Politisi Los Malethos

Nyawang polahé anggota DPR ana satengahé sidhang paripurna lumantar TV, sangsaya cetha yèn akèh-akèhé isih durung duwé kadiwasan. Bener ngendikané Gus Dur, DPR kaya taman kanak-kanak. Bisané lagi ngéja a-bé-cé-dhé lan ngapalké donga mangan, donga turu lan uluk salam. Saliyané kuwi, mung padha gegojègan lan padudon.

Ilustrasi ini diambil dari Facebook-nya Iman D Nugroho (iddaily.net)

Jenengé waé bocah, wis samesthiné yèn durung bisa mbédakaké endi sing becik lan ala.  Istilah liyané, durung udur! Mulané, ya bisa diarani ora duwé, wong pancèn nalaré durung tekan, ora gaduk, saénggo durung paham sing diarani isin kuwi sing kepriyé, lan liya-liyané.

Musyawarah kuwi donyané cah gedhé, wong sing wis diwasa, sing ngerti bédané klawu lan ireng, abang utawa jambon. Mula, ora perlu gumun yèn ana satengahé sidhang padha pisuh-pisuhan, bengak-bengok, keplok-keplok, utawa nyèlèhaké sikil ana ndhuwur méja. Sepisan manèh, karana isih bocah, durung udur lan durung duwé isin.

Saumpama sampéyan sadaya dadi gela jalaran wingi nyoblos gambar parté utawa jeneng wakilé, ya pancèn kudu ditrimakaké. Sing baku, yèn wis ngerti wong-wong pilihan sing diajab bisa makili kepentingan rakyaté, suk manèh sing padha ngati-ati. Ora milih ya ora dosa. Malah nyenengaké sing padha rebutan kuwasa, jalaran layang coblosan sing wis sumadya bisa dibolongi dhéwé-dhéwé, kanggo golèk menang kanthi cara akal-akalan.

Aku dudu wong sing anti marang pemerintahan. Malah mbutuhaké, jalaran negara kudu diatur kanthi undhang-undhang lan sapituruté. Nanging babagan wakil rakyat utawa presidhèn, aku milih sing sreg, sing aku yakin bisa nitipaké kapercayanku marang dhèwèké. Déné sepréné durung gelem mèlu nyoblos, jalaran miturut pamawasku durung nemu wong sing cocok.

Coba saiki padha digatèkaké, endi anggota DPR sing mentes nalaré, endi sing bisa momong rakyaté, endi uga sing duwé tepa salira lan bisa among rasa. Prasasat ora ana, sabab durung ana sing bisa nuduhaké sapa dhèwèké satenané. Kaya bocah TK sing ora udur lan durung nyandhak nalaré, panemuné padha waé. Mikiré isih menang-menangan, yèn perlu kanthi jotos-jotosan. Jenengé waé bocah!

Nanging yèn wis ngenani iming-iming, nalar bocah ya paling main. Padha bisa mbédakaké sing apik lan sing ala, barang larang lan murah, lan saterusé. Aku yakin (mbolokin), anané para wakil rakyat padha gegelutan lan cakar-cakaran, sabab iming-imingé saka sing kuwasa lan pingin menang kurang akèh utawa kurang apik. Mula padha gèdhèg, pada nglepèh.

Kabèh padha rumangsa duwé kuwasa, mula padha adu rosa, kuwat-kuwatan. Kabèh padha lali, perkarané dudu nggolèki carané njongkèng Mbak Mulyani lan Mas Boedi sing mutusaké bail out Bank Century. Nanging, sing luwih penting kuwi, nlesih dhuwit rakyat sing ana ing Lembaga Penjamin Simpanan (LPS) sing jaréné kanggo nomboki Bank Century kuwi, playuné menyang endi waé?

Saka kana, bakal katon kena ngapa Si A lan Si B bisa nampa bagèyan, déné Si C lan Si D sing duwé hak jalaran nabung ana bank kuwi kok malah ora kumanan?

Larang banget biyayané kanggo dandan-dandan negara, yèn perkara siji kuwi mung dilambari kepentingan ngethok sikil kursi. Rakyat padha mèlu-mèlu nesu jalaran nyawang wakil rakyat lan pimpinan negarané ngatonaké nepsuné. Gara-gara pamèr polah cara bocah lumantar TV saben dina, rakyat banjur mèlu nesu, mèlu ngamuk kamangka kuduné ora perlu.

Mula kabèh waé, ora perduli wakil rakyat, mentri, pulisi, jeksa lan presidhèn, padha sengkut anggoné makarya kanggo ndandani bangsa. Yèn mlétho, éca-éco mung nganggo gaco, ya bakal kaya mangkono. Kowé kabèh klebu golongané wong los maléthos utawa mlétho, sing uripmu ora kanggo!

4 thoughts on “Politisi Los Malethos

Leave a Reply