Durjana Macak Ndara

Aja tolah-tolèh, sing yakin waé marang batiné dhéwé-dhéwé. Anggepen, bangsané dhéwé nembé nampa pacoban jalaran wis seprana-sepréné padha ora karep ndandani negara. Senengané padha nganggep diriné wong cilik, sing ora perlu mèlu cawé-cawé mbangun negara. Begja, Gusti Allah isih kersa nyelèkaké mata kita lumantar patrap para durjana sing memba-memba bandara lan satriya.

Anané baya mencak-mencak marang cecak lan durjana umuk bisa nuku prajané jagabaya nganti bisa ngatur lakuné perkara, mesthiné wis cukup kanggo mbesèt rainé para tetungguling negara. Nanging nyatané, tetep waé isih padha durung krasa. Gusti Pangèran banjur ngutus satriya mbangsat ana sajroning rembug tuwa.

Dhasaré matané wis padha picek, kuping budheg lan atiné peteng ndhedhet, sasmita sing wis cetha wéla-wéla kaya mangkono yang tetep durung bisa kawaca. Wusanané, Gusti Allah kepareng ngutus manèh kanggo nyelèkaké mata! Kanjeng Gusti Putri Artalita sing wis cetha durjana lan kajeblosaké ana mbuwèn, jebul énak-kepénak urip mulya ing sajroning pakunjaran. Bèngèsan ora naté kelépyan, resik-resik rai waé ngundang wong ahli.

Émané, presidhèné kok ya mung dikandhakaké wis mireng lan prihatin. Sabanjuré, sing katon mung mentri kang (mmiturut panemuku) éthok-éthok résponsip banjur tumindak cèkat-cèket nglorot Lurah Krangkèng Pondok Bambu. Sing marakaké kemekelen, anané  Kanjeng Gusti Putri Artalita dimulyakaké ana sajroning pakunjaran jalaran mesakaké yèn nganti cilaka amarga dikruyuk wong-wong sing wis luwih dhisik nampa ukuman.

Lha wis samesthiné para sipir, ya prajurit krangkèng iku, duwé kuwajiban njaga aja nganti ana perkara jambak-jambakan utawa gegelutan ana sajroning pakunjaran. Lha wong-wong kuwi diblanja negara supaya njaga katentreman. Tur manèh, anané wong-wong kuwi padha dikunjara pancèn minangka tebusané awit tumindak ala, culika lan durjana marang wong liya utawa negara.

Sing biyasané urip bébas dadi ora bébas, sing kulinané mangan énak dipeksa mangan saanané, ing pangajab supaya padha kapok, banjur mbésuké wis ora bakal mbalèni tumindaké sing gawé ruginé liyan. Lha yèn wong sing jaré diukum nanging isih bisa ngrasakaké pénaké kaya wektu-wektu sadurungé, terus apa paédahé negara mbangun pakunjaran, mblanja sipir, nganakaké sidhang, pepriksan lan sapanunggalané kuwi?!?

Mesthiné, rakyat wis ora perlu manèh rumangsa dadi wong cilik. Adeg-adeg kudu luwih jejeg, paling ora wiwit padha gelem mokong, ora usah mbayar pajek! Yèn tekan titi mangsané coblosan, becik padha ongkang-ongkang ana èmpèr omahé dhéwé-dhéwé (yèn isih duwé). Ora ana paédahé yèn dhuwit pajek mung kanggo mblanja para kècu sing disragami. Ora ana dosané yèn ngéman dhuwit pajek kanggo blanja rabuk utawa tuku beras tinimbang ketiwasan ngepénakaké wakilé, jebul bisané mung bisa ngucap bangsat!

Coba, miturut sampéyan, piyé cara lan laku sing paling trep kanggo ngélingaké para penggedhé, sing bisané tekan ndhuwur ya mung jalaran ancik-ancik lan apus krama marang wong-wong cilik? Ngobong kutha wis genah ora becik, milara panguwasa ya ora kena, tur manèh dilarang agama.

Coba diéling-éling, apa uniné wong-wong sing ngaku makili awaké dhéwé nalika ngemis swara sadurungé coblosan? Sapa sing wareg lan pirang yuta wong sing keluwèn, sing kangèlan nyekolahaké anak-turuné, lan kélangan seduluré jalaran lara kangèlan golèk tamba?

Paribasan ora mangan nangkané, nanging mèlu gluprut awaké kebak pulut. Utangé negara padha kanggo bancakan, déné rakyaté mèlu urunan kanggo mbayar cicilané.

Sasmitané wis cetha wéla-wéla. Para durjana dhemen pupuran kanggo nutupi wanda lan tumindaké, nanging mung padha nggrundhel tanpa tumindak saperlu kanggo dandan-dandan. Wis wanciné para durjana disingkur bareng-bareng, ora dirungokaké kandhané, ora diglapé tumindaké.

Cukup sepisan waé, ya taun iki, padha bebarengan mokong ora mbayar pajek. Yèn nganti pemerintahé utang negara liya, ya diterusaké anggoné mokong supaya ora mèlu mbayar cicilané. Yèn isih durung kapok, dititèni waé suk ora usah mèlu coblosan. Sebab, wis samesthiné wong-wong ndhuwuran sing tau ancik-ancik rakyaté kudu dipeksa supaya gelem ndhungkluk nyawang rekasané wong cilik.

Yèn isih padha pingin dadi ndara, kana dikongkon gawé kraton dhéwé-dhéwé, ora usah cawé-cawé marang negara Éndhonésa. Becik gawé tatanan anyar kanthi ngorbanaké wong sethithik tinimbang wong sing sethihik mau mung ancik-ancik, menthingkrik lan mèlèt-mèlèt kaya kirik.

(Ileré marakaké najis, yen ngregeti awak lan sandhangan dadi reget, ora becik kanggo matur marang Gusti Allah!)

8 thoughts on “Durjana Macak Ndara

  1. yen mirengake critane simbah, jaman landa kuwi malah apa-apa warwa gampang. aman tan tentrem. mbetawi malah duwe kanal-kanal kaya nang venesia. uga nduwe trem, sing saumpama saiki isih ana, mestine isa dadi kebanggaan lan landmark kang sae.

    njur katekanan jaman bubrah. kabeh-kabeh ora tata. karepe emoh dijajah. emoh mbalik marang jaman landa. lha kok jebule ora isa nggawe kahanane dadi luwih apik.

    ngibarate tukang, isa mbongkar ning ora isa mbalekne. bola bali dijajal, kerine isa kepasang. ning sekrupe turah. 😛

    hahaha…. turah sekrup? khas bengkel ajaran…
    /blt/

  2. Bapake Kembar

    Wah meniko seratan engkang sae sanget…cobi mbok katulis kanthi boso Indonesia……mesthi badhe kenging “cekal” he he he….Namung kulo inggih sarujuk bab tulisan meniko pun serat kanti boso Indonesia, awit saget nyadaraken bangsa Indonesia, bilih kita sami pun plokotho dining sawetawis tiyang ingkang madeg dados panguwoso…..Sinten mangertos dados ‘dilah’ ingkang badhe mbakar angkoro murko he he he he

    alhamdulillah menawi pun wastani sae. bab ngagem basa Indonesia, kapan-kapan kemawon. nuwun…
    /blt/

  3. Sandiwarane wus lekas ditayangake ta Pakdhe…
    njuk sesuk mesthi iki ana sandiwara liya sing sakjane padha lakone ta..?

    Ngapurane nek iki aku mung ngira-ira kok, dadi ya aja dianggep tindakan nan keji, pitnah lho Pakdhe…
    Beneran aku ora mendzolimi kokkk…..

    kabeh ketularan Ruhut. seneng nyitompul… eh, nyinetron dhing
    /blt/

  4. anu pakde…
    cuma kepikiran wae, gara2 moco twitter e konco2.
    kok ndilalah, urut2an, twit bab penjarane artalyta, trus twit bab perlakuan dinsos karo anak jalanan.
    benang abange podho: dipelihara oleh negara. eh, salah yo? artalyta anggo duite dhewe 😛

    mbuh, wong-wong kuwi wis lali pasal 34 UUD 1945, Meth…
    /blt/

Leave a Reply