Donyané Lelembut

Jaman aku isih bocah, tembung memedi kerep sinebut ana satengahing jejagongan, embuh kuwi ana parondhan, kumpulan utawa sarasèyan lan sapanunggalané. Ora sithik wong tuwa sing medèn-medèni anak-putu nganggo pangincim bakal digondhol wéwé utawa dipangan gendruwo karebèn ora kluyuran ing wayah wengi.

Ora mung wéwé sing jaré wujud wédok lan gendruwo kanggo nyebut memedi lanang, isih akèh arané memedi kayata lampor, wedhon, peri lan sapanunggalané. Saliyané memedi, isih ana jinisé lelembut sing gawéyané éwang-éwang bandarané utawa sing diarani pesugihan, yaiku buto (ijo), kethèk, thuyul, inthuk, préwangan, babi ngèpèt lan sateruse.

Isih ana manèh sing kerep disebut wong-wong tuwa, utamané saben gawé sajèn utawa bersih dhésa, yaiku peri lan perayangan. Rong jinis iki biyasa disebut sawisé muni jim (jin) lan sétan, embuh satengahé ndonga utawa maca rapal aliyas japa mantra.

Dhuh Pangeran, muga tinebihna saking godhanipun jim, sétan, peri-perayangan…

Mangkono biyasané pada nyebut ing satengahé donga. Bab mandi lan orané, aku ya ora mudheng. Sing genah, jaman semana mBahdhé-ku (kakangé mbahku) dianggep wong tuwa sing duwé ilmu linuwih, ya babagan kanuragan lan donya kaya klenik kaya ngono kuwi. Jaré, jimaté mBahdhé awujud siyung macan, embuh sing olè saka meguru marang sapa utawa tapa nepi menyang ngendi.

Sing aku ngrasakaké, sawisé ora ana senthir lan téplok ing padhésan, wong-wong dadi padha adoh marang tembung memedi, embuh kuwi gendruwo, wéwé lan sapanunggalané. Yèn (ilu-ilu) banaspati isih kerep disebut déning para dhalang ana ing satengahé pakeliran. Yaiku, memedi kang awujud geni mbulat-mbulat, bisa mlaku dhéwé ngoyak mangsané.

Yèn ana ndhésaku, mbiyèn jaré akèh lampor. Wujudé kurang luwih kaya banaspati, nanging mlakuné ana tengah sawah. Banaspati, lampor lan siji manèh: glundhung pringis, klebu trio-memedi sing akèh saba sawah. Mbokmenawa kuwi klebu memedi sing duwé panggautan dadi petani ana ing jagadé lelembut.

Béda sawah béda padhésan. Yèn memedi sing sabané ana padhésan, sing paling popilèr iku wing wujud raseksa lanang, rupané medèni, arané gendruwo. Yèn dharma wanitané memedi, sing terkenal mung loro: peri lan wéwé. Yèn peri kanggo ngarani wujud wédok ayu gandané wangi, nanging yèn wéwé, dhèskripsiné (hahaha… rada ngilmiyah) kaya gendruwo, mung wujudé waé wédok.

Kena ngapa bocah-bocah jaman saiki wis ora kenal tembung memedi, mbokmenawa pancèn kuwi sing sinebut kanthi aran èksès utawa dhampak negatip setrum mlebu ndhésa sing mbiyèn naté didol ècèran déning PLN (Tenan! Mbiyèn listrik kuwi diècèr. Sapa butuh dhésané kencar-kencar nanging ora diliwati cagak kabel, banjur dijaluk urunan kanggo tuku cagak. Yèn ora, bisa lumantar koperasi, mbayaré bisa dicicil).

Sawisé dhésa lan gunung padhang jingglang, para memedi dadi ora jenak. Jaréné, para lelembut kuwi seneng manggon ana petengan (mula pesugihan ya didhelikaké ana senthong sing peteng). Nah, sawisé padhang kabèh kaya saiki, ya embuh para memedi pindhah menyang ngendi. Paling golèk nggon liya neng luwar Jawa kaya mBornéo utawa Sumantrah sing listriké isih byar-pet. Saben byar padhang srengéngé njedhul listriké urip, nanging anyak surup mèlu mati. Dadi, urip tansah petengan.

(Para memedi mesthi seneng banget lan bakal matur nuwun kang tanpa pepindhan marang Pemerintah Éndhonésa awit kahanan listrik mung ajeg murup ana Tanah Jawa.  Coba luwar Jawa padha kencar-kencar, mesthi para lelembut sansaya mumet golèk papan panggonan. Jaré, para memedi ora wani mulih ana dhangkané amarga wedi yèn disenèni juragané, sing arané Nyi Rara Kidul, ratuné para lelembut ing Tanah Jawa).

Éh, sapa ya sing wis tau mambu bakaran téla ana petengan? Jaré, yèn ana ambu kaya ngono kuwi, ateges nuduhaké yèn ing papan kuwi dumunung memedi. Nanging sapa? Apa tumon, memedi kok isih gelem téla pohung? Jaré pakanané kembang, menyan, getih lan nyawané manungsa?

Ééé… mbuh ora weruh. Bakuné aku mung nyritakaké ‘pengalama spirituwal’ jaman isih bocah mbiyèn, supaya bisa kanggo bahan crita bocah-bocah jaman saiki. Aku mung mesakaké yèn bocah-bocah jaman saiki mung ngerti wujud memedi lumantar tipi utawa gambar sorot ing gedhong biskop, kamangka pilem-pilem mau digawé déning bocah-bocah kutha sing ora ngerti antropologi memedi.

Mula padha kangèlan ngrékonstruksi wujud lelembut, uga ora jedhag nggambaraké sètting sosial-budayané kanggo nyritakaké anané memedi. Yèn miturut istilahé kancaku, para sinéas saiki miskin utawa kéré babagan referensi visual memedi. Jiah!!! Gèk istilah apa manèèè..èhhhh kuwi?!?

6 thoughts on “Donyané Lelembut

  1. sunu wasono

    Wah, menarik banget. Aku pengin ngerti luwih akeh bab babagan lelembut. Opo ono buku utowo hasil penelitian bab lelembut sing lumayan lengkap? Mas aku tulungono soale aku wis keporo suwe golek referensi bab iki nanging durung antuk. Matrur nuwun.

  2. niesdri welsh

    Aku ngerti lan krungu cerito bab “lelembut” opo “memedi” ket cilik soko keluargaku, konco, tonggo lan masyarakat. Ning soko cilik aku ora tau percoyo karo sing jenenge “memedi”. Semono ugo aku yo ora tau duwe roso wedi……mbok nyang endi wae bengi-bengi opo neng petengan dewe. Mulane aku yo ora tau diwedeni. Mergo ora percoyo lan ora wedi. Aku yo duwe gambaran neng sirahku koyo opo bentuke gendruwo kuwi, koyo ngopo bentuke wewe kuwi, koyo ngopo bentuke sundel bolon kuwi lan liya-liyane……

    Aku gek isih cilik SD gawene nonton wayang kulit neng tonggo nDeso. Mlaku menyang mulih dewean kudu ngliwati ngalas angker, opo mbulak opo kuburan yen pas lakon goro-goro metu. Ora tau weruh memedi lan diweruhi……emboh!

    Bareng aku tuo (saiki) aku tau duwe murid sing sinau antropologi neliti “DEMIT” , “SANTHET”, “TUYUL” , “BABI NGEPET”. Cerito bab koyo iki yo ono neng budaya negoro ngendi wae……Vampire, Werewolf, Dracula.
    Aku isih tetep gumun tekan saiki…….Yen percoyo yo dadi ono, yen ora percoyo yo dadi ora ono ngono miturutku. Yen wedi yo iso diwedeni, yen ora wedi yo ora iso diwedeni.

    Aku seneng iki cerito “fantasi” apik budoyo kampung Jawa.

    wah, komentarmu kaya paper-e Pak Koentjaraningrat lho, Mbakyu. heheh… seneng akyuuuu……….. matur tengkiu.
    /blt/

  3. wiwit cilik aku wes biasa cedak-cedakan karo bongso ngunu kuwi.
    mergo senengane gelut karo adiku. aku dipisah dikon turu nang bengkele bapakku sing ono nang pinggir kuburan… iku suwene telung taun aku turu ijenan nang kono iku.

    3 taun aku wes tau ketemu ndas glundung, pocong, lan konco-koncone. ning sing paling nggarai aku ngeri akeh tonggoku sing ketemu aku nang sekitar kuburan kono… padahal aku ra rumongso kluyuran nang kuburan… hiiiiiii…..

    berarti awakmu wis sekti. kapan-kapan aku meguru ya… privat bisa, ta?
    /blt/

  4. ho’oh je pakde, kula yo kangen memedi “klasik” kayak ingkang wonten ng cerita majalah Panjebar Semangat niku.

    hahahah… ana memedi klasik, berarti bakal njedhul memedi kontemporer!
    /blt/

Leave a Reply