Cemèng Rèmbès

Winginé bengi, aku kepeksa ngguwak cemèng rèmbès. Telung dina saba nèng omahku, méyang-méyong mbrebegi kuping, ora ésuk, awan utawa tengah wengi. Mula bukané, cemèng iku ditemu bojoku nèng pojok nggarasi, ésuk-ésuk meneri arep nyapu.

Cemèng digawa mlebu, banjur diwènèhi susu. Apa manèh diombé, didilat waé ora. Kamangka, anggoné méyang-méyong wis sawetara suwé. Wujudé sajak keluwèn. Diuncali suwiran daging turahan mangan ya ora diambus, malah cemèng iku mung mlirik nyawang bojoku.

Cemèng kuwi pancèn gawé bingung. Mbokné sing endi ya ora ngerti, jalaran akèh kucing sing saba omahku. Ana siji sing méyang-méyong nalika si cemèng digawa mlebu. Nanging, nalika si cemèng digawa metu banjur dicedhakaké, kucing gedhé kuwi ya ora ngrèwès. Yèn pancèn iku anaké, lumrahé digondhol digawa lunga, disusoni utawa digolèkaké pangan.

Nganti telung dina, cemèng iku méyang-méyong, angèl mangan. Bojoku bingung, antarané mesakaké lan risi. Kamangka, aku nganti dipeksa golèk susu kanggo ngombèni cemèng sing sajak lola iku. Kucing cilik iku uga disibini lan digawèkaké papan omah-omahan saka kerdhus bèn bisa kanggo turu kanthi anget. Nanging, tetep waé si cemèng mung méyang-méyong.

Tinimbang mung gawé susahé bojoku, kepeksa aku dadi wong tegelan. Cemèng kuwi banjur dakcekel, dakguwang ana omah suwung cedhak omahku. Pikirku, mbokné si cemèng bakal ngrumat anaké. Aku percaya, donya kéwan duwé cara sing béda karo manungsa babagan cara makani.

Nanging, kok nganti saiki aku isih rumangsa dosa amarga ngguwang cemèng rèmbès iku ya? Muga-muga, Gusti Allah paring pangapura marang aku. Amin.

One thought on “Cemèng Rèmbès

Leave a Reply