Tangga Tanpa Tepa Slira

Dalan ciyut dikebaki montor

Wengi kuwi aku anyel. Nggondhuk jalaran ora bisa liwat gang kanggo nuju omah kontrakanku. Ana montor alus lan jip parkir ngalang-alangi laku, saéngga aku kepeksa mundur, banjur golèk dalan rada ngalang. Anèhé, sing parkir sapénak udelé dhéwé iku wong mertamu. Embuh endi sing luwih dhisik, mesthiné salah sijiné bisa mikir jalaran wis diparingi nalar lan rasa tepa slira.

Kuwi mau kedadèyané ana ngarep omahku. Sing duwé omah dakanggep mati rasa, wong mesthiné wis mudheng, yèn dalan kono kuwi akèh sing ngliwati, wong sakiwa-tengené dhèwèké padha duwé montor rodha papat.

Ééé, kok ya ndilalahé, awané ana kedadèyan sing padha. Dhayohé tangga sing manggon ana kiwaku padha jèntrèk-jèntrèk markir mobil ngebaki dalan. Gumunku, sing duwé omah sajaké ya ora ngélingaké dhayoh utawa tamuné, menawa dalan kuwi dudu duwèké dhéwé, jalaran akèh sing padha nggunakaké.

Ora mung loro, pirang-pirang montor nglumpuk ngebaki dalan.

Aku mung bisa ngelus dhadha nyawang kahanan awan kuwi. Wong benginé waé, aku nyoba ngglèyer-ngglèyer gas nganti montor sing dasksopiri muni nggemprong-nggemprong ya ora njalari sing duwé mobil énggal-énggal metu banjur meneraké parkir montoré, kok.

Jiyan!!! Gumun setaun aku ngadhepi wong-wong sing wis padha mati rasa, ora duwé turahan tepa slira. Apa kaya ngono kuwi sing mbédakaké anané wong kutha lan wong ndésa? Apa tumindak becik kudu didhikté lan kudu dielingaké menawa tumindaké rada sulaya? Mesthiné ora kudu mangkono. Rasa kuwi ora mbédakaké manungsa siji lan liyané. Wong ndésa utawa kutha padha waé.

Yèn tangga sisih kiwa, aku isih rada nglengganani. Mbokmenawa kesalahané ya mung pisan kuwi. Nanging tangga ngarep omahku iki, wis daktitèni awit aku manggon kono. Kerep tengah wengi utawa ésuk umun-umun nyetater sepedha montoré sing swara knalpoté ngalahaké gludhug. Ora mung butuh cukup manasi mesin, nanging luwih kerep dolanan gas nganti mbrebegi kupingé tangga-tanggané.

Prawakané yang mung biyasa-biyasa waé. Bédané, awak lan lengené bathikan, akèh tato sing kerep dipamèraké. Rumangsané yèn mangkono bisa njalari wedi tangga-tanggané. Kamangka, sing nyata mung kosok balèné kabèh: tangga-teparo dadi ora ngajèni dhèwèké. Malah, aku naté krungu, satpam perumahan sing dak panggoni naté nantang gelut marang dhèwèké, gara-gara pas mendem kakèhan tingkah, muni-muni karo si satpam.

Yèn kèlingan critané satpam lan ngadhepi kahanan wengi kuwi, atiku getem-getem.

7 thoughts on “Tangga Tanpa Tepa Slira

Leave a Reply