Den-88

Ana satengahé donya jeblug-jeblugan bom, Den-88 pranyata sekti mandraguna. Kondhang misuwur babagan ilmu telik sandi, kuping lan mripaté sumebar ana sadhéngah papan. Dulmatin sing kondhang julik lan lunyu kaya welut waé bisa ditoltis, mati déning mimis. Aja manèh mung Si Dulmatin, lha wong guru-guruné kaya Dr. Azahari lan Noordin M Top waé kasil ditumpes. Ayo, sapa sing isih wani-wani ider bom?

Dadi warga Éndhonésa, wis samesthiné yèn aku mongkog duwé pulisi sing olah kridhané nggegirisi. Aja manèh jaman saiki sawisé akèh pulisi mligi sekolah babagan téknologi informasi, mbiyèn nalikané pulisi dianggep durung maju babagan ilmu intelijèn waé bisa ngrangkèt Imam Samodra, jaré.

Aku éling banget, kira-kira dina Senin sadurungé Imam Samodra ketangkep, aku olèh gambaran yèn pulisi wis bisa nglacak Imam telpun-telpunan marang kanca-kancané nèng ngendi waé, klebu sing manggon ana ing Mindanau, Philipina pérangan Kidul. Jaré, Imam sakancané padha nggunakaké nomer tèlpun 0812xxxxxxx.  Kamangka, wektu semana, rega pulsa isih larang, durung ana voucher sing diècèr nganti mung sepuluh èwu utawa limang èwunan.

Dina Kemis, Imam Samodra kerangkèt. Pulisi kasih nyadhap tèlpun-tèlpunané Imam sakanca, banjur kalacak nganggo satelit. Wektu semono uga, pulisi wis bisa nglacak isiné layang èlèktronik utawa é-mail-e duwèké Imam. Jiann…. gèn sinauné padha menyang endi waé priyayi-priyayi kuwi.

(Sing genah, aku yakin yèn kapinterané pulisi nguthek-uthek komputer ora jalaran diwuruki Roy Suryo. Wektu semana, Mas Roy isih durung sepira kocap, wong ya durung akèh perkara foto wuda utawa pilem saruné para lèdhèk tipi lan bintang pilem).

Saking pintere nglacak dhelikané grombolan tukang ngebom, akèh warung internèt ing Sala sing ‘diosak-asik’, ditlesih harddisk komputeré siji mbaka siji. Ndilalah, akèh kancané Imam Samodra sing jaré wira-wiri menyang sakiwa-tengené Sala, amarga ana gandhèng-cènèngé karo para santri lulusan Pondok Ngruki.

Bakuné, kita kabèh ora perlu kuatir marang ampuhé pulisi babagan téknologi informasi. Dadi, yèn mung saperlu mburu téroris, paribasané wis klebu dadi perkara cilik.

Lha yèn saiki Pak Menteri Komunikasi dan Informatika Tifatul Sembiring pingin gawé aturan sing diarani undhang-undhang cybercrime, ya becik waé. Sing penting, aja nganti nabrak rahasia pribadi lan hak asasi warga negarané. Sing kudu diatur cukup ngenani tindak culikané manungsa, kayata apus-apus nganggo internèt utawa babagan dol-tinuku kanthi cara èlèktronik.

Déné babagan nginjen isèn-isèné é-mail, cukup diatur mligi tumrapé sing disujanani dadi téroris, lan uga para durjana sing seneng njarah dhuwité rakyat, yaiku sing pada seneng korupsi. Téroris lan tukang korupsi (koruptor), dosané padha: nyengsarakaké rakyat, bangsa lan negara. Aja nganti kedadèn, undhang-undhang cybercrime dadi saranané panguwasa kanggo ngindhik urusané wargani, utawa (nyilih tembungé Mbah Basiyo) memata-matai rakyaté dhéwé.

Rakyat crigis jalaran kritis iku mujudaké sih-tresnané marang bangsa lan negarané. Ora perlu disujanani, ora usah diwedèni. Waton ukumé jejeg, kabèh bisa tentrem. Ukum uga ora kena daksiya, emban sindhé emban siladan utawa abot sisih, pilih kasih.

Déné isih ana sapérangan bangsa kang sujana yèn dicekelé Dulmatin minangka bebungah kanggo ‘kadang tuwa’ yaiku Amerika, ya ora usah gela lan kuciwa. Wong nyatané, pulisi ya naté wayangan, gawé gara-gara ing Temanggung kana. Jaré Noordin M Top ndhelik ana sawijiné omah, lha kok diréwangi nyerang nganggo mbedhili sing suwéné mèh sedina sewengi ora kasil nemokaké buron. Hara, apa tumon?!?

Nanging, kuwi kabèh pancèn dadi pacoban kanggo kepulisian. Wirang marang kedadèyan Temanggung, nyatané pulisi dadi sengkut anggoné mburu Noordin saandhahané. Pungkasané, Noordin bener-bener bisa ditemokaké ing Mojosongo, wewengkon Surakarta. Sanajan brondongané mimis pulisi sing ngepung ing tengah wengi njalari tiwasé wong Malaysia iku, nyatané sauntara bisa lerem.

Malah miturut critané seksi sing mobilé diséwa pulisi, para anggota Den-88 wis milang-miling lan keliling Surakarta sauntara wektu. Ana sing tuku pit montor kanggo nyamar, ana uga sing éthok-éthok golèk rosok kanggo mertakaké papan dhelikané Noordin sakancané.

Kanggoku, wis salumrahé yèn kita kabèh ngaturaké panuwun sing gedhé marang pulisi. Tegesé, padha ora nglirwakaké kuwajibané njaga ketentremané awaké dhéwé, ya kita kabèh bangsa Éndhonésa.

Malah, sing kudu ngati-ati, piyé carané nyepakaké aturan anyar, supaya babagan katentreman ana njeroné negara Éndhonésa tetep dadi wewengkon utawa kuwajibané pulisi. Aja nganti tentara mèlu-mèlu, kajaba babagan sing nyangkut urusan utawa inciman saka njaba negara.

Urusan intelijèn umpamané, bisa mlaku ana ing jaluré dhéwé-dhéwé, nanging kabèh disuhi lan dipimpin déning presidhèn supaya ora tumpang tindhih. Yèn ana téroris umpamané, bèn waé dadi urusané pulisi yèn anané ing njero wilayah NKRI. Sebab, para téroris kudu diukum, lan sing jenengé aturan ukum iku ora liya dadi urusané pulisi.

Tentara mung digunakaké kanggo ngadhepi mungsuh saka njaba, utamané yèn wis nganggo kekuwatan militèr. Nah, supaya tentrem, tentara uga kudu dicepaki alat perang sing pantes, apa manèh negara Éndhonésa iku amba lan pating plencar ora karuwan. Pokoké, aja nganti tentara mlebu ana ing wilayah sipil, sebab perang, paribasané ora duwé ukum sing gumathok, kajaba ora olèh milara apa manèh matèni bocah lan para wanita.

Pulisi kudu maju supaya bisa ngamping-ampingi démokrasi. Déné sing diarani negara démokrasi, ora liya yèn kabèh pranatan kudu linambaran undhang-undhang lan paugeran liyané, kanthi ndunungaké rakyat sipil ana ngarep dhéwé. Muga-muga, sawisé kaleksanan numpes Dulmatin, Éndhonésa dadi tentrem salawasé.

2 thoughts on “Den-88

  1. Apa kabare Mas Poer, tahes wae ta ?

    Seratane sing njawa moderen wis top temenin. Aku seneng ana sing isih teteh lan wasis nulis basa jawa kanthi trep. Wis lanjut nggih Mas Poer. ( Mung sedikit protes : jenenge negaramu dudu Endonesa lho, apa wis pindhah ta ?)

    salam hangat
    oom yon

    Endhonesa cuma buwat ngaksi, Om Yon… memindahkan bahasa tutur jadi tulisan. pripun kabar panjenengan sakulawargi?
    /blt/

  2. aku nek moco basa jawa kok koyo cah cilik ngejo paragrap yo pak. tumak tumik. jiyan… nopo mergo suwe ra moco primpon boso jowo yo.

    kadang mbayangne, nek narasi nak nduwur niku njenangan cetakne ngangge suoro. lucu wae, pas moco nak bagian, “Hara, apa tumon?!?” wkwkwk, nek disuarakne iso ngekek dewe iku

Leave a Reply