Wah lan Woo…

Saumpama ora ana Christian Gonzalèz lan Irfan Bachdim, dakkira tangèh ana wong padha mbungahi kaya pirang-pirang dina iki. Menang 5-1 tandhing kalawan Malaysia cinathet dadi kemenangan sing peng-pengan, lan sabanjuré anja 6-0 nalika nelukaké mungsuh saka Laos. Kosok balèné, PSSI sing ngesuhi bal-balan dadi sasaran pisuhan, kalebu sing aran Nurdin Halid sing dadi jonggolé.

Mataun-taun suwéné, donya bal-balan sanuswantara panggah waé swasanané: kerep gègèran! Ana Bonèk sing kerep gawé kisruh ana ing sadhéngah papan, semono uga para pangombyong klub-klub bal-balan kaya déné Jakmania, Viking, Slémania, Pasopati lan sapanunggalané, kerep gawé ruwet. Saliyané iku, mesthi umyek, èkèr-èkèran babagan dhuwit kanggo nguri-uri adegé klub.

Coba saiki padha dipikir kanthi wening, apa olèh-olèhané saka anané klub bal-balan? Jaréné kanggo ndhedher kabecikan kang arané kaprawiran. Coba tuduhna, apa gunané nyogok wasit utawa entul-entulan ngrembug sapa sing kudu menang, utawa ngatur skor utawa kacèkan gol-golan antarané pimpinan klub siji lan sijiné?

Dakkira wis dudu wadi yèn kanggo nebus ‘kaprawiran’ kudu nyeneng-nyenengaké mungsuhé kanthi laku sogok, ngijoli prabéya kaya déné nginep hotèl samangané. Saliyané kuwi, wujud liyané kudu nyangoni klub lan nyeneng-nyenengaké pemain bal lan pengurusé kanthi suka-parisuka, yèn perlu nyepakaké guling urip lan ombèn-ombèné

Bakuné, supaya sing menang ora katon ngasoraké, skor bisa digawé aliyas bisa dirembug. Nalaré, kabèh klub sejatiné padha kabotan nguripi pemainé dhéwé-dhéwé. Kaos, sepatu, rangsum, sewa lapangan kanggo latihan, nggaji pemain, pelatih lan sapanunggalané. Mula ora mokal, klub-klub mau padha golèk sponsor, embuh kuwi saka pengusaha, perusahaan utawa nggrogoti dhuwit rakyat lumantar meksa njaluk jatah saka APBD. Sing lagi kepèpèt butuh, biyasané banjur tumindak nistha, adol praja, nggadhèkaké kaprawiran kanthi cara gelem ngalah waton oleh ulih-ulih, éntuk balèn.

Nganti saiki aku durung bisa percaya yèn sing diarani ‘pembinaan olahraga’ nèng Éndhonésa kuwi wis ditindakaké kaya samesthiné. Pilih kasih iku lumrah, mula saapik-apiké manungsa, embuh kuwi petenis, pemain badminton utawa pemain bal, ora bakal pinilih yèn udelé pengurus klub utawa organisasi olahraga lagi bolong.

Cara gampangé ngéné: sapa duwé dhuwit, bisa tuku kemenangan. Olahragawan hébat bisa dituku. Kaya Jakarta, paribasané, bisa nuku pemain apa waé jalaran kabèh papan pusat pelatihan nasional ana ing kana, saéngga bisa ngiming-imingi atlét apa waé saka njaban kutha supaya pindah cacah jiwa. Mula ora mokal yèn saben ana PON mesthi menangan, duwé medhali paling akèh.

Kalimantan Timur sing kondhang sugih pemerintahé, umpamané, nekakaké atlét-atlét saka kutha liya, apa manèh atlét apik nanging ora kopèn. Ora preduli, wong kuwi ‘putra daérah’ apa dudu, sing penting menang! Sebab kanthi kamenangan iku, rumangsané bakal ngumbulaké jenengé, dadi kondhang lan sapituruté.

Ana donya bal-balan, kabèh cetha wéla-wéla: impor pemain saka negara-negara manca kanggo umuk praja, jaré kanggo nyemangati utawa manas-manasi pemain lokal, nanging nyatané kepriyé, kabèh wis padha mangertèni lan nglengganani.

Miturut aku, yèn mung butuh kondhang kanthi ninggalaké kaprawiran, kuwi perkara gampang. Waton duwé dhuwit, bisa tuku sapa waé. Pemain bal sing dipethil saka klub-klub supaya mlebu Tim Nasional déning PSSI, dakkira dudu pemain sing duwé bakat tenanan. Aku yakin, ing tanah Papua kana akèh pemain tangguh, banter playuné, kuwat napasé, nanging ora dikanggokaé. Semono uga pemain-pemain saka klub-klub sanuswantara, saliyané ora diajèni, ya pancèn padha wegah mlebu Timnas jalaran wis ngerti abang-ijo utawa bosoké organisasi.

Babagan Christian Gonzalèz di-naturalisasi dadi warga negara Éndhonésa, dakkira ora adoh saka butuh anja lan umuk kanthi cara sing ora prawira.

Tulung padha dimangertèni, dudu aku serik marang Gonzalèz utawa Bachdim, nanging aku ora bisa narimakaké anané PSSI lan organisasi-organisasi olahraga ing ‘Endhonésa sing ora adil lan ora niyat ngopèni wargané supaya bibité bisa thukul kanthi samesthiné lan migunani. Mula, aku sarujuk waé yèn wong-wong kaya Nurdin Halid sakancané kuwi dilèngsèraké, yèn perlu dikunjara nèng tengah alas Kalimantan awit akèhé korupsiné.

Yèn mung butuh menang, oleh wah, ya kaya sing dakaturaké ana ngarepan. Waton dhuwit, gampang sakabèhé. Nanging, yèn kahanan kaya saiki diiterus-terusaké, banjur sepuluh tahun manèh ora ana bibit pemain nasional sing jumedhul, apa ya banjur arep nuku Ronaldinho, Éto’o, Jung-Ahn lan sapanunggalané?

Yèn iya, mesthi Timnas bakal menangan. Mungsuh Brazil, Spanyol, Inggris, Jerman, bisa waé menang. Malah ora mokal yèn skor-é 17-0. Wah, Timnas Éndhonésa ampuh banget!

Nanging, tan kocapo, sawisé menang lan olèh wah saka wong sadonya, bakalé ana pocapan kaya mangkéné: wooo…. layak Timnas Éndhonésa sekti mandraguna, wong pemainé waé tukon larang, impor saka ngendi-endi….

6 thoughts on “Wah lan Woo…

  1. DV

    Lha kuwi bener, Pak Lik.
    Akeh wong wes pengen mukok weruh rupane Nurdin Halid mergane bal-balane ra maju-maju tur amergo ono Garuda neng dadane poro pemain kuwi sing nyebabake awake dewe gelem ora gelem kudu ndukung.

    Tur, amarga mentalitas sing ora kecukupan dinggo ndhedher pemain seko jalur sing bener, njuk akhire ‘ribet cekap’ naturalisasi wae..

    Aku ki lagi kepikiran, tinimbang podho tumindhak kiwo, poro selebritis sing kerep pamer dada kae mbok sisan nggolek bojo pemain bal2an top njuk di-naturalisasi-kan… dadi yo ora mung nggawe ribut neng infotaintment tur iso migunani marang negara 🙂
    .-= DV´s last blog ..Botol =-.

Leave a Reply