumun. Kaya nèng tipi-tipi kaé, wong-wong padha pamèr sumbangan, klambiné mlithit, jas-jasan, klambiné sing dianggo kétok yèn regané larang-larang, nanging nyumbangé mak plekenthis, atusan èwu. Rumangsaku, padha ora duwé isin, malah kepara pamèr. Kaya wong ora ngerti agama waé, ya?” ujaré Lik Sarmun.

Mbakyu Lisa banjur ngudarasa, utamané babagan kepinginané Pak RT, sing jaré arep mènèhi bebungan utawa hadiah tumrap wargané sing padha gelem wèwèh panyengkuyung lan pambiyantu kang awujud apa waé.

“Coba dipikir, Lik… Yèn Pak RT tetep pingin nganakaké lomba kabecikan, apa kuwi ora malah kaya nerak wewaler, nabrak angger-anggeré agama. Apa patut kabecikan digawé lomba? Apa Pak Kaji  Kipli sing sugih mblegedhu, sing paring pambiyantu atusan yuta sing bakal menang.

Apa malah Pakdhé Wito sing pirang-pirang minggu ora dhasar warung soto, nanging pilih prèi, ambyur ana satengahé dhapur umumé pengungsi mangsak soto tanpa njaluk bayaran ing pangajab bisa  nyenengaké sedulur-sedulur sing padha kangèlan turu ana téndha-téndha pengungsian, banjur dimenangaké, diparingi bebungah lan diwara-warakaké lumantar radhio lan koran?”

“Hmm… Ya embuh, Lis. Jaman saiki,  tumindak becik waé kok ndadak digawé lomba. Kaya pabrik-pabrik gedhé waé, seneng pamèr pitulungan kamangka butuhé bisa metu nèng tipi, lan olèh korting pajek. Kamangka, wis salumrahé, pabrik-pabrik sing wis nyugihaké sing duwé kuwi padha mbalèkaké bathiné kanggo wong liya, kaya déné wong zakat bandha utawa sedhekah marang wong-wong ing sakiwa-tengené pabrik supaya bisa lumrah uripé, kaya liya-liyané.”

“Yèn miturut panemumu, beciké kudu kepriyé, Lik? Apa bareng-bareng ngadhep Pak RT waé, supaya ora nerusaké lombané?” pitakonané Mbakyu Lisa.

“Wis bèn waé, Lis. Disawang waé apa karepé Pak RT. Yèn warga kéné padha wegah didaftar mèlu lomba, mengko Pak RT rak ya kisinan dhéwé…,” ujaré Lik Sarmun.

“Ya wis, yèn ngono apiké awaké dhéwé meneng waé. Bèn, disawang waé, bakal tekan ngendi gawéyané Pak RT. Sing seneng pamèr ya bèn pamèr. Ngono waé ta, Lik?” ujaré Lisa.

Lik Sarmun manthuk-manthuk, sarujuk. Sanajan mangkono, sirahé mubeng seser, bingung mikir, nganggo apa wong bisa ngukur kabecikané wong liya. Babagan ikhlas, mesthi sing ngerti mung Gusti Allah.

Sajaké, lomba kabecikan mung cocok kanggo wong sing seneng umuk, lan tumindak kanthi pamrih.

9 thoughts on “Lomba Tumindak Becik

  1. Pai

    Prinsipe…saiki tumindak becik angel dititeni amarga gawa embel-embel pamer. Tapi pancen wis angel tenan kasunyatan jaman saiki. Sing jenenge nyumbang wae saiki adu umuk lan pamer gengsi. Nyumbang nang nikahan konco,nek koncone sugih malah di unggul-unggul ke lehe nyumbang,…malah nganggo tetenger (amplop utowo kartu) sing arupo warni nuduhake status penyumbang. Yo iku mau, budaya tumindak becik wis dadi dagangan kanggo nggayuh popularitas utawa relasi ‘strategis’.
    Monggo kang blonthank di pun lanjut….

  2. mbokde

    Mau boso Jowo, tapi ndak iso. Kalau perusahaan/pabrik lakukan kegiatan sosial kan memang harapannya masyarakat tahu bhw mrk ‘baik’, krn itu bukan aktifitas jualan, jd ya ndak dapat keuntungan dari situ. maka keuntungan yg diharapkan ya publisitas, sebagai bagian dari pencitraan. nah, kalau individu itu lebih bebas, mau berbuat baik melakukan kegiatan sosial, saya pikir itu bagian dari kebutuhan batin setiap manungso. Namun nyatanya ada yg tdk begitu, karena ngasih sambil teriak2, agar diketahui sama yang lain. ya sudahlah….dia mendapat pujian dunia, tapi mungkin dia akan kehilangan ‘nilai’ yang sudah disiapkan oleh yang punya hidup.

  3. Para menungso ing donya media sosial, jer lelomba tumindak becik, niscaya kowe bakal oleh hadiah rongpuluh yuta saka #atiatingeklik.

    Tumindak becikmu ndang kabar-kabarno marang kaum netizen, kandakno tumindak becikmu iku paling apik sajroning jagad. Yen wong dha kepencut umukmu, lan muji-muji tumindakmu #atiatingeklik bakal nambah ganjaran patangpuluh yuto.

    Eunak tha, mantheb tha……

  4. Johar Manik

    Inggih Pakdhe, kok makin lama masyarakat Indonesia makin suka pamer gitu ya…..Saia paling terkesan dengan tulisan Pakdhe yang menyebutkan soal pabrik…

    “…Kaya pabrik-pabrik gedhé waé, seneng pamèr pitulungan kamangka butuhé bisa metu nèng tipi, lan olèh korting pajek. Kamangka, wis salumrahé, pabrik-pabrik sing wis nyugihaké sing duwé kuwi padha mbalèkaké bathiné kanggo wong liya, kaya déné wong zakat bandha utawa sedhekah marang wong-wong ing sakiwa-tengené pabrik supaya bisa lumrah uripé, kaya liya-liyané.”

    Setelah merenung betul juga ya…cuma ajang promosi dan pemotongan pajak…Maturnuwun Pakdhe….

Leave a Reply