Malik Donga

Aku duwe kanca, kelakuwané nggaplèki tenan. Yèn omong cal-cul, marakaké ngguyu. Arané Gunarto, bocahé meneng nanging yèn wis gelem crita, wong-wong mesthi padha kekelé. Klebu wektu ngongkon aku lan kanca-kancaku padha malik dongané. Jaréné, ben tentrem anggoné padha nglakoni urip ana ngalam donya.

Sebut waé Ari, umpamané. Dhèwèké crita yèn kahanané saiki wis ora kaya mbiyèn. Golèk sandhang pangan rada angèl, jalaran pindhah menyang ndhésa. “Yèn nèng kutha ki, rumangsaku ngapa-apa kok gampang. Bareng pindhah ndhésa, jannn… golèk dhuwit satus èwu waé angèlé ora mekakat!” ujaré Ari.

Si Gunarto nyaut, “Cara ndonganmu mesthi klèru. Ndonga ki ya nganggo strategi, aja waton bisa nggawé tembung.”

Aku banjur mèlu-mèlu nyemplung, mlebu menyang pokoké rembug. “Iya iki, Gun, aku ya rada kangèlan golèk upa. Apa wong-wong ki wis wegah mènèhi gawéyan karo aku, ya?”

“Sik… Aja-aja, kowé ki kwalitèté yang mung padha karo Ari. Yèn daksawang-sawang, sajaké pancèn iya. Kowé arang ndedonga, ya?” pitakoné Gunarto.

“Pancèn ya ora patia kerep ndonga, Gun. Sing genah, dosaku akèh, mula Gusti Allah arang-arang maringi rejeki marang aku,” jawabku.

“Lha ya, kuwi. Saumpama kowé kerep ndonga, sok-sok caramu sing klèru, lho!” sumauré Igut.

“Kowé ki kaya ngerti-ngertiya waé ta, Gun. Sajak paling ngerti bab donga-donganan…” Ari ora trima, jalaran wis sregep anggone nyenyuwun lan memuji, atur panuwun awit wis diparingi rejeki déning Gusti. Sanajan saiki lagi kaya dipepet, ora liya mung dianggep nembé olèh pacoban, nganti sepira sabaré yèn ora diuja bandha marang Sing Kuwasa.

“Ngéné lho, Ri. Yèn kowé gelem ngilo githokmu dhéwé, kuduné ya ngerti sepira regedmu ana nagrepé Gusti Allah.  Wong kelakuwanmu waé ala, mosok dongamu njaluk tinampa,” ujaré Gunarto.

Ora trima Ari disesorahi, aku rada ora trima. “Lha iya amarga manungsa panggonané luput lan dosa kuwi ta, Gun, banjur ndonga lan nyuwun ngapura marang Gusti Allah sing wis maringi apa waé.”

“Ngéné, lho. Yèn dongamu ora tau mandi, coba walikén. Njaluka rekasa, mengko rak diparingi pénak! Lha yèn kowé padha mung njaluk kepénak kamangka kowé padha sakepénaké dhéwé, tangèh lamun dikabulaké kajatmu,” jawabé Gunarto.

“Dadi, perlu strategi. Carané ndonga diwalik waé…..” Gunarto nerusaké nasihat kenthiré.

Aku karo Ari mung ndomblong ngrungokaké naséhat ala kaya ngono kuwi. Mosok padha waniya, gojègan karo Gusti Allah. Tiwas nembung njaluk cilaka, banjur dituruti tenan, apa ora malah kojur?

“Wis Ri, ayo madhang waé. Nuruti Gunarto ora ana entèké, ora ana paédahé,” ujarku. Dakkanthi, aku lan Ari ngadohi Gunarto, golèk soto lan tèh ginasthel sing marakaké padhang mata lan waregé weteng.

8 thoughts on “Malik Donga

  1. hahaha….
    wah, kui carane wong frustrasi donga ne ra kekabul…
    ning yen pas malik donga pisan langsung kekabul jenenge ra bejo…alias apes…

    yen tenan nganti kaya mangkono, jenenge diukum! :p
    /blt/

  2. pancen sak iki kabeh kudu nganggo logika terbalik…
    jenenge wae jaman edan…

    sing durung mung urusan korupsi. ora ana sing wani nggunakake metode pembuktian terbalik…
    jan-jane, kuwi luwih api, ya, kang?
    /blt/

Leave a Reply