Virus In Dhèh Dhong

Pirang-pirang kanca sing tau menyang Sala padha nggresula saben krungu penyiar radhio ngomong nganggo cara mBetawi. “Iki aku nèng Sala apa nèng Jakarta, ta?” mangkono ujaré kanca sing nembé teka saka mBetawi. Larah-larahé mung krungu tembung in, dhèh, dhong.

“Oalah, Man… Mung kados ngaten mawon penjan penggalih,” aku nyauri grundhelané Pamantyo, sedulur sepuh sing asliné priyayi Ngayogya.

“Wah, radhio sakniki sami mbeta virus awon, nggih? Kabèh-kabèh sarwa niru Jakarta,” ujaré Paman.

Aku meneng sawetara. Bingung kudu njawab kepriyé, wong nyatané kabèh radhio padha seneng nggunakaké basa slénca. Ora mung Sala, penyiar radhio nèng Klathèn, Sragèn, Boyolali utawa Wonogiri ya wis kaya ngono kuwi kabèh. Yèn arep diarani virus ya ora papa. Nanging, pénaké diarani virus apa, ya?

Ya wis, diarani virus in dhèh dhong waé, ya… Tinimbang kangèlan golèk tembung sing trep, cocok lan mathuk.

Sala saiki ya pancèn ngono kuwi. Maju sakabèhé, klebu babagan tata carané guneman. Siji loro pancèn krasa ngiklik, ora pati pantes. Apa manèh yèn nyebut awaké dhéwé nganggo tembung gué. Nanging, pancèn akèh cara kanggo mantes-mantesaké. Bèn kétok wong kutha sajaké.

Biyèn, pancèn naté ana Radhio Konservatori sing isih bisa dijagakaké kanggo nguri-uri kabudayan Jawi. Ora mung siyaran klenèngan, kethoprak, wayang, lan kroncong, sandiwara basa Jawa ya isih ana. Nanging, paribasan keplindhes jaman, radhio kuwi kukut. Bubruk jalaran ora payu anggoné dodolan reklame.

Jaman sekolah SMA, aku isih krungu siyaran Radhio Swaragraha sing nggunakaké basa campur-campur, antarané Basa Jawa lan Basa Éndhonésa (sing apik lan bener). Sajak ndhésuuu byangettt…. Nanging bener-bener ngangeni. Wis penyiaré lucu, omongané titis lan tatas.

Sing cetha, aku ngrasakaké basa radhio sansaya bubrah kuwi awit ana gelombang FM. Saploké ana radhio FM, rasa-rasané radhio sing isih nganggo gelombang AM kanggo mancarké siyaran dianggep asor, ketinggal déning jaman. Cilakané, wong pasang iklan uga pilih-pilih. Radhio AM dianggep ndhèk-ndhèkan, sing ngrungokaké mung wong kesrakat, banjur dianggep ora bakal kuwat yèn ditawani barang-barang sing akèhé ora mekakat.

Nanging, apa bener mangkono? Apa yèn radhio FM kuwi uwih modhèren, mula kudu katon sarwa nguthani, lan sranané banjur kudu nggunakaké tembung lu, gua, gué, in, dhèh, dhong? Cilaka tenan yèn mangkono.

Nanging ya arep piyé manèh. Kakèhan cangkem (cangkem kok akèh, lha endhasé pira? :p) ya ora paédah. Kakèhan celathu bisa-bisa malah disatru. Cilaka dhéwe, ta?

Wis sakrepé wong-wong kaé waé, Basa Jawa arep dikapakaké. Ijèn ya bèn, aku luwih seneng yèn crita ngéné iki dianggep ngomyang. Dikira édan malah nyenengaké, sauni-uni ora bakal ana sing ngrèwès, apa manèh nggatèkaké.

Omong-omong, gituan amé gua, yuk… Ntar, gua lu gua masukin………! Mauk???

Édan!

Ya, bèn! Bèn padha ora bisa mbédakaké Sala, Klathèn, utawa Jakarta.

4 thoughts on “Virus In Dhèh Dhong

  1. nggih pancen makaten…
    basa jawi ketabrak dening modhernisasi..
    basa jawi tulis nggih sampun dados salah kaprah..
    basa kula punika ugi salah kaprah, terakhir sinau basa jawi nalika sd rumiyin..

    *keju ngomong alus..
    hehehe

Leave a Reply