Markus

Udan riwis-riwis, Lik Kromo isih lungguh ana téras sisih kiwa, nyesep peluk saka mbako sing dipucuki mawa. Wédangé adhem, jalaran patang jam suwéné cangkir sing cumepak ana méja ing ngarepé ora disénggol babar pisan. Ududé nyepur awit srengéngé angslup, nganti uthisé bosah-basèh ana jogané.

Radio sing biyasané ngglènggèng ana sandhingé mung dinengké waé. Kamangka, wayah-wayah semono kuwi, Lik Kromo paling seneng ngrungokaké siyaran santiswaran utawa klenèngan. Mbako énak, wur lan garèt mesthi tandho. Slepèn kebak, sing plastikan uga cumepak, sebab yèn wis ngrungokaké siyaran radhio, tangga-tangga padha nglumpuk mèlu rengeng-rengeng.

Yèn ora ana montor alus sing lampuné mblerengi mandheg ana lataré, Lik Kromo sajaké durung jugara anggoné nglamun. Ora let suwé, ana pawongan uluk salam, sajak karep mertamu.

“Kula nuwuunn…. Wilujeng dalu, Pak. Badhé ndhèrèk…,” ujar pawongan sing dedegé dhuwur.

Durung tutug anggoné uluk salam, Lik Kromo wis mbagèkaké tamuné banjur ngaturi lungguh ana kursi sédhan nèng ngarepé.

“Wonten kersa napa, Pak? Panjenengan punika sinten?” pitakoné Lik Kromo.

“Inggih, kula saking Semarang, saking Poldha. Badhé tanglet, dalemipun Pak Kusno Sastromiguno punika pundi, nggih?” ujaré pulisi sing ora macak dhines kuwi.

“Kusno sinten, nggih?”

“Wah, kirang terang. Namung kacriyos, Pak Kusno punika priyayi saking dhusun mriki. Manggèn wonten Jakarta sampun watawis gangsal welas taun. Tiyang sepuhipun asmané Pak Kromosentono. Dalemipun sisih pundi, nggih?”

“Mangkéh rumiyin, Pak… Kromosentono punika mboten sanès, inggih kula piyambak. Ananging kula mboten gadhah anak sing naminé Kusno. Dhusun mriki nggih mboten wonten ingkang naminipun saé kados niku,” jawabé Lik Kromo.

“Anak kula niku wonten kalih sing manggèn Jakarta. Setunggal wonten Tangerang, setunggal malih wonten Rawamangun. Nanging, nuwun séwu, kok sajak wigati niku, gèk wonten napa ta, Pak?” pitakoné Lik Kromo.

“Mekaten, Pak…. Dados Pak Kusno punika kesangkut perkawis korupsi wonten Jakarta mrika. Piyambaké pun dakwa dados markus….,” ujaré pulisi.

“Sekedhap! Wonten dhusun mriki mboten wonten kulawarga Katolik utawi Kristen. Sanajan sami abangan, mboten wonten tiyang sepuh dhusun mriki ingkang maringi tetenger Markus kagem putra-putrané,” ujaré Lik Kromo.

Pak Pulisi mèsem, ngampet ngguyu, banjur njlèntrèhaké. “Markus punika sanès nami baptis kados wonten Alkitab, Paaak… Markus ingkang pun kajengaken punika makelar kasus, dalané ngrampungi perkawis kanthi mergi mboten leres. Lha, Pak Kusno niku glegeré nggih namung pegawé honorèr wonten kantor pajek. Nanging, jalaran priyayiné supel lan trengginas, lajeng ditresnani atasanipun. Pramila, réncangipun kathah lan werni-werni.

Priyayinipun ageng, inggil, lan radi cemeng kulitanipun. Yuswanipun kirang langkung tigang dasa taun. Samangké sampun putra kalih, mbajengé jaler kelas setunggal SMP, ingkang alit putri nembé setunggal tahun. Garwanipun saking Purwodadi,” ujaré pulisi mau, nyujarahaké Kusno.

Lik Kromo ora kepénak atiné. Dhadhané sesek, sedhih, jalaran ciri-ciriné padha karo anak mbarepé sing manggon ana Tangerang. Dhèwèké bingung campur ayem, sebab sing digolèki Kusno sing manggoné ana Mampang.

Pulisi mau pamit mulih sawisé rumangsa ora olèh gawé. Lik Kromo sing wis rong taun urip ijèn ditinggal séda garwané, mung kelap-kelip. Mripaté dadi padhang, ora ana rasa ngantuk babar pisan. Nganti sepasar suwéné, Lik Kromo akèh meneng. Saben dina dheleg-dheleg ana téras. Mlebu omah ora jenak, diturokaké ya ora bisa.

Ngancik dina kaping nenem, Lik Kromo lagi bisa turu nglesus. Ora tanek, nanging nglilir jalaran krungu swara siréné mlebu platarané. Mantu lan putuné tangisan ngiring jisin Sumantri sing mati ndadak, jaré keracunan ana panggonané nyambut gawé. Sajak ora percaya, nanging sejatiné wis ngraita bakal ana apa-apa. Lik Kromo nangis tanpa ana luh kang tumètès.

Wong sadhésa padha nglumpuk, ngrukti layoné Sumantri. Lik Kromo lungkrah nyawang mantu lan para putu sing katon kuru.

Nganti mendhak patangpuluh dinané Sumantri, Lik Kromo nembé olèh kabar kang trawaca nanging ngagètaké saka Mujiono, tanggané sing mburuh ana Jakarta. Ujaré Mujiono, dhèwèké naté maca layang kabar ngenani pegawé honorèr kantor pajek sing arané Kusno kuwi ora liya ya Sumantri, lan mati diracun déning wong sing nganti sepréné durung kewiyak jatidhiriné.

Jaré, Sumantri dipeksa atasané supaya ngganti jenengé dadi Kusno Sastromiguno. Jeneng Kusno diaku sedulur banjur kecathet ana Kertu Kulawargané atasané mau kanggo golèk KTP anyar. Lha KTP mau, perluné kanggo mbukak tabungan bank, sing atas namané bebarengan. Jebul, Sumantri alis Kusno kudu disingkiraké sawisé atasané mau kawiyak wadiné déning pulisi, jaré mlayokaké dhuwit negara atusan milyat akèhé.

Siji-sijiné seksi ya mung Sumantri, sebab sasuwéné iki, dhèwèké sing bagiyan nampa titipan dhuwit tas-tasan saka wong-wong sing padha ngurus pajek, jaré kanggo hadhiah atasané. Sumantri dhéwe ora mudheng larah-larahé kenapa diarani hadhiah. Ngertiné mung tugasé, kudu nyetoraké hadhiah-hadhiah mau menyang bank sing jenengé nganggo cara landa ing satengahé kutha Jakarta.

Saliyane kuwi, Sumantri mung tugas nampani tèlpun saka wong-wong sing janjiyan ketemu atasané lan ngandhakaké wektu lan papan patemon.

3 thoughts on “Markus

  1. Niesdri Welsh

    Lho ngono ta tenane! Kok mesakke temen dadi pegawai nurut/manut malah ditulup…….Yen wani mbantah mesthine dipecat…….kudu misoh wae iki aku! Misohi PEJABAT opo PENJAHAT opo BANGSAT!

Leave a Reply