Numpak Bis Sangu PPO

Theklok…theklok…. Sangsaya suwé, swara sepatu rada rendhet, tambah alon. Olèhé mlaku sajak mangu-mangu. Awit munggah bis Akas liwat lawang mburi, Héndratmoko durung nemu lungguhan sing lowong. Theklok… the…klokk…. Akèh penumpang sing lungguh ana ngarep padha noleh tumuju marang salé swara sepatu. Ana nom-noman bagus, putih kulitané lan dhuwur pideksa prawakané.

“Kéné waé, Mas!” Wong wadon sing lungguh ana sisih pinggir mburi sopir ngawé, nuduhi panggonan sela ana satengené. Héndratmoko nyepetaké lakuné, nyedhaki wong wadon mau. “Pilih tengah apa pinggih, Cak?”

Hendratmoko mèhèni tandha supaya wong wadon mau pindhah nengah. Wis wataké, Héndratmoko asih marang sapa waé, apa manèh wong wadon. Kanthi milih lungguh pinggir, ateges Héndratmoko niyat njaga supaya wong wadon mau ora tiba yèn nganti diontang-antingaké sopir bis bumel sing seneng kebut-kebutan.

“Arep menyang endi, Mbak?” pitakoné Héndratmoko, kanggo lamis-lamisan jalaran wis diwènèhi panggonan kanggo lungguh.

Wong wadon mau ora énggal semaur. Kamitenggengen, nyawang wong bagus sing nganggo kathok alus, nècis, lan rambuté klimis kena lenga Pomade.

Krompyang!!!

Wong wadon mau kagèt dicablèk Héndratmoko jalaran bola-bali ditakoni ora semaur, nanging mung ndomblong waé nyawang dhèwèké. Ana satengahé alas jati Ngawi, bis sing ditumpaki kuwi mlakuné banter banget, kamangka dalané ménggak-ménggok. Sopiré iki pancèn kurang ajar, omongé Héndratmoko, nanging mung mbatin.

Karepé Hendratmoko mung kanggo njugaraké ndomblongé wong mau, sebab suwé-suwé dhèwèké isin disawang terus. Nanging kedadèyané malah ora karu-karuwan. Rantang sing dipangku wong wadon mau malah tiba, ambyar kabèh gawané.

“Mmmmaass….!” Dumadakan, rainé pucet. Karo njupuki panganan sing sumebar ana ngisor lungguhané, wong wadon iku ngrumangsani yèn wis kliwat-liwat anggoné gumun nyawang wong sing lungguh ana jèjèré. Nècis, nganggo klambi lengen dawa sing dirangkepi kaos gondhil ana njabaé. Wong wadon mau sajak gumun, jalaran sandhangan kaya mangkono lumrahé mung dianggo déning wong-wong kutha kaya sing ana nèng filem-filem biskop.

Mesakaké, Héndratmoko mèlu réwang-réwang nglumpukaké panganan sing pating becècèr. Ana arem-arem telu, endhog pitik godhogan limang iji lan roti bolu cacahé pitu.

“Arep lunga menyang endi ta, Mbak?” pitakoné Héndratmoko.

Sing ditakoni mung klècam-klècem, banjur ngulungaké tangané. “Susi…,” ujaré sawisé salaman.

“Moko…. Héndratmoko,” jawabé, “Arep lunga menyang endi ta, Sus?”

Kaya ora ana kedadèyan apa-apa, Susi banjur ndrujus crita. Kétoké kanggo nutupi isin lan pakéwuhé jalaran anggoné gumun wis njalari cilakané. Panganan ana rantang sing dadi sangu paringané simbah putriné nganti tiba lan wutah gara-gara weruh wong bagus rambut klimis.

“Aku saka omahé simbah ana Surabaya, Mas. Iki lagi arep mulih menyang Parakan liwat Jogja. Saka Jogja, mengko ganti bis jurusan Wonosobo….,” ujaré Susi, ora bisa dipedhot.

Héndratmoko ngampet ngguyu. Jan-jané arep takon asal-usulé, nanging kabèh wis kejawab kabèh tanpa nganggo tembung lamis-lamisan. Nanging, kanggo ngimbangi grapyaké Susi, dhèwèké banjur nyritakaké yèn uga arep lunga menyang Jogja, saperlu rapat pergerakan kanggo nyiapaké dhémo mahasiswa.

Héndratmoko crita klesak-klesik, jaré wektu kuwi nembé akèh perkara sing ndadèkaké lemahé rakyat disrobot kanggo werna-werna. Ana sing arep didadèkaké lapangan golf, digawé wadhuk, lan kanggo ngedegaké pabrik-pabrik. Pemerintahé rada ngawur, rakyat sing nggondhèli lemahé  malah dicap kominis, antipembangunan lan ditudhuh tumindak subvèrsif.

Susi mung manthuk-manthuk, déné Héndratmoko pijer nolèh ngiwa-nengen, sajak-sajak wedi yèn ana wong liya sing krungu. Apa manèh, jaman kuwi sing jenengé kursi bisa dadi kuping, lan cednhéla bisa dadi mata. Intèl pating tlècèk, klèru milih kanca crita bisa sengsara, lan mlebu penjara.

Gandhèng aktivis mahasiswa kuwi biyasané adoh saka wong wadon, mula Héndratmoko seneng banget olèh kanca crita, karo ngareo-arep, mbokmenawa sing diajak crita bisa dadi kanca nganti tuwa. Susi sing biyasané ngrungokaké tangga-tanggané nggresula panèn mbakoné bubruk, dadi seneng olèh crita anyar.

Dhèwèké kaya olèh kabar anyar sing bisa kanggo nyritani tangga-tanggané nèng Parakan kana, sing panènan mbakoné apik-apik nanging ora payu larang kaya adaté. Sing dingertèni Susi, mbako uga dadi ora payu saploké cengkèh ora ana nèng pasaran, amarga akèh petani cengkèh padha nesu, ngamuk negori wit-witané sebab rega cengkèh dimonopoli déning anak penggedhé republik.

Cocok. Gathuk. Nyambung…… Wong loro padha glenikan nganti ora krasa yèn bis sing ditumpaki wis mlebu terminal Umbulharjo.

Klotak!! Ana barang tiba nalika Hendratmoko menyat, karepé mènèhi dalan kanggo Susi. Susi ndhungkluk, njupuk PPO sing mèh kepidak dhèwèké, banjur ngulungaké marang wong bagus sing nècis rambuté klimis.

“Sik ya, Mas… Andum slamet, muga-muga kasil anggoné padha berjuwang!”

“Ya, Sus. Matur nuwun….,” ujaré Héndratmoko kanthi dhadhah-dhadhah. Atiné ayèm, lungguh jèjèr wong ayu, lan plong bisa nyritakaké apa cita-citané mèlu mbangun republik.

Dumadakan Héndratmoko kèlingan, banjur lingak-linguk nggolèki Susi. Jebul, dhèwèké lali njaluk alamaté, lan ora takon ancer-ancer omahé Susi.

5 thoughts on “Numpak Bis Sangu PPO

  1. nanangpru

    mas moko ojo sumelang kelangan susi……….enggal gage gosok en gendul PPO ne ………wus ..mengko rak metu jine susi ….hi….hi….hi

Leave a Reply