Layang Pamit

Wis pirang-pirang dina, cahyané Mas Yuda wis ora sumunar, ora sumringah kaya biyèn rikala isih dadi wong lumrah. Mangan bisa ing sadhéngah papan, bisa ijèn kanthi klosotan anèng klasa mendhong, utawa slonjoran karo ngeluk geger. Udud uga bisa klepas-klepus, nyandhang uga bisa sakarepé.

Babagan nyandhang mlithit, wis awit nom-nomané. Dhasaré lair kalung usus, nyandhang lan macak sing kepriyé waé ya bakal katon dhèmes. Apa manèh dedegé sing pideksa, ora mokal yèn akèh wong wadon sing padha kelara-lara ora bisa urip nyandhing Mas Yuda. Saben dina, rambuté kileng-kileng jalaran diwènèhi lenga paslin sing kondhang kanthi aran Pomade. Arang banget nganggo lenga orang-aring, kajaba kepèpèt kentèkan paslin.

Lumrah yèn gara-gara bagus lan ketambahan pinteré, Mas Yuda dipèk mantu wong sugih mblegedhu sing kasinungan drajat lan pangkat. Saka drajat lan pangkaté muaratuwa mau, nuwuhaké kabegjan kanggo uripé Mas Yuda sakrandhahé. Nyalon lurah ya mesthi gampangé, wong tangga-tanggané padha seneng nyawang dhèwèké.

Apa manèh, ana alam pikiré wong ndhésa, dedeg, gandar lan cak-cakan isih perlu digatèkaké. Wong èlèk ora pantes dipoto, apa manèh dipajang ana njero omah. Paribasan bodho ora papa, sing penting pantes disawang lan pantes yèn ngadeg sesorah ana satengahé pasamuwan agung, resèpsi utawa mènèhi mbudhalaké layon wargané.

Nanging praènané Mas Yuda wis ora sumunah, ora bungah kaya biyèn manèh. Sepasar luwih, Mas Yuda sajak sedhih, katon ngampet rasa sing mendhalem (iki tembungé Mbah Basiyo). Malah, babagan sedhihé Mas Yuda wis dadi rasanan, dadi grenengané wong sadhésa. Kabèh padha takon-pinakon, nanging ora ana sing ngerti apa perkara sejatiné.

Nanging, kabèh padha nggraita, menawa sedhihé Mas Yuda jalaran bojoné lagi seneng nyandhang pating krompyang, mas-masan pating crènthèl. Kamangka, sanajan dhèmes nyandhangé, Mas Yuda kondhang prasaja. Ora naté nganggo barang larang, nanging tansah katon apik amarga lairé kalung usus.

Nanging, dhésa dumadakan dadi ramé, jalaran krungu kabar yèn Mas Yuda mati kendhat. Kulawargané pating jlerit, esuk-esuk meruhi Mas Yuda nggantung ana njero kolah. Guluné dijiret nganggo lawé sing sadriji gedhéné, pusuké dicènthèlaké ana usuk.

Swasana dhésa dadi umyek, nganti suwé dadi rasanan. Sanajan wis entèk patangpuluhé, swara-swara ngenani patiné Mas Yuda isih dadi rasanan utama. Kabèh rumangsa mbeneraké panggraitané menawa laraah-larahé kendhaté Mas Yuda ora adoh saka urusan kulawarga. Apa manèh bareng krungu, jebul Mas Yuda ninggal layang pamit.

Jeng, aku njaluk ngapura, kepeksa ndhisiki. Wis ora kuwat aku nyangga isin marang awakku dhéwé. Karepku isih pingin urip prasaja kaya mbiyèn mula, nalika aku isih jaka. Aku tresna marang saliramu, uga anak-anakku kabèh. Nanging siji sing aku ora bisa nyangga lan kuwat nglakoni, menawa aku kudu nyugihaké kulawargamu, apa manèh kudu nyepakaké dalam kanggo lakuné adhimu nggantèni aku ngesuhi warga dhésa kéné.

Coba sawangen lan gatèkna, wong-wong dhésa kéné wis padha duwé calon pemimpiné sawisé aku lèngsèr mbesuk. Pinginé padha golèk wong kan teges, duwé adeg-adeg lan pantes kanggo tuladha.

Aku rumangsa wis gagal netepi pengarep-arepé warga kéné, jalaran keganggu urusan kulawargané dhéwé. Sing padha rukun sawisé lungaku. Cukup aku waé sing ndhelikaké balung tinimbang aku kangèlan srawung.

Titip anak-anak…

Layang pamit sing jebul ana cap jempol nganggo getih, kuwi tininggal ana njero kanthongan kathok sing biyasané kanggo dhines. Lempitane mlithit, tulisané nganggo aksara gedrik, dluwangé suwèkan buku tulis cap Kethèk. Ora lecek, sanajan dluwangé putih semu soklat.

3 thoughts on “Layang Pamit

Leave a Reply