Bèsèk

Ukara utawa tembung tansah bakal urip menawa digunakaké. Yèn suwé ora kagunakaké, mesthi waé ilang, musna. Saumpama durung naté weruh, mbokmenawa aku ora bakal ngerti apa sing diarani bèsèk. Begjané, Kang Wasis Gunarto ngélingaké babagan wadhah barang sing digawé saka nam-naman pring kuwi.

Critané, Kang Wasis ngersakaké kiriman dagangan saka Sala kanthi wadhah bèsèk. Aku mubeng-mubeng menyang pasar golèk bèsèk, nanging ora bisa nemoni. Jan-jané, nèng Pasar Kembang isih meruhi. Nanging, kabèh bèsèk kanggo wadhah dhasaran warna-warna kembang: kanthil, kenanga, mlathi lan mawar. Ora becik yèn daktembung ijol dhuwit.

Nalika meruhi warung cilik nèng pinggiran Sala dodol ékrak lan ténggok, aku mandheg. Rada bungah. Sekèh barang pring-pringan katon jangkep. Apa manèh aku meruhi kreneng lan tépas.

“Bu, kagungan bèsèk?” pitakonku.

“Mboten gadhah, Mas. Yah kèten, kok pados bèsèk,” jawab ibu-ibu sepuh sing duwé warung.

“Panjenengan pirsa wonten pundi ingkang sadé nggih, Bu?”

“Badhé kagem napa ta, Mas? Sakniki pun mboten wonten bèsèk, wong napa-napa diwadhahi kerdhus. Betahé kathah, ta?”

“Nggih naming setunggal utawi kalih mawon. Naming netepi pesenanipun réncang,” ujarku.

“Wong sing sok-sok mandé ideran niku mawon nggih pun sami mboten mbeta bèsèk, kok, Mas. Arang sing mbetahké,” ujaré ibu-ibu mau.

***

Nganti kira-kira sepuluh taun kepungkur, bèsèk isih gampang golèkané ana pasar cedhak omahku. Saben dina, paribasan ana waé wong sing mbutuhaké bèsèk. Saben wong duwé gawé, wiwit bayèn, sepasaran lan selapanan nganti wong tetesan, mantu utawa kepatèn, kabèh butuh bèsèk.

Wong nyumbang, mulihé mesti digawani panganan utawa sega-jangan saubarampéné sing diwadhahi bèsèk. Wong ngaji pitungdinanan, patangpuluhan nganti tumekané nyèwu, konduré mesthi nyangking bèsèkan. Sithik-akèh lan pepak-orané isiné bèsèk ora penting, jalaran iku mau minangka tandha tresna, mujudaké anané kekadangan.

Cilakané, ilangé bèsèk ora cetha apa sebabé. Aku dhéwé ora bisa ndakwa, nanging isih bisa ngira-ira. Sapérangan nganggep, maringi gawan olèh-olèh sing diwadhahi nganggo bèsèk kurang cèkli. Ndèsit! Béda yèn nganggo kothak dluwang kandel, katon apik lan resik, ora perduli jinisé dluwang mau putih mangkak utawa putih memplak tur kempling. Bakuné, kabudayané wis owah.

Sabab liyané, pancèn wis akèh kebonan sing wis ora ana dhapurané. Kabèh wit-witan, apa manèh pring sing luguté marakké gatel nèng kulit, padha dibabati, banjur ditanduri wit-witan saka bata lan semèn kanggo ngeyup. Padhésan jejel riyel kebak manungsa, déné sawah-sawah uga wis padha dadi perumahan.

Bèsèk. Ya, bèsèk kang ginawé saka sèsètan pring banjur dianam sajaké bakal énggal ilang ana larikan tembung Basa Jawa. Sasmitané wis cetha: wong-wong wis ora nggunakaké manèh jalaran kothak kerdhus wis bisa nyulihi. Yèn kepet utawa tépas sajaké isih rada sauntara, sanajan saiki wis akèh sing ginawé saka plastik weton pabrik.

Nanging, iki mung rasan-rasané wong kutha. Ana tlatah nggunung kaya Tawangmangu utawa pèrèngan Gunung Merapi lan Merbabu utawa cedhak alas Gundhih kana isih akèh wong sing nggunakaké bèsèk lan tépas. Ora kaya sakiwa-tengené Sala, sing wis kebak barang-barang saka plastik.

Coba ayo digatèkaké, apa isih akèh bakul saté sing ngepeti areng nganggo tépas nam-naman pring kanggo njaga mawa tetep abang mengangah? Racaké, saiki wis padha seneng nggunakaké kepet mesin. Tinimbang théyol tangané, pilih nyambat mesin sing bisa ngetokaké abab buta.

3 thoughts on “Bèsèk

  1. ten pasar wingking kula tesih kathas pak, amargi 1 tahun dusun kula wonten 2 tradisi wayangan 2x suran kalih nyadran lan saben slametanipun tasih ngagem besek menika

Leave a Reply